You are on page 1of 5

PAKET 02

Bahasa Jawa AK.03

I. Pilihan Ganda
Berilah tanda silang (x) pada huruf a, b, c, atau d di depan jawaban yang paling benar!
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula urmati, rencang saha adhik-
adhik ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat, sarta
hidayah. Dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kangge ngawontenaken
perpisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kintun kula minangka wakilipun murid kelas 6
ngaturaken agunging panuwun awit saking sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah lan mulang wuruk
dhumateng kawula, saengga kawula saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 6 tahun.
Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati, sekedhap malih kula sarencang
ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha
adhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken Bapak/Ibu saha
adhik-adhik kelas sadaya.
Makaten atur kawula, inggih punika sepisan ngaturaken panuwun lan ingkang kaping kalih nyuwun
pamit badhe nilaraken pawiyatan.
Kula sarencang kelas 6 tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi-mugi adhik-adhik sageda kasil
anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika.
Boten kintung ugi kula sakanca tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados
Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik pikantuk rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan setunggal
punapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang, pramila cekap semanten atur
kula, mbokmenawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
PAKET 02
Bahasa Jawa AK.03

1. Sesorah utawa pidhato ing dhuwur iki ing acara 9. Kabeh bab kang perlu diwedharake ana ing
…. pidhato diarani …
a. pepisahan kelas a. salam pambuka
b. rapat pepisahan b. dudutan (kesimpulan)
c. syukuran lulus sekolah c. isi (wigatine atur)
d. syukuran arep ngleboni ing SMP d. panutup
2. Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan. 10. Manawa lagi sesorah iku becike praupane utawa
Ukara iku mau mawa teges menehi pakurmatan polatane kudu ….
marang …. a. sumeh c. sedhih
a. pangarsa pawiyatan b. mbesengut d. guyu ngakak
b. sapadha-padha 11. Jenmek-jemek, gula jawa
c. para rawuh Aja ngenyek, padha kanca
d. para murid Unen-unen kasebut arane ….
3. Assalamu’alaikum Wr. Wb. a. geguritan c. cangkriman
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, b. paribasan d. parikan
Bapak/Ibu Guru ingkang kula urmati, rencang 12. Patrape sesorang ngadeg kanggo ngurmati para
saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. tamu sikepe tangan ngapurancang. Tegese
Pratelan ing dhuwur iku klebu perangan pidhato ngapurancang yaiku ….
…. a. tangane sedhakep ana ngarep dhadha.
a. salam pambuka b. mbanda tangan ana mburi
b. purwakaning atur c. tangane dilebokake ing sak/kantong
c. dudutan (kesimpulan) d. tangan sedhakep ana ngarep puser/udel
d. isi (wigatine atur) 13. Matur/ngomong ing sangarepe wong akeh
4. Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang kanggo medharake unen-unen, pengumuman, apa
satuhu kula urmati, sekedhap malih kula dene seserepan ngilmu iku diarani….
sarencang ninggalaken pawiyatan punika. a. nembang c. sesorah
Tembung pawiyatan iku tegese …. b. ndhalang d. deklamasi
a. ninggalake c. sekolahan 14. Gudheg manggar, bumbune mrica tumbar.
b. sasuwene d. kanca …………………………………………
5. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan Bacute parikan kasebut yaiku …
punika kula pepanjang, pramila cekap semanten a. arep tuku, apa njuluk
atur kula, mbokmenawi wonten klenta- b. lamun sabar, bisa lejar lan binger
klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami. c. mata ngantuk, njaluk turu
Pratelan ing dhuwur iku klebu perangan pidhato d. yen sinau, dadi pinter
…. 15. Nindakake sesorah/pidhato prayogane ….
a. pidhato arep diwiwiti a. nyawang sing diadhepi
b. pidhato ora sido diwiwiti b. ndhangak
c. pidhatone dipungkasi utawa wis rampung c. dhingkluk
d. pidhato arep dilereni sedhela d. nolah-noleh
6. Mburu uceng kelangan deleg. 16. Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan,
Paribasan iku tegese …. boten kintun kula minangka wakilipun murid
a. prakarsa sepele dadi gedhe kelas 6 ngaturaken agunging panuwun awit
b. mburu barang sepele malah kelangan barang saking sih katresnan Bapak/Ibu Guru
sing aji nggulawenthah lan mulang wuruk dhumateng
c. katone nulungi nanging malah ngrekasakake kawula
d. nindakake tumindak ala kanthi kongkonan Tembung nggulawentah tegese ….
7. Wong sing ahli pidhato utawa sesorah jenenge a. ngancani c. ndhukani
…. b. mbimbing d. ngrewangi
a. narrator c. moderator 17. Nalika maju sesorah utawa pidhato sing dibiji
b. orator d. fasilitator yaiku ….
8. Pinangka atur panuwun marang para tamu kang a. isine pidhato, bener dan trepe basa kang
rawuh ing papan kono lan puji syukur marang digunakake, sikep utawa penampilane.
Gusti Kang Akarya Jagad iku klebu …. b. isine pidhato, komplit lan runtut cak-cakane,
a. salam pambuka bener lan trepe basa kang digunakake.
b. purwakaning atur c. isine pidhato, komplit lan runtut cak-cakane,
c. dudutan (kesimpulan) bener lan trepe basa kang digunakake, sikep
d. isi (wigatine atur) utawa penampilane.
PAKET 02
Bahasa Jawa AK.03

d. isine pidhato, komplit lan runtut cak-cakane,


bener lan trepe basa kang digunakake, sikep
utawa penampilane, ayu lan baguse sing
pidhato.
18. Runtuting/gandhenge swara (vocal) utawa sastra
(konsonan) utawa wanda (suku kata) sing
manggon/tinemu ana ing mburi karo sing wis
kasebut ing ngarep iku diarani ….
a. purwakanthi c. paribasan
b. wangsalan d. parikan Santosa : “Raden Wibisana punika rayinipun
19. Ing ngisor iki klebu purwakanthi basa/lumaksita Rahwana ingkang sae piyambak.
yaiku…. Dhasar wujudipun beda piyambak.
a. Negara mawa tata, desa mawa cara Satriya bagus, tur gadhah kasekten
b. Bocah bodho longa longo kaya kebo ingkang langkung.”
c. Entek amek kurang golek Bapak : “Kowe ngerti perang bubruh
d. Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka Ngalengka?”
20. Panjenengan badhe tindak Surabaya jam pinten? Santosa : “Ngertos. Punika perang ageng ing
Ukara kasebut diowahi ing basa ngoko dadi …. Ngalengka. Sedaya gugur. Wiwit
a. Panjenengan arep tindak Surabaya jam pira? Patih Prahastha, Kumbakarna,
b. Panjenengan arep menyang Surabaya jam Indrajit lan Rahwana.”
pira? Bapak : “Sapa Indrajit kuwi, San?”
c. Kowe arep tindak Surabaya jam pinten? Santosa : “Anakipun Rahwana. Punika senapati
Santosa
d. Kowe : arep
“Bapak, estunipun
menyang Surabayacariyos ringgit
jam pira? ingkang peng-pengan, Pak. Nanging
punika ngremenaken,
Wacanen pacelathon ing ngisor iki nggih?”
kanggo inggih pejah. Ingkang boten pejah
Bapak pitakon
mangsuli : “Iya,nomor
keno kanggo
21 – 25 patuladhane
! wong naming Wibisana, jalaran malik
urip.” tingal mbelani Rama.”
Santosa : “Pak Guru kalawau ugi ngendika Bapak : “Wah, pinter tenan. Ya, wis kana
ngaten, Pak.” ndang sinau liyane.”
Bapak : “Apa kowe bubar diparingi crita Santosa : “Inggih, Pak. Matur nuwun.”
wayang gurumu, San?”
Santosa : “Inggih, Pak.”
Bapak : “Coba, saiki Bapak mundhut priksa, 21. Pacelathon ing dhuwur Santosa nggunakake baca
ya?” ….
Santosa : “Inggih, Pak. Nanging saged boten, a. ngoko lugu c. ngoko alus
nggih.” b. karma lugu d. krama alus
Bapak : “Saiki dakcoba. Ratu Ngalengka 22. Pacelathon ing dhuwur bapake Santosa
kuwi jenenge sapa?” nggunakake basa ….
Santosa : “Rahwanan utawa Dasamuka.” a. ngoko lugu c. ngoko alus
Bapak : “Pinter kowe, San. Dasamuka kuwi b. krama lugu d. krama alus
sedulure pira coba, aranana!” 23. Wayang iku crito sing bisa kanggo ….
Santosa : “Tiga, Pak. Rayinipun cer nama a. patuladhan/conto c. guyonan
Raden Kumbakarna, lajeng b. hiburan d. dongengan
Sarpakenaka, dene ragilipun Raden 24. Ratu ing Ngalengka kang watake angkara murka
Wibisana.” iku arane ….
Bapak : “We, jebul pinter kowe, San. Sajake a. Prabu Puntadewa
arep bakal dadi dhalang. Seneng b. Prabu Dasamuka
kowe San, yen bisa ndhalang?” c. Prabu Ramawijaya
Santosa : “Remen, Pak. Artanipun kathah, d. Prabu Baladewa
kok.” 25. Raden Kumbakarna iku rayine Prabu Dasamuka
Bapak : “Ya saiki dakbacutake. Kowe ngerti ananging watake ….
watake Rahwana karo Kumbakarna?” a. duraka c. utama
Santosa : “Ngertos. Rahwana punika sanajan b. ala d. candala
ratu, watakipun ambeg angkara 26. Kerata basa anak tegese ….
murka. Manawi Kumbakarna, a. arepe apa-apa kudu anal an enak
sanajan buta nanging watakipun b. sigaraning nyawa
satriya. Katitik nalika Rahwana c. kena digugu lan ditiru
ndhusta Dewi Sinta. Kumbakarna d. diangkat sithok-sithok
wongsal-wangsul atur pamrayogi,
nanging boten dipun paelu.”
Bapak : “Ya, pinter kowe, San. saiki yen
Wibisana?”
PAKET 02
Bahasa Jawa AK.03

27. Tumindak becik bakal entuk wewales kan becik. d. ora bisa dipercaya
Unen-unen iku paribasane ….. 35. Jenenge wayang ing ngisor iki sanadyan buta
a. Sapa nandur bakal ngundhuh duweni watak satriya yaiku ….
b. Anak polah bapa kepradhah a. Raden Janaka
c. Kacang mangsa ninggala lanjaran b. Raden Wibisana
d. Aja cedhak kebo gupak c. Raden Nakula
28. Matur marang Bapak/Ibu Guru iku kudu …. d. Raden Kumbakarna
a. sembrana 36. Simbah bubar mangan banjur ngombe.
b. biasa bae Basa kramane sing bener yaiku ….
c. sopan lan basa a. Simbah bubar mangan lajeng ngunjuk.
d. gegojekan b. Simbah bibar nedha lajeng ngunjuk.
29. Yen dikandhani bab kang utama utawa perkara c. Simbah bibar dhahar lajeng ngunjuk.
becik kudu …. d. Simbah bubar dhahar lajeng ngunjuk.
a. diwangsuli/dibantah 37. Wong sing seneng maca iki bisa njembarake ….
b. dilalekake tumrap sadhengah bab.
c. ditinggal lunga a. kawruhe c. lakune
d. digatekake b. angen-angene d. rasane
30. Yen tumindak salah utawa luput becike enggal 38. Papan panggonan kang resik iku dadekake ….
…. a. padhang c. adoh saka lelara
a. nyuwun tulung b. rekasa d. sembrana
b. nyuwun pangapura 39. Santi karo Tina tuku es jeruk ana warung.
c. nyuwun pamit Basa kramane sing bener ….
d. nyuwun pangestu a. Santi kaliyan Tina tuku es jeruk wonten
31. Arep mangkat sekolah becike salaman karo warung.
matur…. b. Santi karo Tina mundhut es jeram wonten
a. nyuwun tulung warung.
b. nyuwun pangapura c. Santi kalih Tina mundhut es jeram wonten
c. nyuwun pamit warung
d. nyuwun pangestu d. Santi kaliyan Tina mundhut es jeram wonten
32. Nalika ana kancane sing lara ing rumah sakit warung.
becike ….
a. ditiliki c. ditukokke obat
b. ditunggoni d. ethok-ethok ora ngerti
33. Mangane kaya kebo, pagaweyane ora kecacah, 40. Manuk kutut, manggunge ngganter
iku kerata basa …. …………………………..
a. bapak c. batur Parikan kasebut terusane …
b. bocah d. brekat a. Yen ora nurut, bisa keblinger
34. Dadi manungsa sing jembar segarane. Jembar b. Dadi murid, sing sregep sinau
segarane tegese …. c. Aja suthik, yen tumandang
a. sugih pangapura d. Barang wis kadhung, dikapakna
b. gampang nesu
c. gumbedhe
PAKET 02
Bahasa Jawa AK.03

II. Isilah titik-titik di bawah ini dengan tepat


1. Bocak sekolah kudu duwe tata krama lan suba sita.
Tata krama lan suba sita klebu tembung….
2. Matur marang Bapak/Ibu Guru iku nggunakakke unggah-ungguh basa ….
3. “Pak/Bu kula pamit bidhal sekolah. Mangke mantukipun jam sekawan amargi ajeng tumut badminton
rumiyin.”
Mengkono iku tuladhane bocah kang duwe….
4. Pacelathon kang ditulis dadi narasi manut basane dhewe iku darani …..
5. Aku didhawuhi ibu nyapu ana ing latar.
Ukara iku nggunakake unggah-ungguh basa ….

You might also like