You are on page 1of 3

Nama : ……………………..........................

Kelas : ……………………...........................
Nomor : ……………………...........................

SD MUHAMMADIYAH I TEMANGGUNG
ULANGAN TENGAH SEMESTER I SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021
Mata Pelajaran :Bahasa Jawa Hari, Tanggal :
Kelas :VI (Enam) Waktu :
I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, utawa D minangka wangsulan sing bener!
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Kanggo pitakonan No. 1-6!
Tedhak siten iku asale saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan siten (saka tembung siti) utawa
lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing bakal njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan
diselenggarakake yen umur bocah wis 7 lapan utawa 245 dina. Upacara Tedhak siten dianakake amarga ana
kapitayan masyarakat Jawa yen lemah kuwi nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari
kadadeyan sing ora becik, mula dianakake upacara ngenalake anak marang Bathara Kala minangka sing njaga
lemah.
Ubarampe kanggo upacara tedhak siten akeh, kayata pengaron isi kembang setaman; kurungan;
klasa sing isih anyar; bakaran pitik; andha tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake
undhak-undhakane urip sing arep dilakoni anak; jadah pitung werna, tegese kanggo ngemutake anak yen urip
kudu waspada saka godaan werna-werna; lan bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang tamu.
1. Kapan tedhak siten diselenggarakake? 6. Ing ngisor iki minangka pokok isi teks paragraf
A. Bocah umur 7 dina kaloro kang bener, yaiku …
B. Bocah umur 7 sasi A. Ubarampe kanggo upacara tedhak siten
C. Bocah umur 7 taun mung ana sakwerna.
D. Bocah umur 7 lapan B. Upacara tedhak siten mung butuhake
2. Apa tujuane tedhak siten dianakake? bancakan.
A. Kanggo ngindari kadadeyan kang ora becik C. Upacara tedhak siten ora mbutuhake
B. Kanggo nyediakake ubarampe kang akeh ubarampe.
C. Kanggo ngemutake anak yen urip kudu D. Ubarampe kanggo upacara tedhak siten iku
waspada akeh wernane.
D. Kanggo nggambarake undhak-undhakane 7. Gambar prastawa budaya ing sisih tengen iku
urip arane....
3. Ing ngisor iki kang ora kalebu ubaramape A. Jaran Kepang
kanggo upacara tedhak siten, yaiku.... B. Reog Ponorogo
A. Jadah pitung werna C. Topeng Ireng
B. Sega kuning D. Kubro Siswo
C. Bakaran pitik 8. Ibu tindak pasar . . . sepedha motor supados
D. Kurungan enggal dugi.
4. Ukara pitakonan kang trep kanggo paragraf Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg
keloro yaiku… ing ndhuwur yaiku . . . .
A. Apa tegese tedhak siten iku? A. Nitih
B. Upacara tedhak siten iku minangka B. Numpak
pralambang apa? C. Nunggang
C. Apa maknane nggunakake ubarampe D. Numpang
andha tebu? 9. Bapak lagi ngombe kopi.
D. Geneya tedhak siten dianakake? Ukara ing dhuwur yen didadekake basa jawa
5. Jadah pitung werna tegese kanggo ngemutake krama inggil yaiku….
anak yen urip kudu waspada saka godaan A. Bapak lagi ngunjuk kopi.
werna-werna. Tembung waspada tegese…. B. Bapak lagi nginum kopi.
A. Sembrana C. Grusa grusu C. Bapak saweg ngunjuk kopi.
B. Ngati-ati D. Pethakilan D. Bapak saweg nginum kopi.

PTS I / Bahasa Jawa /VI /2020 1


Wacan kanggo soal No. 10-14! 11. Gugure Gathutkaca njalari para Pandhawa
Gathotkaca nalika isih jabang bayi jenenge Tetuka padha sungkawa panggalihe. Tembung
utawa Tutuka. Gathotkaca putrane Raden penggalih tegese padha karo …
Werkudara lan Dewi Arimbi. Nalika lair, pusere A. Ati C. Rasa
Gahotkaca angel anggone dikethok. Wusanane B. Pikir D. Jiwa
puser mau bisa pugut (tugel) srana warangkane 12. Raden Gathotkaca gugur ing perang
Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) Baratayudha amerga kena senjata ....
duweke Adipati Karna. Bab iku kang bakal dadi A. Cakra kagungane Prabu Kresna
pengapesane Gathotkaca. B. Kunta kagungane Adipati Karna
Ing perang Baratayuda, Gathotkaca perang C. Kunta kagungane Adipati Kresna
tandhing nglawan Adipati Karna. Panah kang D. Cakra kagungane Adipati Karna
diculke kuwi janjane ora tekan merga Gathotkaca
13. Garwa lan putrane Raden Gathotkaca yaiku ....
mabur ana sadhuwure mega sapitu, nanging banjur
A. Dewi Arimbi lan Adipati Karna
dicandhak lan disurung dening yitmane Ditya Kala
B. Dewi Arimbi lan Raden Sasikirana
Bendana, bapa-pamane Gathotkaca kang wis tiwas
C. Dewi Pregiwa lan Adipati Karna
merga ditempiling dening ponakane iku, saengga
D. Dewi Pregiwa lan Raden SasiKirana
Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan.
Kuwadane Gathotkaca kumleyang saka gegana 14. Isi pokok cerita paragraf keloro yaiku …..
nibani kreta Adipati Karna nganti ajur muwur. A. Nalika lair pusere Gathotkaca ora bisa
Gugure Gathutkaca njalari para Pandhawa padha dikethok.
sungkawa panggalihe. Luwih-luwihibune, yaiku B. Gathotkaca gugur ketaman senjata Kunta.
Dewi Arimbi tansah muwun sesenggukan. Raden C. Pandhawa nandhang sungkawa amerga
Gathutkaca ninggal garwa Dewi Pregiwa lan putra Gathotkaca gugur.
lanang aran Raden Sasikirana. D. Adipati Karna lan Kurawa sedhih nalika
Gathotkaca gugur
10. Ing perang Baratayuda Gathotkaca perang
15. Wayang ing sisih tengen
tandhing nglawan Adipati Karna. Perang
iku arane ….
tandhing tegese ....
A. Adipati Karna
A. Perang sedulur
B. Raden Gathotkaca
B. Perang amuk-amukan
C. Kala Bendana
C. Perang Buta
D. Raden Sasikirana
D. Perang siji lawan siji

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!
16. Tradisi Syawalan diwiwiti kanthi kagiyatan ziarah. Tembung diwiwiti tegese ….
17. Ibu tuku klambi ing pasar. Tembung tuku basa karma inggile….
18. Raden Gatotkaca iku putrane …. lan ….
19. Pusaka Kotang Antakusuma bisa nyebabake Raden Gatotkaca ….
20. Perang Baratayudha iku perang antarane …. lan …..

III. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!

Jathilan iku jogedan tradhisional Jawa sing pemaine utawa panarine migunakake jaran kepang.
Joged iki ana unsur magise amarga penarine bisa ana sing kesurupan. Joged iki digelar kanthi
iringan maneka piranti musik gamelan kayata: kendhang, saron, lan gong. Jeneng joged iki beda-
beda ing sawatara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawatara panggonan
ing Jawa Tengah diarani 'jaran kepang'. Joged jathilan iki bisa madeg dhewe lan bisa uga wujud
gabungan karo joged liya kaya dene reyog lan barongan.

21. Gawea ukara pitakon adhedhasar wacan ing dhuwur!

Wangsulan : ____________________________________________________________________________

_______________________________________________________________________________________

PTS I / Bahasa Jawa /VI /2020 2


Sekaten (dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong kalimat sahadat) iku salah sawijining
upacara adat minangka wujud rasa syukur masarakat Islam Jawa Tengah kang ditindakake saben
sasi Mulud pananggalan Jawa kanggo mengeti laire Nabi Muhammad. Jaman mbiyen upacara iki
dianggo dening Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta kanggo ngundang
masarakat mlebu agama Islam.

22. Sebutna isi pokok paragraf ing dhuwur!


Wangsulan : ____________________________________________________________________________

_______________________________________________________________________________________

23. Bu Endah bali saka kantor. Ukara iku gawea dadi basa krama inggil!
Wangsulan : ____________________________________________________________________________

_______________________________________________________________________________________

24. Sebutna 3 pusakane Raden Gatotkaca!


Wangsulan : ____________________________________________________________________________

_______________________________________________________________________________________

25. Sebutna 2 pitutur luhur kang ana ing cerita Gatotkaca Gugur!
Wangsulan : ____________________________________________________________________________

_______________________________________________________________________________________

PTS I / Bahasa Jawa /VI /2020 3

You might also like