You are on page 1of 2

SD ISLAM TAHFIDZ QUR’AN AS SYAFI’IYAH

TAHUN AJARAN 2021/2022


Nama : ……………….. Hari, tanggal : Jumat, 3 September 2021
Kelas : 3 (Tiga) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Gatekna wacan ngisor iki kanthi premati kanggo mangsuli pitakonan!

Raden Ajeng Kartini

Raden Ajeng Kartini, panjenengaipun punika putra putrinipun


Raden Mas Adipati Ario Sosroningrat, Bupati ing Jepara. Raden Ajeng
Kartini miyos rikala tanggal 21 April 1879 ing Mayong Kabupaten
Jepara.
Kartini kepengin sanget nglajengaken sekolahipun nanging
dipunalangi tiyang sepuhipun. Minangka putri Jawi, Kartini kedah
kapingit ngantos wekdalipun palakrama. Sedaya punika adat ingkang kedah dipunlampahi.
Kamangka Kartini kagungan gegayuhan luhur kepengin ngangkat drajatipun kaum wanita supados
hak lan kapinteranipun sami kaliyan kaum pria.
Kartini kagungan karemenan maos. Inggih amargi maos punika penggalihipun Kartini
kebikak lan saged mbandhingaken antawisipun wanita Indonesia lan Eropa ing babagan
kemajengan.
Kartini lajeng kepengin ngedegaken sekolah kangge kaum wanita. Sesarengan kaliyan
punika ingkang Rama netepaken menawi Kartini badhe kanikahaken kaliyan Bupati Rembang,
Raden Adipati Joyodiningrat. Kartini estu krama. Pranyata garwanipun nyengkuyung
gegayuhanipun Kartini. Mila Kartini lajeng ngedegaken sekolah ing dalemipun piyambak kanthi
nama Sekolah Kartini. Mboten antawis dangu lajeng madeg sekolah-sekolah Kartini ing papan
sanes kados Semarang, Ngayogyakarta, Sala, Malang, lan sanes-sanesipun.
Nalika taksih timur, Kartini asring kintun serat dhateng kanca-kancanipun ingkang wonten
negari Walandi. Sedaya pepenginanipun kangge majengipun wanita Indonesia dipunserat ing
seratipun. Kempalaning serat saking Kartini punika lajeng kababar ing buku "Habis Gelap Terbitlah
Terang".
Kartini ing yuswa 25 taun sampun kapundhut wangsul ing ngarsanipun Gusti Allah,
kamangka dereng ngraosaken asiling perjuwangan, R.A. Kartini seda tanggal 17 September 1904.
I. Wenehana tandha ping (x) wangsulan sing 7. Dina kartini dipengeti saben tanggal ….
bener ! a. 2 Mei
1. Irah-irahanane wacan ing ndhuwur yaiku …. b. 20 Mei
a. R.A Kartini c. 21 April
b. R.A Sastradinigrat d. 1 Juni
c. R.M. Joyodiningrat 8. Sekolah Kartini kang diadegake dening
d. R.A Jayahadiningrat Kartini kang sepisan ona ….
2. Isine wacan ing dhuwur nyritakake a. Semarang
perjuangane Ibu Kartini babagan …. b. Ngayogyakarta
a. Kesehatan c. Sala
b. Pendhidhikan d. Jepara
c. Pertanian 9. R.A Kartini seda nalika umur ……….tahun.
d. Lingkungan a. 22
3. R.A Kartini miyos tanggal 21 April taun b. 23
1879. Tembung miyos dhuweni teges …. c. 24
a. Liwat d. 25
b. Medal 10. Bapake R.A Kartini iku mujudake bupati ing
c. Lair …….
d. Metu a. Semarang
4. R.A Kartini iku miyos ing kutha …. b. Jepara
a. Sala c. Sala
b. Rembang d. Ngayogyakarta
c. Jepara
d. Ngayogyakarta II. Isenanan ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi
5. R.A Kartini ngedegage sekolahan kanggo trep !
mulang muruk para putri. Tembung 1. Asmane wong tuwane R.A Kartini yaiku
ngedegake kosokbalene …. ………………………………………….
a. Nglungguhake 2. R.A kartini duweni kasenangan yaiku
b. Nurokake ………………………………………….
c. Ngrubuhake 3. Garwane R.A Kartini bupati ana ing
d. Nglakokake ………………………………………….
6. Miturut isine wacan ing nduwur kasebut, 4. Kempalaning serat saking R.A Kartini
ngandhut pesen supaya para putri ….
kebabar ing buku kang diwenei judul
a. Ora bisa kalah marang para putra ………………………………………….
b. Luwih asor tumrap para putra 5. Gegayuhan luhur kang dipun
c. Luwih dhuwur drajate tumrah para putra perjuwangaken R.A Kartini yaiku
d. Pinter lan prigel saenggo ora ketinggalan ………………………………………….
karo para putra.

You might also like