You are on page 1of 1

CONTOH WACANA EKSPOSISI

SEJARAH WAYANG UWONG

Wayang uwong utawa wayang wong menika salah satunggalipun jenis


pementasan tradisonal ing Jawa. Wanag wong menika gabungan saking seni drama
ingkang ngerembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pengelaran wayang ingkang
ngerembaka ing tanah Jawa utawa pulo Jawa. Utaminipun wayang wong
ngerembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong
kang mainake wayang wong uga ngagem pakaian ingkang sami kaliyan hiasan-
hiasan ingkang diagem wayang kulit.
Miturut penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya Dati II
Surakarta, wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diciptaken menika
Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama saking negeri
kilen utawa Eropa. Wiwitan pementasan wayang wing dipungelar ing Surakarta
lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal ing sasu April 1868 yaiku
Mangkunegara IV ngawontenaken acara khitan putranipun. Ingkang taun 1899,
Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari wonteng ing peresmianipun
ngawontenaken pagelaran keseniang wayang wong. Kang ditonton kaliyan warga
sekitar.
Pagelaran seni tradisional wayang wong ingkang pementasan eksklusif,
namung digelar kangge bangsawan ing keraton. Nangung, ing taun 1902 wayang
wong ngerembaka urip lan kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi
nyade karcis. Wayang wong kang komersil ngerembaka lan puncakipun nalika
wonteng pekempalan “Ngesti Pandowo” ingkang dipunpandegani dening
Sastrosabdo. Abad XVIII ingkang dipunpandegani dening Mangkunegera I,
wekdal punika ingkang dipungelar namung lakon-lakoninpun wayang purwa.
Sasampunipun menika pagelaran seni tradisional wayang wong wiwit boten subur
maneh ing Surakarta. Ananing teng Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang
wong ngantos taun 1881. Kanthi pembiyantunipun Mangkunegara V, wayang
wong ngerembaka maling nanging taksih winetes ing daerah Yogyakarta lan
Surakarta kemawon.
Saking sejarah seni pementasan tradisonal wayang wong sing sampun ana kanthi zaman
mbiyen. Mbiyen namung bangsawan lan keraton kemawon kang saget mirsani pementasan
wayang wong. Nanging zaman saiki, kabeh wong saget mirsani pemetasan wayang wong. Justru
wayang wong kudu dipirsani lan dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah Jawa.
Sebab iku kita sedaya kudune terus mbudayakake budaya adat lan utaminipu wayang wong sing
mbiyen boten subur supaya sakniki saget subur maneh pementasanipun.

You might also like