You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum wr. wb.

            Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan. Para Bapak saha Ibu Guru ingkang kula kurmati. Lan
kanca-kanca sing daktresnani.

            Sumangga kita sesarengan ngaturaken puji sukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha
Kuwaos jalaran awit saking rahmat saha karunianipun, kita sedaya taksih saged kepanggih lan kempal
wonten ing aula ngriki kanthi kawontenan sehat walafiat boten kirang satunggal menapa.

            Kajawi saking menika, kapareng matur, kula minangka sesulihipun kanca kanca OSIS lan MPK SMA
Negeri 2 Jombang, badhe nyampeake sesorah ing Dinten Pahlawan menika. Kita siswa siswi SMAN 2
Jombang iki para pemuda, generasi calon-calon penerus bangsa. Amargi menika, kula badhe
nyampeaken hal ingkang kudune dilaksanaake dening para pemuda khususipun siswa-siswi SMAN 2
Jombang ing Dinten Pahlawan menika.

            Kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ing dinten menika kita sedaya mengeti Dinten Pahlawan.
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan. Kangge
ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing
antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang
manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing
selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi
peristiwa menika.

Kanca-kanca, ing pangetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing
tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu
kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah
Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora
paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun
negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa
lan negari.
Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan. Kita
minangka generasi muda, sampun dados kewajibane nuntut ilmu kanthi

Kanca-kancaku kang daktresnani, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah bawa
ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra
pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang
Maha Kuasa. Amin..

Mekaten atur kula, nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

You might also like