Asihmu kadyo sumunaring bagaskoro ingkang madhangi jagadroyo
Katresnanmu kadyo jembaring segoro tan biso di ukur kanthi ukoro Lumintiring asihmu, kadya cahya lintang ing angkasa Gumebyar gawe padhanging tyasmu Tan kendhat pudyamu, pepujimu kanggo aku lir pradipta rumeksa ing wengi, rinenggo pupus ing rembulan
Senajan kang putro asring nglarani penggalih
Nanging katresnan ndiko ora ngalih senajan kang putra asring gawe kuciwo Nanging ndiko tansah paring apuro Sewu atur ora bakal cukup, bandha donya ora bakal nutup katresnanmu marang aku
Dongo ingkang saget kang putra puji
Mugi gusti paring kesarasan lan panjang yuswo Pinaringan kacekapan lan gesang minulyo Kang putra mboten saget caos piwales dumateng ibu Sungkem lan bekti kang putra katur dumateng ibu