You are on page 1of 22

PIWULANG 1 Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji

PAWARTA BASA JAWI pawarta kuwi tumrap dheweke.Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa
mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa Jawa. Kang perlu
Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
ngenani sawijining kahanan.Pawarta kang kagiyarake maneka a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
warna, mula saka iku pamigati pawarta becike nlesih kanthi b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting
patitis marang pawarta iku mau.Ora sethithik kabar kang c. nyathet informasi sing bener lan premathi
luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan
benere.Uga akeh kabar kang isine milut kawigaten (promosi). Tuladha pawarta:
Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bias Sugeng siyang pamirsa
katemokake ing medhia massa. Dadi, pamigati kudu prigel Wis Dadi!! Embung UNNES Papan Rekreasi Para Mahasiswa
milih lan milah pawarta kang diperlokake. Kula Indra Birawa badhe maosaken pawarta dinten menika wonten ing Warta Kilat.
Perangane pawarta ing basa Inggris iku diarani 5W+1H, yaiku Who What, When, Embung Unnes sakmenika sampun dados panggenan ingkang dipunengsemi
Where, Why, lan How. Pangertene ing basa Jawa yaiku sapa, apa, ing ngendi papane, genea, tukang mancing saha mahasiswa Unnes.Embung ingkang wiyaripun setunggal lapangan
lan kepriye. Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan lan bal-balan menika, menawi sonten kebak dening tiyang ingkang badhe mincing amargi
tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa sampun dipunuculaken kalih dasa ewu winih iwak mujaer dening pihak Unnes. Sahengga
lumantar swara. Lesan biasane digiyarake lumantar radio, TV utawa diwaca lugas. Tulisan embung kathah dening iwak sakaliyan tiyang ingkang badhe mancing wonten mrika.
pawarta iku lumrahe kapacak ana ing kalawarti. Humas Unnes, Sucipto Hadi Purnomo ngendikan, babagan embung sakmenika
Pawarta minangka prastawa kang diwartakake.Pawarta iku bisa arupa lesan apadene pancen leres sampun dipundamel kagem panggenan rekreasi. Pandamelan embung
tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa sakmenika inggih salah setunggaling program Unnes konservasi ingkang sampun nelasaken
lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti. Perangan ragat nematus wolung dasa pitu juta sewidak ewu rupiah.
kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku Miturut pembantu pelaksana proyek saking CV Duta Muda indah, Slamet
1. Aktualitas Widodo, embung dipundhamel kangge madahi toya wonten unnes saenggo boten banjir
2. Sesambungan karo papan kedadean (faktual) rikala mangsa udan. Proyekipun wonten seket dinten ingkang sakmenika dipungarap
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean gangsal welas tiyang dipunbiyantu eksavator, buldoser kaliyan vibro.
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.

Page 1
1. Maosake Tuladha Pawarta 3. W3 = When
Pituduh kagem guru: WHEN (kapan) unsur kang njlentrehake wektune prastawa ing pawarta iku
Para peserta didik didhawuhi mirengake tuladha pawarta ing ndhuwur banjur kadadeyan. Unsur WHEN iki bisa kasebut nganggo jam, uga bisa kasebut kayata
nemtoake bobot biji pawarta kasebut. mau isuk, wingi sore lan sapanunggale
4. W4 = Where
2. Nganalisis Unsur Pawarta WHERE (nang endi) yaiku njlentrehake babagan panggonan kadadeyan prastawa
Pituduh kagem guru: ing pawarta iku. Tuladhane kayata "dompet kae tiba ora kadoh saka omahku"
Para peserta didik didhawuhi nggoleki unsur pawarta wonten ing tuladha pawarta 5. W5 = Why
kasebut. WHY (nangapa/kenapa) nuduhake sebab-musabab kenapa prastawa iku kedadeyan.
Biasane bisa ditiliki saka tembung "asale, sebabe, mulane".
Unsur pawarta 6. H = How
Unsur pawarta ana 5, asringdiarani nganggo istilah 5W+1H.Apa kang diwastani HOW (kepriye) njlentrehake babagan keriye prastawa iku kadadeyan.Bisa uga
5W+1H? nuduhake kepriye swasana ing prastawa iku.
W1 : What (Punapa) Kabeh unsur ing dhuwur perlu ana ing pawarta. Menawa ora ana salah sijine,
W2 : Who (Sinten) pawarta mau bakalan ora jangkep lan ora wutuh informasine.
W3 : When (Benjang menapa/Kapan)
W4 : Where (Wonten ing pundi) 3. Nemtokake wosing pawarta
W5 : Why (Kenging menapa) Pituduh kagem guru:
H : How (Kados pundi) Para siswa didhawuhi nggoleki wosing pawarta wonten ing tuladha pawarta ing ngisor
1. W1 = What iki.
WHAT (apa) yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta iku.
2. W2 = Who AKTIVITASE GUNUNG MERAPI SAYA MUNDHAK
WHO (sapa) yaiku njlentrehkake babagan sapa utawa tokoh kang ana ing pawarta Lindhu gedhe ing Jogjakarta lan kiwa tengene dipesthekne mangribawani aktivitase
mau. Unsur sapa iki biasane dijlentrehake kanthi jangkep, kayata babagan ciri- gunung Merapi. Manut Kepala Balai Penyelidhikan dan Pengembangan(BP2TK)
cirine, titel, umur, lan sapanunggale. Jogjakarta, Ratdomo Purba,sedina sawise prastawa lindhu gedhe ing dina setu (27/5)
esuk, aktivitase Gunung Merapi tikel telu tinimbang sadurunge lindhu.

Page 2
Kang paling nyolok, Ana ing piwulangan iki para siswa kaajak nulis pawarta. Sapa ngerti yen temen anggone
ujareRatdomo, semburan mega panas sinau mbesuk bisadadi jurnalis kangmisuwur kaya Putra Nababan, Mochtar Lubis, Fareed
Merapi kacathet kaping 159.Mangka Zakaria, uga isih akeh jurnalis-jurnalis ana ing donya iki.
sedina sadurunge lindhu tumempuh, Saiki kepriye ya carane nulis pawarta kang apik kuwi. Ana ing ngarep wis
semburan mega panas mung kaping 45. kawedharake bobot pambijine pawarta. Bobot pambijine pawarta dadi dhasare kanggo nulis
kejaba semburane mundhak akeh, pawarta. banjur kepriye wiwitane nulis pawarta? Coba gatekna urutane nulis pawarta ana
lakune mega panas kang uga katelah ing ngisor iki!
wedhus gembel sarta lahar golek dalan a. Tanggap ing sasmita
anyar labet posisi kubah lahar ing pucuk Merapi geser. Saiki iline lahar luwih akeh Tanggap ing sasmita tegese gelem mangerteni apa kang lagi kelakon ana ing
tumuju menyang perangane Kali Gendol isih ndhuwur (hulu). Kanthi mangkono, cedakmu. Ana kedaden apa kang lagi lumaku lan narik kawigaten bisa dadi ide ana
pengawasane marang Merapi kudu tahsah ditilekake awit sawayah-wayah bisa pawarta kang arep mbok tulis. Prastawa kang arang tinemu utamane bisa dadi
njeblug.*** sumbering pawarta kang narik kawigaten.
Panyebar Semangat 23/2006 b. Nglumpuke data migunakake 5 w + 1 H
Prastawa kang nembe kok temoni banjur tulisen kanthi migunake 5W+1H ana
Gladhen! ndhuwur. Yen ana kang bisa aweh informasi bisa diwawancarai minangka
1. Kawedharke pawarta ing ndhuwur miturut rumus 5 W + 1 H! narasumber saka prastawa kang lumaku.
2. Sapa kang dadi narasumber saka pawarta AKTIVITASE GUNUNG MERAPI c. Nyusun data dadi pawarta
SAYA MUNDHAK? Data kang wis kok klumpukake banjur kok susun dadi pawarta kang jangkep. Dene
3. Apa jenising pawarta AKTIVITASE GUNUNG MERAPI SAYA MUNDHAK? urutane bisa diwiwiti saka unsur apa wae kang dirasa bisa kanggo pambukane
4. Apa kang kok tindhakake sawise maca pawarta AKTIVITASE GUNUNG pawarta, banjur critakne unsur 5W+1H nganti purna.
MERAPI SAYA MUNDHAK? d. Menehi irah-irahan
Sawise dadi pawartane banjur golekna irah-irahan. Irah-irahane kuwi kudu bisa
4. Nulis Pawarta narik kawigaten, dadi undering pawarta, lan migunakake tembung kang gampang
Nulis kuwi ora angel, ora prelu ragad gedhe, ora prelu uga mbutuhake wektu kang dimangerteni.
akeh. Nanging angel amarga ora gelem mujudake kang ana pamikire banjur didekake
kasunyatan kang awujud tulisan. Nah,sejatine yen pengin dadi penulis ora perlu susah-susah
mungcukup karep wae.

Page 3
Peling PIWULANG 2
Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti. Perangan kang kudu gigatekake TEMBANG MACAPAT
nalika nulis pawarta: SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR
1. Nyritakake kedaden kang nembe kelakon
2. Isine pawarta pancen kelakon
3. Migunake basa kang gampang dimangerteni Tembang macapat kalebu salah sijining karya
4. Migunake ukara kang padhet lan cetha sastra Jawa ingkang adhiluhung. Mula kula lan
panjenengan sedaya kudu tansah muji syukur marang

Gladhen! Pangeran kang Mahakuwasa kanthi nglestarekake lan

Saiki coba sawangen ana sakupenging sekolahmu banjur gawenen pawarta karo kancamu ngrembakake kasusastran Jawa tembang macapat.

sakelompok! Mula bukane tembang macapat kaserat ana


buku Mardawalagu anggitane R.Ng. Ranggawarsita,
“kasebut tembang macapat amarga, wacan kapisan
ngemot sekar ageng utawa tembang gedhe, kapindho
uga ngemot tembang gedhe, katelu ngemot tembang
tengahan, dene wacan kaping papat ngemot tembang alit utawa tembang macapat. Wacan
kasebut yen kasebutake kanthi runtut dadi maca salagu, maca rolagu, maca trilagu, lan maca
pat lagu. Dadi maca patlagu kang isine tembang Alit nganti saiki misuwur kanthi aran
tembang macapat.
Miturut Baoesastra Djawa anggitane Poerdarminta (1939:291) kaandarake yen
tembung macapat tegese tangga teparo ana ing padesan kang mubeng.Dene tembung
tembang macapat wiwit tinemu ana layang-layang anyar.Salah sijining serat kang
migunakake tembang macapat yaiku Serat Wedhatama anggitanipun KGPH Mangkunegara
IV.
Wedhatama saka tembung wedha lan tama. Wedha tegese piwulang dene tama
tegese utama.Dadi serat Wedhatama tegese wacan kang isine piwulang luhur kanggo
manungsa ana ing bebrayan agung.

Page 4
Ana ing serat iki ngamot limang jenising tembang macapat, sepisan pupuh Pangkur, 6. Nganalisis Pathokaning Tembang Pangkur
pupuh Sinom, pupuh Pocung, pupuh Gambuh, lan pupuh Kinanthi. Ana ing piwulangan Pituduh kagem guru:
kelas X para siswa bakal nyinaoni pupuh Pangkur lan pupuh Sinom saka tembang Para peserta didik didhawuhi nggoleki pathokaning tembang macapat pocung lan menehi
Wedhatama. alasane saka Pupuh Pangkur Serat Wedhatama.

PELING :Tembang macapat kalebu genre puisi tradisional ana ing kasusastran Jawa.
Sekar Macapat Pangkur Laras PelogPathet Nem
Ana ing puisi tradisional nduweni paugeran/pathokan. Dene pathokaning tembang
macapat yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
3 5 5 5 5 5 3 3
Ming kar ming kur ing ang ka ra 1. Guru gatra yaiku cacahing gatra (baris) saben sapada

3 5 5 56 1 1 1 2 3 3 21 2. Guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra.


A ka ra na ka re nan mar di si wi 3. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
5 6 1 1 1 1 2 2
Si na wung res mi ning ki dung Serat Wedhatama
1 6 5 5 5 5 45 Anggitane KGPH Mangkunegara IV.
Si nu ba si nu kar ta PUPUH IP A N G K U R
3 5 5 56 1 1 1 1 1 2 3 3 01
Mrih kre tar ta pa kar ti ning ngil mu luhung Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining
6 1 1 1 1 1 1 1 kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah
Kang tum rap ing ta nah Ja wa Jawa, agama ageming aji.
1 2 3 1 2 3 3 21 02
A ga ma a ge ming a ji Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa
pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-
5. Nembangake Tembang Pangkur ganyuk nglelingsemi.
Pituduh kagem guru: 03
Para peserta didik didhawuhi mirengake tuladha tembang macapat ing ndhuwur banjur Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger
nirokake tembang kasebut. guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning
adu manis .

Page 5
04 10
Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping
angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha angganira, Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing
ngalah, ngalingi marang sipingging. siang ratri.
05 11
Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa
cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin
sadina dina, aja mangkono wong urip. muda sudra kaki.
06 12
Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh
maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh
prandene paksa kumaki. sepi hawa, awas roroning ngatunggil.
07 13
Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu,
iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon- Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena,
anggon agama suci. sumusuping rasa jati.
08 14
Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming
sumengah sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, ngasuwung, tan karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira,
nora enak iku kaki. mulane wong anom sami.
09 Kapethik saka: Serat Wedhatama
Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan
rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya, 7. Nganalisis Serat Wedhatama
ubayane mbalenjani Pituduh kagem guru:
Para siswa didhawuhi nggoleki tembung-tembung kang anyar saka tembang Pangkur
banjur negesi tembung-tembung kasebut.

Page 6
No. Tembung anyar Tegese PIWULANG 3
TEKS DESKRIPTIF RUMAH ADAT JAWA
1.

2.
A. Wacana Diskripsi
3. Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulis utawa

4. njlentrehake sakwijining bab/perkara.


Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake objek kanthi tujuan supaya
5.
wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake. Deskripsi uga duwe
teges perincian utawa gambaran.Mrinci tegese gambarake perkara tartamtu.
8. Nemtokake Piwulang Luhur Sajroning Tembang Macapat Pangkur Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang
Pituduh kagem guru: didadekake sumber tulisan.Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang;
Para peserta didik didhawuhi nemtokake pitutur luhur utawa nilai-nilai luhur prastawa,pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp.
kang ana ing sajroning Serat Wedhatama Pupuh Pangkur Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran
kasunyatan.Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan,
Serat Wedhatama anggitanipun KGPH Mangkunegara IV kebak pitutur luhur prastawa, barang, lsp Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane.
kang bisa kanggo dhasar tumindak ing bebarayan agung. Coba sebutna pitutur apa kang Tuladha deskripsi
bisa kok jupuk saka Serat kasebut?  Deskripsi barang umpamane bisa njlentrhake warna, model, wujude lsp
a. ………………………………………………………………………………  Deskripsi pawongan umpamane bisa njlentrehake praupane, dedege, wateke lsp.
b. ……………………………………………………………………………… Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa
c. ……………………………………………………………………………… ngrungokake.tuladhane Saka ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan lewat
d. ……………………………………………………………………………… radhio siswa bisa nulis wacan deskripsi kang nggambarake kahanane pertandhingan.
e. ……………………………………………………………………………… Titikane wacana deskripsi
f. ……………………………………………………………………………… 1. Nggambarke samubarang
g. ……………………………………………………………………………… 2. Nggunakake panca indra (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan
h. ……………………………………………………………………………… pangecap).
i. 3. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu
dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe.

Page 7
Urut-urutane nulis wacana deskripsi nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, lan ana saka guru papat aneng tengah kang dadi
1. Nemtokake underaning perkara (tema) payangga. Pendhapa kuwi dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-
2. Ngumpulake katrangan kanthi njinggleni bab kanga rep ditulis. bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Bagean pendhapa biasane uga diapit dening
3. Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih. wangunan kang diarani kuncung. Aneng bagéan dalem minangka bagéan jero omah kang
4. Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan nggunakake tembung- dadi pusate saka omah joglo iku
tembung kang trep. arupa senthong utawa kamar.
5. Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik. Senthong mau ana kang diarani
senthong kiwa, senthong tengah
1. Mangerteni Teks Deskripsi bab Rumah Adat Jawa lan senthong tengen kang
Maca Batin duweni kagungan dhewe-
Pituduh kagem guru: dhewe. Saliyane dalem uga ana
Para siswa didhawuhi maca batin tuladha teks deskripsi bab rumah adat Jawa kang ana ing kang diarani Gandhok lan
ngisor iki kanthi temenan. pawon. Gandhok iki
dipigunakake kanggo nyimpen perabot masak. Ciri-ciri wangunan joglo yakuwi bagéan
Wacanen jroning batin wacan ing ngisor iki! payon pendhapané dhuwur kaya gunung. Perangan payon yakuwi ana empyak, memolo,
Omah Joglo kili, bahu danyang, untu cakil, gendheng, wuwung, lan talang. Yen perangan dhasar ing
Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa wangunan sing duwé sajroning omah joglo diarani jogan, ing antarane ana jobin lan umpak kang warnane
gaya arsitektur joglo. Joglo kuwi kalebu wangunan utama saka omah tradisional Jawa cemeng.
tengah. Para jalwestri jaman ndhisik nduweni penganggep yaiku para kadang konang ora Umah joglo sing isih lengkap lan nduwé nilai-nilai budaya Jawa yeku sing nduwé 3
gampang nduweni omah joglo amarga kuwi khusus kanggo kaum terhormat kaya dene wangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapit 2 wangunan liya sing rada cilik lan
Bangsawan, priyagung, maharaja lan Pangeran. Omah joglo kuwi werna-werna jenise ana posisiné rada neng arepan wangunan pendhapa kang jenenge kuncung mau. Bagian tengah
joglo lawakan, joglo sinom, joglo jompongan, joglo pangrawit, joglo mangkurat, joglo ana pringgitan, lan yen lumebu ing mburi dhéwé ana dalem.
hageng, joglo semar tinandhu, lan saliyane. Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku
payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar. Ing jaman saiki wis arang banget 2. Nemtokake Pokok-pokok Isine Wacana
ditemokaké omah wangun joglo. Pituduh Kagem guru:
Biasané omah joglo iku ana gebyogé kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong Para siswa didhawuhi nemtokake pokok-pokok isine kang ana ing sajroning wacan “Omah
pérangan utama yakuwi Pendhap lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep sing Joglo”.

Page 8
Sawise wacan “Omah joglo” kowaca, coba saiki tulisen pokok-pokok isine saben paragraf lumakuweng : lumaku + ing
wacan kasebut! maharsi : maha + arsi
a. ..................................................................................................................................... nateng : nata + ing
b. ..................................................................................................................................... b. Tembung saroja
c. ..................................................................................................................................... Tembung Saroja yaiku tembung rangkep, maksudipun tembung kalih ingkang tegesipun
d. ..................................................................................................................................... sami dipunangge sesarengan.
e. .................................................................................................................................... Tuladha
abang branang
3. Nggawe Pitakonan Adhedhasar Isine Wacana babak belur
Pituduh kagem guru: esuk sore
Para siswa didhawuhi nggawe 5 pitakonan adhedhasar isi wacan “omah joglo”. raja pati
Sawise kowaca batin wacan kanthi irah-irahan “Omah joglo”, mesthine kowe wis ngerti apa rai gedheg
isine wacan kasebut. Coba saiki gawea 5 pitakonan adhedhasar isine wacan kasebut.
Tuladha: Omah joglo kalebu omah saka tlatah? Pituduh kagem guru:
Garapen kaya tuladhane! Para siswa didhawuhi nggoleki tembung kang kalebu tembung saroja, lan tembung kang
a. .......................................................................................................... kalebu tembung garba saka wacan “Omah joglo”.
b. ........................................................................................................... Sawise kosinaoni bab tembung garba lan tembung saroja, mesthine kowe wis ngerti
c. .......................................................................................................... tuladhane tembung-tembung kasebut. Coba saiki goleka tembung kang kalebu tembung
d. .......................................................................................................... garba lan kalebu tembung saroja saka wacan “Omah joglo”!
e. ......................................................................................................... No Tembung saroja Tembung garba
1.
4. Kawruh Basa 2.
a. Tembung garba 3.
Tembung garba yaiku tembung loro utawi luwih sing digandheng dadi siji. 4.
Tuladha
5.
Aglis : age + gelis
kadya : kadi + kaya

Page 9
5. Nemtokake Nilai-Nilai kang ana ing Sajroning Wacan 7. Nginterpretasi makna
Pituduh kagem guru: Pituduh kagem guru:
Para siswa didhawuhi nemtokake nilai-nilai kang ana ing sajroning wacan “Omah Para siswa didhawuhi goleti makna sing kakandhut ing sajroning wacan “Omah Joglo”
Joglo”. Coba saiki goleti makna sing kakandhut ing sajroning wacan “Omah joglo” kanthi
Sawise kowaca wacan “Omah joglo”, coba saiki aturna nilai-nilai apa wae kang persepsi dheweh-dhewe!
kakandhut ing sajroning wacan kasebut!
a. ............................................................................................................ 8. Menehi Panemu utawa Tanggepan Isine Wacan
b. ........................................................................................................... Pituduh kagem guru:
c. ........................................................................................................... Guru ngarah-arah siswa supaya nggatekake wacan “Omah joglo”. Para siswa diajak
d. ........................................................................................................... nindakake kegiyatan namatake, nakokake, ngumpulake informasi, ngasosiasi lan
e. ............................................................................................................ ngandharake panemune marang wacan “omah joglo” kanthi tumemen.
Tindakna kegiyatan-kegiyatan ing ngisor iki kanthi temenan!
6. Dhiskusekake Nilai-nilai kang ana ing Sajroning Wacana karo Kahanan 1. Gatekna wacan “omah joglo” kang wis tau disinaoni!
Masyarakat 2. Menawa ana kang durung komangerteni bab isine wacan kasebut, nyuwuna pirsa
Pituduh kagem guru: marang bapak utawa ibu guru!
Para siswa didhawuhi nggawe klompok karo kancane wong loro. Saben kelompok 3. Tulisen bab-bab wigati kang diandharake marang bapak utawa ibu guru kang
didhawuhi ngrembug bab gegayutane nilai-nilai kang ana ing sajroning wacan “Omah gegayutan karo isine wacan kasebut!
joglo” karo kahanan masarakat saiki. 4. Dhiskusekna bareng kanca sekelasmu saperlu nganalisis panemu utawa tanggapan
bab wacan kasebut!
Ing gladhen sadurunge, kowe wis nemtokake nilai-nilai kang ana ing sajroning 5. Salah siji siswa maju neng ngarep kelas saprelu ngandharake hasil dhiskusi bab
wacan “Omah jogglo”. Saiki, dhiskusekna karo kancamu wong loro bab gayutane nilai- panemu utawa tanggapan bab wacan “omah joglo”!
nilai kang ana ing sajroning wacan mau karo kahanan masarakat saiki! Rembuken kanthi
rukun, banjur tulisen asile ing papan panggonan kang wis cicawisake ing ngisor iki! 9. Nanggepi Isine wacan
a. ............................................................................................................ Pituduh kagem guru:
b. ............................................................................................................ Para siswa didhawuhi maju siji-siji neng ngarep kelas saprelu nanggepi isine wacan “
c. ........................................................................................................... Omah joglo”. Guru nimbali siswa kanthi acak.
d. ............................................................................................................

Page 10
Ayo padha menehi tanggepan! Coba saiki wenehana tanggepanmu bab isine wacan PIWULANG 4
“Omah joglo.”! kowe bisa menehi panyaru utawa pamrayoga. Gunakna basa kang becik CERITA CEKAK
lan gampang dimangerteni.
A. Nganalisis Cerkak
10. Nyritakake ulang wacan Pituduh kagem guru
Pitudhuh kagem guru Guru ngarahake siswa supaya nggatekake artikel kanthi irah irahan “Ora Bersyukur”
Guru ndhawuhi Para siswa maju siji-siji nyritakake ulang wacana bab omah adat jawa siswa banjur ndiskusikake karo kancane bab isine artikel tersebut. Umpamane kepiye
lan gunakna basa kang becik. carane nuduhake rasa bangga marang kasusastran Jawa kang maneka warna utawa
piweling apa sing bias dijupuk saka artikel kasebut. Siswa nindhakake tugas kasebut
Sawise kowaca wacan “Omah joglo”, coba saiki Para siswa maju siji-siiji nyritakake kanthi kagiyatan ing ngisor iki.
ulang wacan bab Omah joglo kang uis diwaca mau kanthi basa kang becik Peling
Crita cekak (cerkak) iku karangan gancaran kang cekak, ora luwih saka 10.000
11. Nanggapi pencritaan tembung.Kira-kira 3 nganti 10 kaca.
Pitudhuh kagem guru Amarga cerkak kalebu karya sastra, mula ing sajroning cerkak ana unsur unsur
Guru ndhawuhi Para siswa siji-siji kango nanggepi kasil crita sing dijlentrehake kancane pandhapuke. Unsur unsur cerkak kasebut kabedakake dadi unsur intrinsik (unsure ing
bab omah joglo. jero) lan unsure ekstrinsik (unsur ing jaba).
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak. Kang
Mesthine, kanca-kanca liyane uga nduwe tanggepan kang beda beda. Sakwise menehi mangaribawani (mempengaruhi) dianggite sawijining novel saka unsure ekstrinsike iku
tanggepan kasile kancane, kanca-kanca liyane uga kena menehi tanggepan babagan antarane:
panemumu mau. a) Agama
b) Ekonomi
c) Sosial
JOGLO OMAH d) Pendhidhikan lan
e) Budaya

JAWA
Unsur instrinsik yaiku tema, paraga, atak, latar/setting, sudut pandang, basa,
alur/plot, lan amanat
a. Tema: ide/ pokok pikiran.

Page 11
Tema yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undrane perkara crita. Tuladha 2) Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanansaiki, diterusake
kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, katresnan lan sapanunggalane ngandarake kahanan sing kapungkur
b. Paraga 3) Alur campuran
Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga ing h. Amanat
crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan liyane. Paraga Amanat yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kapundhut ing sajroning crita,
kaperang dadi 3 : kanga arep diwenehake pangripta marang pamaca.
1) Paraga utama sing uga dijenengi protagonis 1. Maca Batin
2) Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis Pituduh siswa didhawuhi maca batin tuladha kutipan teks cerkak Basa Jawa ing ngisor
3) Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis iki kanthi tumemen
c. Watak Wacanen jroning batin cerkak ing ngisor iki!
Watak, yaiku tandha-tandha fisik dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lsp) lan tandha-
Gara – gara Warisan
tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter/bodho, lsp.)
d. Latar/setting “Sejatine aku ora kepenak yen terus – terusan cecongkrahan marang kang Narto, sing
ora liya tunggal mbarepku dhewe. Nanging aku ya ora salah, sapa wonge sing ora lara
Setting utawa latar yaiku papan, swasana, lan wektu dumadine crita. Papan iki bisa atine yen hak e di kroyok dening wong liya?” Mangkono celathune Marni sajroning ati.
ana ing pasar,dalan sawah, kantor, lan sapanunggalane. Wondene wektu iku ana Dheweke isih durung bisa narima tumindake kakange sing ngrebut hak e. Banda donya
kang ditinggal dening wong tua wis salumrahe di endum rata marang kabeh tunggal.
awan, sore, bengi, esuk.
Nanging yen iki ora, Narto sing rumangsa mbarep tur anak lanang dhewe mulane kabeh
e. Sudut pandang warisan wong tuane didhaku duweke dhewe.
Sudut pandang yaiku posisine pangripta ing crita utawa carane pangripta nyritakake Pancen keluargane almarhum mbah Paijo iku bisa diarani keluarga kang sedhengan.Apa
– apane sarwa kacukupan ora kurang ora luwih. Kabeh kuwi awit saka setiti lan tekune
isine crita. Pangripta bias dadi tokoh ing crita kuwi, uga bisa dadi pengamat wae ing mbah Paijo anggone sengkut makarya, mulane bisa nyukupi kebutuhan keluargane,
njaba crita. ngingoni anak bojo. Mbah paijo uga sregep ing sesrawungan karo tangga
teparo.Menawa duwe turahan rejeki uga ora eman anggoni nyiprati rejeki marang
f. Basa
tanggane.Mulane mbah Paijo didadekna sesepuh ing dhusune.
Basa yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita Putrane mbah Paijo telu. Sing mbarep lanang jenenge Narto, nomer loro wadon
g. Alur/plot jenenge Marni, lan sing ragil ya wadon jenenge Narti. Tetelune wis mentas kabeh, uga
wis padha omah-omah kabeh. Mbah Paijo anggone ndhidhik anak-anake bisa diarani
Alur yaiku urut urutane kedadean ing crit. Bakune crita saka wiwitan nganti teka keras.Menawa anak-anake duweni salah mbah Paijo ora eman anggone menehi ukuman
pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian). Alur kaperang dadi 3 : kang trep. Mbah Paijo uga ora nate nguja panjaluke anak-anake. Menawa dianggep ora
perlu, mbah Paijo wis mesthi ora nuruti panjalukane anak-anake.
1) Alur maju (progresif) yaiku alur sing nyeitakake utawa ngambarake kahanan
saiki kanthi sateruse

Page 12
“Le, nduk, aja sepisan-pisana kowe “Kowe mbiyen rak ya wis diparingi Sapi cacah loro rikala arep omah – omah karo
tumindak goroh marang sesama, yen bojomu ta? Genea isih kurang anggone nampa paringane Bapak. Lan gendhuk Narti uga
kowe ora kepingin nemahi wis ditumbaske sepedha motor anyar, apa ya isih kurang?” Narto nambahi saurane karo
cilaka!”.Ukara iku tansah dadi rada banter maneh.Sajake dheweke rumangsa menangan dhewe.
pangeling-eling marang anak-anake “Uwis ya ngger, aja diterusake padudon iki.Bisa padha bubrah anggonmu tetunggalan
sadurunge mbah Paijo tinimbalan mengko”. Ibune sing ora liya bojone almarhum Mbah Paijo melu ngendikan kanthi
dening Gusti kang akarya jagad. Mbah nangis banter.
Paijo iku kalebu wong kang pinunjul. “Mboten mbok, kula tetep mboten trima.kula kepingin kabeh iki di andum rata. Putrane
Kabeh omongane digugu dening akeh bapak iku telu, ora mung kang Narto thok sing serakah iki. Kula lan gendhuk Narti uga
wong ing sakitare. Nanging sing anake bapak, wis sakmesthine uga oleh bagian”.
diemani ora dawa umure. Dheweke “Sampun kakang, mbakyu hu . .hu . . hu. Aku bisa nampa yen ora oleh jatah, nanging
murud ing kasedan jati amarga aku ora trima menawa paseduluran iki bubrah”. Sing ragil uga melu nangis, mangerteni
nandang gerah rada suwe. Ora mung tumindak kakang lan mbakyune sing padha kaya bocah cilik. Kaya Asu sing padha
bojo lan putra wayahe sing rumangsa rebutan balung.
kelangan, nanging uga para tangga teparo sing nganggep mbah Paijo iku dadi sesepuhe “Yen kang Narto panggah ora gelem ngandum, luwung aku medhot paseduluran iki.
dhusun. Sayange maneh, anak-anake malah padha cecongkrahan rebutan warisan sing Ora ana gunane aku nduweni tunggal sing malak”. Marni nimpali maneh kanthi rasa
kudune padha nandang sungkawa. anyel, nesu, muntab marang tunggal mbarepe kuwi.Sakbanjure kuwi dheweke langsung
“Kang, kudune warisan iki di endum rata marang kabeh tunggal.Ora malah kok dhaku lunga klepat tanpa gunem.
dhewe!” mangkono ujare Marni nganyaki rembugan. “Oalah gusti, lelakon kok kados mekaten.Kirang menapa anggen kula ndhidhik putra-
“Ora, aku iki anak mbarep lan aku uga anak sing lanang dhewe. Wis sakmesthine yen putra menika?Ngantos nemahi panandang kang awrat menika.Hu . . hu ..hu”. Garwane
warisan iki dadi duwekku”.Saurane Narto karo rada kasar. almarhum mbah Paijo banjur njlomprong, nangis ora uwis-uwis mikirake anak-anake
“Uwis ta kangmas, mbakyu.Kabeh iki ora perlu didadekna barang rebutan. Kudune sing padha congkrahan amung gara-gara warisan.
awake dhewe iki ngerti empan papan. Bapak nembe mawon kapundhut dening Gusti Dina kuwi seminggu pas anggone mbah Paijo ninggalake anak bojo ing alam donya
kok, malah padudon masalah warisan”.Narti melu nyloroh pacelathone tunggal- iki.Nanging Marni uga urung katon ing omah kuwi.Kamangka bengi kuwi arep ana
tunggale. slametan mitung dinani sedanipun mbah Paijo. Narti wis wiwit nggresah lan takon ing
Wis dadi adate wong Jawa jaman mbiyen menawa sing nduweni hak nampa warisan sajroning batine dhewe, “Njur neng ngendi mbakyu Marni iki, nganti mitung dinani
iku anak pambarep lan anak lanang. Anak wadon iku amung oleh jatah menawa anak almarhum bapak kog durung katon. Apa pancen atine isih durung bisa nampa marang
pambarep gelem andum bagian.Nanging ora jamak lumrahe yen budaya kuwi isih di tumindake kang Narto?”
anggo ing jaman saiki. Saiki jamane emansipasi, kabeh nduweni hak kang padha mulane Ing papan liya, Marni isih mangkel marang kakange. Atine wis kadhung lara pindha sega
pratelan mau wis ora trep ing jaman saiki. wis owah dadi bubur.
“Mbiyen, rikala bapak tasih gesang nate meling menyang aku menawa mbesuk sing “Pancen kebangeten tenan kang Narto kae, ora jamak lumrahe duwe tunggal kok
dikon ngrumat warisane bapak iku aku. Ya pomahan, kebon, lan kabeh tinggalane malakke ora jamak.Uthil methithil, uga kasar marang Ibu lan tunggal”.Ora ngertia ujug-
bapak iku dipasrahake marang aku dadi ora salah menawa kabeh iki dadi duwekku”. ujug Marni dikagetake tekane adhine wedok, Narti.
Saurane Narto karo rada goroh. “Oalah mbakyu, ngerti yen bengi iki arep mitung dinani sedane Bapak kok malah ora
“Aku ora percaya kang, putrane bapak iku iku ora mung kang Narto thok.Aku lan ngetok babar blas. Apa mbakyu isih durung trima marang kang Narto?”Guneme Narti
gendhuk narti iki uga nduweni hak kanggo nampa warisan iki”.Marni isih urung bisa gewe kaget mbakyune.
narima. “Aku ora bakal nemoni maneh tunggal kang wis nglarani ati.Dak sidakna umure ora
dawa”.Marni semaur kanthi gregeten.
Page 13
“Gusti Allah, mbakyu. Eling mbakyu, ora apik ngendikan kaya mangkono marang
tunggale dhewe.Arepa piye wae kang Narto iku tetep tunggale dhewe. Mara gage Sawise kowaca batin cerkak kanthi irah irahan “Gara-gara Warisan”
nyuwun pangapura marang Gusti, uga nyuwun muga-muga kang Narto enggal diparingi mesthine kowe wis ngerti apa isine crita kasebut. Coba saiki gaweya 10
sadar dening Gusti. Banjur saiki ayo enggal menyang omah, ngesakake ibu dhewekan
pitakonan adhedhasar isine cerkak kasebut.
anggone nyiapake slametan kanggo mengko bengi”. Narti mangsuli supatane
mbakyune mau kanthi sabar. Tuladha :Sapa kang nyebabake sakbehing perkara ing cerita mau?
Ora wetara suwe bocah loro mau tekan omahe Ibune, nanging endah kaya ngapa Garapen kaya tuladhane!
kagete mbareng tekan panggonan kang dituju. Ing omah kono wis akeh wong padha a. ……………………………………………………………………...........
ngumpul, ana sing ngurus piranti layon, uga ana sing usung-usung kursi.
b. …………………………………………………………………………...
“Gusti allah, ana apa kae nduk ing ngomah? Kok rame temen wong padha ngumpul?”
c. …………………………………………………………………...............
pitakone Marni marang adhine.
d. …………………………………………………………………………..
“Duka mbakyu, aku mangkat mau ora ana apa-apa kok”.Saurane adhine.
e. ……………………………………………………………………...........
“Pak, wonten menapa menika kok tiyang sami ngempal ing griyanipun Ibu kula?”
f. ………………………………………………………………...................
pitakone Narti marang sawijining tiyang kang wira-wiri ing sakitar omahe ibune.
“Lho, dhik Narti ki kepiye ta?Kok malah durung reti.Kae kang Narto seda, lagi wae
g. ……………………………………………………………………….......
kecelakaan ing dalan nalika bali tuku piranti kanggo mitung dinani almarhum mbah h. …………………………………………………………………………..
Paijo”. “Hehh….!!!, saestu pak?” bocah loro semaur bareng kanthi kaget. Banjur i. …......……………………………………………………………….......
bocah loro kuwi mlayu ana njero omah. j. …………………………………………………………………………..
“Kang Narto, paringana ngapura kula. Hu ..hu ..hu. Kula mboten nggadhahi niatan
kangge nyupatani kakang”.Marni bengok seru kanthi ora bisa nahan eluh tumetes ing
pipine.
“Sampun mbakyu, pancen menika sampun dados garising kang kuwasa”.Adhine
ngelingake marang mbakyune.
Ora ana paedahe menawa cecongkrahan iku ditindakake.Apa maneh marang tunggal Garapan Omah
dhewe, lan amung gara-gara rebutan warisan. Wusana padha nemoni bilahi ing tembe.

Heri Purnomo, 2011


Ing piwulang sakdurunge, kowe wis gladhen nggawe pitakonan bab isine cerkak
***
basa Jawa kanthi irah-irahan “ Gara-gara Warisan”. Saiki kanggo gladhi
pemahamanmu bab isine crita kasebut, tindakna prentah-prentah ngisor iki kanthi
2. Nggawe Pitakonan Adhedasar Isine Cerkak mandhiri !
Pituduh kagem guru : 1) Ijol-ijolna pitakonan sing wis kogawe mau karo kancamu sekelas!
2) Wangsulana pitakonan sing wis digawe kancamu mau kanthi bener!
Para siswa didhawuhi nggawe 10 pitakonan adhedhasar cerkak “Gara-gara Warisan”
3) Tuduhna marang kancamu sing gawe pitakonan supaya dikoreksi!

Page 14
3. Nganalisis Unsur-unsur pembangun teks Sakwise kowaca cerkak “Gara-gara Warisan” coba saiki aturna nilai-nilai
Pituduh kagem guru : luhur apa wae kang kakandhut ing sajroning cerkak kasebut kanthi kritis!
Para siswa didhawuhi nganalisis unsure-unsu intrinsik kang ana ing sajroning crita Garapen ing papan kang wis disedyakake!
cerkak “Gara-gara Warisan”.
a. ………………………………………………………………………
b. ………………………………………………………………………
Ayo gladhen nganalisis unsur-unsur intrinsik kang ana sajroning cerkak c. ………………………………………………………………………
“Gara-gara Warisan” kanthi ngisi tabel ing ngisor iki! Dhiskusekna karo d. ………………………………………………………………………
kelompokmu! e. …………………………………………………………………………
…………………………………………….
No Unsur Intrinsik Wangsulan
5. Nggayutake Pitutur Luhur Ing Sajroning Cerkak karo Kahanan Masyarakat
1 Tema Pituduh Kagem Guru :
2 Paraga
3 Watak Para siswa didhawuhi nggayotake pitutur utawa nilai-nilai luhur kang ana ing sajroning
4 Latar/setting cerkak “Gara-gara Warisan” karo kahanan masyarakat saiki.
5 Sudut Pandang Ing gladhen sakdurunge, para siswa nemtokake pitutur utawa nilai-nilai kang ana ing
6 Basa
7 Alur sajroning cerkak. Saiki gayutna pitutur utawa nilai-nilai kang ana ing sajroning cerkak
8 Amanat mau karo kahanan masyarakat saiki!gatekna tulahane!
a) …………………………………………………………………………………….
b) …………………………………………………………………………………….
4. Nemtokake Nilai-Nilai ing sajroning Cerkak c) …………………………………………………………………………………….
Pituduh kageem guru : d) …………………………………………………………………………………….
Para siswa didhawuhi nemokake pittur luhur utawa nilai-nilai luhur kang ana ing e) …………………………………………………………………………………….
sajroning cerkak kanthi irah irahan“Gara-gara Warisan”.

Page 15
d. Artagonis
Uji Kompetensi
e. Sastragnis
A. Wenehna tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d utawa e kag koanggep 5. Dene paraga kang dadi lakon crita utawa pameran utama diarani …
wangsulan palng bener! a. Sastragonis
1. Wong kang nulis cerkak diarani ….. b. Artagonis
a. Pengarang c. Tritagonis
b. Arkais d. Antagonis
c. Novel e. Protagonist
d. Penulis 6. Gambaran papan kadadean, wektu lan swasana uga diarani …..
e. Filatelis a. Latar
2. Sing ngarang cerkak “Gara-gara Warisan” yaiku... b. Blocking
a. Suparta Brata c. Alayar
b. Nur Hidayanti d. Kelir
c. Supardi Djoko Damono e. babak
d. Heri Purnomo 7. Ing ngisor iki sing ora klebu unsure intrinsik cerkak, yaiku ……
e. Ki Narto Sabdo a. Tema
3. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite sawijning cerkak saka unsure b. Amanat
ekstrinsik iku antarane kaya ing ngisor iki kejaba……. c. Paraga
a. Paraga d. Agama
b. Ekonomi e. Alur
c. Agama 8. Tandha tandha fisik lan tandha non fisik kang diduweni paraga biasa diarani...
d. Sosial a. Watak
e. Pendhidhikan b. Latar
4. Paraga iku kaperang dadi 3 dene paraga mungsuh iku uga diarani… c. Basa
a. Antagonis d. Amanat
b. Protagonist e. Sudut Pandang
c. Tritagonis

Page 16
9. Alur kang nyeritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sakteruse PIWULANGAN 5
yaiku alur…. SINAU AKSARA JAWA
a. Campuran SANDHANGAN MANDA SWARA
b. Maju
c. Mundur A. Sejarah Aksara Jawa
d. Alur/plot Carita Aji Saka iku nyritakaké Aji Saka
e. Kabeh wangsulan bener saka India sing mara ing Tanah Jawa. Banjur Aji
10. Posisine pangaripta ing crita utawa carane pangripta nyeritakae isine crita Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné
yaiku… kanggo mèngeti rong panakawané sing setya
a. Amanat nganti pati: Dora lan Sembada. Loroné mati
b. Basa amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu.
c. Latar Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara
d. Sudut pandang Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
e. Tema Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka
urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné “hana caraka“. Urutan dhasar aksara
B. Garapen manut prentahe! Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa.
1. Tulisen apa wae kang kalebu unsur intrinsik cerkak! Ing bab iki siswa bakal sinau sandhangan manda swara kang ana ing aksara Jawa.
2. Tulisen apa wae kang kalebu unsure ekstrinsik cerkak!
1. SandhanganManda Swara “ng” (……=….: cecak )
3. Tulisen tanggepanmu marang isine cerkak kasebut!
4. Coba sebutna paraga kang ana ing cerkak ing dhuwur, uga sebutna
watak/karakter saben paraga mau!
5. Sebutna telu wae irah irahan cerkak sing kongerteni!

Page 17
Tuladha kanggo nulis tembung :
3. Sandhangan Manda Swara “h” ( ……..h : wignyan )
Kacang :kc=larang : lr=kunang : kun=

Kembang :kemB=jenang : jen=anteng : anTe=

2. Sandhangan Manda Swara “r” (………./…..: layar )

Tuladha kanggo nulis tembung :

Gajah :gjh wadhah : wdh wegah : wegh

omah :[aomhpejah :pejhlemah :2mh

Tuladha kanggo nulis tembung :

Melar :mel/ seger : sege/ kurma : ku/m

amarga :a m/g sarta : s/t lemper : 2mPe/

Page 18
B. Teks ing ngisor iki wacanen banjur salinana nganggo aksara latin !
rmMn.skWi[sSbvuficmPu/,dukunPez[nTnZfniprsepuhput]ik=pini
Pituduh kagem guru:
Para siswa didhawuhi maca aksara ing ngisor iki banjur salinana nanggo aksara jiamBksijivirmMic[lonPez[nTn,pu=ksS[nNrmlnHibu[n.rm
latin.
Pu=sirmMnNulininFkK[kacrpechp[m/o.cr[n,knDip]tlsi=aisib
?anDudukHnDudham]ih2sTri[nbufyjwai=bbHffTtcrpez[nT
vu,bvu[nficu/r[k[fni=rm[nk=[gowufutum]pC[lonPez[nTnPu
nNn\
t]isi=musLim\[f[nsliy[ncukupK=[goraupZnTibvu[nae[nTk\,[y
?slhsiji[naftTtcrpez[nTnNn\yaikusirmMnC[lonPez[nTn\,
nKenDiwi[sKo[q=obvJu/ficekelBx=[fni=rmlnHibu[n,kenDifitibkK[k
skFuru=[zacrsirmMnC[lonPez[nTnPut]i,sefinskFuru=[z,si=fu[wg
autwfibnTi=k[rozucp\:aku[aormechkenDi,nzi=mechpm/[ran
[wwisHutusSnPrg[go[lkBvusumBe/pitu.sumBe/pituautwtukPi
kKu.skWi[sSkenDipech,c[lonPez[nTnPut]ibvJu/fianDukKilnFi[bo
tumaubiswujufSenD=autwsumu/,ffifufubvukli.
[p=olumebukm/busn[fni=rmlnHibu[n,pepinD[nkyfi[[g[nD=o
?skWi[sSc[lonPez[nTnPut]ifibusnnibusnsirmMn\rmBu[tTfi[
knQikebkRst}sNasih,
ao[r,fiknQimijilSkkm/busn,su=kemC[aosBekTiluwihdisikMr=pr
?kpeqikSk:pveb/semzt\mxt\:2005:
sepuhpinijik=2=gh[awisFittskFuru=[z,[j[j/[j[j/,aurutTnSi=[

kri[d[w2=gh[aaibulnRm[nc[lonPez[nTnPut]i.skWi[sSsu=ke C. Pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi milih a,b, c, d, utawa e !
Pituduh kagem guru:
mPzbekTi,c[lonPez[nTnPut]itumulifiknQi[fni=rmlnHibu[nm Para siswa didhawuhi wangsulen ing ngisor kanthi milih a,b, c, d, utawa e.
1. Irah – irahan wacan ing dhuwur …..
vJi=ppnPsirmMn\,c[lonPez[nTnPut]ifi2=gha[kai=ppnSirmMnK=
a. Ndhudhuk Ndhudhuk Lestarine Budaya Jawa
wisCinwisS[k.rmlnHibu[nbvJu=nmPbvusumB/pituskprgk= b. Ndhudhuk Ndhudhah amrih Lestarine Budaya Jawa ing Bab Adat Tata
Cara Pengantenan
piniji,sbvJu=[rbvusumB/pitukcmPu/r[kai=jemBznK=axpFia_[gosi
c. Ndhudhuk Ndhudhah Adat Tata Cara Pengantenan
d. Ndhudhuk Ndhudhah Lestarine Budaya Jawa Pengantenan

Page 19
e. Ndhudhuk Ndhudhah Lestarine Budaya Jawa ing Bab Adat Tata Cara WASITA ADI
Pengantenan ( KATA-KATA MUTIARA)
2. Sak durunge acara siraman calon penganten putri, sedina sakdurunge sing duwe gawe
1. Triprakara kang tankena kapurba dening pangwasaning manungsa; siji tekaning
utusan golek….
kabegjan, loro temuning jodho, lan telu tibaning pati
a. Kembang werna pitu
2. Manungsa wenang angrancang, muhung gusti kanga paring pasti.
b. Kembang telon
3. Ing lair angudi kardi, jroning batin angesti gusti.
c. Banyu sumber pitu
4. Sapa sugih sedulur sasat sugih apager wesi.
d. Banyu putih
5. Sapa weruh panuju bakal rahayu lan bakal katekan kang dituju.
e. Banyu kali
6. Sapa tekun kanthi ateteken mesti bakal katekan.
3. Lenggahe wis ditata sakdurunge, jejer – jejer, kang lenggah urutan keri dhewe yaiku…
7. Aja lali sumber mundhak aber, lali sumber bakal ketiwasan.
a. Para tamu
8. Sing sapa mbibiti ala wahyune bakal sirna.
b. Dhukun manten
9. Kridhaning ati tan bisa mbedhah kutahing pasti, budhi dayaning manungsa ta kuwawa
c. Sedulure
handhuwa garisig kang kuwasa.
d. Mara tuwane
10. Dak gegadhang ing tembe dadya janma pinasthika kang kasinungan triprakara: guna
e. Rama lan ibune
gunem myang gunawan. Gunalire kasinungan kapinteran lan migunani bebrayan :
4. Rampung siraman nuli nindakake…
gunem werdine micara sarta mardawa basa. Gunawan tegeseanteng lan antep.
a. Sungkeman
11. Dadosa tiyang ageng ingkang agung, ageng kalenggahanipun sarta kawibawanipun
b. Mecah pamor
miwah agung bebudenipun. Antrang bebasan her gung raja manung, dasar sugih sigih
c. Dulangan
turta sembada ing samudayanipun.
d. Mecah endhog
12. Dadya janma pinastika mustikaning pra sujanma kang kawawa nahen hawa, bangkit
e. Kacar – kucur
angendali diri sanityasa: karyanak tyasing sasama, nindaake trikarsa bdaya, amemayu
5. Wacan ing dhuwur kapethik saka….
hayuning bawana.
a. Panyebar Semangat
13. Aja kesusu ngluputake benering liyan, lam aja sumengka andhaku sarta
b. Joko Lodhang
mbenerake lupute
c. Ariwarti Jawa
d. Piwulang Basa Jawa
e. Pinter Basa Jawa

Page 20
MODUL BASA JAWI
SMK NEGERI 1 CEPU
KELAS X

Nama :
Kelas :
No.Abs :

Page 21
Page 22

You might also like