You are on page 1of 9

TUGAS BAHASA JAWA

Paraga pagelaran wayang


1. Gatot kaca

Gathotkaca iku putera kaping pindo saking Raden Werkudara lan Dewi
Arimbi ing Pringgandani. Ingkang paling kondang utawa paling terkenal
saka Raden Gatotkaca yaiku otot kawat balung wesi (Otot kawat tulang
besi).
2. Bima

Bima yaiku putra sing teges, sekti, lan kuat. Ing carito Mahabharata
bima iku sing diwedeni musuh.
3. Arjuna

Arjuna  iku paraga sajeroning wiracarita Mahabharata. Miturut carita


padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina,
klawan Dèwi Kunthi kang angka telu.
4. Anoman

Anoman  iku paraga wayang ing carita Ramayana. Ing pedhalangan


Jawa, Anoman uga katon ing Mahabharata, amarga dhèwèké tansah
nunggu Dasamuka nganti akir jaman. Anoman wujudé kaya kethèk.
5. Kresna

Kresna yaiku  salah sijine tokoh nang donya wayang. Kresna kuwe raja
sing bijaksana sekang negara Dwarawati, lan dianggep titisan Sang
Hyang Wisnu.
Piranti pagelaran wayang
1. Wayang kulit

Wayang kulit yaiku pagelaran wayang ingkang mbabaraké


lakon mahabharata utawa ramayana kang wayangé digawé saka kulit.

2. Gamelan

Gamelan yaiku mobah mosiking kahanan jagad saisine.


Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli
saka Indonésia mligi ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.
3. Kelir

Kelir yaiku lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan)


wayang lulang/ kulit.

4. Debog

Debog yaiku batange gedhang gawe nancapke wayang utawa


nggambarake bumi
Paraga pagelaran wayang

1. Dhalang

Dhalang yaiku sing nglakokake lakuning pagelaran.

2. Niyaga/pangrawit

Niyaga/pangrawit yaiku paraga sing nabuh gamelan anut larasing


gendhing.
3. Pesindhenan/waranggana

Pesindhenan/waranggana yaiku paraga sing ngrengga iramaning


gamelan.

You might also like