You are on page 1of 2

Bismillahirohmanirrohim,Assalamualaikum Warahmnatullohi wabarokhatuh.

Innalilahi Waina illaihi


rojiun.

Sakyektosipun sedoyo ingkang gesang ingkang ngalam donya menika kagunganipun Gusti Allah pramilo
boten mokal bilih samangkenipun badhe kondur dhateng ngarsanipun Gusti Allah. Kados prastowo
ingkang kasandang penjenenganipun Alm/Almh Bapak/Ibu.................Ingkang katemben marak sowan
dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT rikala dinten...............surya kaping.............wonten.........lantaran
gerah sakwetawis wekdal.

Estunipun poro sanak kadang tonggo tepalih, mitro pitepangan boten kirang-kirang anggenipun murih
Alm/Almh saget waluyo jati, jati satemah waluyo, namung pambudidayaning manungso boten saget
nduwo karsaning Gusti ingkang Maha Kawasa kridaning budi datan saget mbedhah kutaning pasti hawit
saking meniko poro putro wayah sageta ngiklasaken sedanipun Alm/Almh............

poro pepunden, poro pinisepuh sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para takziah/takzizin ingkang kulo
hormati,hawit saking raos sungkawaning manah panjenenganipun bp/ibu......ingkang katemben
nandang duhkito labet tinilar alm/alh.................,panjenenganipun bp/ibu................mboten kuwawi
matur wonten ngarsi jengandiko sami,kanthi meniko kulo pinongko sulih sariro soho talang ing boso
saking bp/ibu..........sak putro wayah,keparengo kawulo hangaturaken gatraning sedyo wonten ing
pangruktinipun layon ing rahino puniko.

para takziah/takzizin ingkang satuhu kinurmatan,ingkang sepisan panjenenganipun bp/ibu.................sak


putro wayah ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami hawit kerawuhan panjenengan
sami,soho ngaturaken sugeng rawuh,mugi kasekecakno lenggah kanthi mardu mardikaning manah
dumugi sak paripurnaning pangruktinipun layon samangkih.Lan ugi hambok bilih anggenipun nanggapi
kerawuhan panjenengan sedoyo,wonten kirang ing samudayanipun sae arupi gupuh,suguh menopo
dene tambuh,saking bp/ibu...............tansah nyuwun pangapunten ingkang agung.

Ingkang ongko kalih,mboten katalumpen ugi panjenenganipun bp/ibu........mawantu-wantu nyuwun


tambah ing dungo pamuji mugi-mugi alusanipun alm/almh..................katampio wonten ngarsanipun
Gusi Allah,dipun paringono papan panggenan ingkang langkung sae tinimbang wonten alam
ndunyo,dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun,dipun apunten sedoyo duso kalepatanipun,dipun
fajaraken kuburipun,tinebihno sikso kuburipun,kalebetaken sedo ingkang khusnul khotimah.Soho poro
putro wayah ingkang tinilar tansaho manggih bagyo mulyo,rahayu wilujeng,tansah dipun paringi
ketabahan,kesabaran,kesehatan soho kekiatan iman sahenggo saget nglajengaken cita-citanipun
alm/almh.................duk rikolo taksih sugengipun..

Ingkang ongko tigo,hambok bilih rikolo sugengipun alm/almh............... hanggadahi kalepatan dumateng
panjenengan sedoyo,mugi panjenengan ugi kerso paring pangapunten,lan hambok bilih duk rikolo
sugengipun alm/almh.....................ggadahi petangan awujud menopo kemawon dumateng panjenengan
sedoyo,samangke sak bibaripun pangruktinipun layon kulo aturi menghubungi poro ahli warisipun
supados dipun rampungaken sahenggo estu pisowananipun alm/almh.........................saget resik saking
petangan kadunyan.
Ingkang ongko sekawan,panjenenganipun bp/ibu............ngaturaken gunging panuwun dumateng poro
sanak,kadang,tonggo tepalih,poro mitro pitepangan ingkang sampun kepareng paring jurung pambyantu
awujud menopo kemawon,sae bau,suku,eguh pratikel lan sak pinanggalanipun.Mugi sedoyo kacatet
dados amal sholeh panjenengan,satemah Gusti Allah paring lintu ngkang sak traju kaliyan amal kesaenan
panjenengan sedoyo.

Ingkang ongko gangsal,nyaosi pirso bilih layonipun alm/almh......................bade kasareaken wonten


makam................,pramilo hambok bilih poro takziyah,takziyin pambelo sungkowo samangkeh wonten
sepen ing pambengan dalasan dangan ing penggalih,kaaturan nderekaken soho nguntapaken layonipun
dumugi pemakaman,namung hambok bilih taksih kathah ayahan ingkang mboten saget
tinilar,konduripun nderekaken sugeng kondur sowang-sowang,mugi-mugi rahayu-rahayu ingkang samyo
pinanggih,dumugi dalemipun piyambak-piyambak.

Ingkang pungkasan,kawulo pribadi hambok bilih angen kawulo ngaturaken pambagyo nawung
sungkowo kathah kekirangan,kekhilafan,soho wonten kecer,cewet ing atur kulo,mboten langkung kulo
nyuwun agunging samudro pangaksami ugi,pinongko pinutuping atur,wabillahi toufik wal
hidayah,wassalamu alaikum warohmatullohi wabarokhatuh..

You might also like