You are on page 1of 3

Wacananen tuladha naskah sandiwara kang prasaja ini ngisor iki!

TANSAH ANA DALAN


Dening: Budi Waluyo
Ing ndhuwur panggung. Setting ana ing ruwang tamu kang prasaja.
Ana sak set meja kursi kayu. Neng ndhuwur meja tamu mau, ana kembang sing digawe
saka plastik daur ulang. Sanajan bekas, ananging kembang mau katon seger lan penak
disawang.
Ana ing ndhuwur panggung mau, katon Pak Kardi lan Bu Kardi sing sajak bingung.
Praupane kethok pucet lan kebak was sumelang. Bu Kardi bola-bali ngadeg banjur
lungguh meneh. Dene Pak Kardi mlaku wira-wiri karo bola-bali kukur-kukur sirah. Musik
keprungu nggrantes lan nelangsa.

Pak Kardi : Piye ya Bu? Awake dhewe kudu menehi wangsulan apa nek Danang
mengko takon meneh?
Bu Kardi : Lha yo embuh Pak, aku uga bingung kok.
Pak Kardi : Lha yo Bu. Bejane awake dhewe, dadi wong kang sarwa kecingkrangan.
Anak njaluk sekolah wae,awake dhewe bingung olehe nuruti.
Bu Kardi : Iya Pak. Gek Danang kae pengine olehe kuliah yo tenanan. Dasare
bocahe sregep, sregep lan pinter. Ora tega aku Pak, nek ora bisa nuruti
penjaluke.
Pak Kardi : Lha iya tho. Apa tak golek utangan nggone Pak Bayan ya Bu?
Bu Kardi : Owalah Pak. Apa ora pekewuh? Utang sing mbiyen wae olehe nyicil
durung rampung. Mosok arep utang meneh?
Pak Kardi : Lha njur kepiye?
Bu Kardi : Lha embuh..
(Bu Kardi wangsulan kanthi nglokro. Sajake wis kelangan pangarep-arep).
Pak Kardi : Apa saklawase uripe dhewe bakal kaya ngene terus ya Bu?
Bu Kardi :Maksudmu piye Pak?
Pak Kardi : Ngene lho Bu. Awake dhewe iki, kawit mbiyen, wiwit saka nikah,
nganti yahmene. Nduwe anak loro. Danang wis kelas 3 SMA. Siti adike
wis kelas 2 SMP. Uripe dhewe kok tansah kurang terus. Kanggo nyukupi
butuh, utang kono kene. Adol barang kanggo nyukupi bayaran sekolah
bocah-bocah. Apa ya uripe dhewe arep kaya ngene terus?

(Bu Kardi nyedhak Pak Kardi karo ngelus-ngelus pundhake bojone kuwi)
Bu Kardi : Sing sabar ya Pak. Awake dhewe aja nganti nglokro.
Pak Kardi : Iya Bu. Aku ora nglokro kok. Mula aku nduwe pengarep-arep, supaya
Danang bisa sekolah sing duwur. Ben uripe Danang besok bisa luwih
mulya ketimbang awake dhewe. Lha, nalika wingi Danang matur aku nek
deweke pengin kuliah,aku ya sarujuk banget. Nanging bareng mikir
babagan ragat,aku kok malah dadi mumet. Duit saka ngendi coba Bu?

Bu Kardi : Lha iya tho Pak. Aku ya melu bingung.


Nalika Pak Kardi lan Bu Kardi isih pada bingung, Danang, anake teka saka sekolahan.
Danang : Assalamu’alaikum Bapak Ibu..
Pak & Bu Kardi: Wa’alaikumsalam..
Pak Kardi : Wis bali Le?
Danang :Sampun Pak. Pa, Bu.. Kula badhe matur. Bilih kula ketampi anggen kula
ndaftar kuliah. Wonten ing pawiyatan luhur negeri. Kula ketampi wonten
jurusan kedokteran Pak. Alhamdulillah..
Bu Kardi :Dokter Le.. Suk kowe bisa dadi dokter? Alhamdulillah..
Danang :Hehehe.. Tasih dangu Bu, angsale dados dokter. Nggih kuliyah
rumiyin ngantos rampung.
Pak Kardi : Bapak seneng banget Le, kowe bisa ketampa ana ing jurusan sing apik lan
mbok senengi. Nanging..
Danang : Nanging menapa Pak?
Pak Kardi : Nanging, Bapak lan ibumu ora nduwe duit kanggo ngragati kuliyahmu Le.
Kowe lak ngerti dhewe tho, Bapak lan ibumu mung buruh tani. Hasile
mburuh mung cukup kanggo urip sakbendinane wae. Banjur kanggo
nyukupi mbayar kuliyahmu mau, duit saka ngendi tho Le?
Danang :Bapak kaliyan ibu mboten usah was sumelang. Kula ketampi kuliyah
menika kanthi jalur bidikmisi kok. Jalur bidikmisi menika, nampi
mahasiswa ingkang kekirangan, ingkang mlarat, ananging gadhah prestasi.
Mangke kuliyahe gratis Pak. Mboten bayar. Malah mangke sakben
wulanane angsal arto tambahan kangge mbantu kuliyah.
Bu Kardi : Masya Allah? Gratis Le? Kuliyah ora mbayar? Malah isih ditambahi duit
sangu?
Danang :Inggih Bu..
Pak & Bu Kardi: Alhamdulillah..
Pak Kardi : Alhamdulillah Le.. Beja banget uripmu..
Danang :Inggih Pak. Nanging kula kedah sregep,supados biji kula sae lan angsal
kula kuliyah saget rampung tepat waktu. Syukur-syukur langkung cepet
rampungipun..
Bu Kardi : Iya Le, berarti kowe kudu luwih sregep anggonmu sinau ya..
Danang : Inggih Bu,siyap..
Pak Kardi lan Bu Kardi sing ndek mau praupane katon bingung lan nglokro,sakiki katon
sumunar, bungah lan padang.
Musik ing panggung muni. Musik sing kebak kabahagiyan.*
Cuthel
GLADHEN 1
Sakwise para siswa maca naskah sandiwara kang prasaja ing ndhuwur mau,
sakiki temtokna perangan-perangan utawa unsur-unsur sandhiwara yaiku:
1. Plot utawa cengkorongan crita
wangsulan :
plot : maju
cengkorongane crita :
• Pak Kardi lan Bu Kardi bingung wangsuli Dhanang yen dheweke takon maneh,
banjur Pak Kardi mikir yen arep ngutang malih dening Pak Bayan nanging Bu
Kardi ora setuju.
• Bu Kardi ora setuju amarga utang ingkang sadurunge wae durung rampung.
• Pas Pak Kardi lan Bu Kardi kebingungan, Dhanang teka saka sekolahan nggowo
kabar apik, yen dheweke ketompo anggene ndaftar kuliah ning jurusan kedokteran
lan biaya kuliah e gratis malah bakal oleh sangu ben sasine.

2. Penokohan utawa perwatakan


wangsulan :
Tokoh utamane yaiku :
Pak Kardi :Sayang karo keluarga.
Bu Kardi : Sabar karo kahanane urip.
Dhanang : pinter, luhur budine.
Tokoh figuran : Pak Bayan lan Siti

3. Setting (latar)
wangsulan : ana ing ruwang tamu kang prasaja.
4. Underan (tema)
wangsulan : kesusahan.
5. Amanat
wangsulan :
Saka crita ing dhuwur kapundhut amanat yen kita kudu sabar menawi ngadhepi
pacobaning urip saka Gusti Pengeran lan aja nganti nglokro, amargi yen kita sabar,
kita bakal oleh pungkasane urip ingkang endah lan bahagia.

You might also like