You are on page 1of 2

TUGAS BAHASA JAWA

MINGGU KE 5

Nama : Faradia Apriani Margantari


No : 15
Kelas : 11 MIPA 6

Tembang Macapat iku ana akeh jenise yaiku ana sewelas, lan saben tembange
nduweni struktur teks lan filsafat kang beda. Tembang Macapat nyeritakno dalane panguripan
manungsa saka wujud ruh nalika seda. Dalan pertamane dicritakno ing Tembang Macapat
Maskumambang sing gambarne manungsa kang isih ana ing alam ruh. Mas ategese durung
eruh lanang utawa wadon, Kumambang ategese uripe taksih ngambang ing kandhutane ibu.
Watak tembang macapat Maskumambang yaiku susah, sedhih, prihatin lan nelangsa biasane
digunakne kanggo mratelake rasa susah. Tembung Macapat saklanjute yaiku Mijil kang
ateges manungsa wis lair lan wis kethok lanang utawa wadon. Watake tembang iki yaiku
prihatin lan bisane digunake kanggo pangudhar rasa prihatin.
Tembang Macapat katelu yaiku Sinom gegambarne bocah enom/cilik kang akeh
pangangen-angen. Watake tembang iki kudu lugu, sabar, grapyak, semanak, lan prasaja
biasane digunaake kanggo mituturi. Tembang sak lanjute yaiku Kinanthi kang asale tembung
saka kanthi utawa nuntun tegese iso nuntun marang pangutipan ing alam donya iki. Watake
yaiku seneng lan nuladhani, gunane kanggo nelakake rasa seneng. Tembung kelima yaiku
tembung Asmarandana inh kene manungsa digambarne nandhang kasmaran nduweni watak
tresna asih lan sedhih, gunane nerangne rasa tresna asih lan crita katresnane.
Ana maneh tembung Macapat Gambuh tegese manungsa uwes nduweni komitmen
kanggo nyawijakake tresna ing sajroning bale griya. Watak tembung Gambuh yaiku
nerangake lan mbeber kawruh gunane kanggo mulang muruk lan nyritakake pitutur.
Tembang saklanjute yaiku Dhandanggula gambarne pangurupan manungsa kang mapan,
mulya, cukup sandang, papan lan pangan. Nduweni watak luwes, sarwa cocok gunane
kanggo pitutur , ngandarake crita apa wae, ing ngendi wae lan kapan wae. Saklanjute yaiku
Tembung Durma pinaka wujud rasa marang Gusti kang akarya jagad kang bentuke manungsa
kudu shodaqoh utawa darma. Watake galak, sereng, nesu, muring gunanebkanghi nyritakake
wong kang nesu lan kahanan perang.
Tembang Macapat Pangkur utawa mungkur tegese nyingkiri hawa nafsu angkara
murka biasane warake sereng lan gagah gunane kanggo menehi pepenget. Saklanjute
Tembang Macapat Megatruh utawa megat roh tegase pisahe nyawa manungsa sak jasad.
Watake susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti gunane kanggo mbabarake crita kang
nggrantesake ati. Tembang Macapat sing terakhir yaiku Pocung saka tembung pocong yaiku
bungkuse mayat sakak kain mori putih. Tembang Pocung nduweni watak sapenake,
sembranan lan geguyon biasane gunane yaiku kanggo geguyonan, cangkriman lan pitutur.

You might also like