You are on page 1of 4

A. Pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cara milih wangsulan sing paling bener.

Wacan ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 1 nganti nomer 7
.....Tantri saiki kudu bisa ngatur wektu. Ing kegiatan ekstra drama Tantri dipercaya anggota liyane
dadi sutradara pementasan drama kanggo perpisahane kelas XII. Apa bae sing ana gegayutane
karo pementasan drama dadi tanggung jawabe. Kudu mbagi tugas, sapa sing dadi paraga utama
sing apik wewatakane utawa protagonis, sapa paraga utama sing elek wewatakane. Semono uga
kudu nyepakake skenario, sing bisa dadi pedoman kanggo sapa bae sing terlibat ana ing
pementasan drama, supaya lakune pementasan lancar. Sapa bae sing mirsani bakal ngerti alure
critane kanthi urut, paham isine, lan bisa njupuk nilai budi pekerti lan hikmahe saka pementasan
drama kasebut.
1. Tantri dipercaya kanca-kancane dadi apa?
a. sutradara d. penulis
b. paraga e. tokoh
c. narator
2. Dramane Tantri sakancane arep dipentasake ing adicara apa?
a. kenaikan kelas d. perpisahan kelas XII
b. liburan semester e. perpisahane guru
c. perpisahan kepala sekolah
3. Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani ....
a. antagaonis d. figuran
b. pembantu e. narator
c. protagonis
4. Naskah sing dadi pedoman ana ing pementasan drama diarani ....
a. naskah drama d. unsur drama
b. skenario drama e. teks drama
c. dialog drama
5. Unsur intrinsik drama sing rupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani ....
a. Tema d. tokoh
b. alur e. amanat
c. konflik
6. Unsur intrinsik drama sing rupa perkara/masalah sing ndadekake crita drama tambah ngambra
wara diarani ....
a. tema d. klimak
b. alur e. amanat
c. konflik
7. paraga kang nduweni fungsi kanggo njangkepi crita, yaiku.......
a. paraga tambahan d. Antagonis
b. paraga utama e. Protagonis
c. tritagonis
Wacanen kanggo mangsuli pitakonan nomer 8 nganti nomer 12
Ciri khase basa Jawa sing ora diduweni dening basa liyane yaiku, unggah – ungguh basa. Ing
pasrawungan panganggone basa ditata nganggo aturan unggah – ungguh basa, kang dumadi saka
rong tataran basa yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko panganggone kanggo
guneman/omong – omongan karo wong sing akrab, basa krama panganggone kanggo guneman karo
wong sing dikurmati.
Basa Ngoko kaperang dadi loro yaiku, ngoko lugu, tembunge ngoko kabeh. Ngoko alus,
tembunge campuran ngoko lan krama. Basa Krama kaperang dadi loro yaiku krama lugu, tembunge
krama desa/lugu kabeh. Krama alus, tembunge krama inggil katujukake marang wong liya sing
dikurmati, tembung krama madya kanggo ngandhapake awake dhewe/sing ngomong.

8. Ukarane dumadi saka tembung krama andhap lan krama inggil diarani basa ....
a. Ngoko lugu d. Ngoko alus
b. Krama desa e. Krama lugu
c. Krama alus
9. Basa kang gunane kanggo wong sing tuwa marang wong sing enom, wong tuwa marang
anake, guru marang muride, eyang marang putune lumrah nggunakake basa....
a. Krama inggil d. Ngoko lugu
b. Krama lugu e. Ngoko alus
c. Krama madya
10. Kula badhe sowan dhateng dalemipun bu Yayuk. Ukara kuwi diarani basa ....
a. Ngoko lugu d. Ngoko alus
b. Krama desa e. Krama lugu
c. Krama alus
11. Ukara ing ngisor iki sing paling bener manut unggah – ungguh yaiku ....
a. Nyuwun ngaputen kula badhe kondur rumiyin, mangga dipunsekecakaken lenggahipun.
b. Nyuwun ngaputen kula badhe siram rumiyin, mangga dipunsekecakaken lelenggahanipun.
c. Nyuwun pangaputen kula sampun nedha, mangga dipunsekecakaken dhaharipun.
d. Nyuwun ngaputen kalawau kula sampun dhahar, mangga disekecakaken nedhanipun.
e. Nyuwun pangaputen, kalawau kula nembe ngendikan kalih pak Guru nyuwun ijin.
12. Ukara basa krama alus ing ngisor iki sing paling bener manut unggah-ungguh yaiku ....
a. Kalawau kula empun sanjang ibu, yen ajenge nedhi arta.
b. Kalawau kula empun sanjang ibu, yen badhe ngersakaken arta.
c. Kalawau kula sampun matur ibu, menawi badhe nyuwun arta.
d. Kalawau kula sampun matur ibu, menawi badhe ngersakaken arta.
e. Kalawau kula sampun ngendikan ibu, menawi badhe nedhi arta.
Wacanen kanggo mangsuli pitakonan nomer 13 nganti nomer 20
Tembang ing donyane kabudayan Jawa ana tembang dolanan lan tembang macapat. Tembang
dolanan tradisional kuwi kayata, Ilir-ilir, Jamuran, Praon (Prau Layar), Jaranan lan sapanunggalne.
Tembang macapat cacahe ana 11 tembang yaiku; mijil, pucung, kinanthi, Sinom, asmarandana,
pangkur, dhandhanggula, durma, gambuh, maskumambang lan megatruh. tembang macapat kuwi
diciptakake para wali ngemu filsafat panguripan, sing kawiwitan mijil sing tegese lahir nganti
tumekane megatruh sing tegese pegate ruh. Watake tembang mirid saka jenenge, umpamane
asmaradana, isine ngenani katresnan, durma isine sereng, kanepson, pangkur ngenani pitutur, asih
lan sapanunggalane.
13. Tuladhane tembang dolanan tradisional yaiku ....
a. Ilir – ilir d. Mijil
b. Pucung e. Pangkur
c. Gambuh
14. Tembang macapat cacahe ana....
a. 7 d. 10
b. 8 e. 11
c. 9
15. Tembang macapat saliyane kaciptakake ngemu filsafat panguripan uga duwe watak.
Watake tembang sing rupa katresnan diarani tembang ....
a. Dhandhanggula d. Megatruh
b. Asmaradana e. Maskumambang
c. Durma
16. Tembung mijil tegese ....
a. Asih d. Tresna
b. Lahir e. Mati
c. Melas
17. Ing ngisor iki kang kalebu paugerane tembang macapat, yaiku....
a. Guru gatra d. a lan c bener
b. Guru sastra e. Guru lumaksita
c. Guru lagu
18. Tibane swara kang manggon ing pungkasane gatra sinebut....
a. Guru gatra d. Guru sastra
b. Guru wilangan e. Guru lagu
c. Guru lumaksita
19. Tembang kang isine ngandharake babagan pitutur luhur marang manungsa, kalebu
wewatekane tembang....
a. Maskumambang d. Gambuh
b. Megatruh e. Sinom
c. Dhandhanggula
20. Cacahe wanda ing saben gatra diarani....
a. Guru wilangan d. Guru gatra
b. Guru lagu e. guru lumaksita
c. Guru sastra
21. Mikul dhuwur mendhem jero. Ukara kasebut yen kaserat ngguakake aksara jawa sing bener,
unine....
a. ?mikulÔuwu/menDemJe[ro.
b. ?mikulduwu/menDemJe[ro.
c. ?mikulÔuwu/menDe[mJ[ro.
d. ?mikulÔwu/menDemJe[ro.
e. ?mikulÔuwur\menDemJe[ro.
22. Pagelaran wayang purwa. Ukara kasebut yen kaserat ngguakake aksara jawa sing bener,
unine....
a. ?p[glrnWy=pu/w.
b. ?pgelrnWy=purW.
c. ?pgelrnWy=pu/w.
d. ?pgelrnWypu/w.
e. ?p[glrnWy=purW.
23. Rama nembe wangsul saking kantor. Ukara kasebut yen kaserat ngguakake aksara jawa sing
bener, unine....
a. ?rm[n[mBw=sulSki=k[nTo/.
b. ?rmne[mBw=sulSki=knT/.
c. ?rmnemBew=sulSki=k[nTo/.
d. ?rmnemBw=sulSki=k[nTo/.
e. ?rmne[mBw=sulSki=k[nTo/.
24. Rembulan wayah wengi manjer ing langit. Ukara kasebut yen kaserat ngguakake aksara
jawa sing bener, unine....
a. ?remBulnWyhwezimnJe/ai=lzit.
b. ?remBulnWywezimnJe/ai=lzit\.
c. ? [rmBulnWyhwezimnJe/ai=lzit\.
d. ?remBulnWyhwezimnJe/ai=lzit\.
e. ?remBulnWyhwezim[nJ/ai=lzit\.
25. Mitra kang ngajak rusak. Ukara kasebut yen kaserat ngguakake aksara jawa sing bener,
unine....
a. ?mit]k=zjkR|sk\.
b. ?mit]k=zjkR|sk.
c. ?mit]kzjkR|sk\.
d. ?mit]k=zjkRsk\.
e. ?mirtk=zjkR|sk\.
26. ?[y[nPzinKsilH[yos}gepMk/y. Ukara kang kaserat nggunakake aksara jawa kasebut yen
diserat nggunakake aksara latin, unine....
a. Yen pengin kasil ayo sregep makarya. d. Yen pengin hasil ayo sregep makarya.
b. Yen pengen kasil ayo sregep makarya. e. Yen pengen hasil ayo sregep makarya.
c. Yen pengin kasil ayo sregep makarya
27. ?kekudu=wlul=mcn\. Ukara kang kaserat nggunakake aksara jawa kasebut yen diserat
nggunakake aksara latin, unine....
a. Kekudung walulang macan. d. Kekudhung walang macan.
b. Kekudung walulang macana. e. Kekudhang walang macan.
c. Kekudhung walulang macan.
28. ?memyuayuni=ssm. Ukara kang kaserat nggunakake aksara jawa kasebut yen diserat
nggunakake aksara latin, unine....
a. Memayu ayuning sasama. d. Memayu Hayunaning Sasama.
b. Memayu hayuning sasama. e. Mamayu ayuning Sasama.
c. Mamayu hayuning sasama.
29. ?jiwpp]znK=ge[d. Ukara kang kaserat nggunakake aksara jawa kasebut yen diserat
nggunakake aksara latin, unine....
a. Jiwa paperangan kang gedhe. d. Jiwa paprangan kang gedhe.
b. Jiwa peperangan kang gedhe. e. Jiwa peprangan kang gedhe.
c. Jiwa paparangan kang gedhe.
30. ?lmunBecikH=[zGo[nmuruk\. Ukara kang kaserat nggunakake aksara jawa kasebut yen
diserat nggunakake aksara latin, unine....
a. Lamun becik anggone muruk. d. Lamun cetik anggone muruk.
b. Lamun becik angnggone muruk. e. Lamun becik anggone muruka.
c. Lamun becik anggone muruk

B. Pitakonan ngisor iki wangsulana kanthi bener!


1. Coba andharna tegese drama lan perangane!
2. Sebutna lan andharna paugeran-paugeran sajrone tembang macapat!

Ukara kang kaserat nggunakake aksara latin ngisor iki salinen nggunakake aksara jawa sing bener!
3. Dikena iwake, aja nganti buthek banyune.
4. Akeh tembang macapat kang bisa ditembangake kanthi endah.
5. Paragraf ngisor iki kang kaserat nggunakake aksara jawa salinen dadi aksara latin sing bener!

?
pnDwaikufumfisksfulu/limln=k[bh.s[j]o[njgfPewyzn\,jejiba[nprpnDwanai=[fovk=[go[nnumPsH=krmu/kk=
fitinFkH[k[fni=bl[nkurw.

*Sugeng Makarya*

You might also like