You are on page 1of 10

PEMERINTAH KOTA SURAKARTA

DINAS PENDIDIKAN KOTA SURAKARTA


SD NEGERI SOROPADAN
Alamat : Karangasem RT 01 RW 04 TLP. (0271) 7461786 Laweyan Surakarta Kode Pos 57145

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP (PTS II) SD/MI/SDLB


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mupel : Bahasa Jawa


Nama :_____________________
Kelas : 6 (enam)
Hari, Tanggal : , Februari 2021
Kelas :______________ No : __
Waktu :

KD. 3.1
I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c, utawa d sangarepe wangsulan kang
trep!
Wacanan teks pidhato iki kanggo mangsuli soal nomer 1-6

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Puji sokuring ngrasanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi berkah
saengga kita sedaya saged kempal ing acara perpisahan Kelas 6 SDN
Kembang Melati kanthi bagas waras, kaling ing rubeda nir ing sambikala.
Para rawuh ingkang kula bekteni, kula Kusuma Wardhani minangka
wakilipun kanca-kanca klas 6 ing SDN Kembang Melati, badhe ngaturaken
panuwun dhumateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula
sakanca ngantos lulus kanthi lancar saha saged pikantuk biji ingkang sae.
Sadaya kala wau awit saking pambiyantu Bapak/Ibu guru saha tiyang sepuh
ingkang tansah nggulawentah kula saben dinten.
Kula kaliyankanca-kanca nyuwun pangapunten menawi sak dangunipun
wonten SD, wonten tindak-tanduk, suba-sita ingkang mboten mranani penggalih
Bapak/Ibu Guru. Mugi-mugi kula dalasan kanca-kanca saged nerasaken
sekolah wonten ing SMP kanthi sae.
Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah
kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matut nuwun
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

1. Irah-irahan kanggo pidhato ing dhuwur, yaiku pidhato ... .


a. Perpisahan Kelas 6 c. Patemon Kelas 6
b. Penampi Kelas 6 d. Pasrah Kelas 6
2. Pidhato ing nduwur iku di adakake ana ing SDN ... .
a. Kembang Mawar c. Kembang Kantil
b. Kembang Melathi d. Kembang Teratai

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -1- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
3. Sing macaake pidhato yaiku ... .
a. Any Wardhani c. Shanti Wardhani
b. Tri Wardhani d. Kusuma Wardhani
4. Maturnuwun dhumateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula sakanca.
Nggulawentah tegese ... .
a. Mbimbing c. Ngrewangi
b. Ndukani d. Ngukum
5. Kanthi bagas waras, kalis ing rubeda nir ing sambikala. Ukara mau ngemu teges ... .
a. Sehat nanging ana alangan
b. Sehat lan ora ana alangan
c. Ora sehat lan ana alangan
d. Ora sehat lan ora ana alangan
6. Kula kaliyan kanca-kanca nyuwun pangapunten menawi sak dangunipun wonten SD.
Tembung sak dangunipun tegese ... .
a. Mentas bae c. Sak suwene
b. Sak cedhake d. Sak ngertine

II. Isilah ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
7. Pidhato basa Jawa uga diarani ... .
8. Kula minangka sulih sarira saking Bapak Kepala UPTD ingkang mboten saged rawuh.
Tembung sulih sarira tegese ... .
9. Kula sarencang Kelas 6 tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi adhik-adhik sageda
kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika.
Tembung pawiyatan tegese ... .
10. Perangane pidhato kang ngemu kabeh bab kang prelu diwedharake diarani ... .
11. Sumangga kula dherekaken tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
Ingkang Mahakuwaos, ingkang sampun ngluberaken berkah saha rahmatipun
dhumateng panjenengan lan kula. Ukara iku kalebu cengkorongan pidhato bab ... .

III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !


12. Jlentrehna perangane pidhato kanthi urut!

Wangsulan :

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -2- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
13. Gawekna tuladha pambuka ana ing pidhato !

Wangsulan :

14. Tulisna tuladha panutup pidhato !

Wangsulan :

Nilai KD 3.1

K.D. 3.2
I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c, utawa d sangarepe wangsulan kang
bener !
Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap nomor 15-18
Kerja bakti Reresik Omah
Ibu : “Dhika, suk Minggu kerja bakti reresik omah ya?”
Dhika : “Nggih, Bu. Mbenjing kula tak mbiyantu reresik griya.”
Ibu : “Ya, sesuk koe ngrewangi bapak reresik emperan karo kebon. Ibu tak reresik
jero omah.”
Dhika : “Nggih, Bu. Menawa kula nandur kembang pripun Bu? Kajenge griyanipun
luwih endah disawang. “
Ibu : “Ngono yo rapapa. Lha arep nandur kembang opo koe Le?”
Dhika : “Mawar kalih kamboja. Ibu remen mboten?”
Ibu : “O iyo, apik kui Le. Mesthi tangga-tangga ya padha melu seneng nyawang kui
mengko.”
Dhika : “Mangke saben dinten kula siramane Bu kajenge mboten layu. Menawa prelu,
kula paringi pupuk.”
Ibu : “Iyo, Le. Koe kie pancen anak ku sing paling sregep. Ibu seneng yen ngerti
koe sregep kaya ngene”
Dhika : “Matur nuwun Bu.”
15. Paraga pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
a. Ibu lan bapak c. Ibu lan Dhika
b. Ibu lan tanggane d. Ibu lan Dhita

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -3- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
16. Alesane Dhika arep nandur kembang yaiku ... .
a. Kajenge griyanipun resik
b. Kajenge griyanipun endah disawang
c. Kajenge griyanipun reged
d. Kajenge griyanipun akeh kembange
17. Jinising kembang sing arep ditandur Dhika yaiku ... .
a. Mawar lan Kamboja c. Kamboja lan Melathi
b. Mawar lan Kanthil d. Kamboja lan Kanthil
18. Watake Dhika yaiku ... .
a. srei c. ngeyelan
b. kesed d. sregep
19. Topik pacelathon ing dhuwur ngrembuk babagan ... .
a. kerja bakti c. ngabekti marang wong tuwo
b. nandur kembang d. ngewangi wong tuwo

Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap nomor 20-23


Nonton TV
Ibu : “War, kowe lagi ngapa? Kok Ibu ora krungu swaramu ”
Warsono : “Kula nembe ningali TV, Ibu.”
Ibu : “Opo kowe wis garap PR, Le?”
Warsono : “Sampun, Bu. Sampu rampung sadaya!”
Ibu : “Acara apa ta sing kotonton kuwi?”
Warsono : “Ningali berita, Bu. Amargi kathah seserepan ingkang saged kula
pendhet saking berita punika, Bu.”
Ibu : “Oh, ngono ta, nanging aja terus kebablasen nganti bengi, ya.”
Warsono : “Mboten, Bu. Namung setunggal jam.”
Ibu : “Ya, wis yen ngono.”
Warsono : “Inggih, Bu. Matur nuwun.”

20. Paraga pachelathon ing dhuwur yaiku ... .

a. Ibu lan Warsono c. Warseno lan Warsiti


b. Ibu lan Warsito d. Bapak lan Ibu
21. Salah sawijining munfangat nonton berita amargi kathah seserepan ingkang saged
dipendhet.
Tembung seserepan tegese ... .
a. hiburan c. pengetahuan
b. tontonan d. film

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -4- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
22. Piwelinge Ibu marang Warsono yaiku ... .
a. aja lali sholat lan mangan c. sinau sing sregep yo
b. aja terus kebablasen nganti bengi d. aja lali nggarap PR
23. Warsono nonton TV suwene ... jam
a. 4 c. 2
b. 3 d. 1

II. Isilah ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !
Wacanen pacelathon iki kanggo nggarap nomor 24-28 !
Banjir
Pak Joko : “Bocah-bocah, dina iki sing ora mlebu sapa? ”
Aini : “Fajar, Pak. Griyanipun kebenan.”
Pak Joko : “Kebanjiran? Lha omahe Fajar ana ngendi, ta?”
Echa : “Griyanipun caket lepen Pak.”
Pak Joko : “Bocah-bocah, apa wae kang bisa nyebabake banjir kuwi?”
Shifa : “Amargi jawah ingkang deres sanget, Pak.”
Nabila : “Amargi mbucal sampah dhateng lepen, Pak.”
Tama : “Menawi pamanggih kula amargi wana ingkang gundhul, Pak.”
Winda : “Amargi siti ingkang longsor, Pak.”
Pak Joko : “Ya, ya, ya,... kabeh wis padha pinter. Wangsulanmu kabeh mau
bener.”

24. Topik pacelathon ngrembuk babagan ... .


25. Paraga ing pacelathon dhuwur iku yaiku ... .
26. Siswa sing ora mlebu sekolah yaiku ...
27. Kahanan ingkang nyebabaken banjir amargi siti ingkang longsor.
Tembug siti tegese ... .
28. Griyanipun Fajar caket lepen.
Tembung lepen tegese ... .

III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !


Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon-pitakon nomer 29-
30 !
Nyuwun Pangestu
Riyan : “Bu, kula nyuwun pangestu, benjing-enjing badhe tes Semester II.”
Ibu : “Dakpangestoni, Yan cah bagus, sing nggarap ya sing tenang, aja
seneng nirun kancane ya?”
Riyan : “Mboten Bu, kula sinau saestu kok. Dados boten perlu nirun kanca.
Nirun njaplak niku rak boten sae ta Bu?”

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -5- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
Ibu : “Bener, Yan, dakdongakake muga-muga kowe bisa nggarap tes
kanthi gampang lan oleh biji sing apik!”
Riyan : “Matur nuwun, Bu. Mangke menawi angsal juwara nyuwun hadhiyah
nggih?”
Ibu : “Ah kowe kuwi lho, diwenehi ati ngrogoh rempela.”
Riyan : “Hadhiyahe buku wacan sing kathah nggih Bu?”
Ibu : “Ah, ya embuh, ora sah ngarani dhisik!”
Riyan : “Nggih sampun Bu, kula badhe sinau.”
Ibu : “Ya wis kana sinau sing tenanan!”

29. Kepiye isi dongane Ibu kanggo Riyan?


Wangsulan :

30. Tulisen gancarane pacelathon ing dhuwur nganggo basamu dhewe!


Wangsulan :

Nilai KD 3.2

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -6- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
KISI-KISI PTS II KELAS VI SEMESTER 2
BAHASA JAWA

No K Kompetensi Yang Indikator Pilgan Isian Uraian


D Diuji
Bahasa Jawa
3.1 Memahami isi teks Disajikan bacaan, siswa dapat 4, 5, 6 8, 9
pidato tentang mengartikan kata-kata sulit yang terdapat
perpisahan kelas VI dalam teks pidato perpisahan kelas VI
Disajikan bacaan, siswa dapat 1, 2, 3
menjawab pertanyaan tentang pokok-
pokok isi teks pidato perpisahan kelas VI
Disajikan pertanyaan, siswa dapat 10, 11
menyebutkan bagian pidato
Disajikan pertanyaan, siswa dapat 7
menyebutkan nama lain dari pidato
Disajikan pertanyaan, siswa dapat 12
menyebutkan kerangka pidato dengan urut
Disajikan pertanyaan, siswa dapat 13
membuat contoh salam pambuka pidato
Disajikan pertanyaan, siswa dapat 14
membuat contoh salam panutup pidato
Bahasa Jawa
3.2 Memahami teks Disajikan percakapan, siswa dapat 21 27, 28
percakapan/dialogdenga mengartikan kata-kata sulit yang terdapat
n teman sebaya atau dalam teks percakapan.
orang tua Disajikan percakapakan, siswa dapat 15, 16, 25, 26 29
menjawab pertanyaan tentang isi teks 17, 18,
percakapan. 20, 22,
23
Disajikan pertanyaan, siswa dapat 19 24
menentukan topik percakapan
Disajikan pertanyaan, siswa dapat 30
mengubah teks percakapan menjadi
bentuk narasi.

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II (PTS II) SD / MI / SDLB


TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021

KUNCI JAWABAN
Mupel : Bahasa Jawa
Kelas : 6 (Enam)

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -7- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
Rom I ( K.D. 3.1 )
1. a
2. b
3. d
4. a
5. b
6. c
Rom II
7. Sesorah
8. Wakil
9. Sekolah
10. Isi/surasa basa
11. Pambuka
Rom III
12. Kebijaksanaan guru
a. Salam pambuka
b. Pambuka (pakurmatan lan puji sukur)
c. Surasaning sesorah (isi)
d. Dudutan (kesimpulan)
e. Pangarep-arep (apa-apa kang dadai pepengine lumantar sesorah)
f. Panutup
g. Salam panutup
13. Keijaksanaan guru
Nuwun bapa utawi ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru
saha karyawan ingkang kinurmatan. Sedaya rencang ingkang kula tresnani lan kula
banggaaken. Monggo kita ngaturaken puja puji syukur ngastonipun gusti allah ingkang maha
agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahingga acara punika
kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.
14. Keijaksanaan guru
Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun
pangapunten.

Rom I ( KD. 3.2 )


15. c
16. b
17. a

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -8- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
18. d
19. a
20. a
21. c
22. b
23. d
Rom II
24. Banjir/Kebenan/Kebanjiran
25. Pak Joko, Aini, Echa, Shifa, Winda, Nabila, Tama
26. Fajar
27. Lemah
28. Kali
Rom III
29. Muga-muga bisa nggarap tes kanthi gampang lan oleh biji sing apik
30. Riyan nyuwun pangestu marang Ibu, amarga arep ngadepi tes Semester II. Ibune Riyan
pesen supaya Riyan nggarape sing tenanan ora nirun kancane. Ibune Riyan uga dongakake
muga-muga Riyan bisa nggarap tes kanthi gampang lan oleh biji sing apik. Menawa Riyan
entuk juwara, Riyan njaluk hadhiyah buku wacan sing akeh saka Ibu ne. (Kebijakan Guru)

SKOR PENILAIAN
BAHASA JAWA

BAHASA JAWA KD 3.1


Pilihan ganda : betul x 1 = 6
Isian : betul x 2 = 10
Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 -9- KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan
Uraian : betul x 3 = 9 +
25
NILAI = x 100 = 100
25

BAHASA JAWA KD 3.2


Pilihan ganda : betul x 1 = 9
Isian : betul x 2 = 10
Uraian : betul x 3 = 6 +
25
NILAI = x 100 = 100
25

Surakarta, Februari 2021


Mengetahui,
PLT. Kepala Sekolah Pembuat Naskah Soal

Dra. Karyawati Rosatina Setyaningsih, M.Pd Ananda Putri Mahadewi, S.Pd


NIP 196302091984052004 NIP 199209242019022003

Pengawas TK/SD Gugus V


Korwil I Kec. Laweyan Kota Surakarta

Drs. Agus Widayatno


NIP. 196308201982011002

Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021 - 10 KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan


-

You might also like