You are on page 1of 21

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI TUTUR
Jalan Raya Tutur No 14 Telp. (0343) 499603 Fax. (0343) 499123 Tutur Pasuruan
Email : smkntutur_pasuruan@yahoo.co.id
PASURUAN Kode Pos 67165

BANK SOAL KELAS X

Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (x)!


Wacanen kanthi premati kanggo mangsuli pitakonan no. 1-4!

Wigatine Ekosistem Wana tumrap Panguripane Manungsa


Wana minangka siji ekosistem kang paling wigati. Wana uga nduweni pangribawa tumrap
proses alam ing bumi iki. Kurang luwih ana 7 gunane wana kang mbiyantu kabutuhan dasar
panguripane manungsa. Saka segi hidrolis, wana minangka gudhang kanggo nyimpen banyu lan
papan nyerepe banyu udan uga embun. Banyu kuwi bakale mili menyang kali-kali lumantar
sumber-sumber banyu kang ana ing wana. Kanthi anane wana, banyu udan kang akeh bisa
diserep lan disimpen ing jroning lemah ora muspra kebuang. Dideleng saka topografi, akeh
gunung-gunung lan rumpil ing Indonesia saengga akeh uga papan-papan sing kritis gampang
kena erosi yen wayah udan. Wana nduweni peranan kanggo nglindhungi lemah saka erosi lan
longsor.
Wana uga minangka papan panggonan masake panganan kanggo tanduran-tanduran. Ing
sajroning wana dumadi daur unsur harane (nutrient, panganan kanggo tanduran) lan liwat aliran
permukaan lemahe, bisa ngalirake panganane ing area sakiwa tengene. Bayangke saupama ora
nduwe papan kanggo masake tanduran-tanduran mula bumi iki bakal panas. Kagunane kang
wigati liyane saka wana, yaiku dadi pengatur iklim, lumantar kumpulane wit-witan kang bisa
ngasilake oksigen. Oksigen diperlokake manungsa lan bisa uga nyerep karbondioksida ampas
asil kagiyatane manungsa, utawa dadi paru-parune papan sakiwa tengene. Menawa
diklumpukake saka areal alas iki bisa dadi paru-parune donya. Siklus kang dumadi ing alas bisa
nggawa pangribawa iklim sawijining tlatah.
Wana nduweni maneka warna flora lan fauna saengga gunane wana kang wigati, yaiku
minangka dhaerah kang nuwuhake flora lan fauna sing bakal nambah maneka warna ragam
hayati. Wana uga bisa menehi sumbangan kang cukup gedhe kanggo devisa negara, utamane
ing bidang industri, saliyane ngasilake kayu uga bisa ngasilake bahan-bahan liyane kayata damar,
terpentin, kayu putih, rotan, lan tanduran obat-obatan. Kanthi mangkono wana bisa njaga kahanan
ekosistem ing sawijining tlatah.

1. Guna lan paedah wana saka segi hidrolis yaiku...


a. minangka gudhang kanggo nyimpen oksigen
b. minangka gudhang kanggo nyimpen panganan
c. minangka gudhang kanggo nyimpen banyu
d. minangka gudhang kanggo nyimpen tetanduran
e. minangka gudhang kanggo nyimpen ragam hayati

2. Salah siji guna paedah wana, yaiku…


a. ngindhungi lemah saka erosi lan longsor d. ngindhungi tetanduran
b. ngindhungi lemah saka panas e. ngindhungi kewan-kewan
c. ngindhungi lemah saka udan

3. Kagunaan kang wigati liyane saka alas, yaiku…


a. dadi pengatur udan d. dadi pengatur cuaca
b. dadi pengatur jinis flora e. dadi pengatur ekosistem
c. dadi pengatur iklim
4. Menawa diklumpukake alas uga bisa dadi…donya.
a. jantunge d. sumber banyu
b. kaendahane e. paru-parune
c. sumbering urip

5. Tulisan kang isine opini penulis kang medharake sawijining perkara tartamtu diarani...
a. pawarta d. laporan
b. artikel e. makalah
c. crita

6. Artikel iku mujudake...


a. karangan nyata sing jangkep d. karangan imajinatif ora jangkep
b. karangan nyata ora jangkep e. ora mesthi bisa nyata lan imajinatif
c. karangan imajinatif sing jangkep

7. Tulisan artikel nduweni sipat...


a. aktual lan kadhang kontroversial d. ana unsur 5W lan 1H
b. nganggo ukara opini e. disiarake ana ing medhia massa
c. medharake kadadeyan kang wigati

8. Struktur artikel kang gunane kango medharake dudutan saka andharan-andharan sing ana
yaiku...
a. tema d. penjelas
b. judhul/irah-irahan e. panutup
c. pambuka

9. Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur artikel yaiku...


a. tema d. penjelas
b. judhul/irah-irahan e. panutup
c. pambuka

10. Jinise artikel miturut isine ana lima, yaiku...


a. deskripsi, narasi, praktis, argumentasi, eksposisi
b. deskripsi, analisis ahli, argumentasi, aksposisi, persuasi
c. deskripsi, narasi, praktis, argumentasi, persuasi
d. deskripsi, narasi, argumentasi, eksposisi, persuasi
e. deskripsi, praktis, analisis ahli, argumentasi, eksposisi

11. Artikel eksploratif yaiku...


a. artikel kang nuduhake fakta miturut kajian wong liya
b. artikel kang nuduhake fakta miturut kajian panulisane
c. artikel kang nuduhake fakta miturut kajian wong ahli
d. artikel kang nuduhake imajinatif miturut kajian wong liya
e. artikel kang nuduhake imajinatif miturut panulise

12. Artikel kang nggambarake babagan sawijine pokok perkara kang kadadean ing masyarakat.
Saengga wong kang maca kaya weruh, ngrungokake, lan ngrasakake babagan kang ditulis
yaiku...
a. artikel deskriptif d. artikel naratif
b. artikel eksposisif e. artikel persuasif
c. artikel argumentatif

13. Tembung seminar migunakake swara...


a. e jejeg – i jejeg – a jejeg d. e pepet – i miring – a jejeg
b. e miring – i miring – a miring e. e jejeg – i jejeg – a miring
c. e pepet – i jejeg – a miring
14. “Tekone ibuk isek mene sore“, ukara iki yen dibenerke panulisane dadi...
a. Rawuhe ibu taksih mbenjing sonten d. Tekone ibu sik meneh sore
b. Tekane ibu isih meneh sore e. Tekane ibu isih mene sore
c. Kondure iku taksih mbenjing sore

15. Ukara iki bener manut panulise lan unggah-ungguhe...


a. Matane lara lagi loro kabeh d. Mripate loro lagi lara kabeh
b. Mripate lara lagi loro kabeh e. Mripate lara lagi lara kabeh
c. Matane loro lagi lara kabeh

Wacanen kanthi premati kanggo mangsuli pitakonan no 16-18!


Kanthi panah saktine, Ramawijaya mutung tangane Kumbakarna loro-lorone. Nanging kanthi
sikile, Kumbakarna isih bisa ngidak-idak bala wanara. Rama banjur ngethok sikile Kumbakarna
loro-lorone nganggo panahe. Ora nganggo tangan lan sikil Kumbakarna ngguling-nggulingake
awake nglindhes bala wanara. Ndeleng keperkasaan Kumbakarna, Ramawijaya rumangsa
kesengsem. Nanging Ramawijaya ora pengin ndeleng Kumbakarna kasiksa suwe-suwe.
Pungkasane Ramawijaya ngeculake panahe sing pungkasan. Panah kasebut sing misahake
sirahe Kumbakarna saka awake. Rama banjur nggawa miber sirahe Kumbakarna lan ditibakake
ing pusat kutha nagari Ngalengka.

16. Paragraf ing ndhuwur iku nggambarake tahap...


a. tetepungan / eksposisi d. klimaks
b. tentangan / konflik e. pungkasan
c. penanjakan

17. Teks carita wayang “Kumbakarna Gugur“ nduweni alur...


a. maju d. klimaks
b. mundur e. anti klimaks
c. gabungan

18. Ing wacan kasebut para paragane yaiku...


a. Ramawijaya, Shinta, lan bala wanara
b. Ramawijaya, Kumbakarna, lan Shinta
c. Ramawijaya, Kumbakarna, lan bala wanara
d. Ramawijaya, Laksmana, lan Kumbakarna
e. Ramawijaya, Bala wanara, lan Ngalengka

19. Kadadeyan crita isuk, awan, sore, wingi lsp kalebu latar...
a. wektu d. kahanan
b. panggonan e. watak
c. swasana

20. Tembung kang gunane kanggo ndawakake ukara, yaiku…


a. tembung lingga d. tembung panyilah
b. tembung andhahan e. tembung panggamblang
c. tembung panggandheng

21. Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung pangandheng kang nuduhake panyetha, yaiku...
a. kamangka, nalika, yaiku d. yaiku, mula, amarga
b. mangka, yaiku, ananging e. kamangka, mangka, yaiku
c. kamangka, saengga, mangka

22. Pamarentah wis nggawe undang-undang kanggo perlindungan nanging isih ana wae kang
nebangi alas kanthi sembarangan.
Tembung panggandheng nanging nduweni teges...
a. kosok balen d. tujuwan
b. wayah e. akibat
c. panyetha

23. Ing ngisor iki ukara kang migunakake tembung panggandheng kang nuduhake pangangen-
angen, yaiku...
a. Nalika aku dolan menyang Surabaya, aku ketemu kanca lawas.
b. Akeh wong sing ngerti nanging ora gelem nindakake penghijauan.
c. Masyarakat lan pamarentah kudu bebarengan njaga kalestariane alam.
d. Saupama aku gelem sinau mesthi bisa nggarap soal ulangan.
e. Wit-witan sing diketok kudu ditanduri maneh utawa direboisasi.

24. Wana nduweni paedah kang wigati kanggo manungsa mua kudu dijaga kahanane.
Ukara kasebut kang migunakake tembung pangandheng kang nduweni tege akibat, yaiku...
a. kang d. kahanan
b. kudu e. kanggo
c. mula

25. Tembung panggandheng kang nyatakake wayah, yaiku...


a. lan d. saengga
b. nalika e. sanadyan
c. supaya

26. Pandhawa iku ana pira...


a. telu d. pitu
b. papat e. sanga
c. lima

27. Werkudara iku Pandhawa kang nomer...


a. siji d. papat
b. loro e. lima
c. telu

28. Kurupati, Suyudana, Destramadja, iki mujudake dasanamane...


a. Gathotkaca d. Semar Sukma
b. Abimanyu e. Bathara Guru
c. Duryudana

29. “Gusti Kang Akarya Jagad.“ Dasanamane jagad yaiku...


a. akasa, antariksa, awiyat d. bagaskara, bagaspati, radite
b. bantala, kisma, buwana e. tirta, sindu, toya, we
c. sasangka, sasi, candra

30. Paraga drama sing dadi pepalang paraga protagonis diarani paraga...
a. tritagonis d. utama
b. figuran e. protagonis
c. antagonis

31. Wong sing ngatur lan mimpin lumakuning drama diarani...


a. sutradara d. figuran
b. paraga e. produser
c. penoton

32. Tindak-tanduk kang ditindakake sing nuduhake pengayatan watak sing diperagakake,
yaiku…
a. latar c. karakter e. tema
b. akting d. alur
33. Laku-lakuning crita (alur) jroning drama diarani…
a. sound d. plot
b. setting e. latar
c. konflik

34. Sampeyan kalawingi menapa tamtu kesah?


Ukara kasebut migunakake basa...
a. ngoko lugu d. krama alus
b. ngoko alus e. krama inggil
c. krama lugu

35. Menapa, Pak, ingkang pajenengan midhangetaken menika?


Tembung midhangetaken basa ngokone, yaiku...
a. ndeleng d. menehake
b. ngrungokake e. ngrasakna
c. ngomongake

36. Panjenengan yen kersa ora usah kondur saiki.


Ukara kasebut migunakake basa...
a. ngoko lugu d. krama alus
b. ngoko alus e. krama inggil
c. krama lugu

37. Pak guru wis...Dene Wati durung...


a. teka, rawuh d. teka, dugi
b. dugi, teka e. rawuh, dugi
c. rawuh, teka

38. “Kowe mau bengi turu jam pira?“


Ukara iki yen diowahi dadi basa krama lugu...
a. Sampeyan wau dalu tilem jam pinten?
b. Panjenengan wau dalu sare jam pinten?
c. Sampeyan wau dalu sare jam pinten?
d. Panjenengan mau bengi sare jam pira?
e. Panjenengan wau dalu tilem jam pinten?

39. “Kula remen...es dhawet, ibu remen...jampi kunir asem.“


Sampurnakake ukara kasebut supaya trep unggah-ungguhe.
a. ngombe – ngunjuk d. nginum – nginum
b. ngunjuk – nginum e. nginum – ngunjuk
c. ngunjuk – ngunjuk

40. iku julukan kanggo wong sing...

a. bodho banget d. sugih banget


b. pinter banget e. lemu banget
c. sombong banget

41. Tembung maremake, yen ditulis mawa aksara Jawa...


a. d.

b. e.

c.
42. Tembung wacanen, yen ditulis mawa aksara Jawa...
a. d.

b. e.

c.

43.

a. glepung lembut d. glepung lendhut


b. glepung kasar e. glepung mawut
c. glepung pati

44. Sumuk hawa ing mangsa pancaroba


a. d.

b. e.

c.

45.

a. d.

b. e.

c.

46. Srengenge katon ing wetan, menawa ditulis aksara Jawa dadi...
a.

b.

c.

d.

e.

47. ‘tembung entar‘ yen ditulis mawa aksara Jawa sing bener...
a. d.

b. e.

c.

48. ‘wewe gombel‘ yen ditulis aksara Jawa mbutuhake sandhangan...


a. pepet, pepet, taling tarung, pepet, pangkon
b. taling, taling, taling tarung, taling, pangkon
c. pepet, pepet, taling tarung, taling, pangkon
d. taling, taling, taling tarung, pepet, pangkon
e. taling, pepet, taling tarung, taling, pangkon
49.

Ukara kasebut kang nggunakake sandhangan cakra yaiku tembung...


a. amrih d. murih
b. pamrih e. mreh
c. mrih

50. Aksara Jawa iki cacahe ana...


a. 21 d. 18
b. 20 e. 17
c. 19
PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR
DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI TUTUR
Jalan Raya Tutur No 14 Telp. (0343) 499603 Fax. (0343) 499123 Tutur Pasuruan
Email : smkntutur_pasuruan@yahoo.co.id
PASURUAN Kode Pos 67165

BANK SOAL KELAS XI

Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (x)!


1. Geguritan asale saka tembung “gurit” kang ateges…utawa tulisan kang awujud tatahan.
a. karya d. tembang
b. lagu e. kidung
c. nyanyian

2. Geguritan kaperang dadi...,yaiku...


a. 2, gagrag lama lan lawas d. 3, gagrag Jawa, Indonesia, lan modern
b. 1, gagrag tradisional e. 2, gagrag umum lan khusus
c. 2, gagrag lawas lan anyar

3. Titikane geguritan gagrag anyar yaiku...


a. guru lagune wis pinathok d. ngugemi anane guru wilangan
b. lumrahe dumadi saka patang gatra e. ora kaiket paugeran tartamtu
c. diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit

4. Struktur teks geguritan kaperang dadi loro yaiku struktur...


a. fisik lan batin d. tipografi lan diksi
b. lawas lan anyar e. konkret lan imaji
c. luar lan batin

5. Kang kalebu struktur fisik ing geguritan, kajaba...


a. tembung konkret d. amanat
b. wirama e. tipografi
c. diksi

6. Runtuting swara (uni) ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah utawa pungkasaning gatra
yaiku...
a. intonasi d. wirama
b. jeda e. diksi
c. imaji

7. Sing kalebu struktur batin yaiku...


a. tema, rasa, nada, amanat d. tema/makna, wirama, nada, amanat
b. tema, imaji, makna, amanat e. tema, diksi, nada, amanat
c. rasa, makna, diksi, amanat

8. Pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pamaca yaiku...
a. makna d. nada
b. amanat e. rasa
c. tema
Wacanen kanthi premati geguritan ing ngisor iki!
Sinau Budaya
Budaya jawa saya suwe saya ilang
Kesaput jaman kang saya modern
Cah-cah saiki ora bisa basa jawa
Banjur sapa?

Nelangsa banget budaya jawa


Ora kabeh wong mangerteni
Ana gamelan sing cacahe akeh
Tembang macapat kang endah

Crita wayang kang kondhang


Dakgawe ing ngendi budaya jawa
Ayo padha nguri-nguri budaya jawa
Sinau tradhisi

Sumber: bhirinmunardhi.blogspot.co.id
9. Geguritan ing ndhuwur dumadi saka…pada, saben pada dumadi saka…gatra.
a. 2 , 4 d. 7 , 3
b. 3 , 3 e. 3 , 12
c. 3 , 4

10. Tegese tembung kondhang ing geguritan ing ndhuwur yaiku…


a. usaha d. lahir
b. terkenal e. sehat
c. mati

11. Ukara ayo padha nguri-nguri budaya jawa ing geguritan kasebut uga bisa dimaknani...
a. ayo padha ngiling-iling budaya jawa
b. ayo padha ngelestarekake budaya jawa
c. ayo padha nglalekake budaya jawa
d. ayo padha nyinaoni budaya jawa
e. ayo padha nresnani budaya jawa

12. Manut geguritan ing ndhuwur samesthine saben manungsa kuwi kuu nduweni...
a. ngiling-iling budaya jawa d. nresnani budaya jawa
b. nyinaoni budaya jawa e. ngalekake budaya jawa
c. ngelestarekake budaya jawa

13. Ndeg-ndegan lakune pocapan sajroning geguritan diatani...


a. wirama d. intonasi
b. pocapan e. jeda
c. parafrase

14. Jeda jenising ana telu, yaiku...


a. jeda cekak, jeda madya, jeda dawa d. jeda awal, jeda madya, jeda akhir
b. jeda cekak, jeda dawa, jeda endhek e. jeda awal, jeda tengah, jeda mburi
c. jeda sithik, jeda tengah, jeda akeh

15. Intonasi yaiku...


a. maju mundure lagu pocapan ing geguritan
b. maju mundure pocapan ing ukara
c. lagune tembung-tembung ing geguritan
d. munggah mudhune lagu pocapan ing ukara
e. munggah mudhune tembung
16. Panganggone intonasi ing geguritan wigati banget. Gunane intonasi ing geguritan yaiku...
a. mantep, enak, lan wagu d. mantep lan ora enak dirungokake
b. kepenak unine e. trep, kepenak dirungokake lan ora wagu
c. mantep ing ati

17. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku...
a. ngrasakake isi lan kekarepane geguritan
b. mangerteni isine geguritan sing arep diwaca
c. bisa mragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
d. nggatekake asma lan latar belakang panggurite
e. nggatekake pocapan lan wiramane

18. Endahing geguritan gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba...
a. tembung entar kang digunakake
b. tembung andhahan kang karembag
c. bagus lan ayune kang maca geguritan
d. runtute swara utawa migunakake purwakanthi
e. pilihane tembung kang mentes

19. Ing ngisor iki, bab-bab kang prelu ditindakake nalika maca geguritan, kajaba...
a. lafal kudu cetha, upamane swara d, dh, t, th, e
b. swara ditata adhedhasar karaktere tembung
c. sareh, ora prelu kemrusung amarga bisa ngilangi nges utawa greget
d. mapanake jeda kanthi trep
e. anteng

20. Babagan kang kudu dimangerteni menawa arep maca geguritan kaya kang kasebut ing
ngisor iki, kajaba...
a. mangerteni pengarange d. analisis situasi lan pamireng
b. wong jujur iku bakal mujur e. latihan/gladhen
c. milih geguritan

Wacanen teks ing ngisor iki kanthi patitis!

Upacara Siraman
Upacara siraman, tinarbuka kanthi sowanipun putra calon pinanganten putri, mijil saking
sasana busana, manjing ing madyaning sasana upacara.
Kalajengaken adicara pangabekten atur baktinipun putra calon pengantin putri kanthi dening
rama lan ibu, tumuju dhumateng papan pasiraman, ingkang kawiwitan saking para pinisepuh,
lajeng dipunpungkasi dening keng ramanipun putra calon penganten putri. Wekasing sedya,
tinengeran pamecahing Kendhisari.
Sabibaripun siraman, putra calon penganten putri kabopong dening ingkang rama, tumuju
dhumateng sasana busana, saperlu nindakaken upacara potong/pagas rikma. Sesampunipun
rikma kapotong dening ingkang rama, tinampi dening ingkang ibu lajeng katanem wonten
sangajening dalem.
Sesampunipun pagas rikma, kalajengaken aicara sadeyan dhawet. Keng rama sah ibunipun
putra calon penganten putri tumuju dhateng sasana sadeyan dhawet. Ingkang ibu anggendhong
senik wadhah arta. Wondene ingkang rama hamayungi. Sade dhawet kawiwitan dening ingkang
ibu, dene ingkang rama hanampi arta sinambi mayungi. Pikantukipun arta kabuntel lajang
kaparingaken dhateng putra calon penganten putri.
Wondene minangka paripurnaning upacara siraman, inggih punika dhahar sekul tumpeng.
Keng ramanipun calon penganten putri motong tumpeng sajen siraman, kaparingaken dhateng
keng ibunipun putra calon penganten putri, lajeng dipunparingi lawuh, tumunten kaparingaken
dhumateng ingkang putra calon penganten putri.
21. Kang dilakokake calon temanten putri sabibaripun pagas rikma yaiku...
a. sadeyan dhawet d. sowan marang daleme temanten putra
b. dhahar sekul tumpeng e. siraman
c. maringaken buthelan arta

22. Sasampunipun siraman, calon temanten putri dibopong dhateng sasana busana marang...
a. calon temanten putra d. pakurmatan marang tiyang sepah
b. ibu e. upacara siraman
c. rama

23. Kagiyatan ingkang kawitan ditindakake ing upacara siraman yaiku...


a. pagas rikma d. pakurmatan marang tiyang sepah
b. sadeyan dhawet e. upacara siraman
c. dhahar sekul tumpeng

24. Kang dilakokake ing dalem upacara siraman yaiku…


a. penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putih ngresiki sikil/
ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang
b. kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone
bakal nduwe mantu
c. temanten putra lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane, supaya
ing dina pahargyan wis bisa resik lair batine
d. temanten kakung nyuntak arta receh/krincing mawi dipuncampuri uwos lan ketan ing
pangkonipun temanten putri
e. temanten kakung putri sami ngasta piring isi sekul punar lajeng dulang-dulangan

25. Ancase upacara siraman yaiku…


a. supaya mboten mbedak-mbedakaken ing antawisipun putra lan putra mantu
b. mujudaken satunggaling kekudangan supados temanten kakung putri
c. pralambang paweh nafkah
d. supaya ing dina pahargya penganten putri kasulistyane kaya dene widadari
e. supaya temanten kakung lan putri resik raga lan jiwane

26. Masyarakat Jawa iku sugih adat lan istiadt lan nduweni tata cara sesrawungan kang dadi
pranata ing urip bebrayan. Adat istiadat iku bisa awujud…
a. pahargyan, pengetan, lan slametan
b. upacara, pahargyan, lan slametan
c. pengetan, memetri, lan puji-pujian
d. upacara manten lan sunatan
e. pahargyan saka wiwitan nganti pungkasan

27. Adicara kang katindakake pribadi kayata…


a. pahargyan panggih manten, sekaten lan kasada
b. tingkeban, larung saji lan grebeg sura
c. grebeg sura, sekaten lan sunatan
d. brokohan, sekaten lan larung saji
e. brokohan, tedhak siten, lan tingkeban

28. Tuladhane kabudayan Jawa kang awujud adat istiadat yaiku...


a. wayang purwa d. panggih manten
b. kethoprak e. ngundhuh mantu
c. lodrug

29. Ing ngisor iki kang dudu kalebu adat pahargyan yaiku...
a. brokohan c. sekaten e. ngundhuh mantu
b. tedhak siten d. ringgit purwa
30. Tuladhane kabudayan Jawa kang awujud kesenian tradisional yaiku...
a. tedhak siten d. pasaran
b. wayang purwa e. panggih manten
c. sedekah desa

31. Wong sing gaweyane ngelakokake lan nyritakake carita wayang yaiku...
a. sindhen d. wayang
b. empu e. narator
c. dhalang

32. Ing ngisor iki kang dudu bageyan saka panulisan laporan yaiku…
a. pambuka d. panyaruwe
b. dudutan e. kekarepan
c. wosing isi

33. Kang kalebu pambuka ing laporan kagiyatan yaiku…


a. pangerten d. panyaruwe
b. dudutan e. piranti lan ubarampe
c. landhesan panliten

34. Sakabehe kadadeyan kang ana prastawa saka wiwitan nganti pungkasan kudu diandharake.
Minangka andharan saka...
a. wosing isi d. landhesan panliten
b. ancas panliten e. dudutan
c. kagunaan panliten

35. Ringkesan kang wigati saka pengamatan kang ditindakake. Minangka andharan saka...
a. landhesan panliten d. ancase panliten
b. dudutan e. pangerten
c. panyaruwe

36. Sawijine paraga sing nduweni jejibahan nglantarake titi laksana ing sawijining acara diarani…
a. pranatacara d. orator
b. pambiwara e. pamedhar sabda
c. pambagyaharja

37. Ing ngisor iki kalebu struktur teks pewara, kajaba…


a. salam pambuka d. pambuka
b. surasa basa e. panyapa
c. wosing pranatacara

38. Bab kang kudu digatekake nalika dadi pranatacara, yaiku...


a. swara d. jeda
b. lagu e. patrap
c. intonasi

39. Busana lan ngadi sarira kudu salaras karo kahanan ing adicara, ancase yaiku…
a. amarga ana paribasan ajining rasa saka busana
b. busana kang endah ndadekake paragane karon sulistya
c. amarga busana uga dadi punjering kawigaten marang para tamu
d. supaya ora asor prabawane
e. supaya katon nengsemake marang para tamu

40. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab kang kudu digatekake supaya basa kang digunakake
komunikatif lan trep, yaiku…
a. sapa sing digunemake d. kahanan nalika micara
b. sapa sing diajak guneman e. cacahe sing diajak guneman
c. swasana nalika guneman

41. Para pinisepuh ing kelurahan Sumber Mulya ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Kepala
Kelurahan Sumber Mulya minangka pangarsa ingkang dhahat kinurmatan, lan sapiturute, ing
pranatacara diarani…
a. pambuka d. salam pambuka
b. panyapa e. panutup
c. salam panutup

42. Atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh, sarta atur atur pamuji syukur
marang Gusti Allah minangka perangan pidhato ing bageyan...
a. pambuka d. purwaka
b. wosing pidhato e. saam pambuka
c. panyapa

43. Ngandharake gagasan marang wong liya (para rawuh/tamu/undangan) sarang micara sing
wis kasusun kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu diarani…
a. tanggapan wacana d. panyandra
b. pranatacara e. panembrama
c. paripurna

44. Ing ngisor iki kalebu jinis-jinise pidhato manut isine, kajaba…
a. pidhato pambuka d. pidhato pangarepan
b. pidhato sambutan e. pidhato peresmian
c. pidhato pertanggungjawaban

45. Pidhato kang diandharake ing sawijining adicara tartamtu kanthi waktu kang mung sedhela,
amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji diarani pidhato…
a. peresmian d. pengarahan
b. sambutan e. pertanggungjawaban
c. laporan

46. Perangan pidhato panutup isine yaiku babagan…


a. sakabehe inti sari kang diaturake marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh
b. pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetaken
c. atur panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan
anggone ngandharake pidhato
d. salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh
e. nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan

47. Pidhato pengarahan yaiku…


a. pidhato kang isine medharake sawijining ajaran utawa agama tartamtu kanggo paring
pencerahan marang para umat
b. pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utawa kagiyatan
c. pidhato kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa
kagiyatan
d. pidhato kanggo ngarahake sawijining kagiyatan
e. pidhato kang diandharake marang wong kang nduweni pengaruh kanggo ngresmekake
samubarang

48. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake nalika pidhato yaiku...
a. enggal-enggal dirampungi
b. swara lan pocapan cetha
c. nggatekake tata rakite ukara kang becik
d. nggatekake unggah-ungguh basa sing becik
e. mangerteni sapa wae para rawuh/tamu sing rawuh lan swasanane, saengga bisa
ngetrapake tata trapsila sing becik

49. (1) swara lan lagu pocapan cetha


(2) swarane kudu banter supaya kabeh krungu
(3) ngobahake awak kanggo narik kawigaten
(4) nggatekake tata rakite ukara kang becik
(5) ngggunakake unggah-ungguh basa kang becik
(6) anggone micara ora ngambra-ambra, singkat, padhet, lan nduweni bobot isi
Bab-bab kang kudu digatekake nalika nindakake tanggap wacana dituduhake ing nomor…
a. 1, 2, 3, 4 d. 1, 4, 5, 6
b. 1, 3, 4, 6 e. 1, 4, 6, 5
c. 1, 3, 5, 6

50. Mekaten sekedhik andharan ingkang saged kua aturaken. Bilih wonten kirang langkungipun
atur kula, nyuwun agunging samodra pangaksami.
Andharan ing ndhuwur minangka perangan tanggap wacana sing diarani...
a. pambuka d. wosing isi
b. salam pambuka e. wusana
c. surasa basa
PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR
DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI TUTUR
Jalan Raya Tutur No 14 Telp. (0343) 499603 Fax. (0343) 499123 Tutur Pasuruan
Email : smkntutur_pasuruan@yahoo.co.id
PASURUAN Kode Pos 67165

BANK SOAL KELAS XII

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha silang (x)!
1. Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhe. Tataran basa kang
digunakake ing ukara kasebut yaiku...
a. krama d. krama alus
b. ngoko e. madya lugu
c. ngoko alus

2. Bapak nembe kemawon...kula mboten wantun nggigah. Ganepe ukara kasebut kang trep
yaiku...
a. tilem d. bobok
b. turu e. merem
c. sare

3. Kula sampun menawi boten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara
kasebut yaiku...
a. ngomong d. ngendika
b. kandha e. ngucap
c. matur

4. Buku punika sanes...kula, Bu. Tembung kang trep kanggo nggarepi ukara kasebut yaiku...
a. kagungan d. duweke
b. nggene e. gandhahan
c. nggone

5. Ukara-ukara ing ngisor iki luput mungguh unggah-ungguhing basa, kajaba...


a. Eyang sakit waja sampun tigang dinten
b. Putranipun Bu Nanik dipuntampu wonten UGM
c. Kula badhe tindak dhateng Madiun
d. Ageman kula sampun kanthah
e. Adhik dhahar pisang goreng

6. “Adhiku durung gelem mlebu sekolah“. Yen disalin dadi basa krama alus yaiku...
a. Adhiku dereng gelem mlebet sekolah d. Rayi kula dereng kersa mlebet sekolah
b. Rayi kula durung gelem mlebu sekolah e. Rayi kula durung purun mlebet sekolah
c. Adhi kula dereng gelem mlebet sekolah

7. Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus kang ora trep yaiku...
a. Jam tangan kagunganipun bapak rusak
b. Agemanipun ibu ingkang werni abrit, dene rasukan kula ingkang werni cemeng
c. Kula badhe tindak dhateng Surabaya mbenjing enjing
d. Dalemipun Budhe caket margi ageng
e. Eyang gerah waja sampun tigang dinten

8. Bu Ani : “Jane ana apa ta Nar, kok saben dina kowe kerep telat?!“
Narti : “...“
a. Dalem kula tebih, Bu d. Omah kula tebih, Bu
b. Griya kula tebih, Bu e. Griya kula adoh, Bu
c. Dalem kula adoh, Bu

9. Ukara-ukara ing ngisor iki kang salah panulisane yaiku...


a. Basa Jawa minangka basa ibu wus samesthine ora kena dilalekake
b. Tumrape wong Jawa, basa bakune yakuwi basa Jawa dudu basa liyane
c. Nanging salumrahe ugu kudu bisa dunung basa manca utawa basa dhaerah liya
d. Kasunyatane ora sithik generasi mudha sing rumangsa kangelan basa Jawa
e. Tumrape bocah enom, migunakake basa Jawa ing sesrawungan dianggep ora patut

10. ... panjenengan arep tindak rene? Tembung pitakon kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
a. Kepriye d. Sapa
b. Kapan e. Pira
c. Ngendi

11. Ing ngisor iki kalebu ukara pakon, yaiku...


a. Jupukna bukuku ing laci mejaku!
b. Ing ngendi papan dunungmu?
c. Kowe maneh bisa, kangmasmu wae ora bisa
d. Bapak arep tindak ngendi?
e. Nggawe payung mesthi ora bakal kodanan

12. Ukara pitakon ing ngisor iki wangsulana nelakake kahanan, yaiku...
a. Sapa sing pranatacara kae?
b. Kepriye acarane resepsi manten nggone Pak Lurah mau?
c. Kapan anggone arep latihan yen ora saiki
d. Besane Pak Dwi iku daleme ngendi?
e. Pira undangane Pak Harjo sesuk?

13. Rombonganipun penganten kakung kirang langkung 75 tiyang. Ukara kang arep dadi
wangsulane ukara pitakon ing ngisor iki, yaiku...
a. Sapa sing arep mantu?
b. Kepriye menawa parkire kurang amba?
c. Sapa asmane penganten kakung?
d. Ngendi daleme calon besane Pak Brata?
e. Pira cacahe rombongan penganten kakung?

14. Tiyang gesang punika ampun njagakaken pawewehing tiyang sanes. Tembung gesang iku
ngokone...
a. Sugih d. Urip
b. Miskin e. Penak
c. Sehat

15. Tiyang sepuh badhe ... panggalihipun menawi putranipun sae budi pakartinipun. Tembung
kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
a. Gela d. Anyel saka
b. Sarujuk e. Nesu
c. Mongkog

16. Pangandikan kang nengsemake, ora mung awujud pocapan wae, nanging uga kabangun
saka...
a. Kepinteran d. Kawicaksanan
b. Patraping e. Polatan
c. Unggah-ungguh

17. Menawa omongan karo wong sing luwih tuwa sing kurang pengalaman, prayogane kudu...
a. Ngetokake kapinterane d. Ngremehake
b. Tetep andhap asor e. Nganggep bodho
c. Pamer kabisane

18. Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.


a. Ngombe d. Ngeglak
b. Ngunjuk e. Nenggak
c. Nyruput

19. Ing ngisor iki minangka patraping wong kang wasis micara, kajaba...
a. Solah bawane nengsemake d. Mumpuni underaning kang karembag
b. Swarane gandhang lan ora kesusu e. Solah bawane digawe-gawe
c. Pangangen-angene nalar

20. Samubarang tumindak iku mesthi mengku karep. Semono uga musyawarah kang mengku
sedya anggayuh...
a. Pasarujukan d. Beda panemu
b. Pasulayan e. Padudon
c. Dredah

21. Ana sajroning musyawarah, beda panemu iku kaanggep minangka sawijining bab kang...
a. Ora dikarepake d. Kudu suwak
b. Lumrah wae e. Kudu dicegah
c. Kudu disingkiri

22. Kang dimaksud cerkak yaiku karangan cekak kang awujud...


a. Pawarta d. Serat
b. Guritan e. Tembang
c. Prosa

23. Cerkak kabentuk saka unsur-unsur intrinsik kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba...
a. Latar d. Tema
b. Kondisi sosial e. Plot
c. Penokohan

24. Tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg-mandheg nyebabake hawane
sansaya kekes. Tembung kekes ing ukara kasebut tegese...
a. Sumuk d. Wedi
b. Panas e. Sumelang
c. Adhem banget

25. Ora maido yen sato kewan wengi sarta janma manungsa luwih seneng ana wismane dhewe-
dhewe. Tembung wisma tegese...
a. Kamar d. Teras
b. Omah e. Kursi
c. Peturon

Wacanen teks ing ngisor iki kanthi trep!


Ayahe Sadewa
Dening: Eni Siti Nurhayati
“Ngerti ora, Dhik, biyen nalika sampeyan sakos karo adhiku, sampeyan nate tak request dadi
pacarku? eman, kalah cepet karo sapa iku?“
Atiku mbatin, masa ta, kok Yuni ora nate crita. Aku ora semaur nganti tekan ngarep
sekolahan.
“Nuwun ya, Mas, wis diterke,” kandhaku.
Mas Bima mung mesem. Eseme wiwit dina iki bola-bali katon ing mripatku. Sesuk, sesuk, lan
sesuke maneh ana wae alesane Mas Bima methuki aku. Ngeterke sepedhah, takon
perkembangane Sadewa, lan mamitke Sadewa sing ijin diajak eyange. Aku seneng ae nampa
tekane. Nganti wengi iki ama SMS mlebu: Bu guru, eh Dhik Arini, saupama njenengan tak jak ning
Bali piye? Kersa, ta? Bales, hlo! Dudu merga aku nggolekne ibu kanggo Sadewa, nanging atiku
kadhung kepilut njenengan. Maca SMS sing keri iki, atiku kok sajake kapilut sisan. Hlo, mlebu
maneh SMS: Nang Bali iku kanggo bulan madhu. Hla, sadurunge ayo ijab dhisik. Yen wis ngene
aku kudu piye?

26. Manut cerkak ing ndhuwur pakaryane paraga Arini, yaiku...


a. dokter d. karyawati swasta
b. guru e. karyawan kantor
c. bidan

27. Ing ngisor iki sing ora kalebu alesan Bima kerep methuki Arini yaiku...
a. ngeterake sepedhah d. ngeterake bukune Sadewa
b. takon perkembangane Sadewa e. ngeterake Sadewa sekolah
c. mamitke Sadewa

28. Isine SMS saka Bima marang Arini yaiku...


a. ngajak Arini bebrayan d. takon perkembangan Sadewa
b. ngajak Arini dolan e. nyritakake Sadewa diajak eyange
c. mamitke Sadewa

29. Crita gancaran sing ngandharake kadadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak
aos yaiku...
a. cerkak d. novel
b. geguritan e. sesorah
c. drama

30. Reroncening kadadeyan kang ana sajrone cerkak yaiku...


a. tema d. alur
b. amanat e. latar
c. paraga

31. Ciri-ciri cerkak yaiku…


a. critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dingerteni
b. critane dawa, isine padhet, basane gampang dingerteni
c. critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basane gampang dingerteni
d. critane dawa, isine cekak aos, basane mentes
e. critane sakeplasan, isine padhet, basane endah

32. Ing ngisor iki sing kalebu unsur-unsur intrinsik sajroning cerkak yaiku…
a. tema, amanat, penokohan, alur, latar
b. tema, amanat, dialog, penokohan, latar
c. tema, amanat, penokohan, isi, latar
d. tema, amanat, sudut pandang, dialog, alur
e. paraga, tema, amanat, alur

33. Gagasan utawa pesn kang pengin dituturake dening pangripta sajrone cerkak yaiku…
a. alur d. tokoh
b. tema e. latar
c. amanat

34. Ing cerkak bisa nggunakake pamawas langsung lan ora langsung, kalebu salah sawijine
teknik nulis cerkak sing diarani…
a. nemtokake pamawas d. nemtokake alur
b. nemtokake tema e. nemtokake amanat
c. nemtokake paraga

35. Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani…
a. panggonan d. alur
b. latar e. tema
c. paraga

36. Kalungguhane pangripta sajrone crita diarani...


a. pamawas d. alur
b. latar e. tema
c. paraga

37. Kalungguhane paraga sajrone crita diarani...


a. amanat d. latar
b. tokoh e. tema
c. pamawas

38. Ing ngisor iki sing kalebu ukara kandha...


a. “apa bukuku kathut kok gawa bali?”
b. Rini lagi maca kalawarti
c. Asti lagi sinau nulis cerkak
d. Rini takon marang Asti sesuk dheweke sida budhal apa ora
e. Coba kalawarti kae gawanen mrene

39. Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep...
a. “Tugase kae garapen!” takone Ridwan
b. “Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan?” pitakone Nina
c. Coba wedang iki tilikana
d. Asti kandha yen kelase gek diresiki
e. “Ayo, enggal dirampungake tugase“

40. “An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah apa bener?“ pitakone Rani marang Ani.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep yaiku...
a. Rani takon marang Ani menawa ibune gerah
b. Rani takon marang Ani kapan ibune gerah
c. Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah
d. Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah
e. Rani takon marang Ani menawa apa ibune ora gerah

Wacanen teks ing ngisor iki kanthi trep banjur jawaben soal nomer 41-45!
Dina Minggu iki ing desaku hawane seger. Kabeh bocah ing desaku budhal sepedhahan
bareng-bareng. Aku lan kanca-kancaku sepedhahan karo goncengan. Teka ing pojoke desa aku
lan kanca-kancaku eling menawa dalan ing ngarep omahe Pak RT rusak, ananging aku lan kanca-
kancaku tetep sumringah. Sawise tekan ing ngarep omahe Pak RT.
“Hlo, piye ki kok dalane bolong?“ kandhane Udin.
“Bolonge amaba sisan,” Joni nambahi.
“Iya, kamangka ing ngareo omahe Pak RT,” aku nyaut.
“Din, ing tasmu ana arit?” clathune Ade.
“Kanggo apa? Kok awakmu takon arit?” Udin takon marang Ade.
“Nggo ngethok wit gedhang trus ditandur ing dalan bolong iki,” Ade nyauri kanthi serius.
“Ana-ana wae awakmu ki,” wangsulane Joni karo ngguyu.
“Kaya ing TV kae hlo, yen ana dalan bolong ditanduri wit gedhang wae,” kandhane Ade.
Aku lan kanca-kancaku banjur ngguyu karo kandha “Oooh, ngono ya, hahaha apik De,
panemumu.”
Sawise ngono aku lan kanca-kancaku nandur wit gedhang ing dalan sing bolong kuwi mau.
Aku lan kanca-kancaku langsung kabur numpak sepedhah, wedi yen diseneni.
41. Sing kalebu orientasi saka teks anekdot ing ndhuwur, yaiku...
a. Dian minggu iki ing desaku hawane seger
b. Aku lan kanca-kancaku sepedhahan karo gojegan
c. Aku lan kanca-kancaku banjur langsung kabur numpak sepedha wedi yen diseneni
d. Aku lan kanca-kancaku nandur wit gedhang ing dalan sing bolong kuwi mau
e. Kabeh bocah-bocah ing desaku budhal sepedhahan bareng-bareng

42. Sing kalebu koda saka teks anekdot ing ndhuwur yaiku...
a. Aku lan kanca-kancaku banjur ngguyu karo kandha, “oooo, ngono ya, hahaha apik, De
panemumu.”
b. Sawise ngono aku lan kanca-kancaku nandur wit gedhang ing dalan sing bolong kuwi
mau, aku lan kanca-kancaku banjur langsung kabur numpak sepedhah wedi yen diseneni
c. Kabeh bocah-bocah ing desaku budhal sepedhahan bareng-bareng
d. Dina minggu iki ing desaku hawane seger
e. Aku lan kanca-kancaku sepedhahan karo gojegan

43. Sing kalebu reaksi saka teks anekdot ing ndhuwur yaiku...
a. Aku lan kanca-kancaku banjur ngguyu karo kandha, “oooo, ngono ya, hahaha apik, De
panemumu.”
b. Kabeh bocah-bocah ing desaku budhal sepedhahan bareng-bareng
c. Aku lan kanca-kancaku nandur wit gedhang ing dalan sing bolong kuwi mau
d. Aku lan kanca-kancaku sepedhahan karo gojegan
e. Dina minggu iki ing desaku hawane seger

44. Perangan saka teks anekdot kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye
prastawa kasebut dumadi, biyasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan
diarani...
a. reaksi d. orientasi
b. abstraksi e. koda
c. krisis

45. Perangan saka teks anekdot kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita diarani...
a. krisis d. reaksi
b. koda e. abstraksi
c. orientasi

46. Urut-urutan struktur teks ing teks anekdot sing bener yaiku...
a. Orientasi-abstraksi-krisis-reaksi-koda
b. Abstraksi-orientasi-rekasi-krisis-koda
c. Abstraksi-orientasi-krisis-rekasi-koda
d. Krisis-abstraksi-orientasi-reaksi-koda
e. Orientasi-reaksi-krisis-abstraksi-koda

47. Ing ngisor iki sing kalebu teks anekdot, yaiku...


a. Macan iku kalebu kewan mamalia. Dhuwure bisa nganti udakara 1,5 meter dawane
udakara 3,4 meter, lan bobote bisa nganti 300 kg.
b. Senajan pamrentah wis gawe UU kanggo ngelindungi kewan langka, ananging tetep wae
kewan spesies tartamtu saya punah. Apa maneh saiki ana jaringan dol tinuku kewan
langka natar Negara.
c. Kabeh wis padha ngerti menawa pendidikan formal kuwi wigati. Ananging pengalaman
uga nggawa pangaribawa tumrap kasuksesan saliyane pendidikan formal.
d. Reuni lagi diadhakne ing sawijining sekolah. Hendra takon marang Rendi kancane
sebangku biyen “Ren, awakmu saki dadi pejabat ya?“ takone Hendra. “Kok awakmu
ngerti?“ wangsulane Rendi. Hendra banjur kandha, “ya ngerti hla, hla praupanmu kaya
dhuwit.“ Hendra lan Rendi langsung ngguyu bareng. Kahanan sansaya regeng.
e. Akehe cacahe penduduk ndadekake sansaya akehe madeg pomahan, pabrik,
perkantoran, lan sapiturute.

48. Struktur teks anekdot sing diarani rekasi, yaiku...


a. Peranganing purwakane pada kang gunane kanggo menehi gambaran isine teks
b. Perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita
c. Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye pastawa kasebut
dumadi. Biyasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan
d. Perangan kepriye carane pangripta ngrampungake perkara kang dumadi ing peangan
krisis, bisa uga reaksi minangka solusi utawa respon
e. Perangan pungkasane crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka prastawa ing sajroning
crita

49. Struktur teks anekdot sing diarani koda, yaiku...


a. Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye pastawa kasebut
dumadi. Biyasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan
b. Perangan pungkasane crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka prastawa ing
sajroning crita
c. Perangan kepriye carane pangripta ngrampungake perkara kang dumadi ing peangan
krisis, bisa uga reaksi minangka solusi utawa respon
d. Peranganing purwakane pada kang gunane kanggo menehi gambaran isine teks
e. Perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita

50. Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-cirine teks anekdot yaiku...
a. Ngemot sindiran d. Nggunakake tembung panggandheng
b. Ana unsur lucune e. Ana gegayutane karo kedadeyan sabendina
c. Oran gemot pesen moral

You might also like