You are on page 1of 1

Materi: Menelaah Teks Geguritan

1. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi permati, banjur golekana


tembung-tembung kang angel, bukaken bausastra jawa lan tulis tegese
tembung kang angel mau!
2. Apa surasa (isi) kang kinandhut ing geguritan Kalabendu?
Kalabendu
Dening Yono HS
tak sengguh kala bathara wus lebur
kisas karo bathara wisnu duk ing nguni
nanging tibake kok ora
abad nuklir lan globalisasi
kok ya kaya-kaya anake kalabendu
jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak
yen wus siaga ngono ya no problem
balik sing durung kok ya kaya gantine kalabendu
apa jangkane kalatidha tukul meneh
mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito
kapan-kapan wae kalabendu bisa tukul maneh
anggere titah nora waspada
lan mung nuruti hawa.

You might also like