You are on page 1of 2

SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

A. Serat wedhatama pupuh sinom


Nulada saka pengerten sempalan tembang ing Serat Wedhatama yasan KGPAA
Mangkunegara IV, nyata lamun manungsa urip ing ngalam donya iki kudu bisa njaga
guyub rukun lan katentreman ing bebrayan agung, tansah gawe seneng marang wong
liya.

B. Pangertene tembang Sinom


Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang
lsp.
Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Sunan Giri Kedaton.

C. Pathokan tambang Sinom

Sinom
Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra
8 a
8 i
8 a
8 i
7 i 9
8 u
7 a
8 i
12 a

D. Watak tembang Sinom


Wateke tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas.

E. Makna tembang Sinom


Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek
pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Nglambangake wayah isih
jejaka/ prawan.

F. Wos kang kamot ing tembang Sinom


- Serat Wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep
luruh.
- Serat Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa
intelektual.
- Babagan karakter lan prilaku, serat Wedhatama menehi tuladha temen-temen
anggone meper hawa nepsu.
- Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate
manungsa, yaiku pangkat, bandha lan kapinteran.
- Serat wedhatama ngedohi sipat angkara murka.

Tuladha tembang Sinom

5 6 6 6 6 6 6 6
Nu lad a la ku u ta ma

5 6 6 4 5 6 65 5
Tu mrap e wong ta nah Ja wi
5 6 6 6 5 3 3 21
Wong a gung ing Ngek si gan da

1 2 3 2 1 6 5 6
Pa nem bah an Se no pa ti

1 2 2 2 2 1 23
Ka pa ti a mar su di

1 1 1 2 1 6 1 2
Su da ning ha wa lan nep su

6 1 1 1 1 1 1
Pi ne su ta pa bra ta

1 2 3 2 1 6 5 6
Ta na pi ing si yang ra tri

6 1 2 3 2 2 2 2 3 21 6 12
A me ma ngun kar ye nak tyas ing sa sa ma

You might also like