You are on page 1of 3

Pranata adicara yaiku sawijining paraga sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana

ing sawijining acara.


Struktur Teks Pewara :

1. Salam Pambuka
2. Panyapa
3. Pambuka
4. Wosing Pranatacara
5. Panutup
6. Salam Panutup

Katrangan :

1. Salam Pambuka yaiku atur pakurmatan kang sepisan marang para rawuh utawa
para tamu.
2. Panyapa yaiku nyebut sapa wae kang rawuh utawa para tamu wiwit saka sing
sepuh utawa sing paling dikurmati, nganti sing paling enom kanggo ngajeni para
rawuh / tamu.
3. Pambuka yaiku isi pakurmatan, atur panuwun marang kang padha rawuh, sarta atur
pamuji Syukur marang Gusti.
4. Wosing pranatacara yaiku rantaman adicara kang arep dileksanakake.
5. Panutup yaiku ngemot atur panuwun uga nyuwun pangapura menawa ana
kaluputan apa wae.
6. Salam panutup yaiku atur pakurmatan kang pungkasan marang para rawuh utawa
para tamu.

Pranata adicara kudu nggatekake apa kang diarani 4W, kang isine : Wiraga, Wicara,
Wirasa, lan Wirama.

1. Wicara tegese, nggunakake basa kang trep.


2. Wirasa tegese, kudu ngerteni mungguh wirasane basa.
3. Wirama, tegese, mijiling basa kang wijang, ririh, rereh, lan pratitis.
4. Wiraga tegese, solah tingkah, tandang tanduk kudu subasita.
Tuladha MC Singkat Temanten

Assalamualaikum Wr. Wb (Salam Pambuka)

Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-
bapak, ibu-ibu, Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan. (Panyapa)

Langkung rumiyin, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah SWT, ingkang sampun kaparenga kanugrahan ingkang arupi kasarasan.
Sahengga, ngantos wekdal menika panjenengan sedaya saged ngrawuhi anggenipun
gadhah damel tasyakuran penganten menika.

Sholawat ugi salam katuraken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW
ingkang kita tenggo-tenggo syafaaipun wiwit dunyo nganti akhirat..Aamiin Allahumma
Aamiin….( Pambuka )

Para Rawuh ingkang kinabekten,


Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinacik
dening para kadang kaluarga, inggih menika:
1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.
2. Dene, Adicara kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran.
3. Adicara kaping tiga inggih menika upacara Ijab qabul.
4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
5. Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana lan atur pambagya.
6. Adicara kaping enem inggih menika manasuka.
7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup. (Wosing Pranatacara)

Bapak/Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan


Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika.
Saderengipun, mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang
ngrasuk agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak-piyambak.
Dedonga kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran saking
Retnasih. Dhumateng sedherek Retnasih kula sumanggaken.

———————————————————
Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih.
Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Upacara Ijab Qabul. Dhumateng
Bapak petugas ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken.

———————————————————

Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan kanthi
gancar.
Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
Dhumateng Ibu perias wekdal saha papan kula aturaken.

———————————————————

Mekaten Upacara Panggih penganten sampun kalampahan kanthi gancar.


Dene, adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking Bapak Agus.
Dhumateng Bapak Agus, kula sumanggaaken.

———————————————————

Matur nuwun, bapak Agus ingkang sampun ngaturaken tanggap wacana lan atur
pambagya.
Adicara kaping enem inggih menika manasuka. Dhumateng grup campursari “Bagas
Waras”, kula sumanggaaken.

———————————————————

Mekaten wau canpursari “Bagas Waras” ingkang sampun ngregengaken acara


menika.

Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika kanthi maos
hamdallah sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa
panjenengan sami nglantaraken reroncening adicara pawiwahan menika wiwit kanthi
panutup. Kathah babagan ingkang kirang ing trap sila saha subasita tumraping laku
saha pacelathu, kula nyuwun agunging pangaksami.
Cekap semanten atur kula. (Panutup)

Wassalamualaikum, Wr. Wb (Salam Panutup)

You might also like