You are on page 1of 3

WACAN EKSPOSISI

Wacan eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing jlentrehake utawa medharake
sawijining bab saengga bisa njembarake pangertene/seserepan pamaca utawa bisa mbudidaya
ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Ciri-ciri wacan eksposisi :
 Arupa wacan informasi
 Mbudidaya kanggo njentrehake sawijining bab
 Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan
 Wasananing wacan ana penjelasan
 Fakta sing dienggo minangka alat kontribusi
 Fakta sing dienggo minangka alat konkritasi
Teks eksposisi tinulis kanthi rumus 5W + 1H yaiku what (apa), who (sapa), when
(kapan), why (ngapa/geneya), where (ing ngendi), lan how (kepriye). Teks eksposisi wujude
kayata pawarta, artikel, buku pelajaran, lan bisa uga resep panganan. Teks eksposisi
migunakake tembung-tembung kang prasaja, sanyatane (lugas), lan apa anane.

Carane nulis wacan eksposisi:


1. Nemtokake underaning perkara (tema)
2. Nemtokake tujuan
3. Ngumpulake data saka maneka sumber
4. Nyusun cengkrongan (kerangka) sing cocog karo underan sing dipilih
5. Ngrembakakake (mengembangkan) cengkrongan dadi paragraf eksposisi.
Pokok-pokok isine teks iku gegayutan karo babagan sing penting ing sajroning wacan.
Kanggo nemokake pokok-pokok isine teks kanthi cara:
1. Maca wacan kanthi premati
2. Nyemak siji mbaka siji saben paragraf
3. Nemtokake ukara pokok ing saben paragraf
4. Nemokake perangan inti ing ukara
5. Perangan inti ing ukara mau pinangka pokok-pokok isine teks
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi,
pangerten, cak-cakan sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining
kadadeyan utawa bab.
Jenis Wacan eksposisi :
1. Eksposisi Definisi
2. Eksposisi Proses
3. Eksposisi Klasifikasi
4. Eksposisi Ilustrasi
5. Eksposisi Perbandingan
6. Eksposisi Laporan

JENIS-JENIS SENI PERTUNJUKAN JAWA TENGAH


o Kethoprak
o Wayang kulit
o Wayang Wong, Lsp

Tuladha Wacan Eksposisi

Ngurip–urip Kesenian Kethoprak

Kethoprak salah satungiling jinis pagelaran ingkang asalipun saking Jawa. Ing
salebetipun pagelaran kethoprak, sandiwara kayata sarana tembang wirama gangsa.
Cariyos ingkang dipunbabar ing salebetipun pagelaran kethoprak menika manekawarna.
Wonten ingkang saking sejarah Jawa, lagenda, kepara saking manca nagri umpamiya
pesisiran utawi (Mesir/Bagdad). Cariyos boten saking wiracarita Ramayana lan
Mahabharata amargi kethoprak benten kaliyan ringgit tiyang.
Sawetara warsa kapungkur kethoprak asring kababar ing TV. Wonten ingkang
klasik inggih punika arupi pagelaran kethoprak ing panggung/tobong saha ginakaken
tonil/ geberingkang winates. Wonten ugi kethoprak sayembara, arupi kethoprak
ingkang dipunlampahi ing alam kanyatan kados ing wana lan ing lepen lajeng dipun
rekam kagiyaraken ing TV, bakunipun ing njaban gedung. Becike malih saben episode
mesthi dipunpungkasi kanthi sayembara hadiah. Wonten ugi kethoprak humor ingkang
cariyosipun dipunbumboni kaliyan guyon repat (dhagelan).
Sawetara sumber nyebataken bilih kesenian kethoprak antuk panggenan
ingkang mirunggan ing masyarakat Jawa, mliginipun para among tani lan masyarakat
limrah. Amargi ing salebetipun kethoprak kababar seni sandiwara, musik saha sastra
kanthi sesarengan. Kesenian kethoprak ngrembaka ing Jogja lan Jawa Tengah, sarta
saperangan daerah Jawa Timur. Saperangan lakon kethoprak ingkang kondhang inggih
punika Arya Penangsang, Warok Suramenggala, Damar Wulan, Andhe-Andhe Lumut,
Angkling Darma, Rara Mendut Prana Citra, lan sapiturute. Nanging kalamangsa
ngangkat saking jawining tlatah Jawi kados Sampek Impey.
Sanajan ngemot budaya jawa jumbuh kalawan majenging jaman kethoprak
sampun dipunkiwakaken dening masyarakat, mliginipun para mudha sampun boten
dunung marang kesenian kethoprak punika menapa malih nglakoni…

You might also like