You are on page 1of 1

CATATAN BASA JAWA WULANGAN II

PENGALAMAN KANG NYENENGAKE

A. STRUKTUR LAN ISI LAPORAN ASIL OBSERVASI


 Laporan Observasi yaiku teks utawa catetan sing bisa nerangake informasi babagan obyek
sing wes diamati
 Ciri-Ciri Laporan Observasi:
1. Isine ditulis adhedhasar kasunyatan ( fakta) miturut pengamatan sing wes digawe
2. Ditulis kanthi lengkap lan sempurna
3. Bisa dinalar
 Struktur Laporan Observasi:
1. Irah-irahan (judul) kudu dipilih tembung sing becik, cekak, lan jelas
2. Wiwitan ( Bagian awal) yaiku duweni isi gambaran umum bab objek sing arep diamati.
a. Papan observasi
b. Wektu pengamatan
c. Objek sing diamati
d. Pengamat
3. Bab sing diamati
a. Kegiatan
b. Isi
c. Amanat/pesan

B. PENGALAMAN PRIBADI
 Saben bocah mesthi duweni pengalaman
 Pengalaman bisa dibedakake dadi loro:
1. Pengalaman sing nyenengake ( menyenangkan)
- Pengalaman sing isine kedadeyan-kedadeyan nengsemake ( nyenengake)
- Tuladha: Plesiran ing telaga, melu kegiatan pramuka, dolanan karo kanca lsp
2. Pengalaman sing nrenyuhake ( menyedihkan)
- Pengalaman sing isine kedadeyan-kedadeyan sing gawe susahe ati ( nyedhihake)
- Tuladha: Tiba saka sepeda, ora dadi juara kelas, nandang lara, lsp

C. TEKNIK NYUSUN TEKS ASIL OBSERVASI


 Pengalaman Sederhana (Prasaja)
- Yaiku wujud informasi tulis sing menehi pawarta (berita) penting ngenani sawijining
kedadeyan utawa kegiatan
 Bab-bab kang kudu digatekake nalika nulis laporan sederhana yaiku:
a. Objektif: Bab sing dilaporake kudu bener-bener dilakoni
b. Jangkep: Isine laporan kudu jangkep ( kaya kang di dhawuhake Bapak/Ibu Guru
c. Tepat Waktu: Olehe nglumpukake laporan kudu cundhuk karo wektu kang wus
disepakati
d. Narik Kawigaten: Penyusue laporan kudu rapi lan narik kawigaten wong liya, supaya
padha gelem maca laporan kegiatan mau.

You might also like