You are on page 1of 4

Wawancara Kegiyatan Sasuwene Ing Omah

Jeneng Anggota Kelompok 6 :


● HILWA LANA SYAHIDA (8D/13)
● INAYA SAPUTRI (8D/15)
● RENJANA ALANA GENDHIS MAHESA (8D/27)
● TIARA ASHA SHARA (8D/34)
● TYAGA HIJRAH KATILU (8D/35)
● WILDAN NAILUL AHSANI (8D/36)

Amarga ing wayah saiki isih ana pandemi Covid-19, mula


kagiyatan wawancara iki ditindakake Chika lan Zaki ing omahe
Syifa,nanging dheweke kudu netepi protokol kesehatan kayata
nganggo masker utawa face shield, ora salaman, Nggawa hand
sanitizer, lan tetep njaga jarak minimal 1 meter.

Pertama Chika lan Zaki ketemu bapake Syifa ing omahe

Chika lan Zaki : Assalamu'alaikum pak Wahid,sugeng enjing

Pak Wahid : Waalaikumsalam,sugeng enjing. Ana apa kok teka


ing omahku esuk – esuk ?

Chika lan Zaki : Menika pak, kula wonten tugas sekolah


dikengken wawancara Kancane pasal kegiyatan sasuwene
wonten griya. Kula badhe wawancara kalih Syifa, menapa syifa
saget ?

Pak wahid : Oalah,sik ya syifa tak kandhani dhisik

Chika lan Zaki : Njih pak

Sawise iku syifa mara ing Chika lan Zaki,

Syifa : Ayo rek,aku wis siap

Chika lan Zaki : ya

Chika : mengko aku dhisik ya sing takon menyang syifa

Zaki : Ya

Banjur ngono Chika lan Zaki Ngajokake pitakon menyang


Syifa.

Chika : Apa wae kegiyatan sing kok lakoni sasuwene ana ing
omah?

Syifa : Ngrewangi wong tuwa, sinau, ngerjakake tugas saka


guru

Zaki : Apa kabeh tugas mu wis rampung kabeh ?

Syifa : kabeh tugas ku wis rampung kabeh.


Chika : Ing ngendi biasane sampeyan nggarap tugas ?

Syifa : Ing omah

Zaki : Banjur ngerampungna tugas,sampeyan nyapo maneh ?

Syifa : Banjur ngerampungna tugas aku ngrewangi wong tuwa


ku.

Chika : Ing mangsa pandemi ngene iki apa sampeyan isih


sempet mlaku mlaku menyang njaba omah ?

Syifa : Isik,biasane aku mlaku mlaku menyang taman cedak


omah

Zaki : Jam pira sampeyan tangi turu ?

Syifa : aku tangi turu jam 3 esuk

Chika : Banjur tangi turu,apa sing sampeyan lakoni ?

Syifa : Banjur tangi turu aku Sholat Tahajjud,terus Sinau esuk

Zaki : Apa sampeyan tau telat ngumpulke tugas ?

Syifa : Saben ana tugas tak kumpulake tepat wektu

Chika : Apa sampeyan ana tips kanggo kanca kanca supaya ora
males nggarap tugas ?
Syifa : Aku ora ana tips kanggo kanca kanca.

Zaki : kepriye carane supaya cepet memahami materi sing


diwenehi guru

Syifa : materi sing diwenehi guru diwaca terus kanthi paham

Chika lan Zaki : Ya wis. Maturnuwun njih pak Wahid lan Syifa.
Kula pamit wangsul njih,nitip salam kagem ibu.
Assalamualaikum

Pak wahid lan syifa : Njih sami sami. Njih,Waalaikumsalam.

You might also like