You are on page 1of 6

Ono donyo jo gumampang

Akepilut manuhoro kang manis


Wekasane mongko gowo
Keno bebendu laknat
Ngudo roso getunono lakon wus kadung
Katungkul ngumbar kamurkan
Satemah digowo mati

Ngati-ngati sakdurunge ketekan pati


Ojo podo leno pungkas di lakoni
Ngudo roso saking pegawe angkoro
Tundane amung kuciwo lan sengsoro

Yen wus mati jiwa rodo dadi layu


Mugo mugo durung katekan ing patimu
Ngudoroso saking pegawe angkoro
Tundane amung kuciwo lan sengsoro

Yanabisa lan ngalaika


Ya rosul salam salam nglaika
Ya habib salam salam ngalaika
Sholawatulloh ngalaika
DADI ATI
Goleki sing koyo ngopo
Mung nyatane kelakon seprene
Angger-angger gendro
Wekasane malah mabngun tresno

Dudu bandha dudu rupo


Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadyo
Pepindhane mimi lan mituno

Wus jamak lumrahe


Yen wong urip coba lan godhane gedhe
Supradene, ora nganti ndadak dadi gawe

Rino wengi dadi ati


Wong prasaja luhur bebudene
Sabar tur gemati
Momong putro alus bebudene
Ojo lali marang gusti
Anyenyuwun rino klawan wengi
Ayo dho lelakoni mugo mugi Gusti ngijabahi

Dudu bondho dudu rupo


Mung amale iku kang utomo
Mulo do nindakno
Kwajiban uripane dunyo

Wis jawab lumrahe


Yen wong urip coba lan godhane gedhe
Supradene ora nganti woro dadi gawe

Rino wengi amemuji


Marang Gusti ingkang Maha Suci
Dasar amal suci
Kanggo sangu besuk yen wis mati
PUTRA NUSWANTARA

#BOWO#
Anakku sing bagus dewe
Besuk pinter sekolahe
Yen wes biso nyambut gawe
Kudu mlaku sak mesthine

Cup menengo ngger anakku


Ojo pijer nangis wae
Anakku sing bagus dewe
Besuk pinter sekolahe

Cup menengo ngger anakku


Sing tansah tak domo-domo
Dadiyo satrio tomo
Labuh marang nuso bongso

Reff : Enggal menengo anakku


Welaso marang ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe.......... mareming atiku

Adoh dununge bapakmu


Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesti kondur
Nuswantoro subur makmur
#BOWO#
Ono dunyo mung sak wetoro
Tumindako nderek dawuhe agami
Ayo podo golek sangu
Sowan mring Allah ugo
Ojo siro amung podho ketungkul
Mring endahe ngalam dunyo
Elingo marang Ilahi

Pirang tahun lawase mring dunyo iki


Ngelingono yen siro bakale mati
Sangu mati dudu emas dudu bondho
Nanging iman sarto amal kang utomo

Klopo mudho enake dinggo rujaan


Esuk sore rino wengi nunggu kabejan
Mbesuk abdhe bakal mulih gayuh mukti
Yen ra ngaji uripe bakal rugi

Mati Iku ngono wis dadi pesthi


Jodo ngono ora biso dipaido
Bondo Bondho ngono bisa diburu
Bejo lan ciloko mung sak dremo maurip

Klopo mudho enake dinggo rujaan


Pirang taun siro urip entuk kabejan
Rugi dunyo iku mung sak wetoro
Rugi akhirat mbesuk bakal ciloko
#BOWO#
Ono dunyo mung sak wetoro
Tumindako nderek dawuhe agami
Ayo podo golek sangu
Sowan mring Allah ugo
Ojo siro amung podho ketungkul
Mring endahe ngalam dunyo
Elingo marang Ilahi

Pirang tahun lawase mring dunyo iki


Ngelingono yen siro bakale mati
Sangu mati dudu emas dudu bondho
Nanging iman sarto amal kang utomo

Mati Iku ngono wis dadi pesthi


Jodo ngono ora biso dipaido
Bondo Bondho ngono bisa diburu
Bejo lan ciloko mung sak dremo maurip

Klopo mudho enake dinggo rujaan


Pirang taun siro urip entuk kabejan
Rugi dunyo iku mung sak wetoro
Rugi akhirat mbesuk bakal ciloko

You might also like