You are on page 1of 5

Materi Pembelajaran

Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

A. Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi


Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV. Serat Wedhatama isine
panuntun marang kautaman.
Pupuh Kinanthi kedadean saka tembung “kanthi” kang ateges nggandheng utawa
nuntun. Tembang Kinanthi duweni filosofi nyritakake bocah cilik kang isih kudu dituntun
supaya bisa mlaku ing alam donya kanthi becik lan duweni tumindak kang prasaja. Tuntunan
iku arupa adat lan norma kang lumrahe ditindakake ing bebrayan agung satemah bisa urip
kaya adate.
Pupuh Kinanthi Serat Wedhatama ngemot 18 pada (pada kaping 83-100). Pada yaiku
cacahing tembang macapat saben satembang saka wiwitan nganti pungkasan. Dene pupuh
ataeges pirang-pirang tembang sajinis, utawa kumpulaning tembang sawarna.
Watake tembang Kinanthi yaiku seneng, asih lan tresna. Cocog kanggo pasemon
kanthi rasa tresna utawa kanggo crita katresnan.

B. Paugeran Pupuh Kinanthi


Kayadene pupuh-pupuh liyane ing Serat Wedhatama, ing tembang Kinanthi ana
telung paugeran kang gumathok ing tembang, yaiku kaya ing ngisor iki :
1. Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra
2. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra
3. Guru gatra, yaiku cacahing larik saben sapada

Gatekna conto salah sijining gatra Serat Wedhatama pupuh Kinanthi ing ngisor iki :
1. Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Elinglukitaning alam
Dadi wiryanng dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yaiku pangreksaning urip

Nitik saka conto tembang ing dhuwur, paugerane tembang Kinanthi kaya ing ngisor iki:
Guru Gatra Guru Lagu Guru Wilangan
u 8
i 8
6 a 8
i 8
a 8
i 8
Gatekna pupuh Kinanthi Serat Wedhatama saka pada 1-XVIII ing ngisor iki:
PADA TEMBANG
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
I Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.

Marma den taberi kulup,


Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
II Pandak panduking pambudi,
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami.

Pangasahe sepi samun,


Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
III Lalandhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.

Dene awas tegesipun,


Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
IV Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sakarsa,
Gumelar ngalam sakalir.

Aywa sembrana ing kalbu,


Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
V Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.

Sirnakna semanging kalbu,


Den waspada ing pangeksi,
Yeku dalaning kasidan,
VI Sinuda saka sethithik,
Pamothahing nafsu hawa,
Linalantih mamrih titih.

Aywa mematuh nalutuh,


Tanpa tuwas tanpa kasil,
Kasalibuk ing srabeda,
VII
Marma dipun ngati-ati,
Urip keh rencananira,
Sambekala den kaliling.
Umpamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
VIII Sayekti karendhet ing ri.
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.

Lumrah bae yen kadyeku,


Atetamba yen wus bucik,
Duweya kawruh sabodhag,
IX Yen tan nartani ing kapti,
Dadi kawruhe kinarya,
Ngupaya kasil lan melik.

Meloke yen arsa muluk,


Muluk ujare lir wali,
Wola wali nora nyata,
X Anggepe pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,
Kabeh tandha tandha sepi.

Kawruhe mung ana wuwus,


Wuwuse gumaib gaib,
Kasliring thithik tan kena,
XI Mancereng alise gathik,
Apa pandhita antiga,
Kang mangkono iku kaki,

Mangka ta kang aran laku,


Lakune ngelmu sejati,
Tan dahwen pati openan,
XII Tan panasten nora jail,
Tan njurungi ing kahardan,
Amung eneng mamrih ening.

Kaunanging budi luhung,


Bangkit ajur ajer kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
XIII Thukul wijining utami,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani.

Tur kang nyulayani iku,


Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori,
XIV
Mung ngenaki tyasing liyan,
Aywa esak aywa serik.
Yeku ilapating wahyu,
Yen yuwana ing salami,
Marga wimbuh ing nugraha,
XV Saking heb Kang mahasuci,
Cinancang pucuking cipta,
Nora ucul ucul kaki.

Mangkono ingkang tinamtu,


Tampa nugrahaning Widhi,
Marma ta kulup den bisa,
XVI Mbusuki ujaring janmi,
Pakoleh lair batinnya,
Iyeku budi premati.

Pantes tinulat tinurut,


Laladane mrih utami,
Utama kembanging mulya,
XVII Kamulyan jiwa dhiri,
Ora ta yen ngeplekana,
Lir leluhur nguni-uni.

Ananging ta kudu kudu,


Sakadarira pribadi,
Aywa tinggal tutuladan,
XVIII Lamun tan mangkono kaki,
Yekti tuna ing tumitah,
Poma kaestokna kaki.

Saben pupuh ing Serat Wedhatama nduweni pitutur luhur, kalebu pupuh Kinanthi iki.
Pitutur luhur yaiku piwulang utawa pitutur kang becik temahan prelu dituladha, dene nilai luhur
yaiku nilai-nilai kang ngandhut kabecikan kang bisa dijupuk jroning isi karya sastra kang gegayutan
karo kahanan ing urip padinan. Nilai-nilai iku kaya ing ngisor iki :

1. Nilai religius : nilai kang ana gegayutane karo babagan keyakinan utawa agama

2. Nilai sosial : nilai kang ana gegayutane karo paugeran-paugeraning urip minangka
begeyan saka masarakat

3. Nilai kabudayan : nilai kang ana gegayutane karo adat-istiadat lan budaya kang dilakoni
dening masarakat tartamtu

4. Nilai moral : nilai kang ana gegayutne karo budi pakarti ing masarakat

You might also like