You are on page 1of 2

Asalamualaikum wr.

wb

# Assolatu wasalam muala asrofil iwal mursalin sayidina muhammadin wa’ala alihi
wasohbihi ajekma’in. Ashadualla ilahailalloh waashaduanna muhammadar rosululloh.
Lakhaula wala kuwata ila billa..amaba’du.
# Dumateng Ngarsanipun pinisepuh , sesepuh ingkang tansah kinabekten, Dumateng
panjenenganipun poro alim ulama, poro kiai ingkang tansah sumanding dateng kitab suci
wahyuning ilahi, poro panemban pangembating projo satriyaning negari ingkang dados
pandam pandoming paro kawulo dasih 
# Langkung rumiyen keparengo angaturaken puji syukur kunjuk wonten ngarso dalem Alloh
swt ingkang sampun kepareng paring mapinten pinten kanikmatan, karohmatan dumateng
kulo lan panjenengan sami sahinggo kanti kawilujengan kasarasan saged angrawuhi
panghargyan pengetan dinten kamardikan republik indonesia wonten ing dalu puniko.
# Dumateng ngarsanipun poro lenggah sami kakong miwah putri ingkang tansah kulo
hormati, keparengo kulo wonten ing mriki derekaken lumpahing adicoro ing dalu puniko.
Nanging sakderengipun adicoro wonten ing dalu puniko dipun awiti keparengo kulo
ngaturaken reruncining adicoro wanten ing dalu puniko.

#
#Adicoro ingkang sepindah pambuko
#adicoro ingkang kaping kalih menyanyikan lagu indonesia raya
#adicoro ingkang kaping tigo sambutan - sambutan ingkang sepindah saking ketua 17an -
sambutan ingkang kaping kalih saking kepala dusun Glodogan
#adicoro ingkang kaping sekawan puji dzikir lan tahlil  kalajenganken doa lan pemotongan
tumpeng
#adicoro ingkang kaping gangsal pembagian hadiah
#adicoro ingkang kaping enem Panutup

# Mekaten menggah reruncining adicoro wonten ing dalu puniko . Pramilo ingkang saking
puniko monggo kito awiti adicoro ing dalu puniko.
# Adicoro ingkang sepindah pambuko kanthi acoro pambuko puniko monggo ingkang
ngrasuk agami islam  kito sareng sareng maos alfatihah, mbok bilih ingkang ngrasuk agami
sanes kulo sumanggakaken miturut agami lan keyakinanipun piyambak2..pambuko
kawiwitan (baca alfatihah) matur nuwun mugi mugi kanti waosan alfatihah puniko adicoro
ing ndalu puniko saged lumampah kanthi sae.
# Poro tamu lenggah  kakong miwah putri ingkang kulo hormati, kito lajenganken
Adicoro inkang kaping kalih inggih puniko menyanyikan lagu indonesia raya. Ingkang
bade dipun pimpin kaliyan sdrek …………..dumeteng sdrek ……………………wedal
soho papan kulo sumanggakaken.
# Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kajenganken Adicoro inkang kaping tigo
inggih puniko sambutan – sambutan ingkang sepindah saking ketua 17an dumateng mas
…….. wedal soho papan kulo sumanggakaken.( bla bla bla) matur nuwun - sambutan
ingkang kaping kalih saking bapak dukuh glodogan dumateng bpk …………………..wedal
soho papan kulo sumanggakaken..(bla bla bla) kulo aturaken agenging matur nuwun
dumateng ngarsanipun bpk ………………..mugi mugi sedoyo atur pangandikanipun saged
jumbuh ingkang ginayuh sembodo ingkang sami sinedyo sahinggo pikantuk nugroho
saking gusti ingkang moho kuoso. 
# Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kalajenganken Adicoro ingkang kaping
sekawan inggih puniko puji dzikir lan tahlil dhumateng poro leluhur, soho poro
pahlawan kalajenganken doa lan pemotongan tumpeng. Dumateng Bpk ……..wedal
soho papan kulo sumanggakaken..(tahlil) matur nuwun kulo tujukaken dumateng bopo...
mugi mugi kanti tahlil puniko sagedo nambah iman lan takwa kito dumateng gusti ingkang
moho welas asih. Amin..kalajengaken doa kaliyan pemotongan tumpeng. Dumateng
sdrek…………wedal soho papan kulo
# Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kajenganken Adicoro ingkang kaping
gangsal inggih puniko sumene Dumateng poro rencang rencang sinoman kulo
sumanggaaken ( rampung laden) dumateng poro lenggah kakong miwah putri ingkang
tansah kulo hormati wonten ing ngajeng panjenengan sami sampun lumados unjukan soho
daharan pramilo kasuwun ngunjuk soho dahar ingkang prayogi..nanging saderengipun
monggo dongo sareng 2 kanti kulo derekaken..dongo kawiwitan..( bismillah
allohuma…..)sumonggo
# Poro tamu lenggah   ingkang kulo hormati, kalajenganken Adicoro ingkang
pungkasan inggih puniko panutup mekaten lelampahing adicoro adicoro panghargyan
wonten ing dalu puniko. Mbok bilih ing saklaminipun kulo kulo nderekaken adicoro
wonten ing dalu puniko pinanggih lepat, kanti andap ashoring manah kulo nyuwun
agenging samudro pangaksami. Monggo adicoro ing ndalu puniko kito tutup kanti waosan
hamdalah  (alhamdulillah) wabilahi taufik walhidayah.
 

Asalamualaikum wr.wb

You might also like