You are on page 1of 12

Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

UNDHAKAN KAWASISAN NGARANG TEMBANG MASKUMAMBANG KANTHI


METODHE DEMONSTRASI KELAS IX B SMP NEGERI 14 MADIUN TAUN 2015

Yohana Lilis Suryani, Dr. Surana, S. S. M. Hum.


Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)
Fakultas Baasa dan Seni
Universitas Negeri Surabaya
Sharonmawar95@yahoo.com

Abstrak

Adhedhasar pengamatan siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun ora bisa ngarang tembang
Maskumambang kanthi apik amarga ana panyebabe yaiku :1) Perbawane jaman globalisasi kang
ditandhani kemajuan teknologi njalari tembang macapat ora digatekake dening para siswa, 2)
Sistem pelestarian budhaya daerah kang kurang kuwat.
Adhedhasar lelandhesan kang wis kaandharake mula ditentokake underane panliten yaiku: (1)
Kepriye kagiyatan aktivitase guru jroning ngajarake ngarang tembang Maskumambang marang
siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun? (2) Kepriye tangkepe siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun
tumprap pasinaon ngarang tembang Maskumambang? (3) Kepriye undhak-undhakane asil
pasinaon tembang Maskumambang sawise nggunakake metodhe dhemonstrasi ?
Kanggo ngawekani siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun ora bisa ngarang tembang
Maskumambang panliti nggunakake metodhe demonstrasi yaiku sawijining metodhe pasinaon
kang nggunakake paragan kanggo upaya njelasake sawinjining pangerten utawa kanggo njelasake
prosese sawijine perkara.
Ana undhak-undhakan asil saben kagiyatan sakwise nggunakake metodhe Demonstrasi, saka
kagiyatan aktivitase guru ana undhakan-undhakan saka 77 % dadi 87%, dadi ana undhakan 10 %,
kagiyatan siswa saka 67 % dadi 81%, dadi ana undhakan 14%, dene asil pambiji post test saka 95
% dadi 100 % dadi ana undhak-undhakan 5 % undhak-undhakan mau jalaran guru ngugemi asil
kekurangane saka siklus I lan nindhakake kegiyatan luwih kanthi luwih apik maneh. Tembung
kang wigati: ndhakan kawasisan, ngarang tembang Maskumambang , metodhe demonstrasi

PURWAKA teknologi kayata radio, hp, internet, vcd,


Lelandhesane Panliten dvd, mp3, mp4 lan sakpiturute, para siswa
Ngarang tembang Maskumambang bebas bisa milih tembang apa bae kang
minangka salah siji Kompetensi Dasar kang salaras karo apa sing disenengi kanggo
kacawisake tumprap siswa kelas sanga. Iki nambah kawruh tumprap siswa kang seneng
minangka kompetensi kang rada angel karo kagiyatan nulis tembang utawa mung
ditindakake tumprap para siswa uga para kanggo kabutuhan lelipur ati. Kahanan kang
dwija. Kelas IX B SMPN 14 Madiun uga ora mangkono kuwi pancen nyenengake
bisa ngarang tembang macapat kanthi asil tumprap para siswa ananging sejatine iki
kang apik mula saka iku panliti nyoba mujudake perbawa kang kurang prayoga
ngawekani perkara iku kanthi ngenekake tumprap ngrembakane budhaya kagiyatan
panliten iki. ngarang tembang macapat. Saperangan
Ana 2 perkara kang njalari gedhe jumlah siswa luwih seneng milih
tembang macapat ora digatekake dening nonton, ngrungokake, lan ngarang tembang-
para siswa yaiku: (1) Perbawane jaman tembang kang kaanggep luwih modern
globalisasi kang ditandhani kemajuan upamane lagu Pop, Barat, Mandharin, lan
teknologi njalari tembang macapat ora dhangdhut. Sisane kuwi saperangan sithik
digatekake dening para siswa, 2) Sistem pancen ana siswa kang seneng tembang
pelestarian budhaya daerah kang kurang Jawa tuladhane tembang kroncong lan
kuwat. campur sari, luwih mrihatinake maneh,
Perbawane jaman globalisasi kang amarga mung sethithik banget siswa sing
ditandhani kemajuan teknologi njalari duwe greget ngrungokake lan gelem nyinau
tembang macapat ora digatekake dening carane ngarang tembang macapat amarga
para siswa. Amarga lumantar piranti asil

1
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

miturut panemune para siswa nyinau supaya bisa ngrembakakake budhaya


tembang macapat kaanggep kuna. ngrungokake, nembangake, lan ngarang
Piranti asil kemajuan teknologi tembang macapat.
sejatine bisa dadi sarana kang wigati banget Kanggo nuwuhake greget supaya
yen digunakake kanggo ngrembakane para siswa bisa ngarang tembang macapat
tembang macapat. Saka piranti iku para pancen siswa kudu nduweni pakulinan
siswa bisa nyinau ngarang tembang macapat. nindakake kagiyatan ngrungokake tembang
Kanthi cara ngrungokake luwih dhisik macapat luwih dhisik. Amarga antaraning
carane nembangake jenis-jenise tembang kagiyatan ngrungokake lan kagiyatan nulis
macapat supaya mahami laras lan cakepane ora bisa dipisahake. Basa kawangun dening
tembang macapat. Saka tembang kang wis pakulinan-pakulinan (Tarigan, 2008;21).
dirungokake lumantar piranti mau siswa Adhedhasar apa kang diandharake dening
banjur nerusake kagiyatan nyinau carane Tarigan iku bisa dimangerteni yen saya
ngarang tembang macapat. Amarga kerep siswa ngrungokake tembang
kagiyatan ngarang tembang macapat ora bisa Maskumambang bakal nuwuhake pakulinan
dipisahake saka kagiyatan ngrungokake tumprap siswa seneng ngrungokake lan
tembang. Ewasemana kagiyatan nyinau ngarang tembang Maskumambang
ngrungokake lan ngarang tembang macapat bab iki mrebawani siswa saya wasis ngarang
iku pancen merlokake banget patuladhan tembang Maskumambang.
saka guru lan tokoh masyarakat kang Kanggo nggayuh Kompetensi
nduweni rasa pangrasa wajib Dasar ngarang tembang macapat siswa kelas
ngrembakakake tradisi budhaya Jawa 9B SMP Negeri14 pancen rada kangelan
babagan tembang macapat . amarga siswa kelas 9B SMP Negeri14
Bab liyane maneh kang njalari para durung bisa ngarang tembang macapat bab
siswa ora nduwe greget nggatekake tembang iku amarga durung paham ngenani tembang
macapat yaiku sistem pelestarian budhaya macapat, supaya bisa ngarang tembang
daerah kang kurang kuwat lan kurang macapat mesthi bae siswa kudu paham lan
sistematis. Sasuwene iki pamarintah daerah, ngerti: (1) jenise tembang macapat,
para seniman lan sesepuhe daerah isih 2) paugeran, lan wewatakane tembang
durung nyepakake program kang bisa macapat. Kanggo ngawekani perkara kuwi
nyengkuyung ngrembakane budhaya panliti nyoba nggunakake Metodhe
tembang macapat . Upama pamarintah Demonstrasi.
daerah utamane ing tlatah Jawa, para Metodhe Demonstrasi yaiku
seniman lan sesepuhe daerah nduweni sawijining metodhe pasinaon kang
program kang kuwat lan sistimatis kang bisa nggunakake paragan kanggo upaya njelasake
ngupaya kepriye carane nggladhi para muda sawinjining pangerten utawa kanggo
supaya bisa ngarang tembang lan njelasake prosese perkara tartamtu. metodhe
nembangake macapat mesthine bakal tuwuh demonstrasi yaiku cara nyawisake pasinaon
pakulinan ing kalangane para mudha seneng kanthi mragakake sawijine proses prastawa
nindakake kegiyatan ngrungokake, ngarang, (Nuryani, 2005: 107).
lan nembangake tembang macapat kanthi Onjone Metodhe Demonstrasi iki
rasa mongkog ora bakal rumangsa kuna yaiku ; (1) Kawigatene siswa luwih
maneh nyinau tembang macapat amarga gampang ditujokake marang pasinaon lan
rumangsa nduweni budhaya luhur kang ora tumuju marang bab liyane, (2) Bisa
diuri--uri. Saengga tembang macapat bakal nyuda kaluputane dudutan sing diimpun
bisa ngrembaka lan kawentar . Tuladhane dening siswa amarga siswa langsung
ing kutha Madiun saben taun kantor ngamati kanthi jelas, (3) Nalika siswa melu
Dikbudmudora ngenekake bimbingan lan aktif jroning pamragan kang asipat
latihan ngarang lan nembangake tembang demonstrative siswa bakal nduweni
macapat tumprap para dwija basa Jawa. pengalaman langsung.
Sawise dibimbing lan dilatih dienekake
lomba ngarang lan nembang tembang
macapat, lan sipate wajib melu tumprap para
dwija, bab iki nduwe pangaribawa kang apik
banget tumprap para dwija lan para siswa

2
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

Underane Panliten (2)Nuwuhake gregete guru supaya seneng


Adhedhasar bab kang wis ngarang tembang macapat
diandharake ing dhuwur bisa dimangerteni (3)Ngundhakake kawasisan guru ing
yen underane panliten iki yaiku: babagan ngarang tembang macapat
(1) Kepriye aktivitase guru jroning ngajari (4)Guru basa Jawa bisa meruhi asil
ngarang tembang Maskumambang marang kawasisane siswa ing babagan ngarang
siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun? tembang Maskumambang sawise
(2) Kepriye aktivitase siswa kelas 9B nggunakake Metodhe Demonstrsi .
SMPN 14 Madiun jroning nyinau ngarang 2) Mupangate panliten tumprap siswa:
tembang Maskumambang ? (1)Bisa ngundhakake greget seneng nyinau
(3) Kepriye asile pasinaon ngarang tembang ngarang tembang Maskumambang
Maskumambang kanthi nggunakake (2)Ngundhakake kawasisan ngarang
Metodhe demonstrasi ? tembang Maskumambang
(3)Ngundhakake asile pasinaon ngarang
Pamecahane Perkara tembang maskumambang
Kanggo ngawekani perkara siswa 3) Mupangate panliten tumprap sekolah:
kelas 9B sing durung bisa ngarang tembang bisa ngundhakake mutu pasinaon ing
macapat Maskumambang guru prelu sekolahan
ngundhakake gregete siswa kelas 9B nyinau
carane ngarang tembang Maskumambang Wewatesane Tetembungan
kanthi cara nggunakake Metodhe Panjlentreh tetembungan iki karakit
Demonstrasi. Lumantar Metodhe kanggo mangerteni tetembungan kang wigati
Demonstrasi guru bisa ngajari siswa kanthi sajrone panliten. Wewatesane tetembungan
cara : kasebut yaiku kaya kasebut ing ngisor iki.
(1) ngajak siswa ngrungokake tembang (1) Undhakan
Maskumambang kanthi permati Undhakan ateges tambahan, ana undhak-
(2) guru mragakake carane nembangake undhakan (Bausastra Jawa, 2000:820)
tembang Maskumambang miturut titi larase (2) Kawasisan
(3) guru mragakake carane ngarang Kawasisan ateges nduwe teges kapinteran
tembang Maskumambang miturut paugerane (Bausastra Jawa, 2000 : 842)
kanthi langsung saengga para siswa nduweni (3) Ngarang
pengalaman langsung kepriye carane nulis Ngarang duwe teges nggawe tulisan
tembang Macapat. karangan
(4)Tembang Maskumambang tegese salah
Ancase Panliten siji jenis tembang kang kaiket paugeran
Ancase panliten iki kanggo meruhi : yaiku guru lagu , guru gatra lan guru
(1) Kepriye aktivitase guru jroning ngajari wilangan (Lebda Basa jawa, 2008:9)
ngarang tembang Maskumambang marang (5) Metodhe demonstrasi duwe teges
siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun. sawijining metodhe pasinaon kang
(2) Kepriye aktivitase siswa kelas 9B nggunakake paragan kanggo upaya
SMPN 14 Madiun jroning nyinau ngarang njelasake sawijining pangerten .
tembang Maskumambang.
(3) Kepriye asile pasinaon ngarang tembang TINTINGAN KAPUSTAKAN
Maskumambang kanthi nggunakake Tembang ing Budhaya Jawa
Metodhe Demostrasi. Tembang ing budhaya Jawa iku
maneka warna kayata ; (1) tembang gedhe
Mupangate Panliten utawa tembang kawi (2) tembang tengahan
1) Mupangate panliten tumprap guru basa utawa tembang dhagelan (3) tembang cilik
Jawa: Panganggone Metodhe Demostrasi utawa tembang macapat (4) tembang
jroning pasinaon ngarang tembang dolanan. Ing pamulangan wiwit SD nganti
Maskumambang iki kaajab bisa : tekan SMP sing lumprah diwulangake
(1)Meruhi carane ngajari ngarang tembang marang para siswa yaiku tembang cilik
Maskumambang tumprap siswa kanthi utawa tembang macapat lan tembang
nggunakake metodhe Demonstrasi dolanan.

3
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

Miturut S. Padmosoekotjo jroning Tembang Maskumambang


buku Ngengrengan, tembang cilik utawa Tembang Maskumambang
tembang macapat ana 9 yaiku: (1) Kinanti, minangka sawijining tembang macapat,
(2) Pucung, (3) Asmaradana, (4) Mijil, tembang cilik diarani tembang macapat
(5) Maskumambang, 6)Pangkur, (7) Sinom amarga kaiket dening guru (Padmosoekatjo,
( 8) Dandanggula, (9) Durma. 1955:13) guru ateges uger-uger, paugeran,
Ananging jenise tembang macapat wewaton, pathokan. guru ana telung warna,
kang kaprah/lumrah diwulangake ing jaman yaiku: (1) guru gatra, yaiku cacahing
saiki iku cacahe ana 11. Kang kalebu gatra/larik saben sapada / sabait tembang,
golongane tembang macapat yen diurutake (2) guru wilangan, yaiku cacahing wanda /
selaras karo pralambang gegambarane suku kata saben gatra / larik, (3) guru lagu,
uripe manungsa wiwit manungsa lair nganti yaiku dhong-dhinge / tibane swara ing saben
tumekane pati yaiku: pungkasane gatra / larik. Paugeran mau yen
(1) Mijil : pralambange tumprap ditulis nggunakake tabel kaya ing ngisor iki;
manungsa kang lagi lair Tembang Maskumambang
(2) Maskumambang : pralambange tumprap minangka sawijining tembang macapat uga
bocah sing isih cilik lan isih kumlewer (isih duwe paugeran yaiku guru gatrane 4, tegese
seneng digendhong) saben sapada ( sabait ) tembang
(3) Gambuh : pralambange tumprap Maskumambang ana 4 gatra utawa baris
bocah sing durung dunung /larik , dene guru wilangan lan guru lagune :
(4) Sinom : pralambange tumprap 12i-6a-8i-8a
bocah sing tumampak ing wayah nom – Angka 12, 6, 8, 8 tegese ing
noman (remaja) gatra/larik 1 ana 12 wilangan utawa wanda
(5)Asmaradan : pralambange tumprap (suku kata), gatra/larik 2 ana 6 wanda,
para muda kang padha lagi kasmaran, gatra/larik 3 ana 8 wanda, lan gatra/larik 4
sawise remaja. ana 8 wanda . Dene akasara i, a, i, a iku
(6) Dhandhanggula : pralambange tumprap nudohake guru lagune tegese ing gatra 1
para muda sawise padha kasmaran ngalami guru lagune i tembung kang pungkasan ing
kedadeyan kang endah-endah gatra 1 kudu unine I, gatra 2 guru lagune
(7) Kinanti :pralambange tumprap ategese tembung kang pungkasan ing gatra 2
jejere manungsa wis wayahe wengku kudu unine a, gatra 3 guru lagune i tegese
/mengku utawa di kanti ganti (nggandheng) tembung kang pungkasan ing gatra 3 kudu
pasangan siap mbangun bale wisma unine i, lan gatra 4 guru lagune a tegese
(8) Durma :pralambange tumprap tembung kang pungkasan ing gatra 4 kudu
jejere manungsa sing wis mapan anggone unine a, Paugeran tembang macapat yen
mbangun bale wisma ing urip bebrayan . ditulis ing wujud tabel kaya sing katulis ing
(9) Pangkur : pralambange tumprap ngisor iki .
jejere manungsa sing wis mungkur enome
(sepuh), kudu nggunakake umure kanggo Watake Tembang Maskumambang
ibadah lan tumindak becik, wiwit Tembang macapat saliyane duwe
ninggalake gumebyare saisine donya paugeran uga duwe wewatakan kang gedhe
(10) Megatruh : saka tembung megat banget gunane kanggo ngarang tembang
karo ruh, pralambange tumprap jejere macapat.Watake tembang kanggo
manungsa sing wis dipundhut ing ngarsane nggampangake milih tembung kang bakal
Gusti digandheng dadi ukara ing cakepane
(11) Pucung : pralambange tumprap tembangmacapat, Tembang Maskumambang
jejere manungsa sing wis kapundut duwe watak nelangsa, keranta-ranta, ngeres-
lumrahe lumrahe dipocong. eresi, mathuke kanggo medharake rasa
Jenenge tembang cacah 11 mau sedhih, kelara-lara (keranta-ranta) lan
supaya gampang anggone ngapalake, nelangsa.
diapalake nganggo wancah/ cekakan /
singkatan tembung “MI-MAS-GAM-SI-AS- Tata Carane Ngarang Tembang
DHA-KI-DUR-PANG-GAT-PU”. Maskumambang
1) Nentokake gagasan utawa tema tembang
Maskumambang kang arep dikarang

4
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

2) Nentokake paugerane tembang tembang kang ana sesambungane karo materi


Maskumambang kang arep dikarang pasinaon.
3) nggawe dhaftar tembung- tembung sing Ancase nggunakake Metodhe
dipilih kang selaras karo watak lan tema Demonstrasi iki : (1) Supaya gampang olehe
tembang njelasake sawijine bab (2) Supaya gampang
4) Tembung-tembung pilihan sing wis narik kawigatene siswa, (3) Supaya ora
didhaftar banjur dirakit selaras karo verbalisme, (4) Cocog kanggo menehi
paugerane dadi cakepan tembang katrampilan (5) mragakake proses dumadine
Maskumambang. sawijine prastawa selaras karo materi
pasinaon.
Kajian Teoretis Metodhe Demonstrasi Onjone Metode Demonstrasi iki
Metodhe Demonstrasi sawijining yaiku : (1) Kawigatene siswa luwih
cara ngandharake pasinaon kanthi gampang ditujokake marang pasinaon lan
mragakake sawijing proses kedadeyan ora tumuju marang bab liyane, (2) Bisa
kedadeyan. lumantar Metodhe Demonstrasi nyuda kaluputane dudutan sing diimpun
bakal luwih jelas dimangerteni siswa amarga amarga siswa langsung ngamati kanthi jelas,
siswa ngalami kanthi cara langsung prosese (3) Nalika siswa melu aktif jroning
sawijing kedadeyan. Metodhe Demonstrasi pamragan kang asipat demonstrative siswa
merlokake ketrampilan guru kang mligi bakal nduweni pengalaman langsung.
babagan sawijining bab saengga guru bisa Langkahe utawa carane nindakake
nyiapake rancangan kanthi luwih mateng Metodhe Demonstrasi yaiku :
( Nuryani : 102 ) (1) nentokake ancase Metodhe Demontrasi,
Metodhe Demonstrasi sawijine kang selaras karo tujuwan pasinaon
metodhe pasinaon kang nggunakake paragan (2) Nindakake pragan kanthi jelas,
kanggo upaya njelasake sawinjining (3) Guru nulis tembang Maskumambang
pangerten utawa kanggo njelasake prosese ing papan tulis, (4) menehi tuladha
perkara . nentokake tema tembang , (5) menehi
Metodhe Demonstrasi sawijine tuladha nentokake paugeran tembang,
pamragaan proses/carane dumadine menehi tuladha ngetung guru gatra, guru
prastawa utawa barang nganti tumekane wilangan lan guru lagune tembang.
tumindak kang dituladhakne supaya bisa 6) menehi tugas marang siswa, ngarang
dimangerteni siswa kanthi nyata, Metodhe tembang Maskumambang selaras karo
Demonstrasi iki luwih cocog kanggo tema kang disepakati.
ngajarake materi pasinaon arupa pamragan Metodhe Demonstrasi sawijining
sawijine proses utawa bab-bab kang asipat carangandharake pasinaon kanthi mragakake
terus-terusan kanthi nggunakake Metodhe sawijing roses kedadeyan.lumantar Metodhe
Demonstrasi siswa nduwe kesempatan Demonstrasi bakal luwih jelas dimangerteni
ngundhakake kawasisan njlimeti siswa amarga siswa ngalami kanthi dara
samubarang kang ana gandhengcenenge langsung prosese sawijing kedadeyan.
karo proses pasinaon kang dijlimeti sarta MetodheDemonstrasi merlokake
bisa nentokake dudutan kang kaya sing ketrampilan guru kang mligi ngenani
diajab ( syaiful, 2008:210 ). sawijining bab saengga guru bisa nyiapake
Metodhe Demonstrasi sawijine rancangan kanthi luwih mateng .
metodhe pasinaon kanthi cara mragakake
barang, kedadeyan, aturan, lan urutan METODE PANLITEN
nindakake sawijine kegiyatan, kanthi Ancangan Panliten
langsung utawa lumantar nggunakake media Jroning ancangan iki ngandharake
pasinaon kang selaras karo Pokok Bahasan babagan metodhe panliten kang cocog
utawa materi kang disajekake kanggo nulis panliten iki yaiku metode
( Muhibbin Syah, 2000: 22 ). panulisan PTK kang ditindakake jroning
Miturut Syaiful Bahri Djamarah, 2 siklus, saben siklus 2 jam pelajaran yaiku
(2000:2) medharake yen Metodhe 2 x 40 menit. Ancangane panliten iki kanthi
Demonstrasi yaiku metodhe kang nentokake lelandhesane panliten babagan
digunakake kanggo mragakake sawijine ngarang tembang Maskumambang banjur
proses utawa cara kerjane barang utawa nentokake underane panliten, pamecahane

5
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

perkara, ancase panliten , lan mupangate pambiji utawa test tulis bentuke uraian kang
panliten, nentokake strategi pasinaon, ditindakake sawise pasinaon, siswa nggarap
nyusun metodhe pasinaon carane soal uraian cacahe 5 saben soal bijine 4
ngumpulake data, lan rancangan carane jumlah biji kang kagayuh diolah nggunakake
ngolah data. rumus
(3) dokumen
Prosedur Panliten
Prosedure panliten yaiku: (1) ngrancang Tata Cara Njlentrehake Data
kagiyatan, (2) nindakake kagiyatan,(3) Asil panliten iki dijlentrehake
nindakake observasi, (4) nindakake refleksi kanthi cara : (1) kanthi deskripsi utawa
1)Ngrancang kagiyatan minangka sawijining ngandharake asil observasi kagiyatan
kagiyatan kang ditindakake dening panliti aktivitase guru lan siswa. Pengamatan
sadurunge nindakake panliten kanthi cara : kagiyatan aktivitase guru ateges nindakake
(1)Nggaweskenariopasinaon kalampir/RPP kegiyatan ngamati aktivitase guru kanthi
( 2) Nyiapake sarana kanggo nulis tembang cara aweh biji kang selaras karo indikator
macapat Maskumambang kang ana ing lembar observasi dene
( 3) Nyiapake instrument kanggo ngrekam indikator iku selaras karo rinciyan kagiyatan
data sarana awujud lembar pengamatan kang wis tinulis ing RPP.
kagiyatane siswa lan guru. Ing lembar observasi ana 9 kolom
2) Nindakake kagiyatan kanthi langkah- yaiku : (1) kolom nomer, (2) kolom
langkah: kagiyatan wiwitan,kagiyatan inti, kagiyatan pasinaon, (3) kolom 3-7 pilihan
lan kagiyatan panutup. biji, (4) biji kang digayuh , (5) kolom
persen. Kolom 2 isine kagiyatan pasinaon
Setting panliten kaperang ana 15 kagiyatan kang kudu
Setting panliten iki :1) Subjek : ditindakake dening guru, ing kolom nomer
Subjeke panliten iki siswa kelas 9B SMP 3-7 cumawis pilihan biji kanthi ukuran: (1)
Negeri 14 Madiun kanthi jumlah siswa 20 kurang apik = 0-60, 2) cukup apik = 61-75,
siswa, 2) Panggonane panliten iki : Ing SMP 3) apik = 76-85, (4) apik banget = 86-100,
Negeri 14 Madiun Jl.Tulus Bhakti nomer 40 kolom 4 isine biji kang digayuh guru miturut
Madiun, wektune panliten siklus I dina tindakan kang ditindakake dening guru
Kemis,13 Agustus 2015 lan siklus II selaras karo kagiyatan kang ana ing kolom
ditindakake dina Kemis tanggal 27 Agustus kagiyatan pasinaon, sawise biji kang
2015. digayuh dietung kanthi nggunakake rumus
ditemokake biji wujud persen ditulis ing
Tata Cara Ngumpulake Data kolom 5.
Data awujud data kwalitatif, data Pengamatan kagiyatan aktivitase
dikumpulake wektu pasinaon lumantar siswa ateges nindakake kagiyatan ngamati
ngamati lan ngisi : (1) angket kagiyatan aktivitase siswa jroning wayah pasinaon
aktivitas guru, (2) angket kagiyatan aktivitas ngarang tembang Maskumambang kanthi
siswa, ( 3) Asil test. cara aweh biji kang selaras karo indikator
kang ana ing lembar observasi dene
Instrumen Panliten indikator iku selaras karo rinciyan kagiyatan
(1) Observasi : kanggo mangerteni kang wis tinulis ing RPP.
keaktifane siswa lan guru pirantine awujud Ing lembar observasi ana 9 kolom
lembar observasi kagiyatan guru, lembar yaiku : (1) kolom nomer, (2) kolom
observasi kagiyatan siswa, lan tabel analisis kagiyatan pasinaon, (3) kolom 3-7 pilihan
asil pasinaon. Pengamatan kagiyatan biji, (4) biji kang digayuh , (5) kolom
aktivitase guru ateges nindakake kegiyatan persen. Kolom 2 isine kagiyatan pasinaon
ngamati aktivitase guru kanthi cara aweh biji kaperang ana 15 kagiyatan kang kudu
kang selaras karo indikator kang ana ing ditindakake dening siswa, ing kolom nomer
lembar observasi dene indikator iku selaras 3-7 cumawis pilihan biji kanthi ukuran: (1)
karo rinciyan kagiyatan kang wis tinulis ing kurang apik = 0-60, 2) cukup apik = 61-75,
RPP. 3) apik = 76-85, 4) apik banget = 86-100,
( 2) tes Pambiji asil kagiyatan pasinaon kolom 4 isine biji kang digayuh siswa
datane dijupuk saka asil post test, yaiku miturut tindakan kang ditindakake dening

6
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

siswa selaras karo kegiyatan kang ana ing Ing lembar observasi ana 9 kolom
kolom kagiyatan pasinaon, sawise biji kang yaiku : (1) kolom nomer, (2) kolom
digayuh dietung kanthi nggunakake rumus kagiyatan pasinaon, (3) kolom 3-7 pilihan
ditemokake biji wujud persen ditulis ing biji, ( 4) biji kang digayuh , (5) kolom
kolom 5. persen. Kolom 2 isine kagiyatan pasinaon
Pambiji asil kagiyatan pasinaon kaperang ana 15 kagiyatan kang kudu
datane dijupuk saka asil post test, yaiku ditindakake dening guru, ing kolom nomer
pambiji utawa test tulis bentuke uraian kang 3-7 cumawis pilihan biji kanthi ukuran: (1)
ditindakake sawise pasinaon, siswa nggarap kurang apik = 0-60, (2) cukup apik = 61-75,
soal uraian cacahe 5 saben soal bijine 4 (3) apik = 76-85, 4) apik banget = 86-100,
jumlah biji kang kagayuh diolah nggunakake kolom 4 isine biji kang digayuh guru miturut
rumus ;P= fx100 tindakan kang ditindakake dening guru
Katrangan: selaras karo kagiyatan kang ana ing kolom
P= prosentase ketuntasan kagiyatan pasinaon, sawise biji kang
f= jumlah siswa kang asil pasinanone digayuh dietung kanthi nggunakake rumus
tuntas ditemokake biji wujud persen ditulis ing
n= jumlah sakabehe siswa kolom 5.
Ing kagiyatan aktivitase guru biji
Tata Cara Panulise Asil Panliten 1kang ateges kurang apik = 0-60 ora ana
Tata cara nulis asil panliten yaiku ditulis isine amarga
kanthi sistematik skripsi kaya ing ngisor guru nindakake kagiyatan kanthi aktif , ing
iki kolom pilihan biji 2 ana bijine 2 amarga
Bab I : ngandharake purwaka kang isine guru kurang bisa mbimbing siswa takon –
ngenani bab landhesan panliten, underane pinakon, ing kolom biji 3 ana bijine 10
panliten, ancase panliten, paedahe panliten, kolom iki akeh bijine amarga pancen guru
wewatesane tetembungan. nindakake kagiyatan kanthi aktif, lan kolom
Bab II : ngenani tintingan kapustakan kang ka 4 ana bijine 2 yaiku guru aweh tugas lan
isine ngemot bab panliten saemper, aweh kasempatan siswa ngandharake asil
tembang Maskumambang, carane ngarang kerja kanthi tepak, saka kagiyatan guru iku
tembang Maskumambang lan metodhe oleh biji 40 yen dietung nganggo rumus ana
demonstrasi. 77%. Saka analisis data ing ndhuwur bisa
Bab III :ngenani metodhe panliten kang isine diweruhi yen asil pambiji kagiyatan
ngandarake bab ancangan panliten,dhata lan aktivitase guru jumlahe 40 yen diolah
sumber dhata, metodhe lan tata cara nggunakake rumus asile 77 % . Kanggo
njlentrehake dhata, tata cara panulisan asile nentokake kasil orane kagiyatan aktivitas
panliten. guru iki digunakake kriteria pambiji:
Bab IV : andharan asile panliten kriteria pambiji :
Bab V : ngenani dudutan lan saran saka (1) 0 - 65 % = Kurang Apik.
asile panliten (2) 66 % - 75% = cukup apik
(3) 76% - 86 % = apik
ASILENG PANLITEN (4) 87% - 100 % = apik banget
Siklus I Asil pambiji kegiyatan aktivitas guru siklus I
Kagiyatan panliten iki ditindakake kagolong kriteria asil kang apik
jroning 1 patemon, sapatemon ana 2 jam
pelajaran patemon kang kapisan ditindakake Pengamatan Kagiyatan Aktivitase Siswa
dina Kemis, 13 Agustus 2015 Pengamatan kagiyatan aktivitase
Asil Pengamatan Kagiyatan Aktivitase siswa ateges nindakake kegiyatan ngamati
Guru aktivitase siswa jroning wayah pasinaon
Pengamatan kagiyatan aktivitase ngarang tembang Maskumambang kanthi
guru ateges nindakake kegiyatan ngamati cara aweh biji kang selaras karo indikator
aktivitase guru kanthi cara aweh biji kang kang ana ing lembar observasi dene
selaras karo indikator kang ana ing lembar indikator iku selaras karo rinciyan kagiyatan
observasi dene indikator iku selaras karo kang wis tinulis ing RPP.
rinciyan kagiyatan kang wis tinulis ing RPP. Ing lembar observasi ana 9 kolom
yaiku : (1) kolom nomer, (2) kolom

7
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

kagiyatan pasinaon, (3) kolom 3-7 pilihan kanggo nentokake kasil orane pambiji asil
biji, (4) biji kang digayuh , (5) kolom pasinaon iki digunakake kriteria pambiji :
persen. Kolom 2 isine kagiyatan pasinaon (1) 0 - 65 % = Kurang Apik.
kaperang ana 15 kagiyatan kang kudu (2) 66 % - 75% = cukup apik
ditindakake dening siswa, ing kolom nomer (3) 76% - 86 % = apik
3-7 cumawis pilihan biji kanthi ukuran: (1) (4) 87% - 100 % = apik banget
kurang apik = 0-60, (2) cukup apik = 61-75, Yen dianalisis saka kriteria
(3) apik = 76-85, 4) apik banget = 86-100, kelompok pambiji asile post test siklus I
kolom 4 isine biji kang digayuh siswa kagolong biji kang apik banget. Iki
miturut tindakan kang ditindakake dening mertandhani siswa ana pangaribawa kang
siswa selaras karo kegiyatan kang ana ing apik tumprap siswa nalika guru ngajari
kolom kagiyatan pasinaon, sawise biji kang carane ngarang tembang Maskumambang
digayuh dietung kanthi nggunakake rumus kanthi nggunakake metodhe demonstrasi
ditemokake biji wujud persen ditulis ing
kolom 5. Siklus II
Ing kolom biji 1 ora ana isine Kagiyatan panliten iki ditindakake
amarga siswa nindakake kagiyatan kanthi jroning 1 patemon, sapatemon ana 2 jam
aktif , ing kolom biji 2 ana bijine 5 amarga pelajaran patemon iki ditindakake dina
ing kagiyatan siswa iku cukup aktif Kemis, 27 Agustus 2015
nindakake kagiyatan, ing kolom biji 3 ana Asil Pengamatan Kagiyatan Aktivitase
bijine 7 kolom iki akeh bijine amarga Guru
pancen siswa nindakake kagiyatan kanthi Adhedasar asil refleksi saka
aktif, lan kolom 4 ana bijine 1 yaiku siswa patemon 1 guru ngowahi carane nglola
aktif ngrungokake tujuwan pasinaon saka kelas luwih apik kanthi tindakan kang luwih
kagiyatan aktivitas siswa iku oleh biji 35 cocog karo kahanan jroning pasinaon siklus
yen dietung nggunakake rumus ana 67%. II Saka analisis data diweruhi asil pambiji
jumlahe Siswa 35 yen diolah nggunakake kagiyatan aktivitase guru jumlahe biji 42
rumus asile 67 %. Kanggo nentokake kasil yen diolah nggunakake rumus ana 87%, ing
orane kagiyatan aktivitas siswa iki siklus II iki ana undhak-undhakan biji saka
digunakake kriteria pambiji : 77 % dadi 87% kanggo nentokake kasil
(1) 0 - 65 % = Kurang Apik. orane kagiyatan aktivitas guru iki
(2) 66 % - 75% = cukup apik digunakake kriteria pambiji :
(3) 76% - 86 % = apik 1) 0 - 65 % = Kurang Apik.
(4) 87% - 100 % = apik banget 2) 66 % - 75% = cukup apik
Asil pambiji kagiyatan aktivitas siswa 3) 76% - 86 % = apik
siklus I kagolong asil kang cukup apik. 4) 87% - 100 % = apik banget

Pambiji Asil Pasinaon Asil Pengamatan Kagiyatan Aktivitase


Pambiji asil kagiyatan pasinaon siswa
datane dijupuk saka asil post test, yaiku Adhedasar asil refleksi saka
pambiji utawa test tulis bentuke uraian kang patemon 1 guru ngowahi carane nglola
ditindakake sawise pasinaon, siswa nggarap kelas luwih apik kanthi tindakan kang luwih
soal uraian cacahe 5 saben soal bijine 4 cocog karo kahanan jroning pasinaon siklus
jumlah biji kang kagayuh diolah nggunakake II Saka analisis data diweruhi asil pambiji
rumus, ana siswa 1 sing durung tuntas, kagiyatan aktivitase siswa jumlahe biji ana
jalaran soal nomer 1nganti nomer 4 mung 37 yen diolah nggunakake rumus ana 81 %,
oleh biji 3 dene soal nomer 5 mung oleh biji ing siklus II iki ana undhak-undhakan biji
2 dadine jumlah bijine ana 14 yen dietung saka 77 % dadi 81% kanggo nentokake kasil
nggunakake rumus asile 70. orane kagiyatan aktivitas guru iki
Amarga siswa 1 sing durung tuntas digunakake kriteria pambiji :
yen dieting persene ana 5 % 1) 0 - 65 % = Kurang Apik.
dibandhingaake siswa sing wis tuntas , dene 2) 66 % - 75% = cukup apik
siswa sing oleh biji tuntas yaiku ana 19 3) 76% - 86 % = apik
siswa yen dietung nganggo rumus 95% 4) 87% - 100 % = apik banget

8
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

Asil pambiji kagiyatan aktivitas guru siklus Maskumambang kanthi metodhe


II kagolong kriteria asil kang apik demonstrasi, (5) Aweh tugas marang siswa
ngarang tembang Maskumambang kanthi
Pambiji Asil Pasinaon tema gegayuhan, (6) Aweh kesempatan
Pambiji asil kagiyatan pasinaon marang siswa supaya ngandharake
datane dijupuk saka asil post test, yaiku karangane ing papan tulis.
pambiji utawa test tulis bentuke uraian kang
ditindakake sawise pasinaon, siswa nggarap Kagiyatan Aktivitas Siswa Siklus I Lan
soal uraian cacahe 5 saben soal bijine 4 Siklus II
jumlah biji kang kagayuh diolah nggunakake Saka analisis pambiji kagiyatan
rumus, 20 siswa kabeh tuntas, jalaran kabeh aktivitas siswa siklus I lan kagiyatan
siswa oleh biji sadhuwure KKM yaiku aktivitas siswa siklus II ana undhak-
76,dadine sing oleh biji tuntas ana 20 siswa undhakan tingkat keaktivane siswa. Anane
yen diolah nggunakake rumus ana 100% undhak-undhakan kasebut amarga anane
kanggo nentokake kasil orane pambiji asil tindakan guru kang ngugemi rekomendhasi
pasinaon iki digunakake kriteria pambiji : saka asil pambiji siklus I. Adhedhasar
(1) 0 - 65 % = Kurang Apik. rekomendhasi kasebut guru aweh kawigaten
(2) 66 % - 75% = cukup apik kang luwih marang aspek kang kudu
(3) 76% - 86 % = apik diundhakake keaktivane . Kagiyatan
(4) 87% - 100 % = apik banget aktivitas siswa siklus 1 oleh biji 35 utawa 67
Yen dianalisis saka kriteria % dene kagiyatan aktivitas guru siklus 1I
kelompok pambiji asile post test siklus II oleh biji 39 utawa 81 % dadine saka
kagolong biji kang apik banget. Iki kagiyatan aktivitas siswa siklus I menyang
mertandhani siswa ana pangaribawa kang siklus II ana undhak-undhakan biji 14 %.
apik tumprap siswa nalika guru ngajari Undhakan kagiyatan aktivitas siswa amarga
carane ngarang tembang Maskumambang siswa luwih aktiv nggatekake kepriye carane
kanthi nggunakake metodhe demonstrasi ; (1) nyiapake kahanan kelas,
saengga siswa bisa ngarang tembang (2) ngrungokake tujuwan pasinaon, (3)
Maskumambang kanthi apik masiya tema nggatekake teks tembang Maskumambang ,
tembange diganti liya. (4) nyinau carane ngarang tembang
Maskumambang kanthi metodhe
Andharan demonstrasi, (5) nggarap tugas ngarang
Kagiyatan Aktivitas Guru Siklus I Lan tembang Maskumambang kanthi tema
Siklus II gegayuhan, (6) manfaatake kesempatan
Saka analisis pambiji kagiyatan ngandharake karangan ing papan tulis. Saka
aktivitas guru siklus I lan kagiyatan tindakan guru kang ngundhakake
aktivitas guru siklus II ana undhak-undhakan kawigatene marang kagiyatane siswa mula
tingkat keaktivane guru. Anane undhak- siswa luwih aktif la nana undhak-undhakan
undhakan kasebut amarga anane tindakan biji.
guru kang ngugemi asil saka refleksi saka
asil pambiji siklus I. Adhedhasar asil Asil Pasinaon
refleksi kasebut guru aweh kawigaten kang Asil Pambiji Post Test siklus II
luwih marang aspek kang kudu diundhakake Ana undhak-undhakan asil pambiji
keaktivane . Kagiyatan aktivitas guru siklus post test antaraning siklus 1 menyang siklus
1 oleh biji 40 utawa 77 % dene kagiyatan II. Asil pambiji post test I siswa kang tuntas
aktivitas guru siklus 1I oleh biji 42 utawa 87 ana 19 siswa utawa 95 % , dene asil pambiji
% dadine saka kagiyatan aktivitas guru siklus II siswa kang oleh biji tuntas ana 20
siklus I menyang siklus II ana undhak- siswa tuntas kabeh dadine 100 % tuntas.
undhakan biji 10 %. Saka siklus I menyang siklus II ana
Undhakan kagiyatan aktivitas guru undhakan 5 %. Undhakan iki jalaran ing
amarga guru luwih aktiv nggatekake kepriye siklus II iki siswa luwih mangerteni tata
carane ; (1) nyiapake kahanan carane ngarang tembang macapat mligine
kelas, (2) ngandarake tujuan pasinaon,(3) tembang Maskumambang. Siswa wis bisa
Nyiapake teks tembang Maskumambang , mangerteni paugerane tembang
(4) Ngajari siswa ngarang tembang Maskumambang, siswa wis bisa nggunakake

9
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

Metodhe Demonstrasi minangka cara ana 1 yaiku : (1) Siswa ngrungokake


kanggo nulis tembang macapat lan siswa tujuwan pasinaon ngarang tembang
luwih bisa nentokake lan ngrakit tembung Maskumambang, dadi siswa prelu
dadi ngundakake tingkat keaktivane
sajroning sinau supaya kabeh
Refleksi indhikator bisa oleh biji kang luwih apik .
1 Asile Pambiji Kagiyatan aktivitas Guru 3) Indhikator kagiyatan aktivitase siswa
1) Asil kagiyatan aktivitase guru kang kang oleh biji 2 ana 5 indhikator kagiyatan
kaanggep wis kasil : aktivitase siswa kang oleh biji mung 2 yaiku
(1) Jumlah biji kang kagayuh saka : (1) nyiapake kahanan kelas, siswa isih
kagiyatan aktivitase guru ana 40 yen durung bisa nyiapake kahanan kelas kanthi
diwujudake persen apik, jalaran siswa isih sakarepe dhewe
ana 77% , biji iki kagolong kriteria biji nalika pasinaon arep diwiwiti isih padha
kang apik. omong dhewe saengga kahanane kurang
(2) Indhikator kang oleh biji paling apik prayoga tumprap pasinaon. (2) takon-
ana 2 yaiku (1)aweh tugas ngarang tembang pinakon babagan tembang macapat nalika
Maskumambang, (2) aweh kesempatan apersepsi, siswa katon kurang aktif lan
marang siswa ngandarake asil kerjane ing omong dhewe, (3) nggarap pre test, siswa
papan tulis kurang aktif nalika nggrap pre test jalaran
2) Asil kagiyatan aktivitase guru kang rumangsa durung bisa ngarang tembang
kaanggep isih kurang : Maskumambang, (4) takon-pinakon
saka indhikator mbimbing siswa takon- babagan tembang Maskumambang,
pinakon babagan ngarang tembang macapat nalika wayah takon-pinakon babagan materi
mung pasinaon tembang Maskumambang siswa
oleh biji 2,ateges guru isih kurang trampil kurang aktiv, (5) nindakake refleksi, siswa
olehe mbimbing siswa supaya wani lan kurang biasa ngandharake panemune
prigel takon nalikaa nindakake refleksi saengga refleksi
babagan ngarang tembang kurang bisa ditentokake dudutane
Maskumambang, dadine guru prelu kanthi bener miturut kasunyatan, guru prelu
ngundakake keprigelane aweh aweh bimbingan supaya siswa bisa aktiv
bimbingan supaya siswa wani lan prigel aweh panemu nalika nindakake refleksi.
takon babagan ngarang taembang
Maskumambang. Asile Pambiji Pasinaon
2 Asile Pambiji Kagiyatan Aktivitas 1. Asil kagiyatan pasinaon kang kaanggep
Siswa wis kasil :
1) Asil kagiyatan aktivitase siswa kang Asil pambiji pasinaon dijupuk saka
kaanggep wis kasil : biji post test saka jumlah siswa 20 kang oleh
Indhikator kang oleh biji paling apik biji tuntas ana 19 siswa utawa 95 % kari 1
yaiku ngrungokake tujuwan pasinaon bae siswa sing durung bisa tuntas. Iki
oleh biji 4. kalebu pambiji kang asile apik banget
2). Asil kagiyatan aktivitase siswa kang amarga asile wis bisa ngluwihi pathokane
kaanggep isih kurang : kriteria panliten kang kasil yaiku 76 % .
(1) Jumlah biji kang kagayuh saka kagiyatan Bab iki jalaran siswa wis bisa nggunakake
aktivitase siswa mung ana 35 yen Metode Demonstrasi kanggo nulis tembang
diwujudake Macapat.
persen ana 67%, biji iki kalebu kriteria 2. Asil kagiyatan aktivitase siswa kang
cukup apik ananging biji 67 % iku kaanggep isih kurang :
mujudake Isih ana siswa 1 sing durung tuntas
biji kang kagolong durung kasil amarga amarga mung oleh biji 70, biji durung tuntas
kriteria kang kagolong kasil manawa amarga kriteria kelulusane 76. Guru prelu
kagiyatane aweh bimbingan marang siswa sing durung
oleh biji 76% mendhuwur. 2) Indhikator tuntas supaya oleh biji sing luwih apik lan
kagiyatan aktivitase siswa kang oleh biji bisa tuntas ing siklus II.
paling apik

10
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

Dudutan kang selaras karo indhikator kang katulis


Dudutan saka asil kagiyatan ing RPP kanthi luwih apik.
panliten irah-irahan Undhakan Kawasisan
Ngarang Tembang Maskumambang Kanthi Pamrayoga
Metodhe Demonstrasi Kelas IX B SMP Metodhe Demonstrasi minangka
Negeri 14Madiun taun 2015 yaiku siswa metodhe kang tepak kanggo ngawekani
kelas IX B SMPN 14 Madiun duwe perkara perkara ngarang tembang Maskumambang
ora bisa ngarang tembang macapat utamane bakalan aoleh pambiji kang luwih apik apik
tembang Maskumambang. yen dicakake ing pasinaon jalaran nggladhi
Perkara kuwi disebabake siswa ora siswa luwih aktiv lan siswa duwe
kulina ngrungokake tembang macapat pengalaman langsung.
utamane tembang Maskumambang saengga
siswa ora duwe greget nyinau ngarang DHAPTAR KAPUSTAKAN
tembang Maskumambang. Kanggo Enami, 2012. Pasinaon Maca Tembang
ngawekani perkara iki panliti nggunakake Pangkur Laras Pelog Pathet Nem Siswa
metodhe demonstrasi sajrone ngajari Kelas VIII D SMP Negeri 1
ngarang tembang Maskumambang marang Sanankulon Blitar. Surabaya : Unesa
siswa kelas IXB SMPN 14 Madiun . Karti dkk, 2008. Lebda Basa jawa
Metodhe demonstrasi yaiku ,Surabaya: Intan Pariwara
sawijining cara ngandharake pasinaon Suwadji dkk, 2000. Bausastra
kanthi mragakake sawijing proses Jawa,Yogyakarta: Kanisius
kedadeyan.lumantar Metodhe Demonstrasi Tarigan, 2008. Menyimak, Bandung :
bakal luwih jelas dimangerteni siswa amarga Angkasa
siswa ngalami kanthi cara langsung prosese Nuryani , 2005. Strategi Belajar Mengajar
sawijing kedadeyan. Metodhe Demonstrasi Biologi, Malang: Universita Negeri
merlokake ketrampilan guru kang mligi Ikip Malang.
babagan sawijining bab saengga guru bisa Padmosoekotjo, 1955. Ngengrengan
nyiapake rancangan kanthi luwih mateng ( Kasusastran Djawa 1, Jogya: Hien Hoo
Nuryani : 102 ) Sing
Panliti ngajari siswa kelas IXB
SMPN 14 Madiun ngarang tembang Winarni, 2012. Upaya Meningkatkan
maskumambang miturut langkah-langkahe Ketrampilan Nembang Macapat
kanthi mragakake ing papan tulis kanthi Asmaradana Dengan Media Audio Teks
jlimet saengga para siswa paham lan bisa Pada Siswa Kelas VIII D SMPN 1
nindakake tugas ngarang tembang Mojosari Tahun Ajaran
maskumambang kanthi mandiri. 2012/2013, Surabaya : Unesa
Metodhe demonstrasi apik banget
dicakake kanggo metode ngarang tembang DHAPTAR LAMAN
macapat amarga sawise guru nindakake
metodhe demonstrasi siswa bisa ngarang Berti Dyah ,Permatasari,dkk , 2015.
tembang Maskumambang kanthi asil kang Penerapan Model Pembelajaran Kooperatif
apik. Umume ana undhak-undhakan saben Teknik Make A Match Untuk
kagiyatan pasinaon Undhak-undhakan iku Meningkatkan Pemahaman Konsep
yaiku saka asil pambiji kagiyatan aktivitas Tembang Macapat Macapat dalam
guru siklus I menyang siklus II ana .Jurnal DidaktikaDwija Indria(Solo)
undhakan saka 77% dadi 87%, dadi saka (http://jurnal.fkip.uns.ac.id/index.ph
kegiyatan aktivitas guru ana undhakan p/pgsdsolo/article/view/5832)
10%. Saka asil pambiji Kegiyatan aktivitas
siswa ana undhak-undhakan saka Siklus I Mustikarani,Defri, 2015. Peningkatan
menyang siklus II yaiku 67 % dadi 81 %, Kemampuan Menyimak Tembang Pucung
dadi ana undhak-undhakan 14 %. Saka asil dan Gambuh Dengan Strategi
pasinaon ana undhak-undhakan 95 % dadi Pembelajaran Kooperatif Tipe
100 % dadi ana undhak-undhakan 5%, Cooperative Script bagi Siswa
undhak-undhakan mau jalaran guru ngugemi kelas VIII SMP Negeri I kota Batu
rekomendhasi lan nindhakake kagiyatan Jurusan Sastra Indonesia-

11
Undhakan Kawasisan Ngarang Tembang Maskumambang

FakultasSastraUM,2011,Sabtu,tgl.1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa


5/8/2015 http.://karya- Sabtu,15/8/2015
ilmiah.um.ac.id/index.php/ http://ejournal.umpwr.ac.id/index.p
sastra-indonesia/article/view/ hp/aditya/article/view/1195
14714).
Muchlisin Riadi , Pengertian Metode
Werdiningsih , Upaya Peningkatan Demonstrasi Dalam Kajian pustaka.
Ketrampilan Menulis Syair Tembang Minggu,6September2015.http://
Macapat Melalui Media Gambar www.kajian pustaka.com/2012/10
Pada Siswa Kelas XI IPA1 SMAN Mirit /metode-demonstrasi –dalam-
Tahun Ajaran 2013/ 2014, gambar jroning belajar.html?m=1
homepagevol.4no.3 2014Aditya-

12

You might also like