You are on page 1of 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan
sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri, kadang wredha ingkang winantu
suka basuki.

Mradapa keparengipun Bp. .................... sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan
punika kula piniji pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah
lamaran kinaryo jejangkeping tata cara salaki rabi. Namung saderengipun kula ngaturaken urut
reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kaliyan kuncaraning
bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji
syukur wonten ngarsa dalem Allah Ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rahmat ingkang
sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya-dalasan-kula.

Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugilampahing adicara pasrah panami lamaran saha upakarti
pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala. Nun inggih para
lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga Pranata Adicara murwani lekasing sedya ingkang
punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah panampi kanthi ngaturaken reroncening
adicara ingkang rinantam para kulawangsa.

Tinarbuka atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun
piniji. Atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih salira saking
badhe/calon kadang besan. Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun
Bp. ............. ingkang mengku gati. Kaleksananing adicara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap
wacaran sawatawis saking pinisepuh ingkang tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten).
Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratanda saking kulawarga mingka paran
para.

Makaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang
sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka Waning penggalih para lenggah tansah
henjenengi ngantos dumigi purnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

You might also like