You are on page 1of 1

Pemanasan Global

Global warming utawa sing biasane disebut pemanasan global yaiku proses ningkate
suhu rata-rata atmosfer, segara, lan daratan ing Bumi. Pemanasan global iki menehi dampak
negatif marang manungsa lan alam sakitar. Salah sijine dampak kang bisa dirasakake yaiku
iklim sing ora stabil, dadine cuaca bakal angel kanggo diprediksi. Nanging ora mung iku wae,
pemanasan global uga nyebabake permukaan banyu ing segara munggah amarga es ing kutub
cair lan hawa dadi luwih panas.

Pemanasan global disebabake dening sawetara prakara, nanging prakara sing paling
akeh yaiku tekan efek rumah kaca. Efek rumah kaca ngliputi gas-gas emisi pabrik,
kendharaan bermotor, lan gas sing dihasilake tekan aktivitas manungsa. Karbon dioksida
utawa CO2 sing dihasilno iki bakalan nyelubungi Bumi lan sinar infrared sing sakjane
dipantulna malah keperangkap ing bumi. Sinar infrared sing keperangkap iki mang bakal
nyebabake suhu bumi ningkat lan nyebabake global warming.

You might also like