You are on page 1of 4

A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!

Wacanen pethikan iki (kanggo pitakon nomer 1-4)

Pamitku Marang Alumniku


Bapak lan Ibu guru sarta kanca-kancaku
Ana ing pungkasaning pawiyatan iki
Tak ukir gurit kang merak ati
Amarga werna-werna kedadean
Wis tak lakoni ing sekolah iki
1. Geguritan Pamitku Marang Alumniku anggitane …
a. Any Asmara
b. Aris Irianti
c. Pur Adi Prawata
d. Sudi Yatmana
2. Ana ing pungkasaning pawiyatan iki. Tembung pawiyatan tegese …
a. Kalurahan
b. Pekarangan
c. Sekolahan
d. Pategalan
3. Manawa maca cuplikan geguritan ing ndhuwur, gambaranmu tumrape panggurit yaiku …
a. Nalangsa
b. Kuciwa
c. Bungah
d. Prihatin
4. Pethikan geguritan ing ndhuwur katon endah jalaran sinengkuyung …
a. Purwakanthi swara
b. Larikan-larikane
c. Pamilihing tembung
d. Lelewaning basa
5. Pesan sing pengin dikandhakake marang kang maca utawa ngrungokake diarani …
a. Tema
b. Alur
c. Amanat
d. Latar
6. Ing ngisor iki bab-bab kang bisa nyengkuyung endahing geguritan, kajaba …
a. Runtute swara
b. Pamilihing tembung
c. Tembung endah
d. Kewasisane panggurit
7. Sing ora kalebu struktur batin geguritan yaiku …
a. Tema
b. Nada
c. Amanat
d. Purwakanthi
8. Langkah keri dhewe nulis geguritan yaiku …
a. Nemtokake gagasan baku
b. Milih tembung kang trep
c. Nulis kang diangen-angen
d. Mbesut teks geguritan
9. Pratelan ing ngisor iki sing luput yaiku …
a. Maca geguritan iku awewaton titi laras
b. Aturan maca geguritan iku ora gumathok
c. Maca nyaring iku maca kanthi swara seru
d. Maca geguritan karo tembang iku ora padha
10. Bab sing perlu digatekake yen maca geguritan yaiku …
a. Purwakanthi
b. Amanat
c. Lafal
d. Tema
11. Guru gatrane tembang macapat Durma ana … gatra
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8
12. Paugeran tembang macapat tibaning swara ing pungkasane gatra diarani guru …
a. Pada
b. Gatra
c. Wilangan
d. Lagu
13. Guru wilangan lan guru lagune tembang Durma gatra pungkasan yaiku …
a. 7i
b. 7a
c. 7u
d. 7e
14. Yen sira wus udani. Gatra iku tegese manawa kowe wis …
a. Ngerti
b. Duwe
c. Bisa
d. Weruh
15. Pratelan iki sing ora jumbuh karo isine tembang Durma ing ndhuwur yaiku aja …
a. Seneng maoni
b. Seneng nyacat
c. Gumedhe
d. Gampang nesu
16. Wektu, kaanan, utawa papan kedadean jroning crita diarani …
a. Latar
b. Amanat
c. Tema
d. Alur
17. Reroncening kedadean crita, digawe minangka lakuning crita, diarani …
a. Tema
b. Alur
c. Amanat
d. Latar
18. Bocah kok nganti telung sasi during mbayar. Apa wong tuwane sekeng? Tembung
“sekeng” tegese …
a. Mlarat
b. Lara
c. Cumpen
d. Uthil
19. Ibune Haryadi ing sandiwara Mangkir iku pagaweane …
a. Bakul
b. Karyawan
c. Tani
d. Buruh

Wacanen pethikan iki

Ibu
Senajan kang putro asring nglarani penggalih
Nanging katersnan ndiko ora ngalih
Ibu
Senajan kang putro asring gawe kuciwo
Nanging ndiko tansah paring apuro
20. Makna geguritan ing nduwur
a. Ibu sing sabar
b. Ibu seng gak sabar
c. Ibu sing nesunan
d. Salah kabeh
21. Tembang Durma iku minangka salah sijine tembang ing Serat Wulangreh anggitane …
a. Sri Sultan
b. Sri Sultan Paku Buwana III
c. Paku Buwana V
d. Paku Buwana IV
22. Piwulang luhur kang ana ing tembang Durma iku migunani kanggo sapa, kajaba …
a. Siswa
b. Sing gelem maca
c. Guru
d. Kabeh bener
23. Watak tembang Durma yaiku …
a. Prihatin
b. Canthas
c. Grapyak
d. Nepsu gregeden
24. Sing nduweni teges isine geguritan ditamatake/dilebokake ing njero ati, yaiku …
a. Wirasa
b. Wirama
c. Wirangrong
d. Wiratama
25. Supaya gampang carane nulis geguritan yaiku …
a. Gawe irah-irahan
b. Ngeling-eling salah sawijining pengalaman kang tau dialami
c. Gawe cengkorongan
d. Ngerti isine/wose

You might also like