You are on page 1of 11

SMP NEGERI 10 SURABAYA

KELAS
PENILAIAN AKHIR SEMESTER GENAP
TAHUN PELAJARAN 2020-2021

Mata Pelajaran
Hari / Tanggal
Waktu
: BAHASA JAWA
:
: 60 Menit
8
A. Wangsulana pitakon-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan sing kok anggep paling
bener!

1. Miturut isine layang kaperang dadi 6. Salah sijine yaiku layang kang isine menehi pawarta, katrangan,
pamrayoga utawa panyuwun sawijining pandonga lan sapanunggalane saka wong enom marang wong
tuwa utawa kosokbalene diarani layang...
A. Layang iber-iber
B. Layang ulem
C. Layang kitir
D. Layang paturan
2. Pak Giman arep duwe kajat mantu anake wedhok. Mula saka iku Pak Giman kepengin ngundhang
dulur-dulur lan tangga-tanggane. Layang kang digunakake Pak Giman kanggo ngundhang dulur-dulur
lan tangga-tanggane iki diarani layang ....
A. Layang iber-iber
B. Layang ulem
C. Layang kitir
D. Layang paturan
3. Ing ngisor iki tuladha ukara panutup ing layang, kang bener yaiku ...
A. Sesarengan serat menika kula ngaturi kabar bilih kawontenan kula sae-sae mawon.
B. Budhe, ing liburan semester 1 kula badhe sowan dhateng dalemipun ing Blitar.
C. Kula sakulawarga pinaringan rahayu wilujeng. Mugi semanten ugi keluwarganipun Pakdhe lan
Budhe.
D. Wasana cekap semanten menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.
4. Adangiyah iku sawijining perangan layang kang nerangake unggah ungguh sing ngirim layang marang
kang dikirimi layang. Upamane ana simbah kang kepingin ngirimi layang putune nggunakake
adangiyah...
A. Ingkang sembah pangabekti
B. Karengga sagung pakurmatan
C. Salam taklim
D. Pandongaku
5. Sesarengan serat menika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakaluwarga ing mriki pinaringan
bagas waras lan kawilujengan. Mugi-mugi kawontenan panjenengan ugi mekaten.
Perangane layang ing ndhuwur mujudake ......
A. Pambuka
B. Adangiyah
C. Wasana basa
D. Surasa basa
6. Kejawi saking punika, kula ugi ngaturi pirsa bilih kang putra sampun angsal pendamelan wonten pabrik
sepatu. Pramila kang putra nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggen kula nyambut damel saged
lancar.
Perangane layang ing ndhuwur mujudake ......
A. Pambuka
B. Adangiyah
C. Wasana basa
D. Surasa basa
Gatekna tuladha layang ing ngisor iki!

7. Layang utawa nawala yaiku piranti komunikasi kang awujud dluwang, salah siji fungsine yaiku kanggo
paring kabar. Coba gathukna layang ing ngisor iki miturut jinise.
Gambar 1
Layang iber-iber

Gambar 2
Layang Lelayu

Gambar 3
Layang ulem

Layang Kitir

Gatekna layang iber-iber ing ngisor iki!


8. Gathukna perangan-perangan layang ing dhuwur!
Nomer 1 Salam Pambuka
Nomer 4 Isi/ Surasa

Nomer 7 Papan lan titi mangsa


Nomer 10 Peprenah
Nomer 11 Asma terang
Salam Panutup

Gatekna layang iber-iber ing ngisor iki!

9. Ing ngisor iki pratelan-pratelan ngenani layang iber-iber. Pilihen kanthi milih bener apa salah miturut isi
layang iber-iber ing dhuwur kanthi menehi tandha centang (√) ing njero kotak!
No Ukara Bener Salah
1 Fitri Primayunita kirim layang marang
Bapa Ibune ing Solo.
2 Layang kuwi ditulis tanggal 12 Maret
ing solo
3 Fitri Primayunita nyambut gawe ing
SMP Negeri 10 Surabaya.

10. Sajrone medharake isine layang marang sapa wae mesti lumantar ukara kang nggunakake unggah
ungguh basa. Nulis layang kanggo sepepadhane lan wong kang luwih tuwa kudune nggunakake unggah
ungguh basa kang beda. Kanggo nulis layang marang wong kang luwih tuwa kudune nggunakake basa
....
A. Krama lugu
B. Krama alus
C. Ngoko lugu
D. Ngoko alus
11. Gatekna Pratelan-pratelan ngenani perangan/struktur layang ing ngisor iki!
No Ukara Bener Salah
1 Papan lan titi mangsa kuwi panggonan
lan wektu nulis layang.
2 Isi/ surasa yaiku kabar keslametan sing
kirim lan pangarep-arep sing dikirimi
iya slamet
3 Peprenah kuwi sesambungan antarane
sing kirim layang lan sing dikirimi
layang.

12. Tumrape wong Jawa duwe pakulinan menawa ngajak utawa diajak guneman, awake dhewe diasorake
dene sing diajak guneman luwih diajeni. Aja pisan-pisan ngramakake awake dhewe. Bab kang kaya
mangkono iku kudu digatekake awit menawa ana wong sing krungu lan ngerti marang unggah-ungguh
bisa-bisa awake dhewe diarani ora ngerti tata krama utawa ora ngerti unggah-ungguh. Ing ngisor iki
ukara-ukara kang trep manut unggah-ungguhe pilihen kanthi milih bener apa salah ukarane kasebut yen
manut unggah-ungguhe kanthi menehi tandha centang!

No Ukara Bener Salah


1 Ibu tindak dhateng peken.
2 Kula mundhut gendhis sekilo.
3 Kula siram rumiyin nggih!
4 Bapak sampun kondur saking kantor.

13. Nalika Rina mlaku-mlaku karo kanca-kancane menyang Pantai Sendang Biru. Dheweke kepethuk karo
bu Hartini kang minangka salah sijine guru ing SMPne. Rina kepengin ngajak kanca-kancane methuki
gurune kasebut. Miturutmu sing bakal ditakonake Rina nalika kepethuk bu Hartini yaiku....
A. Ngapunten Bu. Bu, Hartini nggih, aku Rina Bu sampeyan napa supe?
B. Bu, Hartini nggih, kula Rina Bu, jenengan supe menapa boten kaliyan kula?
C. Nyuwun pangapunten Bu Hartini, kula Rina muridipun Panjenengan, kados pundi Bu pawartosipun
Panjenengan?
D. Nyuwun pangapunten Bu Hartini, kaliyan sinten sampeyan dhateng mriki?
14. “Mbak Risti, aku mau dikongkon ibu menehne layang iki marang bu Minah,” critane Linda marang
Risti, mbakyune. Ucapane Linda marang mbakyune mau kurang pas amarga nganggo basa ngoko lugu.
Mesthine kudu nganggo basa ngoko andhap/alus. Basa ngoko aluse sing bener yaiku ...
A. Mbak Risti kula wau dipunkengken ibu nyukakaken layang niki dhateng Bu Minah.
B. Mbak Risti aku mau diutus Ibu ngaturake layang iki marang Bu Minah.
C. Mbak Risti kula kalawau dipunutus Ibu ngaturaken serat niki dhateng Bu Minah.
D. Mbak Risti layang iki wenehna Bu Minah.

Semaken pethikan pacelathon ing ngisor iki!

Wagiman : “Tangi Dit apa ora kok sawang iki jam pira? Apa kowe ora sekolah?”
Dito : “Iya pak, sepurane amarga mau bengi ndeleng bal-balan nganti jam telu esuk”.
Wagiman : “Aku rak wis omong yen turu aja wengi-wengi”.

15. Wangsulane Dito supaya trep karo unggah-ungguh basane yaiku….


A. Inggih pak, ngapunten amargi wau dalu ningali bal-balan ngantos jam tiga enjing.
B. Iya pak, ngapunten amarga wau dalu mirsani bal-balan ngantos jam tiga enjing.
C. Inggih pak, ngapunten amargi wau dalu mirsani bal-balan ngantos jam tiga enjing.
D. Iya pak, sepuntene amargi wau dalu ningali bal-balan nganti jam tiga enjing.
16. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki
1. Simbahmu daleme ngendi?
2. Dhea lan kanca-kancane liburan wingi lunga menyang Barabudur.
3. Deni arep nerusake sekolah ing SMA 5 Surabaya.

Gathukna ukara- ukara ing dhuwur miturut jinis ukarane.


Ukara 1 A. Ukara Carita

Ukara 2 B. Ukara Pitakon

Ukara 3 C. Ukara Sananta

D. Ukara Sambawa

17. Ing ngisor iki kang kalebu ukara Carita yaiku...


 Liburan wingi aku sowan ing daleme simbah.
 Jenengmu sapa lan omahmu ngendi?
 Wingi sore akulan adhiku tida saka sepedha.
18. Ing ngisor iki sing kalebu ukara pitakon yaiku ....
 Sesuk ulangan Basa Jawa
 Aku sinau Basa Jawa!
 Sapa sing ngulang Basa Jawa?
19. Sesuk awan aku arep sinau kelompok ing omahe Anisa.
Ukara kasebut kalebu ukara...
A. Ukara Carita
B. Ukara Sananta
C. Ukara Pakon
D. Ukara Pitakon
20. Gatekna tabel jinis ukara lan Tuladhane

No. Jinis Ukara Tuladha


1 Ukara Carita Dit, lawang kae tutupen!
2 Ukara Pitakon Daleme simbahmu apa ing kampung malang?
3 Ukara Sananta Udana sing deres ben hawane adhem.

Jinis ukara lan tuladhane sing mathuk/cocog manggon ing tabel nomer ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 1 lan 3

Gatekake Tembang Kinanthi ing ngisor iki!


Kinanthi
Aja kulina tumindhak ala
Tanpa guna tanpa kasil
Kena marang gangguan
Mula diati-ati
Urip kui akeh panggodone
Panggoda gudu diperhatikna
21. Ing ngisor iki pratelan-pratelan ngenani tembang macapat Kinanthi. Pilihen kanthi milih bener apa salah
ukarane kasebut miturut Guru Gatra Garu lagu lan Guru wilangane kanthi menehi tandha centang (√)!

No Ukara Bener Salah


1 Tembang Kinanthi dumadi saka 6 Gatra
2 Gatra kapisan wugu wilangane 9.
3 Gatra kapindho guru wilangan 8 guru
lagu u.

wacanen tembang Sinom ing ngisor iki!


Sinom

Unggah-ungguh tata krama


Iku kudu diweruhi
Wong meruhi tata krama
Nora beda weruh tarip
Bisa angreta aji
Barang kang arep tinuku
Tumraping pasrawungan
Tata krama iku dadi
Pangruwating saru siku lan deksura

22. Ing ngisor iki pratelan-pratelan ngenani tembang macapat Sinom. Pilihen kanthi milih bener apa salah
ukarane kasebut miturut Guru Gatra Garu lagu lan Guru wilangane kanthi menehi tandha centang (√)!
No Ukara Bener Salah
1 Sak pada 9 gatra, gatra kapindho guru
wilangan 8
2 Gatra katelu guru wilangan 8, guru lagu i
3 Gatra pungkasan guru lagu a, guru
wilangan 10
4 Guru gatra kapapat guru wilangan 8, guru
lagu i

23. Dhandhanggula
Jago kluruk rame kapiyarsi
Lawa kalong luru pandhelikan
Jrih kawanen semune
Wetan bang sulakipun
Mratandhani wus bangun enjing
Rembulan wus gumlewang
Ing pucuking gunung
Ing padesan wiwit obah
Lanang wadon pan samya anambut kardi
Netepi kuwajiban

Amanat saka tembang ing dhuwur yaiku ........


A. Esuk-esuk pithik jago wis rame kluruk
B. Lawa-lawa padha ndelik
C. Wong lanang wadon wiwit padha obah nyambut gawe
D. Kabeh wong kudu semangat nyambut gawe wiwit esuk
24. Tembang-tembang ing ngisor iki klebu tembang macapat, yaiku ...
 Sewu kutha
 Gambuh
 Pangkur
 Mijil
25. Gathukna watak tembang-tembang macapat ing ngisor iki!
Tembang Kinanthi Luwes manis
Tembang Dhandhanggula Nelangsa /prihatin banget
Tembang pocung Sakepenake
Tembang Asmaradana Prihatin, Welas
Asih Asuh

26. Tegese Tembang Macapat ing ngisor iki sing ora trep yaiku ...
No Ukara Bener Salah
1 MIJIL, asmara ingkang endah, manis, lan
nyengsemaken
2 SINOM, manungsa dilairake ing donya
3 MEGATRUH, tiyang seda punika pegat (pedhot)
ruhipun.
4 POCUNG, jenazah dipunbuntel dados pocong
nggunakake kain mori.

Gatekake Tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!

Dhandhanggula
Damar ingkang paring tuduh janmi,
Iki ana jrone pancasila,
Ing kono pepak isine,
Uwis bener ditanggung,
Tumrap kadang wajib ingudi,
Ngerti lawan isinya,
Lair batinpun,
Tanpa iki janma rusak,
Bubrah babreh angel banget den dandosi,
Donya bakal kiyamat.

27. Pranyatan kang jumbuh karo tembang dhandhanggula ing ndhuwur yaiku ….
A. Lair batin diudi bisa dadi damar
B. Donya iki arep kiyamat
C. Pancasila pepak iku isine lan ditanggung bener
D. kahanan saiki wis bubrah babreh

Gatekake Tembang Pocung ing ngisor iki!

Pocung
Dadi uwong kudu sregep sing sinau
Aja dha sembrana
Ilmu mesti migunani
Kanggo awak dhewe bangsa lan negara
28. Amanat utawa pesen kang kinandhut ing tembang Pocung ing ndhuwur yaiku ...
A. Dadi uwong aja seneng goroh
B. Dadi Uwong kudu sregep sinau, amarga ilmu iku migunani tumprap uriping manungsa.
C. Golek ilmu kanthi temen
D. Ilmu iku migunani tumrap bangsa lan negara.

Gatekake Tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!

Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami anuladha,
duk ing uni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.

29. Piwulang apa kang ana ing tembang Dhandhanggula ing dhuwur ...
A. Satriya agung kang gelem ngorbanake jiwa raga marang negarane tanpa ngarep-arep pamrih
B. Sawijining satriya kudu kendel mbelani negarane supaya subur makmur
C. Satriya kang njunjung bebener lan nyirnakae durangkara lan nyingkirake bebaya
D. Satriya kang tansah ngumbar kasektene kanggo numpes durangkara

Gatekake Tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!

Dhandhanggula
Sun tuturi Kabeh putra putri
Lamun Sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja Sira gumunggung
Kabeh kliwat datan pamikir
Trunyak trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe Urip mukti
Estokna tutur Ika

30. Pesen/ amanat sing bisa kepethik saka tembang ing ngisor yaiku ...
A. Yen watak ala bakal cilaka
B. Beja lan cilaka kuwi sandhangane urip
C. Yen tumindak nistha bakal nemu cilaka
D. Yen tumindak kudu duwe budi pakarti supaya ora cilaka
31. Ing jaman demokrasi iki aksara murda kena kanggo tulis kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang
tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita
padhalangan lan liya-liyane, katulis kanggo aksara murda, semono uga jenenge panggonan. Menawa
aksara kang ngarep dhewe ora ana murdhane tembung mau...
A. Ora perlu ditulis nganggo aksara murda
B. Ditulis nganggo aksara swara
C. Diwenehi aksara rekan
D. Sing ditulis nganggo aksara murda burine, yen burine ora ana murdhane, ya burine maneh
32. Aksara murda digunakake kanggo nulis bab ngisor iki, kajaba
A. Asmane para leluhur
B. Jeneng panggonan
C. Jeneng lembaga
D. Jeneng panganan

33.

Ukara mawa aksara Jawa ing dhuwur sing ora nggunakake aksara Murda yaiku nomer . . .
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

34.

Ukara mawa aksara Jawa ing dhuwur sing nggunakake aksara swara yaiku nomer ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

35. .

Tulisan aksara Jawa kasebut unine . . . .


A. Aku lair wulan Agustus
B. Aku lair wulan September
C. Aku lair wulan Oktober
D. Aku lair wulan November
36.

Yen ditulis nganggo aksara latin dadi...


A. Indonesia Mardika
B. Ibrahim sekolah ing Eropa.
C. Ibrahim dolanan ing pendhapa.
D. Ibrahim lair ing Eropa.

37. Sandhangan swara ing aksara jawa ana 5, salah sijine yaiku sandhangan swara wulu sing unine u. Ing
ngisor iki tembung-tembung kang nggunakake sandhangan suku yaiku .... (wangsulan bisa luwih saka
siji)
 %nD|[fwnt

 [fwimf]im

 A/ju!

38.
Ukara ing ndhuwur yen diwaca....
A. Iskandar mancing.
B. Indonesia mardika.
C. Indonesia dijajah Jepang.
D. Insinyur iku masku.
A.
39.

Manut ukara aksara jawa kasebut, sing trep anggone pilihan bener salahe pranyatan yaiku ....
No Ukara Bener Salah
1. Sandangan panyigeg wanda ing ukara
aksara jawa kasebut yaiku layar lan
suku.
2. Pasangan kang ana ing ukara kasebut
“da” lan “ka”.
3. Pasangan “ka” ing ukara kasebut yen
disuku bali bentuk asline.

40. Gatekake tabel ing ngisor iki!

No Aksara Aksara Swara Aksara Murda


1.
!

2.
U

3.
$
A. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi tliti!

1. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Soni : “Sugeng siyang, Pak Darmawan!”


Pak Darmawan : “Sugeng siyang Dhik Soni.”
Soni : “Mengko bengi aku arep dolan menyang omahmu, kira-kira kowe mulih jam
pira?”
Pak Darmawan : “Aku mulih jam sanga dalu.”

Basa kang digunakake Soni isih kurang trep, amarga nggunakake basa Jawa ngoko lugu marang
Pak Darmawan. Kudune Soni nggunakake basa krama alus marang Pak Darmawan.
Owahana ature Soni marang Pak Darmawan supaya dadi krama alus!

2. Tembang Macapat sing cacahe 11 kuwi duweni paugeran utawa aturan. Paugeran kuwi yaiku Guru
Gatra, Guru Wilangan lan Guru Lagu. coba saiki golekana Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru
Lagu tembang Macapat Dhandhanggula ing ngisor iki!

Dhandhanggula
Sun tuturi Kabeh putra putri
Lamun Sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja Sira gumunggung
Kabeh kliwat datan pamikir
Trunyak trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe Urip mukti
Estokna tutur Ika

3. Aksara jawa ing ngisor iki unine ...


?$urbymisuwu/min=kkuq%hlwn\,

4. Layang gunane Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuan
menehi kabar tertamtu. Yen ing Bahasa Indonesia, layang disebut surat. Layang kuwi duweni
struktur sing salah sijine yaiku Pambuka sing isine kabar keslametan sing kirim lan pangarep-arep
sing dikirimi iya slamet. Coba gaweya layang perangan pambuka!
5. Ukara Sananta yaiku ukara kang isine niat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niat utawa
sedya mau awake dhewe. Mesthi bae ukara iki durung kelakon utawa durung katindakake jalaran
isih awujud niat. Coba gaweya tuldhane ukara Sananta!

You might also like