You are on page 1of 2

Geguritan ing ngisoriki ayo diwaca batin!

Kentir ing Ombyak Majuning Jaman


Karipta dening Sri Sunarsih

Ing pratelon,
Saweneh simbah nggendhong tenggok
Kalung caping nyangking bondhotan
Sapecak maju sapecak mundur
Kumliwering satogalak kang ombene pet
Kanthi swara cumengkling lan asep nggembuleng
Gawe mamanging ati nugeldalan

Bagaskara kemul mega eseme tan kawistara


Swaraning kukila ceciyetan
sesautan rebut dhisik mulih menyang susuhe
dhuh Gusti,
majuning jaman malah gawe getering ati
dhek wingi aja maneh wanci surup rep
byar padhang bae kahanane nyenyet

Gusti Allah nyuwun ngapura


Apa iki merga aku sing wistuwa
Ora bisa nampa majuning kahanan?
nanging … wiwit srengenge durung angslup mau
aku wis anguk anguk ing sadawaning pinggir dalan kene
kabeh sarwa cepet
gawe mata semrepet

“mbah mangga sarengkula”


Gusti Allah
Kahanan sangsaya ora cetha
Aku malah dituntun bocah
Kang dhekwingi mesthine isih
Didulang sega gudangan
Apa aku wis kentir ing majuning jaman
Kang sangsaya ruwet?

Semarang, Agustus 2014


Sri Sunarsih, Kentir ing Ombyak Majuning Jaman, GuritanBocah
Lembar Kerja Siswa

Negesi Tembung
Ayo saiki bebarengan negesi tetembungan kang ana ing geguritan!

No. Tembung ing Krama Padinan/ Basa


teks geguritan Ngoko Krama Inggil dhialek Indonesia
1. kentir Keli, Keli, Keli, Keli, kentir Hanyutterbawa
kentir kentir kentir air bah
2.

3.

4.

5.

Ayo, tembung-tembung angel ana ing geguritan sing wis kotegesi gawenen conto/tulada
ukarane nganggo basangoko, basa krama, krama inggil,utawa basa padinan!

Conto/ tulada
Kentir/ keli
Ngoko : Aku ora bakal kentir ing majuning jaman.
Krama : Kula mboten badhe kentir ing majengipun jaman.
Krama Inggil : Kula suwun panjenengan sampun ngantos kentir ing majengipun
jaman
Padinan : Godhong lumbu keli nang kali.

Gawenen ukara kaya tuladha ing ndhuwur,nganggo tembung ing ngisor iki!

1.nyenyet

2.swara

Wangsulan :

You might also like