You are on page 1of 6

Mbah Man Bakpao

Flo. K. Sapto W

“Pao…. pao…,” Suwarane Mbah Man cemengkling sore iku. Antarane jam 16.30 tekan
jam 17.00 suwara iku tansah keprungu sakubenge perumahan. Mbah Man wis dadi apalane
bocah-bocah. Kerep malah wis dha dienteni tekane. Sakjane bakpaone Mbah Man dudu sing
paling enak. Mung wae mesthi isih anget. Jalaran Mbah Man olehe ider nganggo omah-omahan
sin ana anglone. Dadi bakpaone terus dipanasi nganggo anglo sing didadeni ing sajroning omah-
omahan iku. Dene omah-omahan iku didokokake ing boncengan pit.
Mbah Man udakara umur 65 – 70 taun. Rambute wis katon putih kabeh sanajan
ketutupan pecis ireng. Panganggone sasat ajeg. Klambi batik lengen dawa sing wis rada luntur.
Lengene ora dibenikake. Celana dawa ireng ana tilas jahitan tambalan ing sisih mburi. Sandal
plastik coklat. Saka pakulitane ketok yen uripe tansah nyambut gawe abot. Tumpakane pit onthel
wedok.
Embuh ana sing tuku apa ora, Mbah Man ajeg murugi laladan kene. Wayahe ya kurang
luwih padha. Saben dina ider kanthi rute sing uga padha. Anehe, saben mlebu ing perumahan,
Mbah Man mesthi mudhun saka olehe ngepit nuli ider kanthi nuntun pit.
Sepisanan aku meruhi Mbah Man nalika bar pindhahan saka omah kontrakan. Wektu
semana kahanan isih sepi. Lagi ana 10 kaluwarga sing mapan ing perumahan.
“Kok mboten ditumpaki ta, Mbah?” pitakonku nalikane Kanya -anakku sing lagi kelas
TK gedhe- njaluk ditukokake bakpao.
“Pun nate jeh,” wangsulane Mbah Man sembranan.
Aku mung mrenges mrangguli gojegane dheweke.
“Sing isi keju, isi coklat, napa isi kacang ijo?” Mbah Man takon karo mbukak lawang
omah-omahane bakpao.
“Keju kalih, kacang ijo kalih,” alokku tuku papat. Sire kanggo mbake sing momong
Kanya sisan yen gelem. Mbah Man banjur njupukake bakpao lan diwadhahake tas plastik.
Nalikane dak ulungi puluhan ewu telu karo dak omongi yen ora sah disusuki, Mbah Man
panggah ora gelem. Aku tetep disusuki.
“Mangke njenengan yen ajeng nukoni kula malih mindak malah pekewet,” panjlentrehe
Mbah Man. Nuduhake yen dhewekke dudu pawongan sing mung adol welas utawa nylekuthis.
Liya dina bareng dak takoni ngapa kok pite ora ditumpaki wae, Mbah Man sumaur, “Nek
kula hle bengak-bengok tawa bakpao niku mlampah nuntun pit, sok sintena sing waune mboten
badhe tumbas, ananging taksih mireng suwanten kula, lan tuwuh krentegipun badhe tumbas,
taksih saged ngawe-awe kula. Sanajan kula pun nglangkungi griyane. Ananging menawi kula
mbablas ngepit, lan pun radi tebih saengga mboten mireng pas dibengoki, lak malah dados
nguciwani.”
Elok temenan andharane Mbah Man. Sajak wis sadhar pemasaran tenan simbah siji iki.
Ngutamakake pelanggan.
“Mbah Man idere dumugi pundi?” aku setengahe nlesih.
“Ngantos tekan perumahan Gedhongan Indah mrika,” ujare Mbah Man mantep.
Gedongan Indah iku sawijining perumahan sing adohe kurang luwih 5 kilo saka nggonku.
“Kula pun ider bakpao niki sakawit taksih lare. SD kemawon mboten tamat. Amerga
bapak kula mlebet penjara. Dumuki sepriki mboten kantenan dununge. Criyose bapak kula
magepokan kalih PKI ing wekdal samanten,” Mbah Man mratelakake dalan uripe tanpa emosi.
Ora nggetuni olehe drop out saka sekolah jalaran ora ana sing ngragadi.
Ing kalodhangan liya aku nakoni kenangapa Mbah Man ora ganti motor wae. Kareben ora
kesel tur le ider isa luwih adoh. Dagangane bakpao isa luwih payu. Mbah Man mung sumaur,
“Kula niku mboten mbujeng cepet, ning saderma pados sing tetep,” Mbah Man paweh katrangan
pilosopis-ekonomis.
“Hla umpami dinten niki kula saged sadeyan ngantos telas, ning benjang malah mboten
pajeng blas, napa mboten tuna kula…,” alesane Mbah Man, “Amerga babahe mboten purun yen
dibalekke wutuh. Bakpaone sing mboten pajeng dicaosi sepalih regine. Mula kula milih ajeg
kemawon. Gampil anggene menggalih. Saged ngentha-entha antawisipun arta medal kangge
setoran bakpao sing mboten pajeng lan arta mlebet saking anggene pepayon.
Mak jleb! Sanajan Mbah Man ora mambu pojok sekolah manajemen bisnis, ning konsep
pemikirane malah wis ngluwihi manajer. Intine manajemen lak pancen menstabilkan pendapatan
supaya bisa gawe ngengrengan rencana kerja lan biaya. Saengga lumakune operasional
perusahaan isa diprediksi. Kaya ngapa angele gawe proyeksi yen pemasukan lan pengeluaran
perusahaan munggah-mudhun ora kantenan.
Pirang-pirang dina sawuse iku aku ora nate keprungu suwarane Mbah Man maneh. Mbok
menawa amarga aku bali nyambut gawe bengi terus. Paling risik jam 21.00 nembe mlebu omah.
Mula ora menangi tekane olehe ider. Nganti ing sawijing week end, wayah sore, lamat-lamat aku
keprungu suwarane Mbah Man. Nuli tak purugi suwara iku. Jebulane Mbah Man mung liwat
sangarepe kompleks. Ora gelem mlebu perumahan. Bareng dak awe-awe, Mbah Man gelem
mbalik lan marani aku.
“Keju loro, kacang ijo loro,” panjalukku kaya biasane.
“Kok mboten mlebet perumahan ta Mbah?” Aku bacutake kanthi pitakonku ngemu
protes.
“Nggih pangapunten…,” raine Mbah Man katon sedhih.
“Hla enten napa jeh?” Aku ndheseg.
“Niku satpame nek njaluki bakpao sak geleme. Yen mung siji kula iklas. Ning nek
ngantos loro tekane telu tur dina-dina mboten mbayar nggih kula kawratan,” pasambate Mbah
Man.
“Woo hla… satpam sing pundi, Mbah?” Aku kaget. Nuli, diwenehi ngerti sapa-sapa wae
satpam sing sok njaluki bakpaone. Kok le kebangeten. Sak kal aku WA kordinatore sekuriti lan
dak andharake polahe satpam-satpam kuwi.
Dina-dina sabanjure Mbah Man isih ora ketok mlebu ing perumahan. Bareng dak tlesih
jebulane saiki portal pager perumahan malah ditutup karo satpam. Lire kanggo njaga keamanan
lan kondusifitas pandemi Covid 19. Aku suudzon kuwi mesthi gara-gara Mbah Man ora gelem
maneh paweh upeti kanggo para satpam. Sak suwene iki pancen ana kebiasaan mengkana iku.
Ora mung tumrap Mbah Man. Ananging meh rata kanggo kabeh bakul sing arep mlebu ider ning
perumahan.
Aku tumuli WA maneh karo koordinatore sekuriti. Njaluk supaya ana kebijaksanaan
tumrape bakul-bakul panganan. Apa maneh saiki nembe ana pembatasan ora entuk metu-metu
saka ngomah yen ora perlu-perlu banget.
“Prayoginipun sapunika mawi gofood kemawon menawi badhe mundhut dhaharan,”
pamrayogane koordinator sekuriti mbalesi WA-ku.
Nuli dak walesi maneh yen ora kabeh panganan isa dituku kanti aplikasi gofood. Mula
driver gofood apa bakul panganan biasa ora sah dibedak-bedakake. Sauger nganggo masker
entuk lumebu. Uga dak andharake menawa satpam iku tugase ora mung njaga keamanan warga.
Ananging, uga mestekake ora ana alangan tumrape warga yen ta arep tetuku kabutuhan-
kabutuhan. Kalebu kabutuhaning warga tetuku panganan sing diiderake dening bakul-bakul.
“Siap, Ndan….,” wangsulane koordinator sekuriti.
Sore iku aku nyepakake masker limang iji arep dak wenehake Mbah Man. Supaya
dhewekke ora kaalangan menawa arep mlebu perumahan. Masker iku satemene jatahku saka
kantor. Mbah Man mesthi kangelan golek masker. Amerga masker ing wektu-wektu iki pancen
dadi barang sing larang regane. Tur angel golekane.
Lockdown wis lumaku rong wulan. Nyenyawang berita ing TV marakake wedi.
Gunggunge wong sing positip kena virus sansaya akeh. Welasan ewu. Sing tumeka ing pati lan
sing mari isih undha-undhi. Wong-wong uga angel banget dikandhani. Pamarintah wus paring
wewaler supaya aja dha metu saka omah. Dene ing dalan isih akeh wong-wong sing nekad
lelungan.
Aku kepikiran Mbah Man. Saperangan minggu pungkasan iki ora katon ider. Aja-aja
Mbah Man uga kena karantina mandiri. Jalaran daerahe nggone Mbah Man kalebu zona merah.
Ana tanggane kepaten. Kabare tanggane kuwi bar bali lelungan saka Sulawesi. Positip Covid 19.
Ndilalah ana pawarta saka bakule sayuran, ngandharake yen Mbah Man lagi wae
kesripahan. Anake lanang sing nyambut gawe dadi operator forklift ing pabrik plastik kena
kacilakan kerja. Anake lanang kuwi ninggalake anak telu lan bojo siji. Dene bojone anake -yaiku
mantune Mbah Man- nyambut gawe ing pabrik tekstil. Mulane Mbah Man bisane ider dodolan
mung sore tekane bengi. Jalaran yen awan kudu momong putune sing cilik dewe. Putu mbarep
wis klas 3 SD. Adhine isih TK cilik. Wayahe methuk sekolah putune sing TK, Mbah Man ngepit
karo nggendhong putune sing cilik dewe. Ewadene putune sing SD wis isa mulih dhewe. Mbah
Man wedok wis 10 tahun kepungkur ndhisiki sowan Gusti.
Aku trenyuh krungu critane bakule sayur kuwi. Kaya ngapa lelabuhane Mbah Man
kanggo anak-putune. Wis ngono isih gelem nyambut gawe golek pangupa jiwa. Lumrahe simbah
kudune wis kari leyeh-leyeh momong putu.
Mula ngepasi ana aksi peduli terdampak pandemi saka warga lingkungan -lan warga uga
oleh ngusulake pawongan sing arep diwenehi donasi- age-age jenenge Mbah Man dak lebokake.
Ananging pas tibane dina aksi peduli, aku malah ora isa ngeterake jatahe Mbah Man. Donasi
sing arep dieterake sak arah karo nggone Mbah Man mung saperangan sithik. Isa digawa
nganggo mobil pribadi. Dene aku nggawa saperangan akeh sing kudu nganggo gran max pick
up, arahe beda karo nggone Mbah Man. Rehning gunggunge akeh mula ora kamot yen mung
nganggo mobil pribadi. Mulane aku mung krungu critane yen anggone donasi ing daerahe
nggone Mbah Man mau malah ora ketemu Mbah Man dhewe. Ketemune mung karo anake
mantu lan sadulure lanang. Sadulure lanang? Maksude sadulure lanang anake mantu mesthine.
Lan miturut katrangan anake mantu, Mbah Man saiki malah wis pindhah.
Hla ngapa Mbah Man ndadak pindhah omah? Batin atiku. Wong ing kana wis seneng
bisa nunggoni anak-putune. Liya dina, aku nuli golek sisik melik saka mbake bakul sayur.
“Hlo, Mbah Man niku diusir lunga saking griyane ture...,” ujare bakul sayur.
“Sapa sing ngusir lunga?” pitakonku kaget.
“Nggih anake mantu niku….,”
“Kok isa….? Hla kuwi lak omahe Mbah Man ta?” Aku nggumun. Ketemu pirang perkara
ana anak mantu bisa duwe wewenang akon lunga mara tuwane. Kamangka dheweke mung nunut
ing omahe mara tuwane.
“Pancen rumiyin gadhahane Mbah Man. Ning, state pun nggene anake mantu sapuniki.”
“Kok isa?”
“Criyose rumiyin pas wonten program sertifikasi siti lan griya saking kalurahan, sing
ngurusaken kancane anake. Lire kancane anake niku pun kerep mbiyantu tiyang-tiyang
ngurusaken sertifikat. Criyose wekdal samanten urusane langkung gampil menawi ngiras pantes
dipun-stat-aken anakipun pindah. Kareben benjang-benjang mboten sisah ngurus turun waris
malih. Mbah Man namung manut. Wong nggih mboten wurung badhe kaparingaken dhateng
anake niku.”
“Hla kok isa pindah dadi jenenge anake mantu,” aku ngampet kepo. Kok ora masuk akal
banget katone.
“Niku nggih panemune kancane anake… surasane kangge nyiasati urusan kalih pajek
balik nama napa pripun ngaten….,” bakule sayur mratelake karo mernahake yen dheweke iku
isih nak ndulur karo Mbah Man. Mulane mudheng banget larah-larehe kadadeyan ing
kaluwargane Mbah Man.
“Terus kancane anake kuwi saiki neng endi?’
“Hla nggih wingi sing teng griyane diaku sedhereke jaler niku....”
“Blaik.... berarti kancane anake kuwi saiki urip dadi siji karo anake mantu Mbah Man?”
pitakonku sajak ndhedhes.
“Hla nggih.... wong sanjange malah pun nikah siri ngaten....,” Mbake sayur sajak
ngudarasa.
“Pas awal-awal nika dipurugi RT-ne kalih pemuda - pemuda, lire ditakeni karepe
kepripun kok dina-dina mapan wonten mriku....,” panjlentrehe mbake sayur sinambi madhahi
kacang panjang pesenane mamine Kanya.
“Teras sanjang menawi sampun gadhah rencana badhe nikah..... nggih nek miturut Pak
RT panci sampun nikah siri.”
“Hla dhekne kuwi satemene kanca apa karo anake lanang Mbah Man?” aku mulai rada
investigatif.
“Niku kancane nyambut damel sesami operator forklift teng pabrik plastik.”
Mak klakep lambeku.
“Criyose sing ngonangi anake Mbah Man kejepit forklift nggih kancane niku....”
candhake mbake sayuran karo menehi susuk.
“Teras sing ngabari menawi anake Mbah Man pejah teng nggaweyan ugi kancane niku....
criyose wekdhal samanten mboten wonten sing saged tetulung sanesipun. Amargi namung anake
Mbah Man kalih kancane niku sing lembur,” punggele Mbake sayur sinambi pamitan.
Aku amem ora isa celathu sawetara. Gedheg-gedheg karo ngematake laku sepedane
mbake sayur tumekaning lurung metu saka perumahan. *

You might also like