You are on page 1of 3

1) 5 pitakenan 

bab cerkak "Sing Nandur Bakal Ngundhuh"

1. Andharnaken wos surasa crita kasebut!

2. Andharaken konflik sajroning cerkak "Sing Nandur Bakal Ngundhuh"!

3. Jlentrehaken amanat/pesen kang kamot sajroning cerkak "Sing Nandur Bakal Ngundhuh"!

4. Saking cerkak kasebut, tuduhaken tema, latar, penokohan, alur lan sudut pandang!

5. Jlentrehaken unsur ekstrinsik saking cerkak "Sing Nandur Bakal Ngundhuh"!

2) Bab-bab kang kudu digatekake yaiku :

1. Tema
Tema ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku Budi pekerti

Bukti : Cerkak iku nyritakake tumindhak tetulung marang wong sing luwih butuhake.
Bu Umi ikhlas nulungh bocah sing nangis ing pasar senajan deweke ora kenal karo bcah kasebut. Lan bu
Nurul nalika ibu saka bocah mau mbiyantu bayar sekolahe Ilham kanggo bales budi karo bu Umi sing wis
nulung anakke.

2. Latar
Latar ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku

* Panggonan

· Pasar
Bukti : 

- Bu Umi wis siap-siap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk.(Paragraf 3)

- Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung.Bu Umi marani ibu-ibu mau.(Paragraf 4)

· Sekolah
Bukti : 

- Nalika wayah ngaso,Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe.(Paragraf 10)


- Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) kanggo nemoni Bu Nurul.(Paragraf 12)

* Wektu

· Esuk
Bukti : 

- Esuk ikin langite katon isih peteng ,pedhute kandel banget,lan hawane uga adem banget.(Paragraf 1)
- Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah,nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku
lan seragam.(Paragraf 9)
* Suasana:

· Bingung
Bukti : Ing tengah pasar Bu.Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung.(paragraf 4)

· Tegang
Bukti : Amarga durung ngerti apa pawadene dheweke menyna TU,atine Ilham dadi dheg-dhegan.
(paragraf 13)

· Seneng
Bukti : Ilham seneng banget lan njaluk idzin arep matur marang ibune dhisik.(paragraf 13)

· Terharu
Bukti : ”Raos syukurkonjuk Gusti,menawi kados mekaten,kula ngaturaken matur nuwun sanget awit
bebyngah punika,Bu”Wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili. ( paragraf 14)

3. Alur (Plot)
Alur ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku maju, amarga cerkak iku alur ceritane runtut saka
awal kanthi akhir.

4. Penokohan
Penokohan sing ono ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku

· Bu Umi (Protagonis)
- Sabar
Sanajan gaweane iku abot, nanging ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohung menyang pasar.
(paragraf 1)
- Seneng Tetulung
Bu Umi ngewangi bocah sing nangis mau nggoleki ibune. (paragraf 3 lan paragraf 4)

· Ilham (Protagonis)
- Sregep
Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar (paragraf 2)
- Pangerten
Ilham ora nggresula karo Bu Umi yen ora diwenehi duwit kanggo bayar buku lan seragam (paragraf 9)
- Pinter
“Inggih Bu, ananging punika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing
sekolah punika. (paragraf 14)

· Bu Nurul (protagonis)
- Seneng tetulung Bu Nurul mbiyantu nglunasi buku lan seragame Ilham

· Anake Bu Nurul ( Tritagonis)


- Nangisan Bocah kuwi nangis terus wektu ing pasar nggoleki ibuke
Sinopsis/ ringkesan cerkak "Sing Nandur Bakal Ngundhuh"

Esuk iki langit katon isih peteng, pendhut kendel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi
kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol puhung menyang pasar. Senajan gawean iku abot,
nanging bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas 1 SMP. Kwi uga
dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune. Wektu iki ilham lagi butuh bayaran
kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi wis siap-siap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga
esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi
banjur nyedhaki bocah kuwi mau. Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen
sanajan regane larang. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti
ibu-ibu sing katon bingung. Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi
mau sing wis ora nangis. Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga
durung bisa mbayar buku lan seragam. Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo
nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi
dheg-dhegan.Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune
marang ibune Ilham.Ilham seneng banget lan njaluk ijin arep matur marang ibune dhisik.

You might also like