You are on page 1of 3

TEKS LAPORAN KEGIATAN

BAHASA JAWA

Oleh :
Agra Ailsa Ananta Pasa IX-B/01

SMP Negeri 22 Surabaya


2020 / 2021
LAPORAN KEGIATAN
NGEPIT SARENG KELUARGA

1. PAMBUKA
1.1 Lelandhesan
Saderengipun pandemi corona, kita sakeluarga saget ngepit sareng
saben dinten. Amargi ngepit sampun dados kelangenan kaliyan bisa
nyehataken badan. Kala pandemi puniki kita namung ngepit saben dinten
minggu mawon. Ngepit dinten puniki radi spesial amargi dipunkancani
mbakyu nomor setunggal ingkang keleresan liburan sekolah saking
Universitas Gunsan, Korea Selatan. Lelandhesan kasebut kita sakeluarga
ngepit.

1.2 Tujuwan
Kegiatan ngepit sareng keluarga nduweni tujuwan :
a. Ngeraketaken hubungan paseduluran.
b. Olah raga supaya bisa ningkataken imun.
c. Rekreasi saget ngirangi stress kaliyan kebosenan.

2. ISI
2.1 Jeneng Kegiatan : Ngepit Sareng Keluarga Dinten Minggu.
Waktu Kegiatan : Minggu, 21 Februari 2021
Papan Tujuwan : Komplek Griya kaliyan Masjid Agung
Peserta kegiatan : Agra Ailsa Ananta Pasa kaliyan keluarga

2.2 Dheskipsi Ringkes


Ngepit inggih punika salah setunggal kegiatan olah raga kaliyan
transportasi darat ingkang migunakake pit. Ngepit kathah sanget
dipunremeni masyarakat amargi saged dados transportasi lan
nyehataken. Limrahipun ngepit dipunlampahaken ing lapangan, taman,
masjid agung, kaliyan komplek griya. dinten puniki kula lan mbakyu,
ngepit wonten masjid agung lan kompleks griya mawon.
1) Masjid Al-Akbar
Masjid Al-Akbar utawi asring dipunsebat Masjid Agung inggih punika
salah satunggaling masjid ing Surabaya. Ing dinten Minggu utawi akhir
pena Masjid Agung rame sanget. Limrahipun kangge namung
mlampah-mlampah, papan sadean lan tumbas tedha, utawi kangge
olah raga.
2) Komplek Griya
Komplek griya inggih punika margi ingkang wonten ing perumahan.
Margi ing perumahan kula saged dipunetang cekap wiyar, nggadhahi
kathah wit lan hawa ingkang seger cocok sanget kangge olah raga lan
ngepit. Komplek griya kula ugi wonten lapangan ingkang cekap wiyar
wonten gedhong kangge tennis, lapangan basket lan voli, taman
dolanan lan balai.
2.3 Dokumentasi Foto

3. PANUTUP
Kegiatan ngepit sampun kaleksan kanthi lancar lan seru. Sasampunipun
kegiatan ngepit saged rumaos seneng lan kringeten. Kita saged nggadhahi
wekdal dolanan lan olahraga sareng keluarga sanadyan lebet pandemi puniki.
Nanging tetep patuhi protokol kesehatan.

You might also like