You are on page 1of 3

Wacan kanggo pitakonan nomer 1 tekan 3

1. Ing jaman biyen ana tlatah Prambanan ana kraton gedge yaiku Kraton Prambanan kang kondhang
makmur jibar-jibur, tata tentrem karta raharja. Kraton mau kepimpin dening raja kang wicaksana, adil
paramarta lan asih marang para kawula. Ratu Kraton Prambanan asmane Ratu Baka. Para Ratu
andhahan Kraton Prambanan padha suyud lan bekti marang Gusti Ratu.

Pethikan wacan ing dhuwur kang nuduhake unsur intrinsik legenda perangan “latar carita kahanan”
yaiku ing ukara….
   a. Kraton Prambanan kapimpin dening Ratu Baka
   b. Ing Jaman biyen ana tlatah kang aran Kraton Prambanan
   c. Kraton Prambanan kondhang makmur jibar-jibut, tata tentrem karta raharja.
   d. Ratu Baka duwe ratu andhahan kang akeh

2. Kang ndadekake Kraton Prambanan rakyate tata tentrem karta raharja miturut teks ing dhuwur
yaiku….
   a. Kraton kang gedhe lan kondhang ing jaman sakmono
   b. Kapimpin dening raja kang wicaksana adil paramarta lan asih marang kawula
   c. Ratu Baka nduweni andhahan kang akeh
   d. Para ratu andhahan diwajibake suyud marang Ratu Baka

3. Kraton Prambanan kondhang makmur jibar-jibur. Tembung kondhang tegese padha karo….
   a. Amba
   b. Aman tentrem
   c. Rakyate makmur
   d. Misuwur

4. Kraton Pengging nyerang menyang kraton Prambanan kang kapendhagani langsung dening
Bandung Bandawasa.
Nitik saka pethikan teks cerita ing dhuwur, paraga Bandung Bandawasa nduweni watak….
   a. Brangasan
   b. Adil
   c. Demen tetulung
   d. Jujur

5. Raden Siliwarni banjur nemoni kangmase kang digoleki. Dheweke mlebu guwa nggawa ingon-
ingon kinasihe tanpa dikantheni prajurit. Ana jero guwa nora perang ananging padha dene ngakoni
kang sejatine yaiku padha dene putra pajajaran kang aran Banyak Catra (Kamandaka) lan Banyak
Ngampar (Silihwarni). Putra sakloron padha rerangkulan. Minangka bukti kanggo selaporan lamun
bisa mateni Arya Kamandaka, Silihwarni mateni ingon-ingone mau kang wujud segawon, banjur
dijupuk ati lan getihe kang dilakokake ati lan getihe Arya Kamandaka nuli kaaturake Adipati pasir
Luhur.

Teks ing dhuwur nyritakake kahanan….


   a. Keributan ing njero guwa Jatijajar
   b. Prabu Silihwarni ketemu Arya Kamandaka kang dadi mungsuhe
   c. Patemone sedulur pancer kang wis suwe ora ketemu lan sengaja nggoleki
   d. Prabu Silihwarni kasil mejahi Arya Kamandaka kanthi bukti ati lan getihe
6. Ing ngisor iki kang ora kalebu isi teks ing dhuwur yaiku ...

   a. Prabu Silihwani perang nglawan Arya Kamandaka rebutan Dewi Ciptarasa


   b. Segawon minangka ingon-ingon kinasihe Prabu Siliwarni
   c. Arya kamandaka kepanggih rayine ing jero gawa
   d. Prabu Siliwarni ngapusi Adipati Pasir Luhur

7. Piwulangan luhur kang bisa dijupuk saka carita teks ing dhuwur yaiku ...

   a. Nalika ditugasi ora kena mblenjani/ngapusi.


   b. Kita ora kudu tansah njaga karukunan marang sedulur.
   c. Menawa perang ora perlu nggatekake sapa kang dadi mungsuhe
   d. Ora kena niru watake Prabu Silihwarni kang ngapusi adipati Pasir Luhur.

8. Arya kamandaka ampa wangsit lamun kepengin ketemu karo Dewi Ciptarasa kudu anyenyandhang

lutung. Nalika sang Adipati bebedhag bisa entuk lutung malihane Arya Kamandaka. Reksajaya matur

marang Sang adipati lan ngaku lamun lutung iku duweke. Menawa dikersakake dheweke saguh lan

bakal miyara lutung mau. Sang Adipati Pasir luhur nayogyani panyuwune Reksajaya.

Kang minangka gagasan baku paragrap ing dhuwur yaiku ...

   a. Arya Kamandaka ketemu Dewi Ciptarasa


   b. Lutunge Adipati Pasir Luhur arane Arya Kamandaka
   c. Arya Kamandaka nampa wangsit carane bisa ketemu Dewi Ciptarasa
   d. Arya Kamandaka mbebedag ketemu Dewi Ciptarasa

Gusti Ratu Surakarta duka sanget midhanget para punggawanipun dipunbegal Jaka Sangkrip. Lajeng

utusan para prajurit kangge ngrangket Jaka Sangkrip ing Kuthowinangun. Jaka Sangkrip pasrah

bongkokan jer piyambake gadhah panjangka saged dipunsowanaken ratu Jaka sangkrip ngaturaken

sedaya barang bagianipun kanthi wetah minangka tanda yekti.

9. Kang ndadekake Gusti Ratu Surakarta duka yaiku ...

a. Bulu bektine para punggawa ilang


   b. Jaka Sangkrip ora gelem dadi prajurite
   c. Para punggawane durung asung bulubekti
   d. Begal Jaka Sangkrip ngrampas kabeh bulubekine.
10. Gusti Ratu Surakarta duka midhanget para punggawane dibegal
Tembung duka ing ukara duwu tegese ...
a. Nesu
   b. Ora ngerti
   c. Sedih
   d. Sengsara

You might also like