You are on page 1of 1

Drama Tradisional (Bahasa Jawa)

Drama yaiku sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung
lan nduweni pesen utawa amanat kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan.

Drama ana 2 :
1. Drama Tradhisional (klasik) : drama khayalan kang lumrahe nyritakake ngenani
kasektene salah sawijing wong
2. Drama modern : drama kang tujuwane menehi panggulawentah tumrap
masyarakat lan nduweni tema panguripe manungsa ing saben dina

Unsur Instrinsik Drama:


a. Unsur Intrinsik
1. Tema : bab kang dadi dhasare naskah drama digawe
2. Alur : urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan
nganti babak pungkasan
3. Pacelathon
Miturut jinise pachelaton diperangake dadi 2 :
a. Miturut panggonan
1. Prolog : Pachelaton kang ana ngarep drama
2. Epilog : Pachelaton kang dadi panutupe pagelaran drama
Sing nyritakake prolog lan epilog diarani NARATOR
b. Cacahing Paraga
1. Dialog : Pachelathon kang diujarake sambung sinambung antarane
salah sawijining paraga kelawan paraga liyane
2. Monolog : Pachelaton kang ditindakake mung dening siji paraga lan
paraga liyane.
4. Paraga Lan wateke
a. Paraga
1. Paraga Utama : paraga kang dadi sumber cerita
2. Paraga pembantu : paraga kang duweni dialog nanging ora dadi
punjering crita
3. Paraga figuran : paraga kang dianakake supaya kaanane dadi kaya
nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat
saklebetan.
b. Wateke
1. Paraga antagonis : paraga kang duweni watek kang ala
2. Paraga protagonist : paraga kang duweni watek kang apik
3. Paraga tritagonis : paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonist lan
antagonis, bisa duweni watek kang apik utawa ala (penengah )
5. Amanat: pesen moral kang di sampekake penulis naskah drama kanggo para
penonton
6. Latar utawa setting
a. Latar wektu : wektu kang digambarake nalika paraga-paraga ngalami
kedadeyan ing panggung
b. Latar Panggonan : panggonan kang digambarake ing panggung saben
babake
c. Latar swasana (suasana alam atau ati)
7. Gaya Bahasa: tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata
ukara, lan majas.

You might also like