You are on page 1of 2

Kacarita ing melodi

Risa pancen watake meneng lan wegah omongan. Dheweke ora tau nggubris urusane wong , amarga
dheweke ora seneng ngaboti pikiran lan wedi kecenthok atine. mula kuwi kang njalari dheweke ora tau
maca komentare haters kang katujokake marang dheweke selaku soloist wanita sukses nadyan isih nom.
kawigatene Risa ana ing musik diwiwiti nalika dheweke ana bangku SMA, banjur dheweke nerusno studi
ana Negara Australia kanggo njupuk jurusan “spesialisasi music classic”. Kawit taun 2017, Risa
ngetokake album kapisane kang sukses agawe industri musik sumunar. Ananging kabeh kuwi sumbut yen
ndelok kepiye kahanane Risa ngupayakke sing paling apik kanggo ngrilis albume. Dheweke pethel nulis
karangan lagu kanggo albume.

Ananging ana wae pihak kang ora seneng marang karyane Risa. Mula kuwi saben dheweke ngrilis album,
dheweke ora tau maca komentare publik babar blas. Kanggone Risa, nadyan ta mung pekara sepele,kuwi
bisa agawe atine lara , lan gawe pikirane dadi stress. Saben dheweke ngrasa stress, Risa didampingi
pacare kang setya aweh semangat , jenenge Dian Irawan. Saliyane wong tuane, Dian kuwi wong kang
kerep ngancani Risa kepiye wae kahanane Risa. Dian uga seneng bab musik. Saben minggu dheweke
mesti tumuju ana omahe Risa, kanggo musikan bareng. Dheweke kang nggitar, Risa kang menyeti tuts
tuts piano banjur sakloron nyanyi bareng. Dian malah sing kerep maca komentare publik tumrap albume
Risa, amarga Risa ora wani maca. “iki lho Dek wacanen, ora perlu ngrasa wedi, iki ana kang menehi kue
support lan kagum marang karyamu, apa perlu tak wacakke aku ?” pitakone Dian marang pacare. “ora
perlu mas” saute Risa cekak. Risa kerep katutup ana ngarep media utamane bab hubungane karo pacare.
dheweke ora tau ngenalake utawa nyebutna sapa pacare.

Taun iki wayahe Risa ngrilis album anyar. Ananging sampek seprene dheweke durung nduweni konsep
kanggo album anyare. Sore iku dheweke ngrasa bimbang, dheweke kerep mikir opo iyo awake dhewe iki
bisa ngrilis album kang bisa diterima publik lan penggemare, dheweke isih nduweni rasa wedi. Sore iku,
mendung peteng ndedet, ngerteni yen Risa ora ngangkat tefon, Dian banjur mara menyang omahe
Risa.”Kue mikirno apa Dek, cerita marang aku” pitakone Dian nalika saklorone wis lungguh ana ruang
keluarga. Risa ora njawab. Banjur Dian nambahi “kepikiran konsep album anyar ta?” , banjur Risa
njawab “coba mas aku kepingin ngerti komentare publik kang katujokake marang aku”. Tanpa bisa
menging Dian mung bisa nuruti panjaluke Risa. Banjur Risa nyaut laptop lan mbuka kolom komentar ,
pancen akeh fans kang nyuport dhewekke, nanging akeh uga kang mbully,lan ngucapake omongan kang
ora pantes kanggo Risa, saknalika Risa netesake eluh lan nyelehake laptop. Banjur Risa mlayu munggah
mlebu kamare ninggalake Dian kang wis faham watake dheweke.

Udan bledek nambah hawa saya nggegirisi ati, ana njero kamare, Risa njupuk polpen lan kertas, banjur
kabeh kang ana sirahe diuntabake, karo kebayang bayang unenane publik, kang mbully kang gak seneng
marang dheweke, kanthi eluh tumetes lan ati kang lara ,Risa nulis lirik lagu kang nggambarake kepiye
unenane uwong kuwi banget nglarakke ati, ananging kabeh kuwi ora bakal ngruntuhke rasa senenge
marang musik lan semangate kanggo makarya. Lirik kuwi dikarang risa nganggo iringan melody kang
endah lan trep karo swasana atine Risa. Risa banjur mudun nemoni Dian meneh kang isih ngenteni
dheweke tenang ing ruang keluarga. “iki mas lagu lagu kang bakal tak lebokke album anyarku, awakmu
gelem nggarap iki karo aku?” pitakone Risa marang Dian kanthi raine kang isih sembab. “apa sing ora
kanggo awakmu to Dek”. Sakloron padha nggarap lagu wengi iku, gang rong minggu , lagune Risa
ditampa industri musik banjur dirilis. Albume Risa sukses dadi trending lan ditampa publik. Ora ana
komentar negatif marang dheweke. mulai sakiki dheweke ora wedi maca komentar publik, kepiye wae
komentare, bakal ditampa Risa lan didadekake semanagat. Risa kasil mujudake impiane. Lan kabeh iku
uga ora ucul saka tekad saka njero awake lan kasihe pawongan tersayang.

Dening :

Nama : Galuh Restuti Dyah Pradwipta

Alamat : Desa Pancur RT 06 RW 02 Kecamatan Pancur Kabupaten Rembang Jawa Tengah ,Kode Pos :
59262

E-mail : galuh.lahee@gmail.com

Telp/wa : 089530170002

You might also like