You are on page 1of 4

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL

SMK DARUL HIKMAH


NPSN : 69726601 NSS : 322051806001
Jl. Jend. Sudirman RT 27 RW 06 Druju Sumbermanjing Wetan  (0341) 871423 Malang 65176

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah Hari/Tanggal :


Kelas : XI Semua Jurusan Jumlah soal : 30 butir soal

I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep
bener!
1. Struktur geguritan iku ono loro, yoiku…
a. Struktur batin lan struktur rokhani d. struktur batin lan struktur fisik
b. Struktur jasmani lan fisik e. struktur rokhani lan jasmani
c. Struktur intern lan eksteren
2. Sikape pangripta marang underane bab kang dumunung sajrone geguritan arane
a. Rasa d. nadha
b. Tema e. amanat
c. Isi
3. Ing struktur geguritan , sikape pangripta marang pamaos ingaranan….
a. Rasa d. nadha
b. Tema e. amanat
c. Isi
4. Struktur sing gegayutan karo rima, ritme, lan metrum yaiku….
a. Basa figurative d. versifikasi
b. Tembung kongkret e. imaji
c. Purwakanthi
5. Ritme iku mujudake…
a. Purwakanthi ing geguritan
b. Dhuwur endheke, dawa cendhake, banter alone uni
c. Gegentenaning mungah mudhune swara scara teratur
d. Mimike wadana nalika maca endah sawijine geguritan
e. Wangsulan b lan c bener
6. Metrum iku mujudake…
a. Purwakanthi ing geguritan
b. Dhuwur endheke, dawa cendhake, banter alone uni
c. Gegentenaning mungah mudhune swara scara teratur
d. Mimike wadana nalika maca endah sawijine geguritan
e. Wangsulan b lan c bener
7. Pemilihan sakehing tembung kang ditindakake pangripta sajrone geguritan arane…
a. Tipografi d. tembung kongkret
b. Dhiksi e. imaji
c. Versifikasi
8. Sing ora kalebu struktur fisik geguritan yoiku….
a. Tipografi d. tema lan nada
b. Tembung kongkret e. basa figurative lan versifikasi
c. Tembung dhiksi lan imaji
9. Sing kalebu struktur batin geguritan yoiku….
a. Tema lan amanat d. rasa lan nada
b. Tembung kongkret ,diksi , imaji e. wangsulan a lan c mbener
c. Tipografi
10. Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggung jawab nyukupi sandang pangan ing kulawarga , tampa kaya
kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, dhuwit pralambanging boga lan wastra. Iku tinemu ing adi
cara….
a. Dhahar kembul d. gantalan
b. Kacar kucur e. singep sindur
c. Bobot timbang
11. Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro,karangkulake ing pamidhangane
penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu, para sepuh. Tinemu ing adicara…
a. Dhahar kembul d. gantalan
b. Kacar kucur e. singep sindur
c. Bobot timbang
12. Ing kegiyatan iki dumadi baling-balangan suruh , iki tinemu ing adicara…..
a. Dhahar kembul d. gantalan
b. Kacar kucur e. singep sindur
c. Bobot timbang
13. Adhiku lair ing dina anggara kasih, tegese lair ing dina….
a. Selasa legi d. sabtu kliwon
b. Selasa kliwon e. sabtu pahing
c. Sabtu legi
14. Jenenge putri pambarepe budhe ku iku ary respati, iki ngemu teges yen lahire mbakyuku ing dina…
a. Senin d. jum’at
b. Rabu e. minggu
c. Kemis
15. Sedane eyangku dhek sukra manis kepungkur, tegese sedane ing dina….
a. Senin pon d. jum’at legi
b. Rabu pon e. minggu legi
c. Kemis wage
Kanggo soal 16 – 21
Simbah
(dening Rahmaditya K.A.R.W)
Simbahku putri lenggah ana ing teras
Ing lincak tuwa tinggalane mbah kakung
Ngenteni putune lanang sing bagus dhewe
Muleh saka anggone kuliyah
Simbahku putri masak ing dhapur
Kanggo putune lanang sing bagus dhewe
Sing bar mulih saka anggone kuliyah
Simbahku putri saben wayah tansah ndedonga
Kanggo putune lanang sing bagus dhewe
Dimen lancer kuliyahe
Duh Gusti…. Mugi simbahku putri
Tansah pinaringan bagas waras
Uga slametdonya lan akherat
16. Sapa ta sing lenggah ing teras ?
a. Biyung d. simbah kakung
b. Bapak e. putu lanang
c. Simbah putri
17. Simbahku lungguh lincak tuwa tinggalane sapa ?
a. Biyung d. simbah kakung
b. Bapak e. putu lanang
c. Simbah putri
18. Simbahku ngenteni sapa ?
a. Biyung d. simbah kakung
b. Bapak e. putu lanang
c. Simbah putri
19. Sapa sing kuliyah ?
a. Anak lanang d. putu wadon
b. Anak wadon e. adhik lanang
c. Putu lanang
20. Apa sing ditindakake simbahku saben wayah ?
a. Masak ing teras d. tansah ndedongga
b. Masak ing dhapur e. tansah bagas waras
c. Tansah sholat
21. Sapa sing maringgi bagas kewarasan ?
a. Biyung d. simbah kakung
b. Bapak e. Gusti Allah SWT
c. Simbah putri
22. Obahe mangsa lan wektu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.

b.

c.

d.

e.

23. Bab iku manawa kebacuten ya ora apik. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.

b.

c.

d.

e.

24. Tatag ngadhepi kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.

b.

c.

d.

e.

25. Hastha brata ngemot wulangan ngenani etika. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.

b.

c.

d.

e.

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati !

1. Apa geguritan iku miturut pawastamu ?


2. Sebutna struktur fisik geguritan ?
3. Apa sing kok ngerteni bab adat siraman calon temanten ?
4. Isine dina lan pasaran rebo kliwon iku piro ?
5. Tulisen nganggo aksara jawa
“nindakake pakaryan “

You might also like