You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

…………….
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang katuhu dahat kinurmatan.
Poro pilenggah, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten kakung ingkang
tansah suko basuki.

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur
Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho
lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal
manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun adicoro
Ijab Qobul kanti kawontenan wilujeng nir ing sambikolo kalis ing beboyo.
Sholawat tuin salam mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi
Muhammad SAW. Ingkang sampun mbeto ummatipun saking jaman ikang jahiliyah, dumugi
jaman ingkang padhang lumantaran Al-Qur’an, mugi-mugi kita dados ummatipun ingkang
nampi syafaat wonten ing yaumul qiyamah mbenjang. Aamiin…
Sagunging tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan. Mugi
pinarengno kawulo marak ngabiantoro hanggempil mardikaning penggalih, anggen jengandiko
samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko tumprap perluning gati kawulo marak
ngabiantoro, awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah
ing pawiwahan enjang puniko, Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken
menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik, rinampat soho
rinumpoko.
1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: pambuko
2. Kalajengaken adicoro ingkang kaping kalih, inggih puniko, dawuh-2 pangendikan.
a. Saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten.
b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
3. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.
Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga
pawiwahan punika kita buka kanthi waosan “Basmallah” ing pangajab mugi-mugi pawiwahan
enjang punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala.
Sumonggo kawulo dherekaken…
Tumapak adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pasrah saking kulawarga calon
temanten/pinanganten kakung pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang
sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga pinanganten kawula
aturaken…… Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco
Selajengipun inggih puniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking hamengku gati,
sejatosipun panjenenganipun bopo Suyitno badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi
pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking
bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun
hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih
sarirani dening bopo Jumangin pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula
aturaken.
minangka adicara ingkang pungkasan nun inggih do'a ingkang insya allah badhe dipun
pimpin dening Bopo Sumadi/Kiyai Nasruddin, kawulo haturaken.
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning minangka pratandha paripurnaning
adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti
Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat
sahengga pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan. Minangka pratandha syukur,
sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula dherekaken. ….
Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, lumantar pranata Adicoro
sepisan malih panjenenganipun Bapa Suyitno sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha
hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning
bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh,
mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka Pranoto Adicoro, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking
wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, Akhiripun,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb,.

You might also like