You are on page 1of 1

SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI

TEMBANG KINANTHI

1. Pengerten lan maknane tembang Kinanthi


Miturut maknane, tembang Kinanthi iku nggambarake mangsa nalika
manungsa iku wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem
karo kaluwargane.
Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng.

2. Pathokan tembang Kinanthi

Kinanthi
Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra
8 u
8 i
8 a
6
8 i
8 a
8 i

3. Watek tembang Kinanthi


Wateke sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng- renteng
reruntungan.
Mula biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur, rasa tresna asih.

4. Wos kang kamot ing tembang Kinanthi Wedhatama


 Serat Wedhatama ngajarake sawenehe tuntunan moral minangka
perangan saka pendidikan karakter kang bisa sinebut etika pribadi.
 Supaya antuk ngelmu sejati (ilmu sejati) bisa lumantar ngolah lantiping
ati.
 Sarat nglakoni ngelmu sejati yaiku ora kena iri lan drengki,ora getapan/
atine gampang panas, ora ngganggu wong liya, ngendhem hawa
napsu.
 Serat Wedhatama ngajarake lamun manungsa iku kudu tansah eling
lan waspada.
 Serat Wedhatama ngajarake supaya ora kulina tumindak nistha.
 Ing serat Wedhatama, wong becik bebudene iku biyasa gampang bisa
srawung karo pawongan liya, lan bisa mangun sesrawunganing papan
ngendi wae.

You might also like