You are on page 1of 4

1.

Tingkeban

Kajian Sejarah : Miturut carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana
mbiyen mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken
Satingkeb, yaiku garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh
mau mati cilik. Akhire, wong loro mau ngadep lan matur kahanane marang Kanjeng
Sinuwun Jayabaya.

Sawise nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang
Murbeng Dumadi, nyembadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing
nduwenu umur kang dawa. Kanggo ngormati wong loro mau, ritual iku diarani
“Tingkeban”.
a. Neloni
Neloni sing nduwe arti telu ing basa Jawa utawa tiga, mula saka kuwi upacara neloni dianakne
nang wayah kandungan 3 wulan, lan wektu upacara iki dicawiske cawisan ngrupa sega tumpeng,
yaiku sega putih sing dibentuk kaya kerucut.
b. Ngupati
Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggarakake wektu calon ibu
mbobot 4 sasi. Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng
kendhuren ngupati, kupat iki uga diserta'ake neng besek sing digawa bali undangan sing hadir.
c. Nglimani
Iku upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan.
d. Mitoni
Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi.

Tujuan : Kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala

2. Sepasaran lan Aqiqah


a. Sepasaran
Kajian Sejarah : Sepasaran sampun dadi tradisi ing masyarakat Jawa ingkang dipun
laksanakaken kanthi turun temurun saking nenek moyang ing Jawa. Miturut
kepercayaan masyarakat Jawa, bayi sing lagi wae ucul tali pusere, akeh roh
jahat ingkang ngincer utawa ngganggu si bayi. Amarga iku dilaksanakake
sepasaran.
Pengertian : Tembung sepasaran iku asale saka tembung sepasar sing tegese 5 (5
dina). Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi lagi 5
dina. Ana sing nyebut sepasaran iku puputan. Amarga ing umur 5 dina,
umume tali pusere bayi iku ucul (puput).
b. Aqiqah
Kajian Sejarah : Aqiqah tradisi ingkang sampun dilaksanakaken Kanjeng Nabi
Muhammad SAW. Gusti Allah SWT maringi ajaran Islam, lewat Nabi
Muhammad SAW, nyampekake menowo ana wong sing due anak (lagi lairan)
terus nyembeleh wedhus, nyukur sirah si bayi, lan ngelumuri sirah si bayi
nganggo minyak wangi." (HR Abu Dawud dari Buraidah).
Pengertian : Akikah (bahasa Arab: ‫عقيقة‬, Aqiqah) yaiku kurban kewan sajeroning
syariat Islam, minangka bentuke rasa syukur umat Islam dening Allah SWT
ingkang sampun paring keselametan lan anugrah laire si bayi. Hukume
sunnah muakkadah. Tradisi iki biasane dianakake lan dianjurke ing tanggal
kaping 7, tanggal 14, tanggal 21, utawa ing dina apa wae sing dirasakake
kulawarga iku mampu ngelaksanakake.
3. Puputan lan Selapan
Puputan saking tembung ”pupak puser”. Dipunsebat pupak puser amargi bayi ingkang sampun
pupak ari-arinipun,sahengga wonten upile. Menawi dereng pupak piyambak menika sanes pupak
puser. Wonten ing sasampunipun pupak puser ing dinten kaping gangsal saking babaripun bayi.
Ingkang enggal piyambak wonten ing dinten kaping tiga.
4. Khitan lan Pangur
a. Khitan
Kajian sejarah : Khitan uga diwiwiti ing jaman prasejarah, wujud mangkana iku bisa
dibuktekake dèning salah sijine gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lan
pasarena Mesir purba. Alesan tumindak iki isih digambyarake ing mangsa iku
kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang njelasake tumindak khitanan
utawa sunat iku bageyan saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah
rosul (mangsa baliq).
Pengertian : Yaiku tumindak kanggo ngilangi sawetara kulit tutup ngarep ing alat kelamin
wong lanang.
b. Pangur
Yaiku ritual sing ditindakake nalika nglereni untu yaiku kanggo ngreksa untu 6 ndhuwur
minangka taring lan ngilangi Sad Ripu utawa enem jinis mungsuh sing muncul saka sifat asubha
karma utawa tumindak ala ing manungsa.
5. Ruwatan
Kajian Sejarah : Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa. Crita kui
nyritaake babagan asal usul lahire raseksa jenenge Kala. Raseksa kui mau
mabur ning kayangan nggoleki bapake, yaiku Bathara Guru. Kala takon karo
bapake, menungsa sing koyo piye sing ethuk dadi pakanane. Bathara Guru
njawab, yaiku manungsa sing kalebu anak sukerta, yaiku sing duweni nasib sial
amarga lairane utawa menungso sing nduweni dosa. Kala medhuk nyang donya
lan nggoleki mangsane. Bathara Guru lagi sadar menawa sing kalebu anak
sukerta kuwi akeh banget. Menawa Kala ora dicegah menungso ning donya
bakal enthek dipangan Kala. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak
sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganaake upacara
Ruwatan. Lan Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji. Amarga kuwi,
kanggo ngilangake sial, wong Jawa nganaake upacara Ruwatan kanggo anak
sukerto, kanggo ngusir Bathara Kala.
Pengertian : Ruwatan inggih menika salah satunggaling proses upacara adat budaya
jawa ingkang ancasipun nyuwun donga marang Gusti Allah supaya
mbebasaken tiang utawi wilayah saking ancaman bebaya.
6. Jaka Saha Prawan
Jaka saha prawan dadi wancine wong lanang lan wong wadon dadi penganten. Sejarah rabi
wiwit nalika Nabi Adam rabi kaliyan Hawa. Nabi Adam nalika semana ngroso sepi tanpa sapa-sapa.
Nalika dheweke lagi turu, Hawa digawe saka balung rusuk pinggir kiwa. Sawise kui Nabi Adam lan Hawa
rabi.
7. Tedhak Sinten
Kajian Sejarah : Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masarakat
Jawa yèn lemah iku duwé makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo
ngindari kadadéan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-
putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggoné nglakoni
upacara iki, luwih becik miturut weton.
Pengertian : Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan
sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang
bocah sing siyap-siyap nglakoni urip liwat tuntunan wong tuwa lan diadani yèn
umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
8. Siraman
Siraman iku saking kata dasar “siram” (Jawa) sing artine “adus/mandi”. Sing dimaksud karo
siraman yaiku ngadusi calon pengantin sing ngandung arti ngresiki awak supaya dadi suci lan murni.
Upacara iki dianakake sadina sadurunge ijab kabul ing omahe calon manten. Sing nyiram sepisanan
lumrahe wong tuwa calon manten, banjur diterusake dening para sadulur liyane, lan uga pemaes
nganti gunggung pitu. Biasane pitu (tujuh) uwong.
9. Srah-Srahan
Kajian Sejarah : Tradisi iku konon digawa saka kebiasaan masyarakat Bugis sing
nglangsungake mantenan lan sakiki wis dadi tradisi ing kawasan tertentu ning
negeri iki.
Pengertian : Srah-srahan yaiku upacara penyerahan barang-barang saka pihak calon
pengantin lanang tumeka calon pengantin wadon lan wong tuane dadi
bebungah utawa bebana nyedhaki upacara panggih.
10. Midodareni
Kajian Sejarah : Sejarahe Midodareni iku awit soko cerito legenda Jaka Tarub lan Dewi
Nawangwulan. Dewi Nawangwulan yaiku salah sijining widadari soko
khayangan sing nduweni anak manungso. Dewi Nawangwulan janji bakal
mundun menyang bumi lek sesok anake sing jenenge Dewi Nawangasih nikah.
Mulo soko iki, upacara adat Midodareni dijupuk soko sejarahe mudune Dewi
Nawangwulan kanggo nemoni anake pas wayah midodareni
Pengertian : Midodareni yaiku saka tembung widadari. Malem midodareni yaiku
malem para widadari mudhun saka suwarga. Acara iki ngandung makna yen
mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka
suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara
utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Upacara iki dilaksanake ing
malem sawise Siraman.
11. Nyadran
Kajian Sejarah : Upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuana Tungga Dewi ana
ing taun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput
yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita
(prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi nyadran pranyata wís
lumaku wiwít jaman Majapahit nganti saiki.
Pengertian : Nyadran iku salah siji prosèsi adat budhaya Jawa awujud kagiyatan
setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan leluhur, mangsak
panganan tertamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri.
12. Jumuan
Kajian Sejarah : Jumu’an utawa panggih temanten yaiku salah siji ritual mantenan adat
Jawa. Adat manten Jawa asale saka budaya Hindu, Budha lan Kejawen.
Upacara ing manten diadaptasi saka adat Keraton Solo lan Keraton Yogyakarta.
Iki disebabake nalika penjajahan , keraton Solo lan Yogyakarta sing dadi pusat
adat lan panutan budaya upacara.
Pengertian : Jumu’an utawa sering disebut temu manten yaiku salah sawijine
prosesi/ rangkeyan upacara temanten adat Jawa. Jumu’an asale saka tembung
jumuk utawa jemuk sing nduweni teges nemokne. Jumu’an ditindakake ing
omahe wong tuwa penganten putri.
13. Tukar Cincin
Kajian Sejarah : Tradisi tukar cincin, diwiwiti ing Mesir kuna lan Yunani kuna. Ing wektu
iku, ora mung wanita, nanging wong lanang uga nganggo cincin pertunangan.
Ing Mesir kuna, umume wong nganggo dering minangka simbol kekayaan sing
diduweni.
Pengertian : Tukar cincin ing adat Jawa uga asring diarani Liru Kalpika, prosesi cincin
iki biasane dilakoni nalika tunangane dadi tandha Paningsetan. Peningsetan iku
asale saka tembung singset, sing tegese ngiket antarane para putrane loro lan
para wong tuwa kang bakal dadi besan.
14. Kenduren
Kajian Sejarah : Ing jaman ndisik upacara sing kobane manungso yaiku saking ajaran
agama Hindu. Buktinipun wonten ing kitab Sama Weda hal. 373 (no.10)
“Antarkanlah sesembahan itu pada Tuhanmu Yang Maha Mengetahui”. Ing
tujuane kanggo ngadohke karo kesialan.
Pengertian : Kenduren lebet Kamus ageng basa Indonesia (KBBI) nduwe artos
jampen tedha konjuk ngelingi kedadosan, nedha berkah,dan sak
panunggalane.
15. Balangan Gantal Ron Suruh
Kajian Sejarah : Miturut yakin kuna, godhong suruh duwe daya kanggo nangkal roh ala.
Dadi kanthi mbuwang godhong suruh iku ngresiki. Adicara balangan suruh
yaiku manten lanang lan putri padha balang-balangan suruh kang nduweni
teges bilih bedo ananging padha tresnane. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel
sing wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur.

You might also like