You are on page 1of 3

Sandiwara Tradisional Jawa

A. Nyinau Sandiwara Tradisional Jawa


Miturut jinising sandiwara iku ana loro yaiku sandiwara modern lan sandiwara tradisional. Salah
sijine tuladha sandhiwara tradisional yaiku kethoprak. Kethoprak kalebu salah sijine kesenian rakyat ing
Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya
masyarakat Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi
budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandhul, Emprak lan
sakliyane.
a. Sujarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para Priya ing dhusun kang lagi nganaake
lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog.
Ana ing tembe kiering tembang bebarengan ing kampung/dusun kanggo lelipur.
Sakteruse ana tambahan kendhang, terbang lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak
Lesung, kira-kira kedadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake
pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagearan Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak
Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Crita kang
dipagelarake yaiku : Warsa-warsi, Kendana Gendini, Darma-Garmi, lsp.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat,
utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone
crita la ugo kaering gamelan.

b. Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa
dibedakake mengkene :
1. Kethoprak Lesung, asal mulane seni Kethoprak, anggone pentas nganggo joget, dene critane
arupa panguripane para tani. Iringan sakliyane lesung ditambahi gendang, suling, terbang, iki
cikal bakal lahire Kethoprak.
2. Kethoprak Ongkek, yaiku seni kethoprak kang migunakake gamelan ringkes kayata,
saron,demung, gender lan gong kanthi cara dipikul (diongkek) mubeng turut kampung. Wiwit ing
kethoprak ongkek iki wis dianggo golek dhuwit. Lakone njupuk Panji lan ageman mesiran
(Baghdad).
3. Kethoprak Gamelan, yaiku seni kethoprak kang wiwit migunakake iringan gamelan komplit
slendro pelog. Pagelaran ditindakake ing panggung, dene lakone wiwit migunakake lakon
Sejarah, Babad, Dongeng lan lakon carangan, yaiku lakon anggitane si sutradara/dhalange
kethoprak.
4. Kethoprak Radio lan Televisi, yaiku kethoprak kang wis wiwit migunskske media elektronik
arupa suara (ing Radio) lan migunakake gambar urip (televisi). Carane pentas wis ditata kanthi
njlimet miturut kebutuhane piranti elektronik kang dianggo.
c. Isi Crita
Rupa werna lakon Kethoprak ana crita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi
saka nigari manca. Lakon adaptasi saka manca contone lakon Sudira Prana, Pangeran Hamlet lan
Sampek Eng Tay. Dene lakon Jawa, kayata, Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul
Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut,
Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo. Crita klangenan masyarakat
bisa arupa crita pahlawan,peperangan, crita nglempakake kebeneran lumrahe ing pungkasan crita
sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman utawa busanane paraga lumrahe nganggo ageman kaya para Natapraja Jawa wektu
jaman kraton biyen. Umpamane Tumenggung Wiroguna, agemane nganggo Priyayi Jawa Pangeran
saka tlatah Jawa tEngah (Yogyakarta). Semana uga para prajurit, nanging ana uga ageman kang
arupa simbolis umpama Piyantun Wicaksana awerni ageman cemeng/ireng, Piyantun suci awerni
ageman pethak utawi putih, ingkang kendel utawa wani lumrahe agemane warna abang. Crita
Baghdad agemane kasebut “Mesiran” nganggo ageman sutra. Ageman Wayang wong uga ana
gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane
crita Menak utawa crita wali/para ulama Islam ing sajeroning praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Crita kanthi para niyaga/pemain, kiering tabuhan
(gamelan), Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak. Rembugan uga biasa nganggo tembang,
dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog (rerasan dewe) utawa dadi
narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana crita. Swasana
dramatic, kang mbedakake adegan siji lan sijine.
d. Perangkat Pengiring
Piranti kanggo ngiringi kethoprak umpamane, Kendang, Saron, Ketuk, Kenong, Kempul lan
gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. Ciri
baku iringan kethoprak iku arupa kenthongan utawa diarani keprak. Para niyaga kethoprak biaane
pinter anggone “acting” uga kudu pinter nembang lan mbeksa. Para pradangga gamelan, bebarengan
karo sinden (waranggana), ngiringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dianggo basa Jawa nanging kudu nganggo “unggah-ungguh” basa bisa nganggo
Jawa biasa (ngoko) basa krama, lan krama inggil ing wektu saiki ana ing wolak waliking jaman,
kethoprak uga duwe “improvisasi” kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan
Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Crita bakune padha nanging dipagelarake kanthi
dagelan, mligi ngemungake lan nyenengake panirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau
biasane wis ora nganggo unggah-ungguh basal an tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu. Crita lan
basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

1. Wacanen Naskah Sandiwara


Muncrating Ludira Ndhepani Bumi Mardika
Naskah: Wartoyo, S.Sn.

Prastawa iki dumadi nalika bumi Nuswantara cinengkerem penjajah Walanda. Paprangan campuh
ing sadhengah papan. Kurban pating blasah kaya babadan pacing, marga kena mimising mungsuh.
Beteke kepengin uwal saka panjirete bangsa panindhes kang wus atusan taun gawe sengsara. (Bedhug
tengange wus mungkur, srengenge wus ngglewang mangulon. Para warga Karang Tepus padha golek
pangungsen. Desane wis diobrak-abrik dening Walanda).
Andaka : “Sik, sik Ca! Ayo leren dhisik ana kene. Awakku kesele ora karu-karuwan!”
Barja : “Iya, gawan-gawane padha diselehake. Sing ngelak ngombe dhisisk, sing luwe
padha mangan!”
(Wong sing diprentah padha golek palungguhan dhewe-dhewe, mangan lan ngombe saanane)
Citra : “Kang awake dhewe iki bakal golek pangungsen ana nhgendi? Kamangka menus
Landa tansah ngoyak playune dhewe. Apa sateruse awake dhewe kudu urip
kadharang-dharang kaya ngene?”
Darma : “Kamangka bandhaku wis gusis dijarah -rayah lan omahku diobong dening
anthek-antheke Landa. Terus aku kudu mapan ana ngendi Kang?”
Endang : “Apa maneh lelakonku, yen dakrasakake kaya-kayaa aku ora pengin urip maneh.
Bojo mati katrajang mimis. Anakku wedok siji-sijine diseret gedibale Landa.
Embuh saiki ana ngendi. Aku ora duwe daya kanggo urip Kang.”
Fatah : “Kang, pikiren nasibe kanca-kanca iki. Mundhak dina wilangane saya syda. Ya,
merga kena mimis sing ora ana obate. Apa maneh jagan pangan saya suwe saya
tipis. Ora suwe maneh awake dhewe mesthi padha kaliren.”
Andaka : “Wis-wis Ca, kabeh bae. Aku bisa ngrasakake panandhang iki. Ya kaya ngene iki
kaanan lan rekasane bangsa kang katindhes penjajah lan dicengkerem bangs
aliya. Mula gedhekna atimu, ayo berjuwang amrih mardikaning bangsa.”
Barja : “Bener kandhane Kang Andaka, awake dhewe aja nglokro, nanging kudu tansah
manunggal numpes Landa.”
Gandhung : Sing arep kanggo nglawan bae apa? Awake dhewe mung sethithik. Balik Landa
balane akeh, marga duwe anthek, gedhibal sing sepirang-pirang. Tur maneh
duwe bedhil, mriyem kang cacahe tanpa wilangan. Terus gamane awake dhewe
iki apa. Coba padha mikira!”
Harjana : “Ngene. Kang, Lurahe dhewe Pak Wira Gati bae mati, marga nglawan landa.
Lha terus awake dhewe iki mung wong cilik, becike rasah neka-neka rasah melu-
melu urusane negara.”
Iradana : “Luwih-luwih apa maneh pasedhiyan pangan sing digawa awake dhewe wis meh
entek. Terus sing kanggo ngopeni lan makani wong semene akehe iki nganggo
apa? Apa kang Andaka saguh ngopeni wong semene akehe? Lha wong selagine
ngopeni awakmu dhewe bae wis rekasa, apa maneh wong semene?”
Jarwa : “Wis becike melu Landa bae, genah kepenak uripe. Ora rekasa kaya ngene iki.
Tiwas awake dhewe neka-neka ora ana gunane Kang. Wong kasunyatan wis
akeh sing mati, sauger nglawan Landa. Wis ayo dha melu Landa bae!”
Andaka : “Kosik Ca, sing sareh! Yen ana prekara dirembug sing sareh dimen pikoleh.
Ingatane kanca sarombongan kok panemune lan tujuane beda. Ya kaya ngene iki
rekasane wong yen arep kepengin mulya. Ya kudu gelem rekasa.”
Barja : “Tur maneh para sedulur, gegayuhane dhewe urip mulya iki ora mung kanggo
mikirake awake dhewe thok, nanging uga kanggo anak putu besuk.”
Andaka : “Wis saiki para kanca daltanting, pengin nyerah apa mglawan Landa?”
Citra, Darma, : “Nglawaaannn!!!”
Endang, Fatah
Gandhung, : “Nyeraaaahhh!!! Nyerah bae!”
Harjana,
Iradana, Jarwa
Saur manuk : “Nglawan! Nyerah! Nglawan, Nyerah! Nglawaaaaannn!!!
Kapethik : “Muncrating Ludira Ndgepani Bumi Mardika”
Naskah Kethoprak siswa SMP Negeri 3 Gantiwarno, Klaten

You might also like