You are on page 1of 3

SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR

Serat wedhatama asale saka basa Sansekerta, Wedhatama miturut kamus Kawi-Indonesi
karangan L. Mardiwasito, saka tembung “wedha” kang tegese ilmu pangerten, lan tembung
“tama” kang tegese beciK, uga ana sing negesi “anak”. Dadi Wedhatama dhewe duweni teges
pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat Wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipai Arya
(KGPAA) Mangkunegara IV kang awujud tembang. Serat Wedhatama ngemot tembang macapat
yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.
Ing materi kaping pisan iki, bakal sinau ngenani tembang macapat Pangkur. Tembang
Pangkur ing materi iki dijupuk saka Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV,
sing cacahe ana 14 Pada.

Makna lan watak tembang Pangkur


Miturut maknane, tembang pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur
kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira: tegese kanthi temen
anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan supaya ora ngganggu anggone urip. Artine wis
menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah ngutamakne ngibadah nyedhakake mring Gusti Kang
Maha Kuwasa.
Tuladha tembang Pangkur ing Serat Wedhatama yaiku kaya ing ngisor iki:
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

Saka tembang kasebut bisa dimangerteni menawa butuhe milih lan nggunakake tembung-
tembung kang becik kanggo ndidik anak. Kanthi cara nutur marang anak, wong tuwa kudu bisa
dadi conto kang sae, amarga kanthi tembung-tembung kang becik bisa gawe ayeming kang
ngrungokake. Ndidik bisa kawiwitan kanthi tembang kang disusun endah supaya narik
kawigaten, saengga sedaya pitutur-pitutur babagan ilmu luhur kang ana ing tlatah Jawa bisa
dihayati lan agama bisa dadi ajaran ing kauripan saben dinane.
 Wos kang kamot ing tembang Pangkur (Serat Wedhatama):
 Ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi.
 Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing babagan
etika sosial.
 Ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong bodho, kang omongane ora
karu-karuan lan ora tinemu.
 Ngajarake tuntunan moral ing babagan nembah mring Kang Maha Kawasa.

 Paugeran tembang macapat Pangkur:


 Guru gatra
Tegese cacahe gatra utawa baris saben sapada (sebait). Guru gatra ing tembang Pangkur
yaiku 7.
 Guru wilangan
Tegese cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (sebaris). Guru wilangan ing tembang
Pangkur yaiku 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
 Guru lagu
Tegese tibaning swara ing saben pungkasaning gatra (baris) utawa huruf vokal sing
mburi dhewe (huruf vokal: a, I, u , e, o). Guru lagu ing tembang Pangkur yaiku a, i, u, a,
u, a, i.
Carane ngetung paugerane tembang
1. Ming kar ming kur ing ang ka ra
1 2 3 4 5 6 7 8 = Guru wilangan ana 8 wanda
i. Guru lagu yaiku a

2. A ka ra na ka re nan mar di si wi
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 = Guru wilangan ana 11 wanda
i. Guru Lagu yaiku i

3. Si na wung res mi ning ki dung


1 2 3 4 5 6 7 8 = Guru wilangan ana 8 wanda
i. Guru lagu yaiku u

4. Si nu ba si nu kar ta = Guru wilangan ana…..


Guru lagu yaiku….

5. Mrih kretarta pakartining ilmu luhung = Guru wilangan ana…..


Guru lagu yaiku…

6. Kang tumrap ing tanah Jawa = Guru wilangan ana…..


Guru lagu yaiku…

7. Agama ageming aji = Guru wilangan ana…..


Guru lagu yaiku…

Guru gatra yaiku angka 1-7, dadi tembang ing ndhuwur ana 7 gatra

You might also like