You are on page 1of 2

PANATACARA

A. Pengerten Panatacara
Panatacara kerep uga diarani dening bebrayan minangka panatacara pabyawara, pranata
adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC).
Panatacara kuwi sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune)
sawijining upacara adat, tementen, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan),
pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show)lsp.

B. Perangan Teks Panatacara


Pokok (batang tubuhe) teks panatacara :
- Salam pambuka
- Puji syukur konjur marang Gusti ingkang Maha Kuwasa
- Sapa aruh. Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh tamu undangan.
- Ancasing gati, yaiku apa kang dadi maksud saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing
wektu iku.
- Panutup. Ing perangan panutup iki panatacara ngaturake marang para tamu mungguh acara
kang dirantam wis lumaku.
- Salam panutup

C. Unsur-unsur Panatacara
Supaya anggone ngayahi jejibahan dadi panatacara bisa becik, kudu gelem gladhen lan sarat
laku pitung prakara, yaiku :
1. Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adinning sastra lan nyandang panganggo kang
trep, pantes lan jangkep, solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe.
2. Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, sarta ora
ngisin-ngisini.
3. Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong.
4. Maraga, ora grogi, ora wedi ora gemeter, anteb lan anteng.
5. Malaghawa, trampil kepara trengginas, lancar lan gancar.
6. Matanggap, tanggap ing sakabehane swasana.
7. Mawwar, manteb ngentasi purwa, madiya lan wasananing karya.
D. Teknik Maca Panatacara
Sajroning macakake acara, panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake bisa
rumangsa seneng lan gampang dimangerteni. Kaprigelan kasebat yaiku :
- Nganggo pangucap kang trep
- Pamedhote ukara kang trep
- Nganggo intonasi, nada lan tekanan kang trep.
- Ngreteni tandha wacan kanthi trep
- Swara kang cetha
- Ngatur alon lan cepete pamaca
- Ngolah treping mlebu wetuning napas
- Mahami wacan
- Pracaya marang dhiri pribadi

You might also like