You are on page 1of 1

MATERI GEGURITAN (PUISI)

KELAS XI

Geguritan yaiku sawijining karya sastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Geguritan
asale saka tembung "gurit" kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Geguritan
kaperang dadi loro yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar.

Titikane geguritan gagrag lawas yaiku:


1. Diwiwiti kanthi ukara sun gegurit.
2. Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra.
3. Guru lagu (rima) pinathok.

Dene geguritan gagrag anyar ora kaiket paugeran kaya ing dhuwur. Geguritan gagrag anyar
ora duweni struktur kang baku ngenani cacahe gatra, apadene cacahing padane.

You might also like