You are on page 1of 1

DOA

Ya Allah, panjenengan ampuni lan panjenengan kinasihi kulo sedhoyo ya Allah,


keranten namung panjenengan ingkang saged maringi sedhoyo panyuwun kulo, Ya
Allah ya Rab, mboten wonten malih kekuatan kejabi saking pitulungan panjenengan
ya Allah, Gusti ingkang maha agung lan maha luhur.

Panjenengan paringi panjang umur kulo sedhoyo ya Allah, panjenengan paringi sehat
lahir lan bathin kulo sedhoyo, panjenengan paringi cahyo wonten manah kulo
sedhoyo lan panjenengan tetepaken Iman kulo ya Allah, panjenengan dadosaken sae
sedhoyo amalan kulo ugi panjenengan jembaraken rejeki kulo sedhoyo. Ya Allah ya
Rab, panjenengan cela`aken kulo sedhoyo wonten tindak kebecikan, lan panjenengan
tebihaken kulo sedhoyo saking tindak kejahatan.

Ya Allah, Panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, panjenengan suceni manah kulo
saking sedhoyo bentuk tindak kejahatan, lan panjenengan unggahaken derajat gesang
lan mati kulo sarto sedhoyo sederek muslim ingkang kagungan Iman ya Allah.

Ya Allah ya Rab, panjenengan kabulaken tujuan gesang kulo sedhoyo ingkang sae,
semanten ugi tujuan sak sampunipun pejah kulo sedhoyo. Ya Allah ya karim,
namung panjenengan ingkang saged angabulaken sedhoyo panyuwunan abdi-abdi
panjenengan ya Allah,.. panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, nggih hajat wonten
agami, hajat ndunyo, lan hajat akhirat, ya Allah sa`leresipun panjenengan maha
kuwaos dumatheng sedhoyo ingkang dumunung ing sa`jembaring jagad, dalem
nyuwun dumatheng panjenengan ya Allah 3x.

Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal
hamdulillahi rabbil `aalamiin.

You might also like