You are on page 1of 1

Syahdan Sang Pramudya Wardani yaiku ratu saking kerajaan Majapahit lan ing wektu iku

kerajaan dhateng wektu-wektu transisi,akehe pemberontakan utamane pemberontakan saking


Kadipaten Blambangan ingkang sampun dikuasai tiyang mantan jambret ingkang kagungan
gelar Kebo Marcuwet lan lenggah minangka raja cilik ing Blambangan. Kesaktian sang
Adipati Blambangan punika konon mboten enten ingkang saged nandingi.Punika ingkang
ngresahaken gesangipun berbangsa lan bernegara kerajaan Majapahit, amarga kondisi
Majapahit wektu iku sampun kathah ponggawa ponggawa kerajaan ingkang terbius.
Bulubekti (Pajak) ingkang dipungut saking rakyat mboten kathah mlebet dhateng kas negara,
jalaran pajak ingkang sampun mlebet menawi kathah ingkang nggunakaken mboten
semestinipun lan kondisi punika dikenal dening Adipati Blambangan.

Ningali kondisi punika kathah tiyang-tiyang ingkang maringi nasihat dhateng Ratu lan
mujudaken maklumat ,” Sinten ingkang saged ngalahaken lan nggawa kepala Kebo
Marcuwet banjur yen tiyang lanang menawa ajeng dinikahi, yen tiyang wadon ajeng
diangkat dulur dening Ratu.”

Kathah para pemuda, pendekar ingkang nyoba ngalahaken,mateni Kebo Marcuwet nanging
kabeh bali tinggal jeneng, kabaripun punika ngresahaken sang ratu. Wektu esuk ing njero
pisowanan agung ngadep tiyang pemuda ingkang kagungan asma Ajingga. Pemuda iku
gagah, nggantheng, murid tiyang pertapa saking Padepokan Cakra Surya ing Gunung
Lawu.Critanipun Ajingga tindak menyang Blambangan lan tarung karo Kebo Marcuet,
tarungipun sami-sami kiat sedaya, ngandikane tarung punika langgeng 7 dinten 7 bengi lan
Kebo Marcuwetpun saged di kalahaken kaleh Ajingga. Nanging kahanan Ajingga sanget
tragis ,raganipun babak bundas. Warni nipun ingkang nggantheng sampun sirna ,mlakunipun
dados pincang.

Bibar waras Ajingga ngadep Sang ratu lan nagih janji . Nanging apa ingkang kedadean bibar
dheweke dugi ing kerajaan Majapahit. Sang ratu mbantah amarga Ajingga sampun berubah
dados tiyang ingkang nyeramaken,warni nipun ingkang sampun berubah, sikil ingkang
sampun cacat. Ajingga diusir saking kerajaan Majapahit lan dheweke tindak menyang
Blambangan, daerah ingkang sampun ditaklukaken. Dheweke supados kagungan gelar
Adipati Menak Jinggo kagungan tahta ing Blambangan lan Ajingga punika nerusaken tradisi
Kebo Marcuet. Akhiripun dheweke saged dikalahaken dening Damarwulan ngagem tipuan.
Nanging iku politik sedaya caranipun ditempuh,sedaya dalan di pundhut punika ingkang
dalan putih, ireng utawi abu abu.

You might also like