You are on page 1of 33

Wulanga

n1
Kompetensi Dasar :
3.1 Memahami teks cerita Ramayana (Anoma Duta)
Indikator :
1. Menanggapi isi teks cerita Ramayana (Anoman Duta )
2. Menganalisis watak tokoh dalam teks cerita Ramayana (Anoman Duta)

Gatekna gambar kang kapacak ing dhuwur. Gambar wayang kasebut arane
Anoman. Anoman mujudake tokoh wayang kang wewujudane rewanda. Sanajan
wewujudane rewanda, Anoman duwe watak kang becik. Seneng bebela marang
dalan kang bener. Ing cerita Ramayana, Anoman bebela marang Ramawijaya
mungsuh Rahwana, amarga Rahwana utawa Dasamuka ndhusta Shinta.
Paraga (tokoh) liyane kang kasebut ing cerita Ramayana ing antarane, yaiku:
1. Rama 11. Sukesi 21. Janaka 31. Sumali
2. Lesmana 12. Kekayi 22.Kathaksini 32. Sumitra
3. Dewi Sinta 13. Dasamuka 23.Prahastha 33. Kuwera
4. Sugriwa 14. Kumbakarna 24. Maesasura 34. Kausalya
5. Subali 15. Sarpa Kenaka 25. Lembusura
35.lanliya-liyane
6. Anggada 16. Wibisana 26. Anjani

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


1
7. Anila 17. Indrajit 27.Jatayu
8. Dasarata 18. Kala Marica 28. Sempati
9. Barata 19. Jembawan 29. Kidang Kencana
10. Wisrawa 20. Trijatha 30. Dewi Tara
Ing wulangan 1 para siswa arep nyinaoni teks cerita wayang Ramayana “Anoman
Duta”.
a. Wacanen kanthi premati!
ANOMAN DUTA

Prabu Dasamuka ingkang awatak angkara murka sampun kalampah


mboyong Dewi Sinta Dhateng Nagari Alengka kanthi apus krama. Dewi Sinta
lajeng kapapanaken ing Taman Kaputren . Sinaosa mapan ing taman kang
endah edi peni, nanging Dewi Sinta babar pisan boten ngraosaken gembira
manahipun. Malah kesah dhateng pundi-pundi tansah mbekta patrem, keris alit
kangge mageri awakipun saking sedya ala sang Rahwana Raja. Tekadipun,
aluwung pejah manawi kedah dados garwanipun ruatunipun diyu ingkang
awatak wengis wau. Badanipun Dewi Sinta katingal saya dangu saya kera
amargi boten kersa dhahar. Awakipun boten kopen amargi boten nate besus.
Rikmanipun ingkang panjang dipunore ngantos gimbal lan kotor. Punika sadaya
katindakaken supados Dasamuka boten kayungyun dhateng Dewi Sinta.
Sadangunipun wonten Taman Kaputren, namung Dewi Trijatha ingkang
saged nglelipur lan ngarih-arih supados Dewi Sinta kersa dhahar. Dewi
Trijatha menika putri atmajanipun Raden Gunawan Wibisana. Dhasar pancen
pasuryanipun ayu tur inggih alus bebudenipun. Sinaosa kaliyan Prabu Dasamuka
kaleres penakanipun, nanging Dewi Trijatha ugi boten sarujuk kaliyan tindak
lampahipun Prabu Rahwana ingkang sampun ndhusta Dewi Sinta wau. Pramila
Dewi Sinta inggih pitados kemawon dhateng DewiTrijata, boten anggadhahi raos
was sumelang.
Kacariyos, Sri Ramawijaya garwanipun Dewi Sinta, sampun kasil dados
ratu ing Guwa Kiskendha. Sri Rama dhawuh dhumateng Sugriwa minangka
ratuning bala kapi, supados nuweni Dewi Sinta dhateng negari Alengka.
Ingkang kautus inggih menika Kethek Pethak ingkang asma Anoman. Anoman
dipunbektani ali-ali minangka tandha yekti bilih Anoman menika utusanipun Sri
Rama. Lan ugi kabektanan serat saking Sri Rama.
Anoman saestu dados utusan supados nuweni Dewi Sinta lan dados
mata pitanipun Sri Rama supados mangertosi kekiyataning mengsah. Dados mata
pita menika paribasan dom sumurup ing banyu. Tegesipun Anoman kedah saged
lumebet ing papaning mengsah boten kadenangan, lan kasil pikantuk keterangan
bab kawontenanipun dewi Sinta lan kekiyataning mengsah.

2 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Sasampunipun kasil mlebet ing kraton Alengka, Anoman benget
anggenipun madosi papan dunungipun Dewi Sinta, pramila supados boten
kadenangan, Anoman malih rupidados danawa. Para Prajurit ingkang anjagi boten
sumerep lan boten mangertosi manawi kadhatengan mengsah.
Anoman saged manggihaken Taman Kaputren amargi mireng saking
sajawining kori wonten wanodya ayu muwun lan sesambat dhateng Sri Rama.
Kangge nakyinaken, Anoman mlumpat ing uwit ageng inggih menika ingkang
kawastanan wit Nagasari. Boten dangu Dasamuka rawuh ing Taman Keputren
menika saperlu ambujuk Dewi Sinta supados kersa dados garwanipun. Nanging
Dewi Sinta panggah boten purun ngladosi. Ciptanipun Anoman, putri menika
mesthi Dewi Sinta.
Sasampunipun Dasamuka medal amargi pikajengipun boten dipungape
dening Dewi Sinta, Anoman mencolot saking wit Nagasari menika lumebet
dhateng Taman Kaputren. Dewi Sinta ajrih sumerep wonten danawa lumebet ing
Taman Kaputren. Anoman lajeng salin rupi dados kethek kados waunipun lan
matur manawi saestunipun piyambakipun menika utusan saking Sri Rama. Serat
saha ali ali (kancing ukel) kaaturaken Dewi Sinta. Dewi Sinta pitados, manawi
Anoman menika utusanipun Sri Rama. Dewi Sinta rena ing galih.
Sinareng sampun matur kathah-kathah, Anoman lajeng medal saking
Taman Kaputren. Prajurit danawa angenangi, Anoman lajeng karangket, badhe
dipunobong. Rewanda seta inggih Anoman Anjani Putra menika malah remen
boten gigrig manahipun. Ing batos ngendika” yoh... ben dakngerti sepira
katiyasane prajurit-prajurit Alengka iki”. Saestu, Anoman dipunbesmi. Latu
mubal mangalat-alat sundhul wiyati. Dening Anoman latu malah kaubal-ubal
ngantos ngobaraken kraton Alengka. Prajurit danawa sami mendhakaken
pangamukipun Anoman, nanging boten kuwawi. Prajuri Alengka kathah
ingkang tiwas dados korban. Anoman nunten wangsul dhateng Guwa Kiskenda.
Sri Rama sakalangkung suka pirena tampi palapuranipun Anoman. Sri
Rama lajeng ndhawuhaken Sugriwa sabalanipun bidhal ngrabasa negari
Alengka ngrebat Dewi Sinta. Sadumuginipun redi Maendra Sri Rama
masanggrah.

Ayahan 1. Nanggapi crita Anoman Duta

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


1. Sapa wae paraga kang ana ing crita kasebut ?
............................................................................................................................
Terangna sapa sejatine paraga Trijatha ing cerita kasebut!

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


3
2. .................................................................................................
........................... Anoman ngemban dhawuh apa dene diutus Prabu Rama
menyang Alengka?
............................................................................................................................
3. Kepiye banjure nalika Anoman konangan lan dicekel dening
Wadya Alengka?
............................................................................................................................
4. Kepriye pungkasane crita kasebut?
............................................................................................................................
Golekana watak saben paraga ing crita Anoman Duta! Garapen ing kertas utawa
buku tulis
Ayahan 2 Nggoleki watak paraga
No. Paraga Watak
1. Anoman Jujur, seneng tetulung, ngestokake dhawuh, kendel
2.
3.
4.
5.
6.

Ayahan 3. Kawruh Basa


UNGGAH-UNGGUH BASA
Unggah-ungguhing basa Jawi menika kathah sanget, nanging ing jaman samenika
ingkang limrah tuwin baku dipunangge ing pasrawungan ing madyaning masyarakat
namung 2 (kalih) warni, inggih menika:
I. Basa Ngoko : 1. Ngoko lugu
2. Ngoko alus
II. Basa Krama : 1. Krama lugu
2. Krama alus
Basa ngoko lugu menawi dipunewahi dados basa krama lugu
Basa ngoko alus menawi dipunewahi dados basa krama alus
1.NGOKO LUGU
a. Tembungipun: - Tembung ngoko sadaya
- ater-ater boten dipun kramakaken
- panambang boten dipun kramakaken
Tuladha:

4 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


- Tri, iki lho kowe dak wenehi buku!
- Cah, sinaua sing sregep, iki wis arep UAS!
- Bocah-bocah, preian suk emben arep dienekake piknik, kowe
kabeh kudu melu.
- Lah, iya, Sur, bocah saiki angel basa. Lha, diwarahi wong tuwa
ora nggatekake. Senenge budaya manca.
- Sri, renea! Latare kae saponana! Resake obongen!
- Tujune aku nggawa payung, athuka rak kodanan.

2. NGOKO ALUS
a. Tembungipun: -Tembung ngoko + karma inggil utawa krama andhap
-Ater-ater boten dipun kramakaken
-Panambang boten dipun kramakaken
-Tembung kowe dados sliramu utawi panjenengan
- Genea kok nitih bis, kok ora ngagem mobile dhewe?
- Kapan panjenengan tindak nggonku ?
- Pak,aku mau wis sowan mrene, nanging panjenengan tindak.
- Iki lho pak, wedange jae wis cumepak, dakaturi ngunjuk.
- Iki jadahe bakar mumpung anget.
- Sih, ibumu wis rawuh? Kowe ditimbali didhawuhi nguras kolah.

3. KRAMA LUGU
a. Tembungipun: - tembung krama sadaya
- ater-ater dipun kramakaken
- panambang dipun kramakaken
- tembung aku dados kula
- tembung kowe dados sampeyan
Mar, kula badhe ningali pameran buku, sampeyan menapa tumut ?
- Nyuwun pangapunten mas, kula mangke badhe tilik dhik Siti ingkang
wonten griya sakit.
2. Ngendikanipun tiyang sepuh dhumateng tiyang enem ingkang dereng kulina.
- Nak menapa sampeyan sumerep griyanipun pak Sukir ?
- Sampeyan badhe kesah dhateng Surabaya ?
3. Basa kangge awakipun piyambak.
- Bibar adus kula lajeng nedha sekul liwet.

4. KRAMA ALUS
a. Tembungipun : tembung krama + krama inggil utawi krama andhap.
- Ater-ater dipun kramakaken
- Panambang dipun kramakaken
- Tembung aku dados kula, tembung kowe dados panjenengan
Tuladha:

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


5
- Pak Guru, kula kepareng nyuwun pirsa, tesipun tanggal pinten?
- Bu Guru, kula nyuwun ngampil buku Kasusastran Jawi.
- Bu, bapak menapa sampun wungu ? Kepareng kula nyuwun arta
kangge tumbas buku.
- Menawi tindak Sala, panjenengan kula aturi pinarak ing griya kula.
- Pak Lurah, sepedha motoripun menawi boten dipunagem badhe
dipun suwun ngampil Pak Carik.
- Bu kula dipun utus dhateng peken, dipun dhawuhi tumbas menapa?

Gawea Tuladha ukara mawa unggah-ungguh basa ing ngisor iki!

Basa ngoko lugu

a.............................................................................................................................

b............................................................................................................................

Basa krama lugu

a.............................................................................................................................

b............................................................................................................................

Basa ngoko alus

a.............................................................................................................................

b............................................................................................................................

Basa krama alus

a.............................................................................................................................

b............................................................................................................................

6 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


PANDADARAN 1
I. Wangsulana kanthi menehi tanda ping (x) ing aksara a, b, c utawa d kang bener!

1. Teks cerita wayang iku babone ana loro, yaiku Mahabharata lan .…
a. Bharatayuda c. Ramayana
b. Rama lan Shinta d. Peksi Jathayu
2. Rahwana kuwi raja ing kraton…
a. Dwarawati c. Amarta
b. Alengka d, Hastinapura
3. Sedulure Rahwana kang awujud satriya bagus lan duwe watak becik yaiku …
a. Gunawan Wibisana c. Kumbakarna
b. Sarpakenaka d. Pragota
4. Anoman awujud rewanda seta. Rewanda seta tegese…
a. Kethek ireng c. Kethek putih
b. Kethek ijo d. Kethek abang
5. ukara ing ngisor iki kang unggah ungguhe pener yaiku….
a. Kala wingi Pak guru sowan wonten dalem kula.
b. Simbah wajanipun gerah, sedinten mboten kersa dhawar.
c. Ibu kesah peken numbasaken sepatu adhik kangge gladhen bal-balan.
d. Kula kagungan rambutan, mangga menawi kersa pinarak mangke kula paringi.
6. Ukara ngisor iki sing ora bener unggah- ungguhe, yaiku.…
a. Ibu dakcaosi unjukan sagelas mau esuk.
b. Panjenengan boten tindak kantor?
c. Sidane aku mundhut klambi sing wernane kuning.
d. Anggenipun tindak bapak ngagem rasukan bathik.
7. Murid : ”Nyuwun pangapunten Pak, kula kantun menapa dipun
keparengaken mlebet?”
Guru : ”Lha geneya kok nganti telat?”
Murid : ........................................................
Wangsulane kang trep mungguhing unggah-ungguh...

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


7
a. Kala dalu jam kalih kula nembe sare, amargi nenggani ibu gerah.
b. Nggih sampun makaten, menawi dipunkeparengaken kula badhe mlebet.
c. Enjing wau kula numbasaken obat kangge adhik, nembe tindak sekolah.
d. Kula dipunutus ibu ngaturaken arta kagem simbah, nembe kesah sekolah.
8. Dhek wingi aku mlaku-mlaku. Ing ndalan aku ketemu guruku.......(1)sepeda
motor,
didherekake......... (2).
Tembung kang cocok kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur, yaiku...
a. (1) numpak (2) bojone c. (1)numpak (2) garwane
b. (1) nitih (2) anake d. (1) nitih (2) putrane
9. Patrape unggah-ungguh basa kang bener, ana ing ukara....
a. Kala wingi pak guru sowan wonten dalem kula.
b. Wetengipun simbah gerah sedinten mboten madhang.
c. Bapak Kepala sekolah mboten rawuh jalaran nembe tindak dhateng
Semarang.
d. Ibu kesah dhateng peken saperlu mundhutaken adhik roti kaliyan buku.
10. Kepareng matur Pak, kula nyuwun pamit badhe.........(1) rumiyin, amargi..........
(2) kula nembe ............(3). Tembung-tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-
ceceg ing ukara iki yaiku.....
a.(1) kondur, (2) putra, (3) gerah c. (1) wangsul, (2) putra, (3) sakit
b.(1) wangsul, (2) anak, (3) sakit d. (1) kondur, (2) anak, (3) gerah
11. Ing ngisor iki kang dudu tuladhane paribasan yaiku.…
a. Criwis cawis c. Bebek mungsuh mliwis
b. Kadang konang d. tulung menthung
12.Pangrengkuhe dibedak-bedakake marang siji lan sijine ora padha
diparibasakake...
a. Mijet wohing ranti c. desa mawa cara negara mawa tata
b. Abang-abang lambe d. emban cindhe emban siladan
13.Menawa matur marang wong tuwa utawa guru becike migunakake basa...
a. Ngoko lugu c. krama lugu
b. Ngoko alus d. krama alus

8 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


14. Tanti kae yen nyenyandhang sarwa prasaja, malah kepara rada nglomprot
amarga dheweke pancen putrane wong ora duwe, ibune dodol jamu ideran,
bapake kenek tukang, nanging manawa ana ing sekolahan klebu bocah kang
cerdas. Kanca-kancane padha ngaweh jejuluk Si jenius. Mangkono kuwi
jumbuh karo unen-unen . . . .
a. diwenehi ati ngrogoh rempela b. bathok bolu isi madu
c. kegedhen empyak kurang cagak d. jalma angkara mati murka
15. Yen golek kanca iku sing becik, aja golek kanca sing nakal, mengko ketularan
nakal.
Unen-unen kuwi cocog karo bebasan . . . .
a. kendhit mimang kadang dewa. b. dikena iwake aja buthek banyune
c. aja cedhak kebo gupak. d. nyempal nyambi mancal

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


9
Wulangan 2
Kompetensi Dasar:
4.2 Menulis syair tembang macapat Dhandhanggula
Indikator:
o Menganalisis tembang Dhandhanggula berdasarkan paugerannya
o Menulis atau membuat syair tembang macapat dhandhanggula
dengan tema tertentu.

A. Paugeran lan Watak Tembang Macapat


Tembang macapat kalebu salah sawijining kasusastran Jawa tradisional,
kang nduweni paugeran utawa aturan, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu. Guru gatra mujudake cacahing gatra (larik/baris) tembang saben sapada
(sabait). Guru wilangan yaiku caching wanda utawa suku kata saben sagatra.
Guru lagu yaiku tibaning swara (vocal) saben pungkasane gatra. Saben tembang
nduweni paugeran dhewe-dhewe. Guru gatra, guru wilangan lan guru lagune
saben tembang macapat macapat kaandharake ing ngisor iki:
1. Mijil                   : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 
2. Kinanthi             : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 
3. Sinom                : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 
4. Asmaradana      : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a 
5. Dhandhanggula  : Kedadeyan saka 10 gatra : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a
6. Gambuh            : Kedadeyan saka 4 gatra : 7u, 10u, 12i, 8o
7. Maskumambang : Kedadeyan saka 4 gatra : 12i, 6a, 8i, 8a
8. Durma               : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a 
9. Pangkur             : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 
10. Megatruh         : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

10 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


11. Pocung            : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a
Sakliyane paugeran, saben tembang macapat uga nduweni watak utawa
sipat, kang mujudake pasemon lan rasa kang dituwuhake ana ing saben tembang.
Wondene watak tembang kaya kang kababar ing ngisor iki.
1) Mijil, watake wedharing rasa pangrasaning ati. Cocok kanggo pasemon crita
kang ngemu pitutur, lan uga cocok kanggo tembang ngungrum (gandrung).
2) Sinom, watake grapyak semanak nanging wekasane asring dadi sereng
jalaran ora kalegan karepe. Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang
sereng utawa kanggo crita tantang-tinantang.
3) Kinanthi, watake seneng, asih lan tresna. Cocok kanggo pasemon pitutur
kanthi rasa tresna utawa kanggo crita katresnan.
4) Dhandhanggula, watake luwes lan ngresepake. Cocok kanggo pasemon
paring piwulang, waosan wungon lan kidungan.
5) Asmaradana, watake sengsem, seneng, sedhih, prihatin. Cocok kanggo
pasemon crita2 kasmaran lan kasedhihan.
6) Gambuh, watake rumaket, kulina, wanuh, wani. Cocok kanggo pasemon
medhar pitutur kang rada sereng, jalaran antarane sing mituturi lan sing
dituturi wis rumaket kulina.
7) Pangkur, watake sereng, kekarepan kang ora gampang nglokro/kemba.
Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang rada sereng.
8) Megatruh (Dudukwuluh), watake sedhih, susah, nglokro. Cocok kanggo
crita lelakon susah lan kanggo ngemot pitutur ngelmu kebatinan tataran
dhuwur.
9) Maskumambang, watake sedhih, susah, nelangsa, kelara-lara. Cocok
kanggo pasemon crita sedhih nelangsa.
10) Durma, watake galak, jengkel, murina, nesu, muring, sereng. Cocok kanggo
pasemon ngetokake uneg-uneging ati kang nembe nesu, muring, jengkel,
sereng, uga kanggo pasemon crita perang.
11) Pocung, watake kendho tanpa greget. Cocok kanggo pasemon utawi medhar
piwulang becik.

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


11
B. Nulis Cakepan (Syair) Tembang Macapat Dhandhanggula
Tembang macapat kang kawentar, ing jaman biyen dianggit dening para
pujangga kraton. Tembang macapat mau kaanggit kanthi ancas maringi wewarah
utawa piwulang marang para putra, punggawa apa dene bebrayan agung. Sakliyane
maringi piwulang uga bisa kanggo nuwuhake lan ngesokake rasa kang ana ing
sajeroning ati.
Tembang macapat kuwi kalebu sawijining wujud geguritan (puisi) kang
kaiket, utawa nduweni aturan. Tegese cacahe gatra (larik), wanda (suku kata) lan uga
tibane swara saben barise kudu ngetutake aturan mau. Mula, yen arep nulis utawa
nggawe cakepan (syair) tembang kudu nggatekake paugeran mau.
Kepiye carane nulis utawa nggawe cakepan (syair) tembang macapat
dhandhanggula? Sakdurunge kudu nemtokake tema utawa bab kang didadekake
tembang. Banjur ngrakit tetembungan kang pas karo pathokan tembange. Kang kudu
dieling-eling tembang dhandhanggula dumadi saka 10 gatra, urut-urutane guru
wilangan lan guru lagune yaiku:

1. gatra kapisan 10 i
2. gatra kapindho 10 a
3. gatra katelu 8 e
4. gatra kaping papat 7 u
5. gatra kaping lima 9 i
6. gatra kaping nem 7 a
7. gatra kaping pitu 6 u
8. gatra kaping wolu 8 a
9. gatra kaping sanga 12 i
10. gatra kaping sepuluh 7 a.

12 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Kanggo gladhen sakdurunge nggawe cakepan tembang Dhandhanggula, coba
gatekna tuladha ing ngisor iki

Paugera
n Saben Cakepan Tembang kang Durung Trep Cakepan Tembang kang Trep
Sagatra
10i Sun pratitis kang sekar manis (9 i) Sun pratitis kang sinekar manis (10 i)
10a Para mudha kasatriyaning nagari (12 i) Pra mudha kasatriyaning bangsa(10a)

Sawise dijingglengi, apa wae kang luput saka cakepan ing dhuwur? Bisa saka guru
wilangan lan uga guru lagune ta? Ana ing ngendi wae kaluputane saben gatrane?

1. Gatra kapisan guru wilangan cacahe kudu 10 lan guru lagu kudu tiba ing swara i.
Kamangka nyatane ing gatra kapisan guru wilangane cacahe mung 9, dene guru
lagune wis trep. Supaya trep, mula guru wilangane kudu ditambahi sakwanda
(suku kata), tembung sekar diowahi dadi sinekar.
2. Gatra kapindho guru wilangane cacahe nganti 12, kamangka kudune mung 10.
Dene, guru lagune kudune tiba swara “a”, kamangka tibane swara malah “i”.
Mula supaya trep, guru wilangane kudu dikurangi sakwanda, tembung para
disingkat dadi pra. Dadine Isih durung trep meneh ta? Saiki guru lagune kudu
diowahi, tembung nagari diganti tembung kang tegese meh padha nanging tibane
“a”, bangsa.

Gladhen 1

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


13
Ing ngisor iki ana tembang Dhandhanggula kanthi tema “Kamardikan”. Ananging,
tetembungan ing cakepane durung pas karo paugeran tembang macapat
Dhandhanggula. Coba owahana supaya trep!

Paugeran Pauger Pauge


Saben Cakepan Tembang kang Durung an Cakepan Tembang kang Trep ran
Sagatra Saben Saben
Kang
Trep Sagatra Sagat
bener ra
Pada 1
10i Sun pratitis kang sekar manis 9i Sun pratitis kang sinekar manis 10i
10a Para mudha kasatriyaning nagari 12i Pra mudha kasatriyaning bangsa 10a
8e Ing patang puluh lima warsane ….. ……………………….......... ….
7u Agustus siji pitu ….. …………………………… ….
9i Ngandhakake proklamasi ….. …………………………… ….
7a Kamardikan Indonesia ….. ………………………………… ….
6u Dadya bangsa kang luhur …. ………………………………… ….
8a Kapimpin Soekarno-Hatta …. ………………………………… ….
12e Bangsa Indonesia nyawiji …. ………………………………… ….
7a Mardika salawase …. ………………………………… ….
Pada 2
10i Negara gemah ripah loh jinawi …. ………………………………… ….
10a Subur makmur bumi pertiwi …. ………………………………… ….
8e Saka Sabang nganti Merauke …. ………………………………… ….
7u Abang putih genderane …. ………………………………… ….
9i Kang kumlebet mumbul dhuwur …. ………………………………… ….
7a Tandhane wus mardika …. ………………………………… ….
6u Para angsa manca mlayu …. ………………………………… ….
8a Budaya lan bangsa wus anyar …. ………………………………… ….
12e Bhineka tunggal ika supaya …. ………………………………… ….
lestari
7a Nyawiji dadya negara …. ………………………………… ….

14 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Kepiye sawise ngowahi cakepan supaya trep? Ora angel ta? Kanthi sinau
mbenerake tetembungan supaya cakepane tembang dhandhanggula trep, tanpa
sengaja awakmu uga wis sinau nulis cakepan (syair) tembang dhandhanggula. Mula
yen arep nulis utawa nggawe cakepan (syair) tembang tulisen dhisik ukara utawa
tetembungane, banjur dipaske miturut paugerane tembang.
Gladhen 2
Saiki ayo gladhen nulis cakepan tembang macapat Dhandhanggula, kanthi tema
“Wabah Covid 19”, utawa isa kanthi tema liyane kang didhawuhake bapak/ibu
gurumu!
Tembang Dhandhanggula

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


15
Wulanga
n3
Kompetensi Dasar:

4.5 Mengalihaksarakan syair tembang macapat Dhandhanggula karangan


sendiri dari huruf Latin ke huruf Jawa.

Indikator:
o Menulis aksara Jawa teks piwulang serat wulangreh pupuh
Dhandhanggula
o Menuils aksara Jawa syair tembang macapat Dhandhanggula karangan
sendiri.

Ing ngisor iki ana tulisan aksara Jawa saka teks serat wulangreh. Coba wacanen
banjur tulisen latine, tembang apa iki?

Aksara Jawa Aksara Latin

dnD=gul …………………………………………………
lmunSira=gegurukki
amilihamnu=sk=vt
…………………………………………………
tu/k=becikM/tb[tT
s/tk=w(hai=aukum\
k=zibfhlnK=wirkKi …………………………………………………
suku/[ao[lh[wo=tp
ai=k= wusHmu=kul\
…………………………………………………
tnMiki/p[whai=liyn\
aikupnTesSirgu[ronnkki
s/t[nkw(han. …………………………………………………

…………………………………………………

…………………………………………………

…………………………………………………

…………………………………………………

…………………………………………............

16 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Ayahan 1
Serat wulangreh pupuh Dhandhanggula ing ngisor iki coba tulisen ing aksara Jawa!

Pada Aksara Latin Aksara Jawa


1 Pamedhare wasitaning ati, ………………………………………………

cumanthaka aniru pujangga, ………………………………………………

………………………………………………
dahat muda ing batine.
………………………………………………
Nanging kedah ginunggung,
………………………………………………
datan wruh yen akeh ngesemi,
………………………………………………
ameksa angrumpaka,
………………………………………………

basa kang kalantur, ………………………………………………

tutur kang katula-tula, ………………………………………………

tinalaten rinuruh kalawan ririh, ………………………………………………

………………………………………...........
mrih padhanging sasmita.

2 Sasmitaning ngaurip puniki, ………………………………………………

mapan ewuh yen ora weruha, ........................................................................

........................................................................
tan jumeneng ing uripe,
........................................................................
akeh kang ngaku-aku,
........................................................................
pangrasane sampun udani,
........................................................................
tur durung wruh ing rasa,
........................................................................

rasa kang satuhu, ........................................................................

........................................................................

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


17
rasaning rasa punika, ........................................................................

upayanen darapon sampurna ugi, ........................................................................

ing kauripanira.

Ayahan 2

Ing piwulangan sadurunge awakmu wis nulis syair (cakepan) tembang


dhandhanggula ta? Coba tembangmu mau gantinen ing aksara Jawa!
Garapen ing kertas!

I. ANGKA JAWA
Angka ing aksara jawa wujude kaya ing ngisor iki.

;1; = 1 ;6; = 6
;2; = 2 ;7; = 7
;3; = 3 ;8; = 8
;4; = 4 ;9; = 9
;5; = 5 ;0; = 0

Angka jawa wujude padha karo aksara jawa, mulane supaya ora
mbingungake penulisan angka kududiapit pada pangkat ( ; ) ana ing
ngarep lan burine angka
Tuladha : taun\;1945; = taun 1945
a. Angka jawa kanggo mratelakake ukuran dawa, bobot, amba, isi,
wektu, dhuwit, lan cacah. Tuladha :

;1;?fw[n;242;[sniT[mte/. 1. Dawane 242


sentimeter
;2;?tn/Furnikiaumu/[r;11;mi=gu. 2. Tanduran iki umure
11 minggu.
;3;? kLmBi aikuxg;250000;rupiah. 3. klambi iku rega Rp.
250.000
b. Angka lumrahe dienggo nulis nomer dalan, omah, kode pos, lan
nomer telpon ing sawijine alamat.
Tuladha : fln\k/tini;1;jepr;59460;[tlPun\;593250;
Dalan Kartini 1, Jepara 59460, telpun 593250.
c. Angka dienggo menehi nomor perangane karangan lan ayat kitab
suci.
Tuladha : bb\;7;psl\;13;kc;987.
Bab 7, Pasal 13, Kaca 987

18 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


d. Wektu uga bisa ditulis nganggo angka lan aksara
Tuladha : se[nn\;9;O[kTobe/;2018;pukul\;9.15;.
Senen, 9 Oktober 2018, pukul 9.15
e. Kanggo nulis wilangan utuh kang gedhe , angkane bisa ditulis
saperangan supaya luwih gampang diwaca.
Tuladha : ?duwi[tTluwihsk;390;yutrupiah.
Dhuwite luwih saka Rp. 390.000.000,-

AKSARA SWARA

Aksara Swara
a. Aksara Swara ana 5 werna, yaiku :

A Disebut akara kanggo


swara
A
I Disebut ikara kanggo
swara
I
E Disebut ukara kanggo
swara
U
O Disebut ekara kanggo
swara
E
U Disebut okara kanggo
swara
O

b. Aksara swara digunakake kanggo nulis swara kang kapisan


(Huruf Vocal) ing sawijining tembung kang dadi wanda (suku
kata). Utamane kanggo sekabehane tetembungan kang asale saka
manca (bahasa asing) kanggo negesake pangucapane.
Tuladha :

;1;A[mrikh = Amerika
;2;I*]aim\ = Ibrahim
;2;EmnSipsi = Emansipasi
;4;O/gnissi = Organisasi
;5;U/bnissi = Urbanisasi

c. Aksara swara ora bisa didadekake minangka pasangan, mulane


aksara sigeg kang ana ngarepe kudu disigegake (dipateni) kanthi
pangkon pitulungan.
Tuladha :

;1;we[ton\E[roph = Weton Eropa

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


19
;2;wuln\Ok[tobe/ Wulan Oktober
=
;3;ank\I[nDo[nsiah Anak Indonesia
=
d. Aksara swara bisa diwenehi sandhagan kayata wignyan, layar,
cecak lan liya-liyane.
Tuladha :

;1;I/lniFyh = Irlandia
;2;A/gu[mnTsi = Argumentasi
;3;Ih[rom\ = Ihrom

Ayahan 5
Tulisan jawa iki jumbuhna pamacane karo pranyatan ing sisih tengan !
1. s}gep\ (.........................) a. Culika
2. pe[t[khan\ (.........................) b. Sri Ratu
3. m[yo+ (.........................) c. Lebuawu
4. s]irtu (.........................) d. Mayong
5. pu/wgnF (.........................) e. Regane
6. Afipti (.........................) f. Purwaganda
7. culik (.........................) g. Sregep
8. zNbu awu (.........................) h. Adipati
9. xg[n (.........................) i. Mituhu
10. mituau (.........................) j. Petekehan

20 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Wulangan 4
Kompetensi Dasar

4.4 Menulis dan menyajikan naskah sandiwara


o Menulis naskah drama dengan tema tertentu
o Memperagakan naskah drama yang ditulis

I. Nulis Naskah lan Maragakake Sandiwara

Nulis Naskah Sandiwara (Drama)

Naskah Sandiwara utawa drama yaiku karangan kang isine crita. Ing
naskah sandiwara kasebut ngemot jenenge para paraga ing crita, pacelathon
(dialog) kang diucapake para paraga, lan swasana panggung kang diperlokake.
Kadhang kala uga dijangkepi kanthi piranti kayata sandhangane, tata lampu, lan
tata swara (musik pangiring).
a. Unsur-unsur Drama
Drama uga nduweni unsur-unsur kang kudu diduweni ing sajroning
naskahe. Unsur-unsur kasebut minangka dadi titen utawa ciri naskah drama
karo naskah liyane. Unsur-unsur drama yaiku:
1. Tema, yaiku gagasane sekabehane crita ing drama
2. Alur, yaiku lakune crita saka babak kapisan nganti pungkasan.
3. Paraga, yaiku kang nglakokake crita. Umpamane paraga protagonis,
utama, sarta figuran utawa kang nyengkuyung.
4. Latar/setting, kaperang saka latar panggonan, wektu, lan swasana kang
nggambarake crita.
5. Pacelathon/Dialog, yaiku pacelathone para paraga ing crita. Bisa dialog
antarane paraga, utawa pacelathon dhewe (monolog).
6. Basa, yaiku tetembungan kang digunakake ing pacelathon. Bsa uga
bisa nggambarake watak tokoh, latar, utawa prastawa kang kedadean.

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


21
7. Konflik, yaiku prakara kang ana ing sawijining drama. Konflik iki dadi
inti prakara kang bisa kedaden mung siji utawa luwih.
8. Amanat, yaiku piweling kang arep dibabarake kanthi para paraga ing
sjroning crita drama.

b. Yen arep nulis drama becike nggatekake:


1. Naskah kang sumadya wujude nuduhake adegan. Babak kagawe saka
pirang-pirang adegan. Gumantine paraga minangka tandha gumantine
adegan ing sawijine prastawa.
2. Panulisan naskah sandiwara bisa diwiwiti kanthi prolog minangka
pambuka lan epilog minangka katrangan panutuping crita.
3. Pacelathon utawa dialog katulis kanthi diwiwiti paraga kang ngomong
utawa tumindak. Tandha titik loro minangka pamisah antarane paraga
lan ukara kang diucapake.
4. Pituduh tumindak ditulis ing dialog kanthi diwenehi tandha kurung.
5. Panulisan katrangan kang nuduhake tumindak ing gumantine babak
utawa adegan, bisa katulis kaya paragraf ing pungkasane dialog antarane
paraga.

c. Urut-urutan Nulis Naskah Sandiwara (Drama)


Supaya sandiwara (drama) kang dipentasake bisa narik kawigaten, bab kang
kudu digatekake yaiku naskah sandiwarane kuwi. Naskah kudu narik
kawigaten supaya piweling utawa amanat kang arep dijlentrehake bisa
katampa kanthi trawaca dening para pamirsa.
Urut-urutane yaiku:
1. Nemtokake prastawa utawa kedadean ing crita kang bisa narik
kawigaten, bisa nabet ing ati.
2. Milih lan nemtokake tema
3. Milih judul lan nggawe pambukaning tembung. Judul becike ora perlu
dawa-dawa. Pambukaning tembung luwih apik yen asipat bombastis
supaya narik kawigatene wong kang maca, lan nerusake nganti crita
sabanjure.
4. Nggawe cengkorongan kang ngatutake konflik.
5. Nemtokake paraga (pelaku)
6. Ngrantam lakune crita kang ngandhut tetepungan (pengenalan) paraga
kanthi konflik lan ngrampungake perkara (masalah).
7. Ngrantam kramagung lan wawancang. Kramagung yaiku printah
marang paraga supaya nindakake samubarang kang ditulis minangka
pituduh nglakokake sandiwara (drama). Wawancang yaiku tulisan kang
ngandhut sekabehane rasa pangrasa para paraga.

22 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Maragakake Naskah Drama / Sandiwara
Drama utawa bisa sinebut Sandiwara minangka sawijining karya sastra
kang bisa dibabarake kanthi tumindhak, tingkah laku, mimik (obahing rai,
guneman, lan isyarat). Drama iku minangka campurane seni sastra lan seni
pentas.
Maragakake tokoh ing sandiwara utawa drama iku nyenengake. Diarani
nyenengake amarga ing kono, awake dhewe bisa dadi wong liya. Sadhengah
karakter utawa watake awake dhewe disingkirake lan diganti watake tokoh kang
diparagakake ing kono.
Supaya bisa mragakake tokoh kang diparagakake kanthi becik, ana bab
kang prayoga digatetakake ing ngisor iki :
a. Wacanen teks (naskah) drama kanthi permati.
b. Pilihen wong kang pas kanggo maragakake saben tokoh crita.
c. Mangerteni karakter (watak) tokoh crita liyane.
d. Mangerteni karakter (watak) kang bakal diparagakake.
e. Ngapalake dhialog lan ngeling-eling kapan wektune kanggo dhialog.
f. Gladhen dhewe ing ngarep kaca supaya bias nemokake ekspresi kang pas
nalika maragakake tokoh crita.
g. Gladhen kanthi temenan karo kabeh paraga crita.

II. Gladhen
Gatekna naskah drama ing ngisor iki!

Nyipta Omah kang Sehat


(Dina setu awan sawise mulih sekolah, Afnan lan adhine Salma dolan menyang
daleme Bu Cici. Afnan lan Salma bebarengan mlaku nuju daleme Bu Cici kang
ora adoh saka sekolahane bocah loro iku. Bocah loro katon rukun lan
nuduhake ati kang sumringah amarga arep ketemu Bu Cici).
Afnan + Salma : “Assalamualaikum.
Bu Cici : “Waalaikumsalam, e… Afnan karo Salma ta iki, kok
kadingaren.
Kene-kene mlebu, pinarak ing njero kene.”
Afnan + Salma : “Inggih Bu Cici, matur nuwun.
Afnan : “Wah hawane seger banget ya neng kene. Orak rasa panas
lan sumuk.”

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


23
Salma : “Mula iku Mas, awake dhewe rene. Saliyane dolan uga
nyuwun tambahan kawruh marang Bu Cici babagan omah
sehat kaya daleme Bu Cici iki.”
Afnan : “Lha iya … banjur isa apa ora menawa daleme Bapak lan
Ibune awake dhewe digawe mangkono?”
Bu Cici : (Metu saka njero karo ngasta wedang).
“E… ana apa ta iki, kok kawit mau dak rungokne kok sajak
gayeng men.”
Salma : (Karo mesem ngguyu).
“Inggih menika Bu Cici, kula kalayan mas Afnan sowan
mriki saperlu nyuwun pangertosan babagan caranipun nata
griya ingkang sehat kados dalemipun Bu Cici menika kados
pundi?”
Afnan : “Kula remen sanget dalemipun Bu Cici menika, sanesipun
mboten panas, hawa wonten mriki ugi seger sanget.
Pergantian udaranipun saget lumaku kanthi lancar.”
Bu Cici : “O... dadi kowe sakloron mrene iki arep takon bab iku ta?
(Sinambi manggakake bocah loro iku ngombe wedang kang
disuguhake).
“Jan-jane gampang kok, angger omah iku raketang sethithik
ana tandurane, iku wes marakake kahanan ing omah mau
beda. Saliyane iku ing njero omah uga kudu ana fentilasine,
saengga hawane bisa gonta-ganti. Sing luwih penting maneh
omah iku kudu tansah resik. Menawa omah iku wes resik
bakal adoh saka penyakit. Mulane reresik omah pancen
penting banget kanggo ngedohake sadhengah lelara kang bisa
cumondhok ing awak.”
Salma : “ O... makaten nggih Bu.”
Afnan : “Wangsul saking mriki mangke kula kalayan Dhik Salma
badhe matur Bapak kalayan Ibu supados ndamel kahanan
griya dados resik lan sehat. Caranipu kirang langkung kados
ingkang Bu Cici andharaken kalawau.”
Bu Cici : (Kanthi sumringah Bu Cici nuduhake kahanan omahe kang
wis dibiji bocah loro mau).
“Yen mengkono wes dadi karepmu, mula wiwit saiki kudune
ngulinakake urip resikan lan sehat. Kekarepanmu iki
dakdhukung banget, sebab pancen diwiwiti saka awake dhewe
luwih dhisik menawa arep nyipta lingkungan kang sehat iku.”
(Bocah loro mau rumangsa seneng lan katon sumringah,
semono uga bu Cici)

24 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Ayahan 1

Ing naskah drama kasebut, wis ngemot perangan-perangan unsur-unsur drama


apa durung? Coba dijingglengi, rembugen kanthi kelompok kang dumadi saka
bocah 4 utawa 5!

Sabanjure coba nulis utawa nggawea naskah drama kanthi tema “pendidikan”
tulisen naskah mau ing salembar kertas!

Ayahan 2

Yen wis dadi, coba naskah mau paragakna karo kancamu ing ngarep kelas!
Kelompok liya menehi tanggapan marang kelompok kang maju!

PANDADARAN 4a
Wangsulana kanthi menehi tanda ping (x) ing aksara a, b, c utawa d kang bener!

1. Karangan kang mbabarake sadhengah kawruh lan informasi diarani ....


a. Narasi b.Eksposisi c. Deskripsi d. Argumentasi
2. Jinis karangan kang mbabarake sawijining prastawa saengga pawaca kaya-kaya
ngalami dhewe iku diarani karangan ....
a. Narasi b. Eksposisi c. Deskripsi d. Argumentasi
3. Obahing rai, lambe, utawa isyarat ana ing drama diarani ....
a. Ekspresi b. Argumentasi c. Mimik d. Dhialog
4. Karangan kang nduweni tujuan kanggo mbuktekake sawijining kanyatan,
saengga pamaca ngugemi kanyatan iku diarani karangan ....
a. Narasi b. Argumentasi c. Eksposisi d. Persuasi
5. Wong kang arep maragakake naskah drama iku kudu wis nguwasani lan apal ....
a. Klambine b. Panggonane c. Lampune d. Dialoge
6. Karakter kang dituduhake paraga ing drama iku nggambarake ....
a. Watake b. Rupane c.Sedhihe d. Senenge

A. Ganepana ukara ing ngisor iki!


1. Karangan kang duweni tujuan kanggo milut utawa menehi daya
pangaribawa tumrap pamacane diarani karangan ..........................................
2. Maragakake peran ing drama iku nyenengake, sebab awake dhewe bisa
dadi ................................................................................................

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


25
3. Nindakake pacelathon karo wong kang luwih tuwa iku kudu
nggatekake .................................... basane.
4. Sawise nonton drama kang dipentasake, awake dhewe bisa
njupuk .............................. kanggo tepa tuladha ing pabrayan.
5. Tulisan kang wujude dhialog lan katrangan-katrangan saka tumindake para
paraga ing drama diarani ......................................................................
B. Garapen kanthi becik!
1. Gawea karangan narasi kang ringkes nganggo basa kang gampang
dimangerteni!
2. Gawea Pacelathon Ringkes kanthi tema “kasarasan”!
3. Apa wae kang kudu digatekake manawa arep maragakake sandiwara?

26 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Wulangan
5
Kompetensi Dasar
3.4 Menelaah teks deskriptif tentang Upacara Adat
Indikator:
1. Menemukan isi teks deskriptif tentang Upacara Adat
2. Merinci tata upacara adat dalam teks deskritif

Ayahan 1 Nlesih isi teks deskriptif bab upacara adat


Sadhengah kadadean utawa prastawa kang dumadi ing sawijining papan
panggonan. Kadadean iku minangka kadadean kang nyenengake, nganyelake, lucu,
nggegirisi, medeni, nrenyuhake, lan liya-liyane. Kadadeyan-kadadeyan utawa
prastawa kasebut lumrahe awujud upacara adat kang diduweni ing sadhengah papan
panggonan. Saka anane kagyatan babagan upacara adat iku bisa didadekake
piwulang kang mumpangati tumrape wong kang nglakoni. Saliyane iku manawa
babagan upacara adat kang becik dicritakake marang wong liya, uga bisa nambahi
kawruhe wong liya.

A. Semaken wacan iki kanthi premati!

UPACARA LOMBAN

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


27
Ing masyarakat Jepara tembung Lomban saka tembung”Lomba-lomba” kang
tegese masyarakat nelayan ing wektu kuwi padha seneng lomba-lomba ing
segara.Nganti saiki kegiatan kuwi isih dilakoni saben-saben pesta lomban.Ana
saperangan uga sing ngarani yen tembung Lomban saka tembung” Lelumban”utawa
seneng-seneng.Kabeh mau nduweni teges kang padha yaiku mmahargya dina
Bada(Dina Riyaya) kanthi seneng-seneng sawuse pasa Ramadlon sewulan wutuh.

Tradisi Lomban utawa uga “Tradisi Sedekah Laut”wiwit dianakake lan dadi
pakulinan selamatan kanggo masyarakat nelayan ing sakiwa tengene Kali
Wisa,kanthi tujuan kanggo nglairake rasa syukur amarga para warga wis entuk asil
saka segara kanggo panggautane/uripe gumantung saka asil segara.Suwening-suwe
kegiatan kuwi banjur ditiru dening masyarakat ing sakiwa tengene.

Ana salah sawijining tokoh masyarakat kang asmane H. Sidig(Lurah ing desa
Ujung Batu watara tahun 1920) sing miwiti Selamatan Sedekah Laut kanthi
nyembelih kebo,terus daginge didum-dumke marang para warga.Dene endhase
kanggo sesaji kang ditujokake marang kang mbaureksa segara.Kegiatan iki mau
banjur diterusake kanthi turun-temurun dening masyarakat Jepara.

Sedekah Laut kang uga disebut Bakda/Bada Lomban(Bada Kupat),kanggone


masyarakat Jepara kuwi minangka tradisi kang ana sesambungane karo masak kupat
lepet lan ubarampene kayata:opor ayam,rendhang daging,sambel goreng,oseng-
oseng lan liya-liyane.Pakanan kuwi wis ora aneh maneh kanggone masyarakat
Jepara.Pakanan kuwi mau ora beda karo sega,amarga uga digawe saka beras lan
dibuntel godhong klapa enom.Beda karo lepet,yen lepet bahane saka ketan lan
luwih enak dimaem tanpa lawuh.Wujude bunder dawa kurang luwih 10 cm.Saliyane
makanan khas Jepara bakda lomban yaiku kupat lepet,masyarakat Jepara uga
nyepakake pakanan cemilan.

28 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Ing sacedhake “muara”Kali Wisa uga dicepakake selametan kanthi ubarampe
arupa: dekem ayam,arang-arang kambang,jembak,jengkarok gimbal,rujak degan
jajan pasar,lan bubur abang putih.Sawuse selamatan banjur dianakake lomba-lomba
ing antarane: lomba dayung,lomba nyekel bebek,lomba lorodan,lomba tarik tambang
lan lomba pesta mercon.Sabanjure nanggap wayang kulit nganti sedina
sewengi.Sawuse “pertempuran” para peserta lomban bareng-bareng minggir ing pulo
KELOR saperlu ndahar bekal kang wus dicepakake.Saliyane pesta-pesta para
nelayan peserta lomban uga ziarah ing makam Encik Lanang kang dimakamake ing
pulo Kelor.

Kanggone masyarakat saiki,upacara lomban luwih dinikmati lan ditegesi


minangka ucapan syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi,luwih-luwih tumrap
masyarakat nelayan.Ananging uga ana kangngaitake marang “unsur-unsur”budaya
kuna yaiku ngaitake rasa syukur marang kang mbaureksa segara,amarga wis setaun
menehi panguripan marang nelayan,ngiras-ngirus kanggo pangarep-arep supaya
tahun-tahun samburine asile saya tambah.Malah ana uga kapercayaan kang
nhebutake yen nganti ora nganakake tradisi Lomban kuwi bakal ana bebaya gedhe
ing Jepara mligine tumrap para masyarakat nelayan kayata:ombak kang suwe,angin
banter,wit-wit padha rubuh.Kapercayan kuwi ngrembaka dhewe ing masyarakat
tanpa ana kang miwiti.

Perang Kupat ditegesi minangka gegenep kanggo nggambarake rikala Ratu


Kalinyamat nganakake “Ekspedisi” menyang Malaka diadhang dening bajak
laut,mula dumadi peperangan.Ing atraksi perang Kupat kuwi nggambarake: uncal-
uncalan kupat antaraing masyarakat nelayan kang nggambarake Bajak Laut marang
rombongan Bupati kang digambarake perahu Ratu Kalinyamat.

Sarampunge acara kegiatan lomban kasebut nuduhake yen tradisi iki di


memetri dening masyarakat kang nduweni sesambungan karo kekendhelane Ratu
Kalinyamat ing peperangan kanggo ngusir penjajah.Peran saka Ratu Kalinyamat iki
mau kang ndadekake fungsi jepara minangka “Kota Pelabuhan”.Tradisi lomban iki
isih dimemetri dening masyarakat Jepara nganti saiki.Upacara tradisi lomban iki
dianakake setahun sepisan ing wulan Syawal,yaiku seminggu sawuse Dina Riyaya
Idul Fitri.

Dipunjawakaken saking http://nicholassaputro.blogspot.com

Ayahan 1

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


29
1. Ing masyarakat Jepara tembung lomban asale saka tembung apa?

………………………………………………………………..

2. Apa tujuane dianakake Upacara Lomban?

………………………………………………………………..

3. Sapa sing miwiti nganakake tradisi Lomban kuwi?

…………………………………………………………………

4. Sedekah Laut uga disebut?


………………………………………………………………

5. Sebutna bedane kupat karo lepet!


………………………………………………………………………

6. Sebutna jinising lomba-lomba kang dianakake ing upacara Lomban!

…………………………………………………………………………

7. Apa tujuane Upacara Lomban manut budaya kuna?

…………………………………………………………………………

8. Kepriye kapercayane saperangan masyarakat nelayan yen nganti ora


nganakake Upacara Lomban?

…………………………………………………………………………

9. Perang Kupat ditegesi minangka kanggo apa?

…………………………………………………………………………

10. Tradisi Upacara Lomban dianakake kapan?

…………………………………………………………………………

Ayahan 2 : Menemukan isi Teks deskriptif tentang Upacara Adat.

Jingglengen saben paragraf ing teks deskriptif”Upacara Lomban”

1. Sebutna isi paragraf 1 kanthi ringkes!

30 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


……………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………

2. Sebutna isi paragraf 3-5 kanthi ringkes!

…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………

Ayahan 3 : Merinci tata upacara adat dalam teks deskripsi tersebut

Tulisen urut-urutane upacara adat Lomban kanthi ringkes, adhedhasar teks deskriptif
ing dhuwur!

…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
.......................................................................................................……………………

Ayahan 4 : Kawruh bab Sengkalan


SENGKALAN

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


31
Cathetan angkaning taun kang arupa tetembungan utawa gambar. Mulane
sengkalan iku ana werna loro, yaiku Sengkalan Lamba lan Sengkalan Memet.
1. Sengkalan Lamba, yaiku cathetan angkaning taun kang awujud ukara.
Tuladha : Panca catur trusing tyas.
5 4 9 1
Nuduhake taun : 1945
2.Sengkalan Memet, yaiku cathetan angkaning taun kang awujud gambar.
Tuladha : Ing panggung sangga buwana kraton Surakaerta (gambar):
Ula Mabur ditumpaki Manungsa
Saka gambar kuwi banjur digawe sengkalan
Naga muluk tinitihan janma
8 0 7 1
nuduhake tahun 1708
Katrangan : Carane nemtokake angka taun iku diwiwiti saka tengen
mengiwa.
Ing ngisor iki pratelan watake tembung sawetara utawa tembung- tembung kang
nduweni watak wilangan.
Watak 1:bumi, srengenge, rembulan, lintang, Allah, Gusti, manungsa,
kawula,bunder,wutuh, nyata, wani, urip, sirah, ati. (barang-barang kang
cacahe mung siji)
Watak 2: mripat, penganten, kembar, kuping, tangan, swiwi, suku, sungut, bau, lsp.
(barang-barang sing jodho). Mireng, nembah, ndulu, mabur, mlampah
(sipat kriyane tembung- tembung mau)
Watak 3: geni, urup, panas, jurit, tandang, guna, putri, estri, cacing, lsp.
Watak 4:banyu, kali, toya, segara, bening, suci, warna, keblat, jaman, panggawe,
karya, kerta, lsp.
Watak 5: angin, gegaman, piranti, srana, tata, marga, dalan, pandhawa, buta, galak,
bisikan, turu, alas, lsp.
Watak 6: rasa, pait, sakeca, manis, obah, oyak, retu, susah, cegah, uwit, mangsa,
wayang, tawon, kombang, lsp.
Watak 7: pndhita, gunung, ardi, kapal, tunggang, ageng, sawra, tembung, wulung,
suka, bungah, lsp.
Watak 8: gajah, esthi, naga, sawer, baya, slira, cecak, taksaka, lsp.

32 Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 1


Watak 9: bolongan, lawang, gapura, guwa, terus, dawa, sanga, manjing, seneng,
nrima, rai, ganda, lsp.
Watak 0: suwung, kothong, sirna, ilang, pati, rusak , langit, mumbul, dhuwur, adoh,
Dhandhanggula
Janma jagad wani tunggal gusti,
Panganten dwi akekanthen asta,
Gegeni putri telune,
Papat agawe banyu,
buta lima amanah angin,
Sad rasa mangsa obah,
Wiku sapta gunung,
Gajah wewolu rumangkang,
Dewa sanga anggeganda trus amanjing,
Dhuwur wiyat tanpa das.

Titinen sengkalan-sengkalan iki nuduhake angka taun pira?

1. Guna sirna anrusing tunggal.

Wangsulan : .................................................................................................

2. Dwi rasa naga tunggal.

Wangsulan : ......................................................................................................

3. Gajah lima slira tunggal.

Wangsulan : .......................................................................................................

4. Panca catur trusing tyas.

Wangsulan : .......................................................................................................

5. Putri dewa trus manunggil

Wangsulan : .......................................................................................................

Materi Esensial Bahasa Jawa Kelas IX Semester 1


33

You might also like