You are on page 1of 2

Paristiwa

Saben dina mesthi ana kedadeyan (peristiwa). Ana kedadeyan sing awake dhewe bisa meruhi,
ngrasakake utawa ngalami lan ana sing ora. Kedadeyan kasebut wujude bisa maneka warna. Ana
kedadeyan sing nggawe ati bisa bungah, susah, trenyuh, nalangsa, kaget, was sumelang, gela, lega, lucu,
lan liya-liyane. Dadi kedadeyan kuwi samubarang apa wae sing wis kelakon utawa dumadi sing bisa
nuwuhake utawa ana pangaribawane (pengaruh) marang liyane. Wose kadadeyan (peristiwa) kuwi
samubarang sing dumadi sing bisa narik kawigaten.

Paristiwa yaiku kedadeyan utawa apa wae sing wis dumadi kalebu dongeng lan crito bisa ditulis kanthi
wujud wacana narasi.

Narasi

wacana narasi iku jinise karangan sing nyritakake sawijining kedadeyan kanthi runtut jumbuh

karo urat-urutan oumadine utawa kelakone Dadi, wacana narasi iku karangan sing digawe

adhedhasar urutan wektu kedadeyane

Wacana narastiku akeh titikane ing antarane

Anane tandang gawe (perbuatan)

b. Ana lakune crita

c. Migunakake basa padinan.

d. Anane paraga, papan, wektu, lan kahanan kanggo lumadine crita.

e Ana punjere crita

Nengenake pikir tinimbang rasa


Wacana narasi kaperang dadi loro yaiku

Narasi Ekspositoris, yaiku narasi sing nduwe karep ngandharake pawarta ngenani sawijining

kedadeyan (peristiwo) kanthi tujuan supaya wong tambah gamblang marang sawijining lelakon

iku mau

2 Narasi Sugestif, yaiku narasi sing luwih mentingake piwulange, basa sing digunakake ora

mung wantah, nanging basane uga konotatif saengga luwih katon ing pangangen-angen

(khoyal) tumrap sing padha maca, kayata novel, dongeng, cerkak, Tan roman.

You might also like