You are on page 1of 2

KEMBANG AMBEN

Rini mung dewe. Bojone ora ana, ora katon mara. Omah gedhe nanging mung wong loro
sing ngenggoni. Athik mung omah warisan. Sepine urip lagi dirasakna Rini, ora kerasa luh
ceblok ing pipine. Kanthi kahanan kaya ngene Rini dadi mikir.
Rini: “Yen ngene iki kok ya ana bener e bae ujare wong-wong tuwa kae, sugih anak sugih rejeki,
sebab saben anak nggawa rejekine dhewe-dhewe. Njur anak akeh, rak ya isih ana sing
nang omah ngopeni wong tuwa yen ana lara-larane. Bareng saiki? Anak mung siji. Adoh
pisan. Sapa sing ora nelangsa karo kahanan iki? Arep pipis wae kudu pethakilan
trantanan karo ngempet lara. Mas…”
Yen ngene iki Rini banjur kelingan marang sedulur-sedulur e kabeh. Nalika adhi-adhine
isih klelerang durung padha sugih. Saben dina ana sing sambat mara menyang omah. Barang
saiki wis padha mapan urip e, babar pisan ora ana sing butuh mara. Nrlangsa urip e Rini, wiwit
dadi manten nganti saiki kok uripe mung tansah dadi pejuang wae. Senajan Rini isih iling
marang ngendhikane bapak e.
Bapak : “Rin, iling-ilingen ya ndhuk, kowe sing tresna marang adhi-adhimu kae. Dadi dulur
tuwa kuwi kudu bisa mapanake adhi-adhine, amarga kowe minangka gantine wong
tuwa yen wong tuwa wus ora ana. Sing rukun, saliyane iku eling-elingen, bandhamu
sing paling aji kuwi anak, mula rumaten kanthi becik lan wenehana bekal ilmu kanggo
uripe, dudu bekal bandha. Amarga yen bekal donya sawayah-wayah bakal amblas.
Nanging yen bekal ilmu insyaallah anakmu mengko bisa urip kanthi gangsar ana ing
donya lan akhirat, aja lali menehi ilmu agama sing kuwat”
Iku mau pesene swargi bapake sing tetep kecathet ana ing atine. Mula Rini ora pilih kasih
marang adhi-adhine sakloron, uga marang adhi-adhine ipe. Rini trantanan tumuju jeding kanthi
kringet dleweran. Kaos e wis teles kebles.
Rini: “Jebul mung pingin melaku saka kamar menyang jedhing wae kok wis ngalah-ngalahi
perang gedhe, kebak perjuangan!. Mas…!”
Swarane Rini mung tekan tenggorokan dumadakan sirahe mumet, mripate klemun-
klemun olehe trantanan mandhek. Rini ambruk! Nalika dheweke sadar kabeh katon sarwa putih,
krasa anyep tanpa ana swara apa-apa.
Joko: “Mbak Rini”
Ana Joko ing sandhinge nyekeli infus. Rini nyawang ing sakiwa tengene, ing pojok
kamar sisihane lungguh tengar-tenger, pucet. Banjur ngadhek nalika ngerti sisihane sadhar.
Nanging Rini enggal merem maneh, pingin merem terus, kareben ora weruh sisihane wong kang
paling ditresnani uga paling dipegeli kuwi. Luhe saya dleweran nalika adhine, Joko ngelapi
nganggo tissue.
Rini: “Aku pingin lunga, Le, lunga adoh ora bali tinimbang dadi kembang amben, aku ora
kuwat!”.

You might also like