You are on page 1of 6

LAPORAN ASILIPUN PIREMBAGAN

BUSANA PRAJURIT
KERATON NGAYOGYAKARTA

Mata Kuliah: Busana Jawi


Dosen Pengampu: Prof. Dr. Dra. Suharti M.Pd

Nama Kelompok
1. Rahayu Dwi Lestyowati (19205241035)
2. Maya Veranika (19205241036)
3. Vivi Nurhargiani (19205241038)
4. Ilham (19205241043)
5. Riska Widya Herviana (19205241045)

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH


FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2019
A. Busana Prajurit wonten ing Wiwitaning Kasultanan
Gubernur VOC Nicolaas Hartingh nate ngandharaken rasukan ingkang dipunginakaken
Pangeran Mangkubumi nalika pitepangan wonten ing Pedagangan, Grobogan. Pangeran
Mangkubumi ngagem rasukan pethak lan bebed, sikepan, ngagem 2 keris, lan tutup sirah
ingkang diblebet kalihan udheng utawi iket linen alus ingkang dipundondomi bolah emas. Para
pangiring Pangeran Mangkubumi ugi ngagem arasukan ingkang memper. Rasukan ingkang
dipunginakaken nalika perang menika didayani kabudayan Islam. Ananging boten saged
dipunduduti Islam menika wonten ing sedayanipun busana prajurit.
1) Bregada Bugis

Bregada bugis menika asalipun saking Bugis, Sulawesi. Ananging prajurit ingkang
wonten sakmenika sampun boten tiyang saking Bugis. Wonten upacara Garebeg bregada
menika dados ingkang ngawal gunungan ingkang dipunbeta dhateng Kepatihan.

Busana ingkang dipunginakaken inggih menika:


a. Songkok werni cemeng
b. Sikepan kurung werni cemeng
c. Keris gaya Mataram ingkang sumlempit wonten ing ngajeng
d. Lonthong cindhe lan kamus timang werni cemeng saking beludru ingkang wonten
hiasan saking bolah emas
e. Clana panjang werni cemeng
f. Sepatu pantofel saking kulit werni cemeng
Klebet Bregada Bugis inggih menika Wulandadari, wujudipun persegi panjang
ingkang werni dhasaripun cemeng, lan wonten tengahipun wonten bunderan werni kuning
emas. Miturut filosofis tegesipun bregada ingkang dipunarepaken maringi padhang wonten
ing petengan. Dwaja utawi senjatanipun inggih menika tombak utawi waos ingkang
namanipun Kanjeng Kyai Trisula. Wujudipun dapur ingkang namanipun Trisula. Nalika
mlampah menika dipuniringi Gendhing Sandung Liwung.

2) Bregada Wirabraja

Bregada Wirabraja menika saking tembung wira ingkang tegesipun wani, lan braja
ingkang tegesipun landhep. Miturut filosofis tegesipun prajurit ingkang wani lan landhep
panca inderanipun. Wirabraja menika asring dipunsebat Prajurit Lombok Abang, amargi
busananipun ingkang werni abrit. Bregada menika wonten garis ngajeng wonten upacara
adat.
Busana ingkang dipunginakaken inggih menika:
a. Songkok kudhup turi
b. Destar wulung
c. Busana sikepan abrit
d. Rasukan pethak wonten lebetipun
e. Lonthong satin
f. Clana panjang werni abrit
g. Kaos kaki pethak
h. Sepatu pantofel cemeng

Klebet Bregada Wirabraja menika namanipun Gula Klapa. Wujudipun persegi


panjang ingkang warni dhasaripun pethak, wonten saben pojok menika wonten chentung
werni abrit kadosta kuku Bima. Wonten tengahipun wonten segi empat werni abrit lan segi
delapan werni pethak. Klebet menika nggadhahi teged wani mbela kasucen lan kaleresan.
Dwaja ingkang dipunginakaken inggih menika Kanjeng Kyai Slamet lan Kanjeng
Kyai Santri, wonten wujud dapur ingkang namanipun Manggaran/Catursara/Crengkeng.
Nalika mlampah rikat dipuniringi Gendhing Dhayungan, ananging nalika mlampah randhat
dipuniringi Gendhing Reta Dhedhali.
DAFTAR PUSTAKA

Usman (Budaya-indonesia.org). 17 Sep 2012. Busana Prajurit Kraton Yogyakarta. Diakses pada
28 Oktober 2020 <https://budaya-indonesia.org/Busana-Prajurit-Kraton-Yogyakarta>
Kratonjogja.id. 18 September 2017. Bregada Prajurit Keraton Yogyakarta. Diakses pada 28
Oktober 2020 <https://www.kratonjogja.id/prajurit/2/bregada-prajurit-keraton-yogyakarta>
Kratonjogja.id. 08 Januari 2018. Pakaian Keprajuritan Kasultanan Yogyakarta. Diakses pada 28
Oktober 2020 <https://www.kratonjogja.id/prajurit/4/pakaian-keprajuritan-kasultanan-
yogyakarta>
Kebudayaan.kemdikbud.go.id. 14 November 2017. Prajurit Keraton Yogyakarta Kesatuan
(Bregada) Wirabraja. Diakses pada 28 Oktober 2020
<https://kebudayaan.kemdikbud.go.id/bpcbyogyakarta/prajurit-keraton-yogyakarta-
kesatuan-bregada-wirabraja/>
Khasdjogdja.wordpress.com. 1 Oktober 2007. Profil Prajurit Keraton. Diakses pada 28 Oktober
2020 <https://khasdjogdja.wordpress.com/2007/10/01/profil-prajurit-keraton-2/>
Irfantoni (m.pulsk.com). 2016. 10 Nama Wilayah Di Sekitaran Kota Jogja Ini Ternyata Berasal
Dari Kesatuan Prajurit Keraton. Diakses pada 28 Oktober 2020
<https://m.pulsk.com/647767/>
Aditya, Ivan (krjogja.com). 14 November 2016. Mengenal Bregada Kraton Yogya. Diakses pada
28 Oktober 2020 <https://www.krjogja.com/berita-lokal/diy/yogyakarta/mengenal-
bregada-kraton-yogya/>

You might also like