You are on page 1of 32

Cerkak

GRAHANA SRENGENGE ING LANGIT WUKIRSARI


NASIBE manungsa lir lakune cakra manggilingan. Ratri aweh pratandha menawa rina bakal
dumadi. Mendhung kang kasapu lesus dadi sarana tumurune udan lan jumedhule srengenge ing
langit resik. Prahara kang mawartakake menawa wayah suka pari suka bakal tumeka. Semono
uga kasangsarane Rinten kang matahun-tahun kasandhang kuwi saiki wus paripurna. Rikala
dheweke gelem dadi simpenane Salimun. Juragan rongsokan kang yuswane wus lingsir.
Ing ruwang ngarep, Rinten nonton televisi anyar 20 in kang lagi wae ditukokake Salimun. Siaran
pawarta operasi garukan para pramunikmat dening para aparat keparat kuwi ngelingake marang
lelakone kang kapendhem jero. Dheweke sanalika kelingan marang kanca-kancane kang isih
makarya dadi perek ing sacedhake stasiun.
Luh mrentul ing pipine Rinten. Wong wadon kang rikala cilike wis ditinggal mati kunduran
dening mbokne. Saengga ora ngerti bapakne kang miturut mbokdhene tega ninggalke mbokne
kang lagi bobot 3 sasi iku mung bisa donga. Muga-muga kanca-kancane enggal ana kang gelam
ngentasake saka kedhung embel. Sadurunge pikirane nglambrang adoh, Rinten krungu lawang
ngarep dibukak sawijine pawongan. Ora luput panggraitane, menawa Salimun kang bukak
lawang.
"Isih sore kok wis nggilir Kang? Aku wedi menawa lelakon iki bakal dikonangi bojomu. Aku
ora pengin gawe perkara. Uripku wis kebak perkara."
"Aku teka saperlu ngudhari perkara. Bojoku setuju menawa kowe resmi dadi bojo nomku.
Amarga dheweke nglenggana menawa ora bisa nurunake anak kang bakal nyambung sejarah
uripku. Sadurunge pletheking srengenge kowe kudu mulih. Sorene aku bakal teka neng
omahmu. Nglamar karo wong tuwamu."
"Aku ora duwe wong tuwa, Kang. Sadurunge neng kutha iki, aku mung urip karo Mbokdhe.
Menawa kowe kepengin nglamar aku, nembunga karo Mbokdhe. Dheweke wis dakanggep wong
tuwaku dhewe."
"Aku manut." Salimun ngrogoh domphet kulit saka sake. Nglolos dhuwit sepuluh lembar atusan
ewon. "Tampanana dhuwit iki kanggo sangumu bali sesuk neng desa!"
"Matur nuwun!" Rinten ngaras pipine Salimun. "Ngombe susu, Kang! Cap Bendera apa cap
Nona?"
"Babagan susu gampang. Sing wigati, aku kudu bali. Nyiapake ubarambe kanggo lamaran.
Enggal dikunci lawange, Ten! Aku ora pengin ana lemut nggepok awakmu."
Rinten jiwit tipis bangkekane Salimun kang kesusu ninggalake omah kontrakan kuwi. Senajan
ora dikeloni Salimun, atine Rinten wengi kuwi bungah banget. Dheweke bakal ketemu karo
mbokdhene kang manggon neng desa.
Ing jaman modern, alam kasunyatan lan pangimpen tansaya ora ana watese. Jam 10 esuk, Rinten
wus tumekeng desa Wukirsari. Marang mbokdhene, Rinten blaka. Menawa mengko sore
dheweke bakal dilamar. Krungu kandhane ponakane, wong wadon tuwa kuwi banjur atur-atur
marang tangga teparone saperlu nyekseni ponakane kang bakal dilamar dening pawongan kutha.
Neng pawon, Rinten kang direwangi Bu Barjo lan Yu Semprul mangsak lan gawe panganan
kanggo nyuguh tamu saka kutha. Krungu wong kulanuwun, Rinten tumuju ruwang ngarep.
Kaget rikala nyawang Salimun kang teka. "Durung jame kok wis teka, Kang?"
"Aku mrene bakal ngenehi dhuwit marang kowe. Dhuwit sayuta kang wingi dakwenehake kowe
kae ora cukup kanggo nyuguh rombonganku kang bakal ngeterake aku mengko sore. Luwih saka
50 uwong. Tampanana dhuwit limangyuta iki! Aku bali sikik."
Rikala ninggalake papan kuwi, neng latar Salimun ketemu mbokdhene Rinten kang mulih saka
atur-atur. Tanpa dimangerteni dening Rinten, Mbokdhene ngunek-unekake Salimun. "Minggat
Bajingan! Aja pisan-pisan wani ngancik neng omahku! Najis!"
Lungane Salimun kang kamigilan kuwi, jalari Rinten takon marang mbokdhene. "Kenging
menapa Mbokdhe duka kalih tiyang kala wau? Tiyang menika ingkang sampun ngukup kula
saking jugangan uwuhe kanistan. Menika wau Kang Salimun ingkang badhe nglamar kula
mangke sonten."
"Aku ora sarujuk. Bajingan kuwi kang ninggalake mbokmu kang lagi mbobotake kowe. Nganti
sadurunge kowe lair, mbokmu tak jak bali neng Wukirsari. Ninggalake pakaryane dadi
pemulung neng kutha."
Rinten kang bobot 2 sasi kuwi, napase ngangsur-angsur. Jantunge karasa mandek ketege.
Sumrepet pandelengane. Jagad katon peteng lelimengan. Bareng kenthongan titir kang tinabuh
dening wong-wong rikala tumapake wektu grahana srengenge, Rinten ambruk ing jogan. [Sri
Wintala Achmad
Kucing Cemani lan Atusan Tikus Iblis
RASA bungahe Dandun ora bisa digambarke maneh kanthi tembung-tembung endah, rikala
omahe wus ora tau kesaba tikus-tikus kang grogoti klambi-kathoke kang kalempit sajroning
lemari, buku-bukune kang ngebaki rak, lan dhuwit dluwange kang kasimpen neng slorokan meja
kerja.
Ora mung Dandun kang ngrasakake bungah, nanging uga Maryati bojone. Wong wadon udakara
umur telungpuluhan kuwi rumangsa wus ora duwe satru meneh sajroning omahe, rikala Mbah
Darus tanggane aweh kucing si Cemani kang bisa brasta tikus-tikus kanthi cakar-cakare kang
landhepe pitung penyukur.
Amarga rumangsa kaputangan budi marang si Cemani, Dandun lan Maryati banjur tansah
migateke kucing kuwi. Aweh pangan sega putih lawuh belanak goreng marang Cemani. Ora
mung ing wanci esuk, nanging uga ing wayah awan, lan sabadane wektu salat ngisak.
"Cemani pancen bisa diandelke, Dhik Mar," kandhane Dandun kang lagi nonton Keep Your
Smile saka salah sawijine stasiun TV sajrone kamar paturon kuwi marang Maryati. "Mulane,
Dhik. Mbokgatekna terus si Cemani! Kucing sekti kang mripate mencorong kaya mripate
malaekat juru pati. Tumrape tikus-tikus kang ora beda koruptor-koruptor ing negri iki."
"Apa kang mbok prentahke kuwi, tansah daklakoni Mas. Cemani ora mung ndakpakani sega
putih lawuh belanak goreng ing wanci esuk, awan, lan bengi; nanging uga tansah ndakrumat.
Daklelithing kaya anakku dhewe."
"Kudu kaya ngono, Dhik!" Dandun sanalika kelingan marang Cemani kang kawit sore mau
durung weruh gemlibete. "Oh ya, Dhik. Kawit bali saka kerja, aku kok durung weruh si Cemani
ya?"
"Aku dhewe ya durung weruh sawuse dakpakani mau awan," kandhane Maryati. "Coba
daktilikane neng pawon. Apa sega putih lawuh belanak goreng wis dipangan Cemani apa
durung?"
"Coba enggal tiliki, Dhik!"
Maryati menyat saka papan paturon. Jumangkah metu saka ruwangan kuwi. Tumuju pawon.
Rikala deleng sega putih lawuh belanak goreng isih wutuh ing sacedhake rak piring, Maryati
bali neng kamar paturone. "Sega putih lawuh belanak goreng isih wutuh, Mas. Apa Cemani bali
neng omahe Mbah Darus ya?"
"Mbok menawa." Dandun mateni TV kanthi remote control. "Ya, wis. Yen mangkono, aku tak
menyang neng omahe Mbah Darus bengi iki. Sapa ngerti Cemani neng kana."
"Aku melu, Mas."
Sawuse nyaut senter sadhuwure lemari, Dandun lan Maryati metu saka ruwang paturon. Ngunci
lawang omah ngarep. Tumuju omahe Mbah Darus. Nanging sawuse tekan papan kang dituju,
Dandun lan Maryati kaget menawa Mbah Darus tilar donya sawuse mangerteni menawa racun
kang kanggo brasta tikus-tikus neng omahe kuwi malah gawe tiwase si Cemani.
Mangerteni Cemani dadi bayangan, Dandun lan Maryati getun kepati. Tan beda Mbah Darus
putri kang ditinggal mati dening bojone kuwi, praupane Dandun lan Maryati sanalika kaya langit
kang kasaput mendhung angendanu. Wong loro kuwi kaya sakloron wong tuwa kang ditinggal
mati dening anake dhewe.
Adan subuh ngumandhang saka salah sawijine mesjid ing desa kuwi. Dandun lan Maryati kang
sawengi melu tuguran ing sapinggire layone Mbah Darus mulih neng omahe kanthi gawa layone
Cemani kang diulesi mori putih. Sawuse tekan plataran omah, wong loro kuwi ngubur Cemani
kanthi luh gegrontolan ing pipi.
Cemani wus dikubur kanthi tata cara kang murwat. Lagi wae jumangkah tumuju lawang omah
ngarep kang bolong sapiring jembare kuwi, Dandun lan Maryati sanalika gigilen kaya wong lagi
deleng memedi. Wong loro kuwi kaya ora percaya rikala sakloron mripate meruhi atusan tikus
kang metu saka bolongan lawang kuwi.
Bareng pletheke srengenge ing bang wetan, tikus-tikus kang tumeka lan lungane kaya iblis kuwi
musna kaya lebu katiyup angin. Kanthi jumangkah alon, Dandun lan Maryati lumebu sajroning
omah.
Wong loro kuwi sanalika kaya reca urip; sawuse mangerteni menawa klambi, kathok, buku, lan
dhuwit dluwange ludhes tan bisa dialap. Kaya kang dirasakake Maryati, Dandun uga ngrasakake
menawa kahanan klawu sajrone omahe kuwi ora beda kahanan kang lagi manempa marang
negarane.
Crita Pungkasan Maling lan Babu
Bres. Mendhung kandel kang kasempyok barat gedhe sanalika sumuntak ing bumi. Thathit kang
pindha naga geni iku katon juwing-juwing langit. Bledheg kang budhege talingan iku uga
nyamber wit klapa ing pakarangane Ludira. Tukang adhuk kang wus suwe nganggur, amarga
proyek bangunan padha macet rikala mangsa rendheng.  

Deleng wit klapa kang rantas papah lan blarake, Ludira mung bisa gresah. Amarga siji-sijine
duweke kang bakal dituku Jomar itu wus ora ana regane. Ing mripate Ludira, swasana awan iku
katon peteng dhedhet. Rikala Asih bojone ngandhake menawa beras sumbangan wong tuwane
wis nipis. Bumbon pawon mung kari brambang telung siung. Gula, teh, lan kopine wus entek
gusis.

"Sabar, Sih!" kandhane Ludira alon. "Mbok menawa awake dhewe iki lagi antuk pacoban saka
Gusti."

"Bola-bali mung kandha sabar." Asih katon jengkel. "Kudune wong lanang bisa budidaya
supaya butuhe wong omah-omah kacukupan. Aja mung jagake proyek bangunan. Akeh gaweyan
kang bisa ditandangi, menawa Kang Ludira gelem metu saka omah."

Tanpa kandha-kandha, Ludira menyat saka kursi pring ing ruwang tamu. Senajan udan isih
riwis-riwis, Ludira nyengklak pit onthele. Menyang omahe Daruna, kanca kenthele kang lagi
mulya uripe. Amarga usaha mebele lagi dadi-dadine. Akeh pesenan saka negara manca.

Rikala bisa ketemu Daruna, rasane Ludira bungah. Pangarep-arepe Ludira, kanca kenthele iku
bisa aweh pagaweyan. Nanging, kasunyatan kang ditampa Ludira beda. Daruna ora bisa aweh
pagaweyan, amarga Ludira ora bisa nukang kayu, ngamplas, lan ngecet. Satemah, Ludira mulih
tanpa asil. Nasibe kaya layangan kang pedhot bolahe.

Rikala Ludira tekan ing kampung kang sepi, udan sumuntak saka langit. Ludira ngenggoke pite
tumuju sawijine omah saperlu ngiyup. Sabadane nyetandharke pite, pikirane Ludira grambyang.
Embuh iblis ngendi kang ajak-ajak Ludira saperlu nyolong clana Jeans setengah garing kang
digantung ing emperan. Amarga pengin mulih gawa dhuwit, Ludira ngranggeh hanger kang
kanggo gantung clana Jeans iku. Apes. Sadurunge Ludira nyengklak pite, lawang kabukak saka
jero dening wong lanang umur 30-an. "Maling! Maling! Maling!"

Sanalika wong-wong kampung kaya laron kang metu saka leng sabadane udan deres. Rame-
rame gebugi Ludira nganti babak bundhas sirahe. Getih dlewer ing pipi, gulu, lan talingan.
Sadurunge klenger, Ludira diarak menyang kantor polisi. Dhekem sajroning krangkeng wesi.

Pitung sasi lawase, Ludira dikunjara. Ngepasi dina Minggu esuk, Ludira kang wus bebas ukum
iku mulih menyang omahe. Sawuse tekan omah, Ludira kaget. Omah lan pekarangane digadheke
Asih marang Daruna. Dhuwit kang ditampa saka Daruna dipigunake Asih kanggo sangu
menyang luar negeri. Nyambutgawe dadi babu.

Tanpa mikir dawa, Ludira menyang omahe Daruna. Tujuan Ludira jaluk kamurahan atine
Daruna saperlu manggon neng omahe kang wus digadheke. Amarga Daruna ora ngabulke,
Ludira kalap. Mulasara Daruna nganti klenger. Menawa ora antuk pitulungane wong-wong kang
lagi padha kerja ing perusahaan mebele, Daruna mesthi mung kari jeneng.

Ngepasi wayah surup, Ludira dicidhuk polisi. Mlebu krangkeng wesi maneh. Kumpul karo
wong-wong kang pagaweyane apus-apus, nyopet, maling, ngrampok, sartane ngrudapeksa
wong-wong wadon. Turu bebarengan karo wong-wong iku ing jubin tanpa slemekan klasa.
Amarga sanasib, rasane Ludira menawa wong-wong iku tan beda sedulur sapetarangan.
Lebaran

"Lebaran bakal tumeka," kandhane Barja marang awake dhewe. Atine kang tan beda
lemah nela ing mangsa ketiga iku bakal kesiram banyu udan. Sakloron anake -- Daruna lan
Daruni -- kang makarya ing liya kutha bakal bali. Tilik kampung. Ngabekti marang dheweke.

Kanggone Barja, wektu lebaran bisa kumpul karo Daruna lan Daruni bakal nukulake rasa
bungah. Kejaba bisa nambani tatu atine rikala Warsi bojone digawa minggat dening Sutama
setaun kepungkur, sakloron anake iku bakal gawe mongkoke ati amarga wis kasil anggone
nyambut gawe. Duwe pangkat dhuwur. Duwe bayar gedhe.

Bareng lamat-lamating swara takbir keliling, rasa bungahe Barja tan bisa kagambarake kanthi
reroncening tembung endah. Rasaning ati jejingkrakan rikala nyawang sedan loro mandheg ing
plataran. Rinasa antuk kanugrahan gedhe, rikala mangerti menawa wong-wong kang metu saka
sedan loro iku ora liya Daruna, Daruni, lan keluwargane.

Ing malem lebaran, rasa bungahe Barja sampurna. Senajan ora ketunggon bojo, nanging
kumpule karo sakloron anak, mantu, lan putune ing ruwang tamu kang binuka lawange iku bisa
aweh panglipur. Nanging rasa bungahe iku ambyar rikala nyawang wong wadon ngadeg ing
teras. Pawongan kang tan liya Warsi iku nangis sesenggukan sawuse lungguh timpuh
sangareping lawang.

 "Apuranen sakabehe luputku, Kang Barja!" Luhing Warsi gegrontolan, milir ing pipine kang
katon kisut. "Kejaba iku, tekaku mrene mung pengin nyawang sakloron anak lan putuku.
Amarga aku ngerti menawa Kang Barja ora bakal nampa awakku kang wis dibuang Sutama kaya
uwuh. Aku jaluk pamit."

Barja menyat saka kursi kayu ukir. Praupane abang branang kaya tembaga kang kaobong.
Nuding-nuding Warsi. Nyuwara sora, "Minggat! Ora pantes kowe ngambah ing omah iki.
Amarga laku sedhengmu karo Sutama, aku jijik nyawang rupamu. Minggat!"

Warsi kang wus menyat saka lungguh timpuhe iku ninggalke omahe Barja. Sawuse wewayangan
bojone iku ilang saka pandulu, dheweke katon getun geduwung. Batine kandha menawa
dheweke wis dosa gedhe marang Gusti Allah. Amarga wani ngregeti sucine malem lebaran kang
kebak kanugrahan iku kanthi ngumbar tembung-tembung ala.

"Sabar, Pak!" Daruna aweh pepeling marang Barja kanthi aris. "Menika malem lebaran ingkang
kedah dipunkormati dening sadengah titah."

"Bener, Le. Aku luput gedhe. Mula saka iku, golekana ibumu! Gawanen mulih! Aku bakal aweh
pangapura marang dheweke."

"Iinggih, Pak. Kula badhe madosi ibu. Boten badhe wangsul menawi dereng sesarengan Ibu."
Candle in The Wind
Lagu Candle in the Wind-ne Elton John kang ngebaki ruwangan warnet, ngelingake aku marang
Prastiwi. Pacanganku rikala kuliah ing UGM rongpuluh taun kapungkur. Wong wadon kuwi wus
tega medhot tali katresnanku. Amarga dheweke kepeksa nuruti panjaluke sakloron wong
tuwane. Urip bebrayan karo juragan tahu kang lagi monjo usahane.
Menawa kelingan karo Prastiwi, tatu atiku kang wus mari rinasa perih. Nanging rasa perih kuwi
kaya antuk tamba, rikala mitra Nuryana chatting lelantaran Messenger. "Piye kabare, Win?"
"Apik. Kabarmu apik to?"
"Pangestumu."
"Kabare kanca-kanca Yoja piye?"
"Ajeg. Mas Indra isih nulis cerpen, Jemek isih kerep pentas pantomim. Kang Barjo isih gawe
wayang boneka lan nyambi usaha warung angkringan. Mas Agus isih kerep nongkrong neng
sangisore ringin TBY. Kang Rudi lan Mas Dono tansaya mendem Facebook. Kowe ditakoke
Wiwik."       
Sial! Sadurunge aku mangerteni sapa satemene Wiwik. Pawongan kang durung daktepungi
kuwi, Nuryana wus off line. Kaya asep sigaret, pikiranku kumebul sajroning ruwang warnet
kang panas, Amarga AC-ne mati rikala ngancik tengah wengi mau.
Tan beda reca kang ora mudheng apa bakal ditindakake, aku mung jinggleng sangarepe layar
Facebook kang Messenger-e kebak pesen tanpa makna tumrap uripku. Nanging sadurunge
logout, ana pawongan kang ngaku Wiwik kepengin dadi mitraku. Panjaluke pawongan kuwi
dakturuti.
Durung ana wektu kanggo mangerteni profile lan foto pasuryane Wiwik, pawongan kuwi ngirim
pesen lelantaran messenger. "Sugeng dalu, Mas."
"Sugeng dalu."
"Kadospundi pawartosipun salami kula lan panjenengan boten nate kepanggih?"
"Nyuwun sewu. Kadosipun kula dereng tepang kaliyan jenengan."
"Sejatosipun jenengan sampun tepang kaliyan kula. Menawi boten pitados, kula aturi bikak
profile lan foto kula. Maturnuwun."
Tanpa aweh jawaban kang ora perlu, dakbukak profile lan foto-ne Wiwik. Gandrik! Menawa
Wiwik ora liya Prastiwi. Pacanganku rongpuluh taun kepungkur. "Aku saiki wus ngerti
satemene kowe. Prastiwi to?"
"Bener, Piye kabarmu?"
"Elek."
"Lho kok elek?"
"Aku wurung dadi sisihanmu. Piye kabare bojomu?"
"Mati. Disanthet karo mungsuh usahane."
"Inna lillahi wa inna illahi roji'un. Kapan?"
"Sepuluh taun kepungkur."

"Aku melu bela sungkawa."


"Ora perlu. Amarga kowe satemene seneng menawa bojoku mati toh? Eling marang kandhamu:
'Senajan ora entuk prawane. Randhane, ora apa-apa.' Ngono toh?"
"Ha..., ha..., ha.... Bener!"
"Salah!"
"Apa sebabe? Kowe saiki wus dhewekan toh?"
"Bener. Nanging sedhela maneh aku bakal duwe sisihan."
Maca jawabane Prastiwi, sakujur awakku rinasa tanpa bebalung. Pangarep-arepku bakal nandur
witing katresnan anyar marang Prastiwi mati sadurunge tumancep. "Menawa entuk ngerti, sapa
pawongan kang bakal dadi sisihanmu?"
"Nuryana."
Pandelenganku sanalika kunang-kunangen. Tanpa logout Facebook, aku tumuju bangkune
pawongan kang dipasrahi boss-e jaga warnet. Sawuse bayar ongkos rental internet,
daktinggalake bangunan warnet kang gawe tatu anyar ing tatu lawas atiku. Sadawane dalan
tumuju kos, lintang-lintang ing langit kaya lilin-lilin kang katiyup angin. Mati sunare. Peteng
lelimengan. [
Mendung ing Langit Mbangkangkung

Bongsor de Lappo iku jenenge. Wong lanang kesrakat kang lagi mujur nasibe. Amarga labuh-
labete kang tanpa pepindhan marang sadengah wong, Bongsor kasil dadi bupati ing Kabupaten
Randugimbal. Aneh pancen. Nanging, kaya mengkono kasunyatane.

Setaun lawase Bongsor nyekel panguwasa ing Kabupaten Randugimbal, akeh proyek
pembangunan kawujutake. Perumahan-perumahan elit dibangun ing peperengan gunung kang
isih seger hawane lan bening banyune. Hotel-hotel bintang lima, mal-mal, sartane supermarket-
supermarket dibangun satengahe kutha. Pabrik-pabrik sartane minimarket-minimarket dibangun
ing pradesan.

Amarga sakehe pembangunan iku, wong-wong cilik padha celathu menawa Bongsor wus minger
keblate. Kang Kemproh misuh, "Pancen semprul! Bongsor wus dadi begundhale kapitalis." Yu
Srendel ora keri, "Bupati gemblung kuwi kudu melu tanggung jawab marang kali-kali kang
keracunan uwuh plastik lan limbah kimia."

Ora mung Kang Kemproh lan Yu Srendel kang tansah misuh menawa mikirke tumindake
Bongsor, nanging uga Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakde Bowang, lan Dik Juminten.
Mulane, dheweke kabeh tansah dedonga muga-muga Bongsor enggal lengser saka kursi
kalungguhane.

Srengenge angslup ing bang kulon. Wong-wong Kampung Bang Kangkung kang nembe wae
adus sawuse mulih saka sawah iku padha lelungguhan sangarepe televisine dhewe-dhewe.
Nglelipur pikir kang peteng dhedhet lelimengan. Tanduran parine wong-wong iku kang lagi wae
dicebloke padha alum. Kilenan banyu kang kecampuran limbah pabrik.

"Iki merga pokale Bah Long Kek," kumecape Yu Srendel marang Kang Kemproh bojone ing
ruwang keluwarga. "Juragan pabrik deterjen kang buwang limbah pabrike sakepenake wudele
dhewe neng kali."

"Ora mung Bah Long Kek, nanging uga Bongsor kang wus ngidini Bah Long Kek bangun
pabrik deterjen ing pinggir kampunge dhewe iki."

"Kudu dhemo, Kang!"

"Sarujuk."

"Aku ora sarujuk." Pakde Sranta, bapakne Kang Kemproh bengok sora saka ruwang tamu. "Ora
perlu dhemo. Senajan suwaramu sero, nanging ora bakal digubris. Bah Long Kek kuwi sugih
dhuwit. Dheweke kuwat bayar sewu preman kanggo bungkem swaramu."

Kang Kemproh lan Yu Srendel mung padha sawang-sinawang sawuse krungu kandhane Pakde
Sranta. Ora ana tembung-tembung kang kumecap saka lathine. Amung swarane pawarta saka
salah sawijine stasiun televisi swasta nasional. Pawarta kang mawartake menawa Bupati
Bongsor De Lappo ditangkep KPK ing kantor kerjane sawuse kadakwa nampa suap 1,3 milyar
saka Bah Long Kek. Krungu pawarta iku, Kang Kemproh lan Yu Srendel sanalika bengok sora,
"Sukur!"

Ora mung Kang Kemproh lan Yu Srendel kang rumangsa lega sawuse Bongsor De Lappo
ketangkep KPK, nanging uga wong-wong ing Kampung Bang Kangkung. Mulane kabeh padha
rela ngetoke ragat kanggo sukuran sawuse Bongsor kapecat saka jabatan bupatine.
Thukmis

Wong-wong kang manggon ing Perumnas Pandhansewu ora ngira menawa Johan kang yuswane
wus ngancik 45 taun iku kapetung priya thukmis. Ora mung Rian, nanging uga Rahab
ngandhake menawa Johan kang makarya dadi guru SMP lan kondhang dadi penulis buku iku
seneng ngumbar mripat marang wong-wong wadon kang ayu rupane, luwes wiragane, lan semok
pawakane.

Kabar kang magepokan Johan thukmis wus sumebar. Senajan wus dadi pocapane wong-wong
Perumnas Pandhansewu, nanging Johan katon ora duwe isin. Johan dhewe katone semu seneng
rikala akeh wong wadon ayu kang dilirik malah aweh esem manis.

Wong-wong wadon kang katone seneng rikala dilirik Johan ora mung bojone Rian, nanging uga
pacangane Rahab -- Suryatmi. Wong wadon kang makarya dadi guru kang asring kaceluk Mimi
iku katone kepilut marang Johan. Guru gantheng, sugih, lan misuwur jenenge amarga buku-
bukune kang sumebar ing sadengah kutha.

Bukti Mimi kepilut karo lirikane Johan wus ora bisa diselaki. Saben lingsir wengi, Mimi kang
kagugah swaraning alarm android-e iku wiwit asring kirim pesen Whatsapp karo Johan. "Sugeng
enjang, Pak. Kula kinten Pak Johan dereng sare, amargi benjang dinten Minggu, nggih? Ketawis
Whatsapp-ipun tasih online. Nembe menapa? Saweg nyerat buku?"

"Nyerat gurit katresnan kados Dik Mimi."

"Hayo.... Kagem sinten? Kagem Bu Johan? Menapa kagem Mbak Tunik, garwanipun Mas
Rian?"

"Kagem Dik Mimi."

"Halah. Gombal!"

"Saestu. Sumpah. Demi Allah."

Maca wangsulane Johan, pipine Mimi kang kasunaran lampu 20 watt iku sanalika semburat
jambon. Jantunge Mimi dheg-dheg-plas. Nanging rasa bungah kang tan bisa ginambarake kanthi
tembung-tembung endah iku sanalika pupus rikala sinyal internet android-e dumadakan lemot.
Mimi Kuciwa.

Tan beda Mimi, Rahab uga kuciwa. Rasa kuciwane Rahab iku amarga pesen Whatsapp-e
marang Mimi tan kasil kekirim. Sawuse kekirim bakda subuh, Rahab tansaya kuciwa. Amarga
pesen Whatsapp-e kang tlonjonge ngejak Mimi plesir menyang Pesisir Kidul iku ora antuk
wangsulan.

Sak Lawase Ing Jero Ati

(Meyda Nur Rohmah : 22)


Dara ngerti banget getir-legine urip dadi anak tunggal.ing sawijine waktu dara bisa kayak ing
dhuwur langit, amerga deweke bisa oleh rasa tresna saka wong tuane. Ora ana sing bakal njipuk
kabahagiaan dara. Dheweke ora bakal ngerungokne bapak lan ibuke muni "dadi o kayak mbak
mu" utawa "deloken adhikmu luwih pinter saka awak mu" lan sak sembarang e. Lahir saka
kulawarga sing sugeh lan duweni omah gedongan kayak instanane raja lan ratu. Saben dina bisa
dicukupi tanpa kudu dipiker abot-abot

            Kayak ing dina iki, dara daftar kuliah ing pangonan kuliah sing apik banget lan masuk
ing panggonan kuliah iki angel among bocah sing sugih lan duwe dhuwit akeh ( sugeh ). Dara
ora perlu mikir gawe masuk kuliah ing panggonan kuwi. Dheweke njupuk jurusan akutansi lan
bakal ngawiti masuk kuliah ing sasi 8 utawa bulan Agustus.

*Kring... Kring... Kring

            Jam beker ing jero kamar dara muni, tangan dara mulai ngeranggeh jam baker ing
dhuwur meja karo rupa sing ijek ketutup slimut. Lungguh sadilut lan langsung budal adus, mata
sing isih abot digawe melek garai sikile kebentuk manisan mejo utawa pinggiran mejo.

"Aduhh...."

            Ora mikir dawa-dawa karo sikile sing lara langsung nutuk ake langkah gawe budal adus
lan siap budal menyang panggonan kuliah. Ing ngarep omah wis ana mobil warna abang yaiku
mobile dara. Dara mbukak lawang mobil lan dheweke langsung lungguh ing jero mobil.

Cerkak

Dina iki yaiku dina Minggu, esuk-esuk Hasby lan Irfan arep mlaku-mlaku ing pinggir dalan
gede sing ana ning desane. Irfan seneng banget minangka udara esuk kuwi penak banget kairup,
eh ora sengojo Irfan ndelok ana montor lewat, kenalpotte ngetoake kebul sing nganggu banget.
Irfan    : “Hasby delok to kae, esuk-esuk kok uwes ngawe polusi udara to, Jyaaaaan.. wong
jaman saiki kok ora gelem njaga udara supaya ora tercemar.”
Hasby : ”Laiyo kae, nek udara tercemar kan dadine ora nyaman kairup to? lan bahaya kanggo
kesehatan  awak dewe...Yo ra Fan?”
Irfan    :”Iyolah, susah aku nek ngene carane,  yo uwes awak dewe mlaku meneh yoo…”
Irfan lan Hasby banjur mlaku meneh, menyang ing kali sing ora adoh seka dalan gede mau,
saktekanne Irfan lan Hasby ndelok-ndelok ning kali ana iwak sing mati.
Hasby  : ”Irfan, delok to kae ana iwak mati, haduh kepiye iki? kok bisa ana iwak sing mati to,
mesaake banget iwak ee..”
Irfan    :”Wah iyo, merga opo yo kok iwak e iso mati? Welah By, delok to kae akeh sampah ning
pinggir kali.. mulane iwak-iwak pada mati.. Ayo resiki sampahhe bareng-bareng!”
Hasby  :”Yo Ayoo..ayoo!”
Hasby lan Irfan langsung ngresikake sampah-sampah mau lan di buang ning tong sampah.
Irfan    :”Wah wes resik ki, ayem tenan”
Hasby  :”Nah nek ngenekan kepenak di delok, nyaman,ora ngawe iwak-iwak podo mati”
Hasby lan Irfan dolanan ning pinggir kali iku, ngerti-mgerti Pak Banyu dukuh ing desaku teka
ngawa pancingan, Irfan lan Hasby diajak mancing karo Pak Banyu ning kali kuwi. Hasby seneng
banget soalle dheweke hobby mancing, si Irfan yo melu seneng nalika sakjane Irfan ora hobby
mancing. Pas mancing Irfan ora entuk iwak, padahal Pak Banyu lan Hasby wes entuk iwak akeh.
Irfan nunggu lan nunggu, eh umpan pancing kuwi ketarik, Irfan langsung ngulur lan narik
pancingnge, ora disangka Irfan entuk iwak gede, Irfan seneng banget, mluncat-luncat kaya cah
TK. Hasby langsung nguyu ndelok Irfan sing seneng banget merga entuk iwak.  Pak Banyu yo
melu nguyu ndelok lakune Irfan, Hasby seneng isa mancing ning pinggir kali sing resik,
nyaman, lan teratur. Sakwisse mancing Pak Banyu ngajak Hasby lan Irfan mbakar iwak sing
mau wes di pancing, Hasby lan Irfan setuju, banjur kuwi Pak Banyu akon Hasby lan Irfan
ngolek kayu bakar, lan korek dinggo mbakar iwak, rampung mbakar iwak Hasby, Irfan lan Pak
Banyu langsung mangan iwak hasil mancing mau.
Hasby  :”Wah, Enak tenan iki iwak e”
 Irfan    :”Woo ya… kudu no, kan sing mancing aku hihi”
 Hasby  :”Weh aku yo melu mancing yo, wah kowe ki hhaha”
 Pak Banyu:”(nguyu) Ealah aja perang to le, adille bapak wae sing mancing hhaha”
 (Hasby lan Irfan nguyu Pak Banyu yo melu nguyu)
Sakwisse warek Hasby lan Irfan matur nuwun marang Pak Banyu merga uwis di ajak mancing
lan mangan iwak sing enak mau, Pak Banyu ngomong nek dheweke seneng bisa ngajak Irfan lan
Hasby mancing, Pak Banyu yo ngomong supaya njaga kebersihan lingkungan supaya nyaman.
Pak Banyu pamit bali, soalle dino wes arep sore.
Pak Banyu       :”Ya wes, Bapak pamit bali sek ya le..”
 Hasby              :”Ooh nggeh pak, matur nuwun sanget nggeh”
 Irfan                :”Iya Pak matur nuwun sanget, ngatos-atos ten dalan nggeh pak..”
 Pak Banyu       :”Yo le sami-sami”
Irfan lan Hasby mlaku meneh arep neng taman sing ana neng sebrang dalan. Irfan ndelok neng
taman ana kembang apik banget, Irfan kepengen njipuk kembang kuwi nanging Hasby nglarang,
soale nek kembang kuwi yen di cabut utawa dijipuk, taneman kuwi malah dadi elek. Akhirre
Irfan ora njipuk kembang kuwi, Supaya lingkungan kejaga ora rusak, lan nyaman. Nalika wes
arep sore Hasby pamit bali marang Irfan, Irfan yo arep bali.
Hasby  :”Wes sore, aku pamit bali sek ya!”
 Irfan    :”Iyo aku barang ya arep bali. Wes ya By, sesuk dolan meneh hehehe”
 Hasby  :”Eh Irfan, ojo lali lho, Njaga kebersihan lan kelestarian lingkungan kuwi perlu banget,
hehe kanca-kancamu kae dikadhani ya ben melu njogo lingkungan kaya awak dhewe
 Irfan    :”Siappp bos!”
Irfan lan Hasby bali ning omahhe dewe-dewe.

Pitik Walek

Pak Mukidi kui, juragan sapi tapi nduwe ptihik walek seng senenge ngomong lucu karo batire.
Yen ketemu phitik liyane, mesti phitik walek gawe cerito  lucu lan ndagel nganti batire nguyu
kemekel.
kadang-kadang pitik walik kui yo sok ngarang cerito pengalamane deknen seng aneh seng
gurung tau dialami konco-koncone. contone yo turu neng meja terus lelungan karo
manukwulung barang.
Tingkah lakune kadang yo sok koyo badut nalikane kente’an bahan lelucon. ptike-pitek liyane
seneng nanggepi nk nalikane kumpul karo pitek walik. mestine yo ditanggapi supoyo ngomong
seng ra jelas utowo ngawur.
Sawijining dino kae pitik walik lungo neng adoh, terus umpetan neng jero guwo bare nangis.
Nganti nangise pitik walek kerungu kancil seng gek jek milah-pilih wit-witan seng neng jero
guwo.
“kowe ki ngopo lik pitik walik” pitakon kancil
” Aku ki jan sedih tetan chel. wuluku bedo mbek liyane, yaiku wuluku kwalek kongene iki, tur
yo ora rapi”
“wes rasah susah rasah sedih. meng masalah wulu kok semang di gawe mumet. awak ku malah
jan ra ndue wulu blas!” Jawabe kancil
“Aku ki saben dino kudu ngarang cerito seng aneh-aneh supoyo podo gelem cedhak mbek aku.
Konco-konco yo ra bakal gelem cerak mbek aku seng wulune koyo ngene iki. nalikane gak iso
gawe nguyu utowo lucu.
“ealah awakmu salah penerten kui! ra usah kudu lucu konco-konco tetep seneng mbek koe kok.
MAlah bakal akeh seng seneng yen saumpomo kowe gelem ngrunggokke cerita laiyane.
Salah banget yen awakmu malah kudu lucu utawa seng unik lan menarik perhatian supoyo di
tresnani liyan”e.
Ndak ho’o chil? aku ora kudu saben dino gawe ndagel beniso di senengi karo konco-koncoku?.
“Mugakno rasah wae! Pak mukidi juragan sapi kae to malah nyok makani aku, arep hudu dadi
ingon-ingone tur yo ra lucu. Nyatane aku ra tau ndagel yo tetep nduwe konco akeh!.
Seng penting kwe gelem tetulungan marang lan yo gelem ngrungokke pendapate koncomu.
Kang paling utama yaiku ngandani konco ora pekewuh bab kebenaran lan tumindak kang keliru.
Nasihat seko kancil.
” Tak runggoke tenan cil kondomu iki. Koncomu luweh akeh tinimbang koncoku, masio kowe
ra iso gawe lucu. Wah tiwas aku rumongso mesti sok ngadek nalikane kumpul karo koncoku.
“Rumangsaku nk ra iso gawe lucu arep di tinggal karo koncoku”.
“Ora bakal walik!. Ra mungkin arep di tinggal karo konco seng apik-apik. Muali saiki kowe
uripo seng normal wae koyo aku. Ngomomhng lucu oleh tapi ra usah digawe-gawe. mesti bakal
okeh seng cocok srawung karo kowe” jare kancil.
“Yo wes nk kon ngon cil, aku tak rasah mekso awakku dewe ngadek meneh. Aku raep bakal ora
aneh-aneh meneh. Sakjane aku yo wes kesel nk ndagel saben dino. Suwun cil, Kowe pant\cen
konku paling top”
Awit dino kui pitik walek wes ora mekso meneh awake kudu ndagel sabne dino. awale yao
py\tik-pitik liyone gumun marang perilakune pitik walik saiki. Nanging saiki malah tambah akeh
koncone pitik walek mergo gelem ngrunggokke ceritane konco-koncone.

Gusti Pengeran Maha welas

Kira-kira wes wektu jam 7 esuk. Anggota sak perangakt desa neng desa ngadirejo wes podo teka
kabeh, Delalah dino iki yo arep baka ono rapat ruwat bumi sing bakal arep dilaksanaake wulan
ngarep. Ruwat yo ikutradisi seng diananke saben 3 tahun sepisan. Masyarakat bakal kirap
mubnegi deso ngarak wulu wetuning desa yo ono gunung-gunungan. Sak uwise kui, diteruske
tontonan, yo peragane wong warga ngadirejo kui maneh, yo kanti pentas seni seng es di siapke.
Banjur acar pamungkas yo iku wayangan seng di selenggarakke neng balai desa.
Nganti pak lurah iku gumun, pak bejo sengtukang resik latar, noto meja mbek kursi malah ora
mlebu. Gek ono opo yo? Pak wiro seng tukang resek-resek kui biasane mesti teko gasik.
Gawean seng kurang penting disek-sek, Ora suwi we wes rampung ganti nandangi liyan. Dadi
wes perangkat desa teko kabeh rapat yo wes arep dilekasi pak lurah banjur medal neng pawon
nggoleki garwone ngendiko :
Buk, mengko nek wes akeh sing rewang nandangi kanggo nyugoh seng rapat, Mbok kono neng
pak bejo diteliki, kok ora mangkat nyambut gawe?? Langsung sumaguh bu lurah, terus langsung
tindak neng omahe pak bejo.
Basan tekan omahe kok malah tutupan rapet suwung. Kiro-kiro gek do menyang nendi yo?
Anake pak bejo yo ono seng lanang lan wadon. Dillan lan meli, seng dilan wes kelas 3 SMK, lan
si melilagek kelas 2 SMP. Bocah loro kui pinter-pinter ora tau seng jenenge nunggak kelas. Yen
wes mulih sekolah yo podo pengerten ngrewangi wong tuone. Nalikane libur dilan kerep
ngenteni bapakne, yaiku gawean resik-resik kebon lan nata balai desasak wise do muleh. ORA
salah yen bapak lurah lan keluargane demen mbek anak-anake pak bejo seng podo sregep lan
bekti kui.
Presa omahe pak bejo suwung bu lurah banjur neng omah wetane nggone mbokde Yah, pas
kebeneran lagi ngresiki sumur, lan ngendikone
Dhe Yah! kok griyone pak bejo tutupan yo, kinten-kinten sami kesah teng pundi?? Dhe Yah lan
dengengek karo nyedak mangsuli.
Owalah, Nganu bu, Pak bejo niku nembe ngeterke garwone teng puskesmas. Mungale sampun 3
dinten sambat mumet, malah kolo wingi kulo sampun keroki, sanjange pak bejo, saking wau
ndalu mboten saged tilem nggeh badane sedanten sami gemetera. Pramila wau terus
dibencengke di beto teng puskesmas?
bu lurah terus ngendiko :
Owalah….Ngoten nggeh de Yah, suwun nggeh diparingi ngertos, mangkeh kulo aturaken tg pak
lurah?
sak wise ngendiko kui bu lurah langsung kundur, esuke bare pak bejo nyambut gae koyo
biasane. denen pak lurah sak wise di ngertosi garwone, yo ora sui lanngsung titik marang omahe
pak bejo, titik marang garwone pak bejo seng jarene nembe loro.
Basan tekan omahe pak bejo kabeh keluarga pak bejo podo nunggoni marang garwone pak bejo.
terus pak lurah sak keluargo langsung mlebu marang seng nggone loro garwone pak bejo.
Nalikane tekan ngarep lawang, teko-teko mireng lagi podo sembahyang pak wiro ingkang imam.
pak lurah banjur ora sida mlebu supoyo ora ganggu.
Pak bejo iku wong seng sregep ngibadah neng masjid. neng masyarakat yo apik, tetangganan yo
apik. tansah yo pinter matur kaleh tyang umum nopo linune. barang es rampung lek solat banjur
pak lurah mlebu.
Assalamualaikum, kepiye bu bejo, alaramu opo??
Pak lurah bu lurah, matur suwun sampuun tindak teng nggen kulo, sakit kulo nggeh katah sanget
pak lurah naming  nggeh pun atah sudanipun? mature kirang jelas banjur disambung aleh pak
bejo matur :
Ngendikanipun dokter kolo wingi. katah pikiran?
Owalah…..mikir nopo sampean niku bu bejo….nok meli kolo winggi cerios, yen nok meli
mboten angsal nderek ujia kaleh guru kelasipun, bu bejo banjur ora biso nerosake matur amero
mrembes mili. Semono ugo yo nok meli nderek nrocos mripatipun. pak lurah sekalian kepengen
reti opo sebabe.
Banjur pak lurah ngajak meli metu neng arep omah. terus lungguh marang lincak pak lurah
banjur dangu :
Sak jane mbokmu kuwi mikir opo ti li, yen mengko bisa pak lurah bantu mesti bakal tek
entengke li. Banjur meli matur, Simbok niku sisiah maergi dereng saged bayar SPP 6 wulan.
seklian arto damel ujian ganggsalatos ewu rupiah? ature meli karo sesenggukan.
Wes meli rasah di piker, yen iku seng nyebabke mbok mu loro sesuk tak cukupi. Sesok mlbeuo
tak gawani duite gawe bayar kekurangan lan SPP mau.
Terus pak lurah sekalian mlbet maleh teng nggen loronipun bu bejo, banjur matur marang bu
bejo. Yu utangmu sek dek biyen gak usah di saur. aku rila lahir batin. Saikai di gawe lego ben
ayem lan cepet waras maneh. Perlune yen ono kerepotanku, sampean kang bejo mbek bocah-
bocah bisa sami sareng ngrewangi? sak uwise ngendiko banjur pamit kundor bu lurah lan pak
lurah. Nalkane wes bar nguntapke tekan latar pak lurah dan garwone. Bu bejo wes biso lungguh,
weruh anake podo mlebu banjur tangane diantungake meli.
Meli lan bu bejo rangkulan kang kraket karo tetangis disekseni marang pak bejo seng lungguh
neng wetan amben.
sak wise mrimbik-mrimbik utawa nangis, bu bejo kanda marang meli :
Nok lan kowe bappakmu, syukur-syukurno olehmu le matur panuwun marang ghusti pangeran
allah swt. Syukur marang kabeh paringe rezeki lan liyane.
iyo mbok, mula yen dadi wong ojo sumelan, janji eling marang kan nyiptakno alam dunia,
ghusti mesti bakal paring pitulungan marang mahkluke. Meli nyambung :
iyo pak…mbok ….ghusti moho adil lan maringi rezeki lumantar pak lurah lan bu lurah.
Bener nok, ghusti iku maha welas lan asih? Banjur kui keluarga pak bejo solat isya’ jama’ah.

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning
pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi.
Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi.
Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing
rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang
pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit
cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke
meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning
njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso
mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi
ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-
sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae
ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep
nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal
sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. 

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika
dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

Hore, Rozik Pulang!

Sore itu Rozik tidak berani pulang. Ia bersembunyi di sebuah gubuk tua yang terletak di tengah
sawah. 
Seekor belalang yang berayun-ayun pada tangkai padi menyambutnya dengan gurauan,"lagi
ngumpet, ya, Son?" 
"Diam!" Rozik melempar sepatu kanannya, tepat di dekat si belalang kurus itu. Belalang
terkejut, lalu melompat tinggi, menjauh. 
Ya, Rozik kecil sedang bingung. Ia sedang tidak ingin diganggu. Ia banyak pikiran. Ia ingin
menyendiri, menenangkan diri. 
"Apa yang terjadi padamu, Son?" seekor kecebong yang tengah belajar berenang ikut-ikutan
bertanya. "Ayolah, Son. Jangan jadi seorang pecundang! Hadapi kenyataan. Ksatria sejati
pantang bersembunyi di balik masalah."
"Diamlah! Dasar kecebong nyinyir!" Rozik melempar sepatu sebelah kirinya. Kecebong kecil itu
terjengah. Buru-buru ia berenang melipir. 
***
Apa sebenarnya yang membuat Rozik takut pulang? Masih menjadi teka-teki. Bahkan Wewe
Gombel yang sejak tadi duduk di sebelahnya, ikut dibuat bingung. Mahluk halus berambut
ruwe-ruwe   dengan dada terbuka itu gagal mengorek keterangan mengapa bocah yang masih
mengenakan seragam putih biru, yang salah satu kaos kakinya tinggi sebelah itu duduk
termenung sendiri di tengah sawah.
Sejak berjam-jam lalu Wewe Gombel termangu mengamati Rozik yang sebentar-sebentar
melontarkan kata-kata tidak jelas.
Meski pikirannya dipenuhi tanda tanya, Wewe Gombel memilih diam. Duduk tenang.  Memedi
yang suka iseng menggondol bocah-bocah kecil untuk disekap di istananya itu berusaha
menahan diri. Ia tahu bagaimana menghadapi sosok temperamen seperti Rozik ini. Harus banyak
sabar. Tidak boleh  grusa-grusu. Itu kunci utamanya.
Mendadak kesunyian dipecahkan oleh suara tetabuhan yang dipukul bertalu-talu. Wewe Gombel
membetulkan letak duduknya, mengamatkan pendengarannya. Hohoho, ia hafal betul. Itu musik
tradisional yang dimainkan oleh serombongan ibu-ibu untuk mencari anak-anak mereka yang
hilang. 
Wewe Gombal bergumam. Mengapa alat-alat musik yang dimainkan masih yang itu-itu juga?
Mengapa mereka masih menggunakan panci, wajan, dandang, dan alat-alat dapur lainnya untuk
mengusir dirinya?
Ya, sejak dulu memang begitu. Ibu-ibu meyakini mitos itu. Bahwa anak-anak mereka yang tidak
pulang hingga hari menjelang senja, mereka pasti disembunyikan oleh Wewe Gombel. Dan
hanya bunyi-bunyian yang mampu mengembalikan mereka.
"Dung trek dung! Dung trek dung! Rooziiiik....di mana kamu, Nak?! Ayo lekas pulang!" Bunyi
tetabuhan kian rampak diselingi teriakan memanggil-manggil nama anak yang hilang.
Wewe Gombel gegas berdiri. Matanya memicing, menatap curiga ke arah Rozik. "Son, kamu ini
sebenarnya hilang atau sengaja menghilangkan diri, sih?"
Tapi seperti sebelum-sebelumnya, suara tetabuhan lebih menguasai keadaan. Wewe Gombel
mendadak melupakan kecurigaannya pada Rozik. Musik yang menghentak membuatnya tanpa
sadar bergoyang riang, menari-nari, berjoget ria ke sana ke mari selayak penari India.
Sebentar kemudian sorak sorai membahana. Memenuhi area persawahan. 
Horeee....!!! Rozik ditemukan! 
Tetabuhan pun seketika berhenti. Berganti dengan  euforia  tak terkendalikan.
Senja nyaris menggelinding ketika Rozik kecil mengikuti langkah ibunya menapaki pematang
sawah menuju pulang.
Sebelum benar-benar meninggalkan sawah, Rozik menyempatkan diri menoleh ke belakang.
Menatap gubuk tua yang tadi disinggahinya. Mendadak matanya terbelalak. Dari jauh dilihatnya
Wewe Gombel melambai-lambaikan kutang ke arahnya,"Hoiiiii....Son! Kelak kalau sudah besar,
coba minggat lagi, ya! Tapi yang jauhan! Supaya agak sulit ditemukan!"
****

Kalkulasi Pahala

Sore iku sinambi ngenteni bedug maghrib tanda buka, Pras, Yudhi lan Pandu klekaran ning
lincak ngarep omahe Pras. Rencana katelune arep maghriban ing langgar desa sisan isya lan
tarawih. Pras sengaja ora tarawihan ing masjid desa sebelah amarga wis kadung kisinan karo
Pak Usman wingi kae. Lagi asyike ngobrol, Pandu ujug-ujug ngetoken buku saka walik kaose,
buku tipis sing wis kucel rupane kuwi njuk dibuka lan diwaca kanthi nggremeng.
“Pras aku nyilih pulpene” Pandu aba tanpa mlirik kancane
“Nggo opo nggaya temen nggawa buku saiki nyilih pulpen” Pras sing rada apal kelakuane
Pandu sing nggarap PR wae wegah rada gumun
“Haiyah Pras pelite karo bala dhewe, ngko tak balikne pulpenmu tenang wae” ujare Pandu
“Iyo-iyo sik tak jupukne, ngono wae nesu, mutung kaya pendukung capres” Pras menyat
menjero
“Sakjane lagi nggawe opo to Pan?” Yudhi sing awit mau sajak ora nggatekna Pandu wusanane
takon
“Lagi arep ngitung Yudh” Pandu njawab cekak aos
“Wah kadingaren , kayane koq ora ono PR matematika to Pan” Yudhi rada gumun karo
jawabane kambrate
“Iki ora ngitung matematika ngono kuwi Yudh”
“Nyoh, iki pulpen e, balikna tenan lho nek wis rampung” Pras ngulungne pulpen kanggo Pandu
“Lha terus kowe ngitung opo Pan?” Yudhi sing isih durung entuk jawaban jelas tetep ngoyak
“Cah, kowe kabeh do kelingan ora ngendikane pak Yus guru agamane dhewe pas mulang
sadurunge pasa kae?” Pandu malah slenca
“Ngendikane sing bab opo?” Pras nyoba ngeling-eling
“Hmm, do ngantuk sih pas kuwi, ngene lho Pak Yus ngendikan yen ing sasi Ramadhan kaya
saiki kabeh amalane dhewe bakal entuk pahala sing gedhene tikel tekuk” Pandu njlentrehke
marang bala-balane
“Ooo sing bab iku, iyo aku kelingan, pancen sasi Ramadhan kan sasi apik, makane kabeh pada
lomba nggo ibadah, istilahe wong turu wae oleh pahala opomaneh yen dhewe tumindak becik
bakal sansaya tambah tabungan pahalane” Yudhi nambahi
“Lha kuwi Yudh, suprandene kowe ngerti ngono lho, nah buku iki isine kabeh laku ku mulai
pasa dina pertama, lengkap saka sholat, pasa, nyemplungi kotak amal, nulungi wong sing butuh
lan sak panunggalane” Pandu akhire crita
“Whatttt??? Dadi kuwi critane buku catatan amal ngono?” Pras takon setengah njomblak
“Ho oh, lengkap iki sak itung-itungane barang, contone nek sholat jamaah kan pahalane tikel
ping pitulikur, sumbangan masjid rongewu diping sepuluh, nyumet sesdor, nulungi mbah Jono
ngarit pakan wedhus…ngewangi Lik…”
“Stop stop Pan” Yudhi langsung menggak kancane sing durung rampung ngomong
“Kowe ki kayane salah tampa deh, ngene lho sing dimaksud karo pahala tikel tekuk ing sasi
ramadhan ki ora kaya ngono kuwi, pahala ki ora iso mbok padakne karo kowe nabung sewunan
mbendino ing koperasi  sekolah, njuk iso mbok etung-etung dhewe gedhene ngono” Yudhi
njelaske alon-alon
“Iyo Pan, lagian sing wenang maringi pahala yo ming Allah SWT, durung mesti yen ibadahmu
sing mbok kira wis apik lan bener iku ditampa lan iso entuk pahala, ringkese dhewe saderma
ngayahi dadi manungsa sing apik ngono wae, In sya Allah kabeh ngko entuk balesane ing
akhirat” Pras nambahi ukarane Yudhi
Plok plok plok…..Pandu ujug-ujug keplok tangan karo ngguya ngguyu

“Cah, kowe kabeh pancen kancaku sing keren, pinter, apikan lan kurang ngganteng. Nganu sepurane
sakjane aku ki mau ora serius ngitung pahala yo, buku iki lho isine ming corat-coretan gambar, aku lagi
gawe sketsa dienggo komik hahahaha, nuwun pencerahane lho pak Ustadz sedaya” Pandu nyengir terus
siap-siap mlayu amarga Pras lan Yudhi siap siap mbalang bathok degan, lan Adzan maghrib lamat-
lamat keprungu saka langgar…

Mercon Ladang Amal


“Pras deloken aku  nggawa opo iki” Pandu njawil kancane karo bisik-bisik alon

“Opo to Pan, kowe koq nyalawadi banget” Pras ngintip kresek cilik sing digawa Pandu, Yudhi
uga melu-melu

“Wah kowe Pan, wani-wanine nggawa ses dor” Yudhi mbengok tapi langsung dikekep karo
Pandu

“Hushh ojo banter-banter to Yudh, ngko nek mireng ibuk aku iso didukani entek-entekan”

“lha kowe yo nemen koq Pan, mosok tarawih malah sangu kembang api ngene” Pras takon
kanthi suara alon

Pandu ming cengar-cengir di skak kamerad e kaya ngono, bocah sing pancen watake jahil kuwi
malah nggaya macak ustadz ,ngubetke sarung ning gulune, terus munggak dingklik ning ngarepe

“Dadi sedulur-sedulurku kabeh, wulan pasa iku wayahe kanggo ngakehi amal. Amal iku luwih
becik nek ora dieling-eling. Nah kembang api sing tak gawa iki uga salah sijine bagian amal”

“Huuuu…Pandu stress, endi ono mercon ses dor dadi amal” Pras protes karo nguncalke sajadah
pas ing raine Pandu, sing keno ming iso cengingisan

“Maksudmu ki opo to Pan sakjane?”  Yudhi wis ora sabar karo polahe Pandu

“Hmm…ngene lho, mosok to kowe kabeh do ora kelingan ngendikane pak Usman pas khutbah
wingi kae?” Pandu malah ngajak bedhekan
“Pak Usman ncen ngendika apa to Pan, kayane ora ono deh ngajak-ajak dolanan mercon, malah
kuwi klebu sing ora oleh, prohibited” Yudhi tambah gumun

“Hmm..kowe kabeh pancen nek mikir terlalu mainstream ogh cah, kaku ora luwes, Pak Usman
wingi kae ngendikan nek arep ngamal ki kudu ikhlas, lha biasane nek do nyemplungi duit ning
kotak amal kae dhewe during iso ikhlas…”

“Aku ikhlas koq nek nyemplungke ning kotak” Pras langsung nyaut

“Wingi kowe nyemplungi piro emange Pras?” Pandu malah balik takon

“Rongewu, kan duit turahan sangu” Pras njawab yakin

“Lha iki, tandane kowe rung ikhlas, mosok ngamal koq isih kelingan nominal lho” Pandu
nyenges, Pras ming klecam klecem kisinan

“Amal sing apik iku iso menehi liyan tanpa kita ngeling-ngeling maneh opo sing wis dikekna
saka dhewe, lha kembang api iki salah sijine, coba pikir aku tuku kembang api nganggo
dhuwitku dhewe hasil nyelengi, regane iyo ora murah, tak sumet terus klerap-klerap ning langit
apik banget, kabeh wong ndelok cahyane podo seneng, aku sing nduwe iyo seneng. Bar kuwi
kembang api entek kobong, tapi aku ora getun, soale kembang apiku wis marai wong liya
bungah, hiburan gratis, aku ora egois berarti aku uga wis menehi amal marang liyan kanti
ikhlas”

“Huuuuuuuuuuu…..Pandu sesat” Pras lan Yudhi barengan ngepruki kancane sing ngayawara

Nalika Konangan
“Pras, ayo gek ndang cepet , wis dienteni pandu karo yudhi kae lho” ibu ngendika rada sora
“enggih bu, sekedhap malih ogh” suarane Pras saka kamar
“wuidhihh, kowe arep budhal tarawih opo arep kondangan to Pras?” Pandu ngawaske kancane
sing lagi metu saka ngomah karo nahan guyu
“wis ah ra sah komen” Pras ming klecam klecem
“iyo ki Pras rapi banget tur wangi tenan bengi iki, padahal biasane mambu godong simbukan tur
prengus wae lho akakaaka” Yudhi sing biasane kalem malah nggoda Pras ora uwis uwis, sing
digoda ming pasrah karo klecam-klecem
***
“Lho koq bablas to Pras, dhewe ora sholat ning langgar desa wae?” Yudhi ngetutke lakune Pras
sing wis nyaingi usain bolt
“Wah Yudhi ki piye to, mau lak wis dikandhani nek dhewe arep tarawih ning mesjid desa
sebelah ekekek, khatibe kan pak usman bro” Pandu nimpali karo mesam mesem jahil
“wuidhih tenane , wah wah kemajuan tenan kancaku siji iki saiki, direwangi mlaku adoh ben
entuk siraman rohani bermutu, iyo iyo aku mendukungmu”
***
Tarawih akhire rampung, Pras lan kambrate siap-siap bali, nanging Pras njuk kelingan janjine
marang endah wingi kae, kado ulang tahun sing digawe dhewe khusus nggo Kenya sing marai
atine deg-deg an terus, ditokne bungkusan cilik saka sak clanane, Pandu sing weruh kancane
mulai galau akhire mesakna
“dienggo endah yo?”
“he em, tapi aku wedi meh ngekekna langsung” Pras kecut
“lha piye to, ayo tak kancani” saure Yudhi
“lha pak Usman ra ndang kondur je, ngko nek konagan kan aku isin” Pras melas
Pas cah telu lagi ngatur siasat piye carane ngawehi kado tanpa konagan pak usman, ujug-ujug
ono sing njawil pundake pras saka mburi
“lho Pras, Yudhi, Pandu do sholat ning kene to” jebule suarane Pak Usman
“enggih pak, safari niki” Pandu njawab singkat
“oh iyo..apik kuwi nak” Pak Usman njawab karo mesem
“kita wangsul pak, mangga , Assalammualaikum” Pras ujug-ujug ngomong
“lho koq langsung balik? Tak kira do ngenteni endah iki mau” Pak Usman malah mesem
Sakala atine Pras mak tratab, rumangsa kaya digebyur banyu es. YUdhi lan Pandu ming iso
ngampet guyu nyawang praupane Pras sing wis nyaingi tomat buah
“sayang,dina iki ndilalah endah lagi ning budhene Pras dadi ora trawih ning kene, tapi nek arep
nitip nggo endah iso karo aku koq” Pak Usman nimpali maneh
Pras ming iso meneng, ndungkluk, klecam klecem…
 

Dados Manten

Sore iku udan riwis-riwis, Pandu lan Yudhi lungguhan lincak ngarep omah sinambi udud klepas
klepus, dikancani kopi ginastel lan tela goreng karo ngobrol ngalor ngidul penak tenan. Pandu
sing sedhela maneh arep dadi manten sajak pingin ngentekna wektu legane karo kanca kenthele
sing wis dikenal saka cilik mula.

“Piye Pan, wis rampung kabeh urusanmu?” takone Yudhi

“Lumayan  wis meh rampung iki yo, mumet tenan aku, jebule dadi manten ki akeh syarate. Suk
kowe lak ngrasakna dhewe” Jawabe Pandu

“Wadhuh, mbok ojo meden-medeni ngono to Pan” Jawabe Yudhi, Pandu sing nyawang kancane
dadi pucet malah ngguyu ngakak.

Lagi gayeng olehe guyon, ujug-ujug Pras adine Pandu metu saka omah, lan melu nrambul
obrolane kangmase.

“Ojo wedi mas , sapa ngomong dadi manten syarate akeh, tak kandani yo nek kanggo mas Yudhi
iku dadi manten syarate namung kalih” Pras ngomong karo masang tampang serius

“Wah..sotoy kowe Pras, sok tahu” Yudhi njenggung sirahe adine kancane karo guyon

“Lho ra ngandel tenan iki karo cah cilik, syarate dados manten niku namung kalih mas” Pras
mesam mesem nggoda Yudhi

“Opo wae kuwi Pras?” Yudhi dadi penasaran

“Kalih sinten” jawabe Pras karo mlipir mlebu omah sakdurunge dikudang karo Yudhi ….

--------- c. u. t. h. e. l--
Limbuk Nubruk Gethuk
Bu Dewi Subadra katon resah dan gelisah, iki ora amarga cemburu marang Pak Arjuna sing
pancen sering dilirik sana sini. Bu Subadra lagi galau ngenteni tekane sang rewang terkasih
Dewi Limbukwati.
Sejam sakwise Bu Subadra wara wiri uhuy ngalahke komeng lan Adul ing acara tivi, saka
kadohan katon blegere Kenya sing bener-bener mbodi alias ombo tur gedhi mudhun saka taksi,
sanalika kuwi Bu Subadra langsung lega. Limbuk setengah mlayu langsung mlebu ngomah karo
mbrengkut amarga gawanane sing sak hohah. Tanpa dinyana pak supir uga langsung melu
mlayu nututi Limbuk. Bu Subadra sing nyawang rewange saka walik kaca jendhela  dioyak pak
supir malah mesem seneng, sapa ngerti pak supir iku pancen naksir karo Limbuk, yo melu ayem
nek pancen ngono lha Limbuk ki wis suwe dadi Jones alias jomblo ngenes.
***
Lagi seneng-senenge nyawang adegan film india lha koq Limbuk langsung mbukak lawang
ngarep seru banget, Ndarane njomblak kaget tapi lha dasar Bu Subadra pancen ayu, pas adegan
kaget malah tambah mirip karo mbak dian sastrowardoyo. Pak Supir sing ono mburine Limbuk
langsung ngerem mendadak nek ora pingin mental merga kena bemper e Limbuk.
“Limbuk, kowe iki lho mbok yo alon-alon to nek mbuka lawang” Bu Subadra ngelikna rewange
“Duh Ndoro, ini darurat urgent, kula mesti cepet” saure Limbuk sakenake karo langsung
ngeloyor memburi
Bu Subadra bingung bareng ngerti Pak Supir Taksi isih nggejejer ning ngarep lawang
“Lho wonten punapa pak?” takone Bu Subadra alus
“Nganu buk, nuwun sewu kula badhe nyuwun ongkos taksi” Pak Supir njawab melas
“Lho, tak kira sampeyan oyak-oyakan mau amarga naksir rewangku je”
“Mboten bu, lha mbake wau langsung mlayu dereng mbayar niku”
“Woo..dasar Limbuk ya, nggih mpun niki kula bayar”
“Maturnuwun bu” Pak Supir akhire pamit lega amarga ongkose wis dibayar
***
Ing Pawon…
“Kowe ki lho mbuk, iso-isone lari dari tanggung jawab, mesakne Pak Taksi mau rung dibayar
malah mbok tinggal ngono wae”
“Lha pripun malih to Ndoro, ngendikane wau gek kon ndang cepet selak tamu-tamune rawuh,
kula lak mesti nata jajanan punika, ndamel unjukan ugi yowis tak tinggal mlayu wae kan
wonten ndara sing mbayar huehehe” Limbuk njawab karo nyenges njelehi
“Hmm..nek ora kelingan kowe rewangku sing paling jos wis tak cemplungna lumpur lapindo
kowe mbuk” Bu Subadra gemes
“Oo enggih Ndoro, njenengan malah taksih utang lho, wau artane kirang ogh” Limbuk laporan
“Koq iso kurang to Mbuk, biasane duit semana lak turah” Bu Subadra gumun
“Lho Ndoro niki pripun to, wau lak ngengken kula tumbas gethuk, gempol pleret, thiwul ,klepon
kaliyan lopis ngendikane sakniki jajanan arisan kedah sing produk lokal tradisional” Limbuk
ngelingke ndorone
“Lho la yo, kudune kan malah luwih murah to mbuk, koq malah tombok ki piye?”
***
“Ndoro ki ampun menolak lupa to, jajanan tradisional punika kan wontene namung ing pasar
besar mrika, tebih ndoro, kula mesti pulang pergi numpak taksi, nek biasane arisan kan kula
namung tumbas ing toko roti pojokan, dados mlampah mpun tekan”
“Hmm iyo, lha tapi diapak-apakne nek panganan saka tela kudune yo luwih murah tinimbang
roti to mbuk”
“Jiahh, Ndoro niku ndak gaul, sakniki sedaya nembe hunting makanan tradisional kagem
arisan, permintaan tinggi otomatis harga naik , hukum ekonomi berlaku lho Ndoro” Limbuk
keminter
“Opo iyo sih?”
“Lha Ndoro ki pripun, niki pirsani sing kula tumbas, gethuk mpun modifikasi campur keju,
thiwul mpun mboten jaman ngagem wur-wuran klapa parut, sakniki topinge ngagem meses
warna-warni. Pripun mboten dados luwih larang nek ngaten?”
“Hadeuhh, aku koq malah ngelu yo Mbuk, lha piye maneh iki mau intruksine Bu RT je, saiki nek
arisan kudu nganggo makanan lokal tradisional ngko nek gak manut kan dikirane aku dudu
warga negara yang baik” Bu Subadra nggresula
“Kula sih no komen ndoro, tapi sakniki nek tak pikir-pikir malah lucu lho, jaman mbiyen niku
sedaya rebutan ben iso ketok sugih padahal kasunyatane utange arang keranjang,  nek sakniki
sedaya sami lomba pripun ben ketok sederhana, padahal asline sugih raja brana…ahh mboten
ngertos jamane, lha termasuk Ndoro niku”
“Koq iso aku sih Mbuk” Bu Subadra bingung
“Lha enggih, Ndoro niku lak asline sugih bingit, tapi gara-gara intruksine bu RT jajanane
diganti gethuk, ketoke sih pancen luwih bersahaja ndoro tapi sakjane luwih mewah
huahahaaha…delusi ndoro delusi huahahaha” Limbuk ngakak nganti ngglundhung
Ganteng-Ganteng Prengus
Sakwijining sore ing lapangan pinggir ndesa
“Kowe ngapa to Pras? Rupamu kaya karung goni rung disetrika limang sasi” Yudhi sing ujug-
ujug njedhul ing mburi wit mahoni marai Pras njumbul merga kaget
“Sontoloyo Yudhi, tak kira kowe memedi salah mangsa, awan-awan koq gentayangan” Pras ora
uwis-uwis olehe misuhi kancane sinambi neruske ngalamun lan nguwasi wedhus-wedhus ing
ngarepe sing lagi mil kethemil mangan suket
“Aku mau saka omahmu, ngendikane Ibumu kowe lagi angon wedhus sing arep dienggo qurban
ning kene, yo wis tak parani” ujare Yudhi
“Wo ngono” Pras njawab aras-arasen
“Ya ampun Pras, jian tenan ogh tiwas aku rekasa tekan kene nemoni wong aras-arasen ngene,
males ah mending aku balik nggarap PR” Yudhi wis siap-siap mulih nanging sakdurunge niate
balik kanan maju jalan kaleksanan saka pinggir lapangan katon bocah sing pawakane rada subur 
setengah mlayu karo bengak-bengok
“Praasss Yudh, woiii ono berita dukacita ki!!!”
“hadeuh ketambahan provokator, ora sida balik aku” Yudhi sing wis ngadeg balik lungguh
maneh
***
Saktekane Pandu ing panggonane Pras, Yudhi langsung nakoni kanca rakete iku
“Ono opo maneh ki Pan? Awas nek beritamu ra penting kowe tak kon ngglundhung ngubengi
lapangan ping sanga”
“Iki berita gawat iki Yudh, nganu aku mau kan lewat ngarep omahe Endah, hayo bedheken ono
sapa ning terase?”
Pras sing maune ora nggagas blas karo critane Pandu langsung njenggirat kaget krungu jenenge
Endah disebut karo Pandu, tapi merga gengsi Pras ming meneng wae tapi kupinge dipasang
ngluwihi kuping gajah.
“Sapa Pan?” Yudhi penasaran
“Bagas” Jawabe Pandu cekak
“Heee?? Bagas? Koq iso?” Pras sing ora iso ngapusi atine dhewe langsung takon Pandu sajak
ora percaya
“Koq iso? Yo iso lah Pras, wong Bagas yo kancane Endah, pitakonanmu ki yo ora nggenah”
Yudhi ngromet kaya manuk bence
“Wah Yudhi ki ora peka blas ogh persis anggota dewan yang terhormat sing jarene wakil
rakyat tapi blas ora tau mikirne rakyat” Pandu sing biasane cengengesan mendadak serius
“Lho maksudmu?” Yudhi isih plonga-plongo
“Pras cemburu mas bro…CE E EM BE U ER U tau???”
“Wooo…kuwi to maksude hahahahha..sori sori nyuwun ngapunten mas bro, aku lali ogh”
Yudhi ngakak ombo tapi langsung diendegke dhewe merga melas nyawang praupane kancane
sing langsung alum kaya taplak kurang teres.
***
Sakwise katelune meneng-menengan sauntara wektu…
“Hmm..aku dadi ngerti saiki Pras, kowe akeh ngalamun lan jarang ngguyu gara-gara mikir
Endah yo?” Yudhi takon karo ngati-ati
Pras sing ditakoni ming manthuk alon
“Crita lah Pras, dhewe kan best friend, one for all all for one” Pandu sok-sok an ngenggres
nerokne jagoan tri maskenthir
“Sakjane dudu masalah Bagas sing marai aku rada sedih, tapi…” Pras sengaja nggantung
omongane
“Tapi apa Pras?”
“Masalahe saiki koq Endah kaya sengaja ora gelem ketemu aku, saben papas an mesti dheweke
ngadoh, aku kan dadi kepikiran opo wis nate gawe salah” Pras tambah ndungkluk persis wit
pari kabotan isi
“Ya, mungkin kuwi ming perasaanmu wae kali Pras, nek tak pikir sih Endah ora mungkin kaya
ngono, bocahe kan apikan banget” Yudhi ngayem-ayemi atine kancane
“Yowislah Pras, jenenge wae bocah wedok, biasane kan mood-moodan sapa ngerti sesuk wis
apik kaya wingi-wingi” Pandu njajal dadi wong bijak
“He em Pandu bener, mending dhewe bal-bal an wae” Ujare Yudhi karo ngetokna bal saka tas
sing ono ing gendongane
“Horeeeeee……ayo ayo, olahraga sisan angon” Pandu nyemangati Pras sing wis rada
njenggelek
***
Katelune rerangkulan mlaku alon bebarengan mlebu tengah lapangan, nanging durung suwe
mak bedundug Pandu mbengok Sora
“Pras, kowe rung adus pirang taun sik?”
Yudhi sing uga ngambu ganda arum jamban melu mencureng nyawang kancane. Pras sing dadi
tersangka utama langsung masang tampang tanpa dosa persis narapidana kasus hambalang, karo
plengah-plengeh dheweke njawab
“Aku wis adus yo isuk mau sakdurunge sekolah, tapi kan saiki aku mesti ngrumat wedhus-
wedhus titipan sing dienggo qurban dadi yo harap maklum nek ambuku prengus”
“Wooo…yokuwi jawabane, wis cetha nek iki seribu persen yakin  aku” Yudhi langsung
malangkerik karo bengak-bengok persis peserta demo bayaran
“Jawaban opo Yudh?” Pandu isih during ngeh
“Jawaban kenapa Endah saiki ngadohi Pras, alesane yo ming siji Pras merga ambumu ra
nguati, nek sinetron terkenal kae jenenge GGS lha kowe ki GGP” Yudhi akhire ra kuat nahan
guyu
"GGP opo Yudh?"
"Ganteng-Ganteng Prengus hahahaha"
Pandu sing krungu omongane Yudhi langsung melu ngakak nganti wetenge lara.
“Bener kuwi Pras, sori ya Bro, lha koq ndadak Endah, aku wae sing bocah lanang wis meh
semaput mambu prengusmu opomaneh Kenya resikan kaya Endah, mending saiki dhewe bali
ngandangne wedhusmu, terus kowe adus sing resik, sabunan, keramas, nganggo parfum terus
dolan kono ning omahe Endah ngomong nyilih catetan wulangane Bu Wiji ndhik isuk” Pandu
langsung menehi ular-ular sing dawane ngluwihi anaconda
Pras ming cengar-cengir krungu omongane kanca kenthele, karo mesem dheweke ngambu
awake dhewe lan eseme ilang saknalika.
-------------------------------------------------------
Salahé Pitiké Dolan

Ing sawijining ruangan kantor polisi... "Jenengmu sapa?" pitakoné pak polisi "Hono pak" "Ming
Hono tok?" "Nganggé wah" "Honowah ngono" pak polisi sajak bingung "mboten pak..wahono"
"ooo" *** "Ngerti kenapa awakmu digawa mrene?" "lha mboten pak" "kowe tanggane bu
ginem to?" "enggih..kula pépétan gedhég kaliyan omahe mbokdé ginem" "kowe sing nyolong
pitiké bu ginem yo?" pak polisi nginterogasi maneh "hla..mboten kula pak..kula mboten
nyolong pitik..saestu wani sumprit kula" "nek kowe ra nyolong,kenapa iso barang buktine pitike
bu ginem ketemu ning omahmu?" "pancen enggih niku pitike ting griya kula..tapi kula mboten
nyolong..tenan niku pak..kula mboten goroh" wangsulane hono sengol "lha trus piye critane?
soale iki laporane bu ginem dhewe" pak polisi tambah ora sabar "lha nggih niku to pak...wingi
lak kula ngéwangi panen jagung ting nggéne juragan Sapto...baline kula diparingi jagung..trus
ndilalah karunge jebol ning ngarep griya kula...." "trus. .." pak polisi tambah emosi "lha
niku..trus pitike mbokde ginem malah marani jagung sing kutah..lha nggih mpun kula sebar
mawon to jagunge..nganti tekan njero omah..lha pitike nututi sedaya,lha pas mpun nglumpuk
nggih kula kurungi mawon, nek woh-wohan mangklung ting griyane tangga kan dados milike
tangga..lha niki pitiké mbokde ginem nggih dolan piyambak koq,mboten kula peksa,mboten
kula maling..lak leres to pak..lha salahe pitike dolan" "embuh....bocah nek udelé telu yo kaya
kowe iku...&/&+%%+#§€»¢]=¢¥»`=[>=«grrrhhhhhh" ----------------
Mbah Darmo Tuku Susu

Wayah wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada
anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep
salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu,
ngantek diparani sing jaga

Penjaga: 

Badhe mundhut punapa Mbah?

Mbah Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu
putune.

Mbah Darmo:

Menawi Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe?

Sing jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes
keras marang Mbah Darmo

Penjaga: http://duniashinichi.blogspot.com

Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe
diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!

Mbah Darmo:

Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket je, kok diundang simbah?

Penjaga:

Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah umur pitulas,
sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun pantes diundang simbah, dadi aja
protes rumangsa enom terus!

Mbah Darmo:

Yaaaaaaaah.... sampeyan injih mboten pareng protes diundang Mbokdhe! Wong rayi
sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???

Kanca-kancane Penjaga Toko ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone
Mbah Darmo.  Kepeksa Si Penjaga Toko ora sido ngundang simbah marang Mbah Darmo.
Diganti ngundang "Om" wae amarga luwih enom setahun tinimbang Romone (Undil-2013)
Nalika Mobil Kuncine Kembar

Sakwise pembagian bonus akhir tahun, Ima tuku mobil MPV seri terbaru yen miturut dheweke
body ngarepe apik banget memper kaya Camry. Suwijining dina pas wektu istirahat kantor,
Ima lunga metu sakperlu jajan bakso malang komplet ning warung Bakso Bangjo. Ndilalahe
pas parkir ning ngarep Bakso Bangjo, wis ana mobil liya sing padha persis jenise di parkir ning
jejere mobile Ima.  Dadine mobil loro werna abu-abu kuwi jejer ning parkiran.

Sakwise rampung mangan bakso, Ima balik meneh ning mobil. Dithokake kunci mobil, dibukak
lawange, banjur Ima mlebu ning mobile. Wasan ning njero mobil, Ima kaget amarga isi mobile
kok beda. Iki mesthi mobile wong liya sing diparkir jejer dheweke. Wah gawat iki! Mosok
kunci mobile Ima iso dinggo mbukak mobile wong liya!. Enggal-enggal Ima ngethokke
handphone lan protes marang dealer sing dodol mobil.

Ima:
Piye tho Pak Quality Control panjenengan menika? Kok kunci mobilku isa dinggo mbukak
mobile wong liya?

Dealer:
Ah mosok mbak? Wiwit jaman pithik durung kathokan kunci mobil ki ya mung iso dinggo
mbukak siji mobil thok, ora iso dinggo mobil liyane!

Ima:
Lha iki buktine! Aku saiki iso mlebu mobile wong liya. Padahal aku ki dudu tukang sulap loh!
Majda Yulianingrum

Dealer:
Okey Mbak! Tunggu disik yah. Sedilit mengkas teknisi teka mbrono ngecek mobile Mbak Ima

Ima:

Cepet ya Pak! Yen sak kunci iso dinggo bukak mobil liya rakyo bahaya tho! Mobilku iso kleru
karo mobile wong liya! Majda Yulianingrum
Dealer:

Iya Mbak. Teknisi wis meluncur menuju lokasi. 


Sakwise sauntara waktu sing nduwe mobil wis rampung jajan bakso lan marani mobile.
Dheweke kaget weruh ana Ima ning njero mobile. Ima banjur nerangake menawa dheweke
salah mlebu mobil amarga kuncine ora spesifik, iso dinggo bukak mobil liyane. Ima ngajak
sing nduwe mobil bareng-bareng protes karo teknisi sing arep mara mbrene.

Ima:

Dadi ngoten ceritane pak. Kuncine panjenengan kalian kunci kula sajake sami. Mangke awake
dhewe kudu bareng-bareng komplain marang Dealere njih!

Sing nduwe mobil malah ngguyu kemekelen banjur celathu:

Heuheuheu... Mbak Mbaaak! Lah mesthi wae mbake iso mlebu mobilku wong ora tak kunci
je. Soale anakku lingguh ning jok mburi lagi maca komik. Lha niku bocahe sakmenika
ngadek... 

Dumadakan ning jok mburi njedul cah cilik sing ngguyu mringis lan ngruruhi Ima:

Halo Mbak Cantik. Sorry njih, aku mau lagi asyik maca komik dadi mboten weruh Mbake
mlebu mobil.

Ima:

Gubrakkkkk!!
Pitik Mogok Mangan

Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan
sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas.
Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi ngambu
lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae.
Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane
Pithik Blorok:  
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku
Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?
Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok
pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?
Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok
ora doyan mangan wae po?
Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning
lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia
nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane
dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-
nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora
gelem mangan?.  
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike
doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata
padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan
karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang
pokale pithike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet
kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae
arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh mbokne ponakane yaiku Majda
Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan
mangan.
Majda Yulianingrum:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!
Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?
Majda Yulianingrum:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.
Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan
weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan
arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.
Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora
doyan mangan luwih pantes dibeleh...
Pithik Blorok:
Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi
lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)
Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Dewi lan Majda Yulianingrum
dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan
arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki
Balapan”
Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang
ngumur sewelas tahun utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor,
dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak
montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
“Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
“ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
“Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang
lagi wae mlayu marani Fatih.
“He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
“Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
“ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
“Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo
cengar-cengir.
“Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
“Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
“Apa hubungane ro ciduk???”
“Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang
motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
“Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
“ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
“Siji…loro…telu…”
Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng
ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan
lorenzzo.
Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some.
Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.
“Lik….lik….lik…awas”
Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah.
Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
“kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye
nek ngeneki?”pituture bakul some.
“ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
“Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket
ewu”
“Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis
ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-
banter.
Kanca Saklawase
“pit ,piye iki pit keri patang dino meneh awakdewe Ujian,” kandane Susan karo aku. ”Hayo
piye?, yo sinau ta ben isoh!” jawabku. Bel masuk wes muni. Rung ono telung menit lebar bel Pak
Gunawan wes rawuh. Pak Ketua, doni laangsung nyiapke kabeh murid ndongo arep pelajaran. Sakwise
berdo’a, “kepada Pak Guru hormat grak”, suarane Doni seng lantang lan tegas. “ Tegap grak” ngunu
lanjute.
  “oke, assalamu’alaikum warohmatuloohi wabarokatu”,sapa Pak Gunawan.
  ‘’wangalaikum sallam warrohmatullohi wabarokatu”, jawabe murid-murid.
Pak gunawan iku guru matematika, beliau iku tegas,tur biasane disapa Pak Gun.
Pelajaran wes dilekasi,  Pak Gun nerangke kabeh bab IV. Susan bingung, “aku kok durung dong –
dong yo pit?”, omonge Susan ro aku lirih-lirih.
Takon Pak Guru wae!”, saranku. Nanging Susan mung meneng wae. Ketoke Susan rag wani
takon.
Pelajarane Pak gunwes rampung. Lebar PAK Gun metu, susan takon ro aku. Susan takon carane
nggarap soal seng mau. Mestine susan tak warai. Rung rampung leh ku marai Bu Sri wes rawuh. “ le
marai teruske ngko meneh ya”, jare Susan. Aku yo mung manut wae. Bu Sri le mulang ngasi mbengok-
mbengok, masalahe muride podho rame kabeh. Susan barangyo melu rame. Aku munu ora meng
kadang-kadang le gojek.
“ hey-hey, diam, diam semuanya”, Bu Sri.
Kabeh murid do meneng, rung ono limang menitBu Sri ngajar wes do rame meneh koyo pasar.
“Hey-Hey, diam bisa tidak?, do niat sekolah oran nek ora metu wae, rasah ngganggu kancane
sek pengen isoh”. Wah galake Bu Sri soyo metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh murid podo, anteng
,meneng, nggatekke pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng neg suasanane kelas kondusif, tur yo murude podo
dong kabeh.
Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen Susan arep ngedongke bab IV matematika.
“sido neruske leh mu takon mau rag San?’’, takonku marang Susan.
“sesuk po kapanwae yo ,aku males we. Jajan sek wae yo, ngeleh aku”, jawabe Susan.
“yo wes lah jajan dulu”. Aku mung manut ro Susan ,kan seng butuh reti Susan udu aku.
Ngasi ngaso pindo Susan rung takon meneh, mungkin wae Susan wes dong.
“kulo seng asli niku mboten tek seneng leh Susan, amargi pendakpelajaran npo mawon sek
digarekke ro guru-guru mung Susan. Susan ki wonge caper,lebay,alay,nggeh niku seng marakke kulo
mboten seneng.opo maleh yen kulo lagi dipertanya’i leh guru, mangkeh seng jawab Susan, dede kulo.
Maksud kula Susan niku kerep banget ngrebut jatah soal ngge kulo, bu”, curhatku marang Bu Bk. Aku
neng ruang Bk dewe, ra mungkinlah karo Susan.
“Pipit, saiki kowe teko sabar sek wae, Susan tok nengke wae sek. Omong apik-apik ro Susan
tentang kui, mengko Susan ndak loro ati”, iku sarane Bu Bk.
“Nggeh Bu”jawabku.
“Yo wes saiki mantuk sek, ndak digoleki ibu’ kok ra lek bali seko sekolah”, lanjute Bu BK.
“nggeh Bu” jawabku meneh.

Sedino meneh UAB, utowo Ulangan Akhir Bulan. Sek diujikan iku bahasa indonesia, bahasa
inggris, IPA, lan Mateamaatika. Wes ngasi yakhene Susan rung takon matematika seng mbiyen.
“A........yo luweh ra takon aku”,batinku. Sedino iku aku rag omongan karo Susan meneh. Susan yo rag
ngejak aku omongan kok. Aku yo ra nyobo omongan ro Susan seng disaranke Bu BK.
Bel pindo ,tandane ngaso. Aku ora jajan bareng Susan, Susan ngejak aku jajan, neng aku wegah.
Aku jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali aku ora omongan ro Susan.
“opo Susan reti curhatku marang Bu Bk yo?’’ pikirku.
Sakwene neng dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Neg susan reti piye yo??. Aku kon
kudu piye? Ak u bingung.
Dino wes ganti, saiki wektune UAB. Aku ra sak kelas karo Susan Aku nggarap soal kanti PD. Aku
nggarap ora ono masalah, lancarlah . aku nggarap soal ora nurun,jujur. UAB pertama aku ora pethuk
Susan. Ngasi UAB ke-papat aku yo ora kepethuk Susan meneh.

UAB wes rampung, bijine yo wes dumumke kabeh.Yess!! bijiku apek kabeh, ya alkhamdullilah.
Aku seneng aku rankin II.aku nlliki bijine Susan bedo adoh, susan rankin 30. Aku bangga isoh luwih apik
seko Susan. Neng aku yo ora entuk sombomg. Aku, yo rung puas ro biji semunu, tur lagi rankin II.
Wayahe ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. Aku wes
ora mikirke Susan meneh, aluweh. Niatku iku mung arep nglaleke Susan.
Pra nyono ora ngiro, Susan moro lan lungguh neng jejerku. Susan kondo yen deweke njaluk
ngapuro karo aku. Aku bingung kudu piye ,masalahe aku ki arep melupakan Susan begitu. Galih banjur
moro lan omong, “Pit, yo dingapuro ta Susan , mesalke lo Susan neg rag dingapuro”. Aku  mung meneng
wae. “Pit”, lanjute Galih.
“kowe lak wes ket kelas pitu ta kancanan ro Susan, telung tahun Pit, mosok arep tok pedhot
ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi ki Pit”, lanjute Galih meneh.
“ ok ok, la Susan ki ngopo njaluk ngapuro ro aku barang??”, atakomku ro Galih.
Susan mung mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK Pit”, jare Susan. Aku mung meneng
wae.
“Pit, pliss yo aku dingapuro, Pit”, jalukke Susan.
Susan ro Galih mung ndeloke aku. Aku bingung. Pancen bener wes telung tahun aku kancanan
ro Susan. Akhire aku ngenei apuro marang Susan. Aku yo jaluk ngapuro marang Susan lan Galih yen aku
duwe salah.
Ngasi saiki ,aku Galih, lan Susan kancanan raket. Aku seneng isoh nduwe kanca koyo Galih lan
Susan.
*** Selesai***
Kekancan Sak Lawase

Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku cilik. Sodiq
iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang ngantukan, tapi aku yo
ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes biasa dadi yo gak tak gowo ati.

“Duwar…itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae, nek aku
jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq.

Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani mengko karo
pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq mlebu kelas bareng-bareng.

Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning tekan
setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir mareng tukang
jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko buku sek tak gowo tibo
“buukkkk” ditabrak bocah cilik.

“Sepurane mas aku gak sengojo e'”

“Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek mlaku kui seng ati-ati ya dek”

“Enggeh mas”

Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah pitu, yo koyo biasane aku melu pelajarane pak
guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora koyo biasane, sodiq kok gak ketok sedino kie,
dadeake khawatir maring pikiran aku, aku mutuske bali sekolah maring omahe sodiq. Tekan
ngarep omahe tika yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo gak ono uwong.
Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule sodiq ora nek omah kono alias pindah anyar.
Bali seko omahe sodiq aku lagi kepikiran loh kenopo kok sodiq pindah kok ora neng kono wae?
Yo kenopo kok sodiq gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku dadi bingung dewe
karo sodiq.

Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sodiq sek anyar. 1 jam luih
jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu omahe sodiq batinku.
Aku kaget tekan ngarep omahe sodiq seng biasane urip enak lan kepenak saiki malah urip nek
tempat sek kumuh lan sempit.

“”Asssalamualaikum..” Aku kang ngucap salam nek ngarep omahe sodiq

“”Waalaikumsalam” Bales sodiq pas buka lawang

Ora basa-basi sodiq langsung ngajak aku mlebu marang omahe. sodiq banjur cerito marang
kabeh kepindahane, jebule keluargane iku nduwe utang marang bank naming sayange
keluargane iku gak sanggup bayar akhire omahe kui dadi di sita karo pihak bank.

“Yo wes deq gak usah sedih terus, iseh ono aku koncomu kok, aku bakal tetep dadi koncomu
maring kesedihan lan seneng awakmu.” Omongan aku gawe nenangake sodiq seng gek sedih

“Alhamdulillah jar aku bersyukur banget marang gusti Allah, soale Alah uwes ngewenehi konco
koyo awakmu..”

“Ngene wae diq adewe gawe perjanjian yen dewe kui bakal selalu bareng-bareng ora bakal
kepisah masio adewe adoh amergo jarak”

“Siap,, janji yo kekancan sak lawase jar”


Setelah Lulus SD

Sak uwise lulusan sekolah lan bodo saiki wes waktune aktivitas bali koyo biyen maneh, yaiku
golek ilmu kanggone sanguurip supoyo mandiri lan luih apik tinimbang sak durunge. Atiku deg-
degan banget amergo tahun ajaran kang anyar iki aku wes mulai nuntut ilmu ono ing bangku
SMP.

Alhamdulillah senajan bijine hasil ujian nasionalku ora sempurna naming aku bisa di terimo ono
ing sekolahan favorit kang wes aku kareppe kawit SD biyen, yaiki SMP Negeri 7 Magelang.

Masio sekolah iku wes dadi kebiasaan ugo aktivitas kang rutin kanggo awaku, ananging tahun
ajaran baru iki aku ngroso luwih deg-degan, ngerti mergo opo? iyo bener, mergo aku mulai
sekolah ono ing SMP seng mestine bakal ketemu sekolah anyar, konco anyar, bapak ibu guru
anyar kanggo aku.

Ket dino minggu bapak lan ibukku wes podo paring wejangan supoyo aku nyiapke kelengkapan
kanggo sekolah koyo sepatu, tas, seragam, ugo alat tulis supoyo dino pertamaku mlebu sekolah
tahun ajaran iki ora keteteran.

Tulisan iki cerito bahasa jowo dino pertama aku masuk sekolah iki sengojo tak tuliske ono neng
kene kanggo conto lan pengeeng-eleng pengalaman ku.

Pertama mlebu yaiki dikawiti dino senin, seng diwiwiti upacara bendera, senajan aku durung
kenal karo konco-konco anyarku naming mergo uwis di pandu dening bapak ibu guru ugo kakak
kelas 8 & 9. Barisan upacara biso rapi dadi gawe bungahe ati.

Sak uwise upacara rampung murid anyar kelas 7 di umumke supoyo tetep ono ing halaman
sekolah kanggo mirengake kegiatan kang kudu di lakoni yaiku Masa Orientasi Sisa utawa kang
kesebut MOS.

Mugo-mugo cerita iki biso dadi conto kang manfaati kanggo awak dewe kabeh.
Wajib Koq di Langgar

Ing Sawijining dina....

SD 1 panggonane Pras sekolah ketekan murid anyar saka kutha, jenenge Yudha. Karo Bu Guru
si Yudha didhawuhi lungguh jejer Pras. Sakwise kenalan sacukupe, bocah loro mau wis katon
akrab kaya kanca lawas wae, nanging senajan mengkono Pras rada kangelan  yen ngobrol karo
Yudha, amarga Yudha babar blas ora bisa basa jawa semana uga Pras durung lancar basa
Indonesiane.

Bali sekolah bocah loro iku mulih bareng, ndilalah pancen omahe pada-pada sak jurusan.
kebeneran dina iku  jumat lan sedhela maneh wayah dhuhur, mulane Yudha banjur takon
marang Pras

"Oh iya Pras, kamu kalau Sholat Jumat  dimana?nanti kita bareng ya"

"iya nanti ku ampiri Yud, aku kalau jumatan selalu di langgar" jawabe Pras

"lho kita kan laki-laki Pras ,Sholat Jumat  kan wajib hukumnya koq dilanggar sih" Yudha katon
bingung karo jawabane Pras

"lha iya itu karena wajib maka jumatan di Langgar" Pras rada gumun merga jawabane diprotes
Yudha

"maksudnya dilanggar itu gimana sih Pras, wajib koq malah dilanggar aku nggak tahu
maksudmu" akhire Yudha ngomongke kebingungane

"nganu itu lho Langgar nya Yud, jadi orang-orang di desa ini kalau sholat jamaah ya disana
termasuik jumatan" pungkasane Pras nerangke maksude karo nduding sawijining panggonan ing
cedhak kantor kelurahan sing wangune memper masjid ning ukurane luwih cilik

"hahahaha...Pras maaf ya aku nggak tahu kalau langgar yang kamu maksud itu masjid ini...ya
sudah nanti kita bareng kesana ya" Yudha ngguyu kemekelen sawise mudeng apa sing dikarepke
kanca anyare

Lan bocah loro  mau wekasane neruske mlaku bali menyang omahe dhewe-dhewe

You might also like